Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 070 (Jesus across the Jordan)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

a) Gusti Yesus nyabrangi kali Yarden (Yokanan 10:40 - 11:16)


YOKANAN 10:40-42
40 Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing sabrange bengawan Yarden maneh, ing panggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi, banjur lereb ana ing kono. 41 Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikaake dening Nabi Yokanan turmap wong iku, iku nyata.” 42 Lan sabanjure akeh wong ing kono kang padha manjing pracaya marang Panjenengane.

Dredah antarane gusti Yesus karo wong-wong Farisi kawiwitan; wong-wong Farisi ngojok-ojoki para pemimpin rakyat sakwise Panjenengane marasake wong lempoh ing Betesda (pasal 5). Ing pungkasan anggone ngrawuhi kapisan menyang Yerusalem, dredah iki wis tambah-tambah wis meh tekan watese. Pepadhang sumunar ing sajroning pepeteng, nanging pepeteng ora bisa nguawani pepadhang. Saben wektu, gusti Yesus ana ing bebaya pati. Panjenengane makaping-kaping mlebu ing pedalamen Allah, nuntun para murid tumuju marang kadiwasan ing sajroning kawruh lan kapitayan, sawetara para satru Panjenengane tumindak kanggo mungkasi rasa sengite marang Panjenengane.

Sakwise dino riyaya pengetan ngadeke Pedaleman Allah, gusti Yesus ninggalake Yerusalem, lan tindak menyang laladan ing sabrange kali Yarden, ana kono Makamah Agama ora duwe kuwasa. Ing laladan iki Nabi Yokanan pembaptis tahu leladi, panguwasa Yahudi ora duwe kawenangan ing laladan iki, nanging laladan iki dikuwasani dening ratu tedhak turune Herodes. Nabi Yokanan Pembaptis misuwur banget ing kana; paseksene gegayutan gusti Yesus dikenal banget ana ing kene.

Wong-wong kang wis pracaya awit pelayan nabi Yokanan Pembaptis padha ngerusake imane. Guru wong-wong mau wis mati ditugel gulune. Nalika gusti Yesus rawuh, wong-wong mau banjur marani Panjenengane, awit ngreti gusti Yesus iku andhap asor, kadunungan kaagungan, lan panguwasa. Gusti Yesus maringi wong-wong mau sawetara conto tanda-tanda mujijat, lan kanthi seyo mulang wong-wong mau bab gusti Allah lan manungsa. Akeh banget wong kang atine tinarbuka nampani Injil, kang tetep nyekeli iman awit wulangan saka Yokanan Pembaptis kang minangka jejering nabi, sinadyan nabi Yokanan pembaptis ora nuduhake mujijat kangge mbuktekaken sapa to dheweke iku. Nanging nalika gusti Yesus rawuh marang wong-wong mau, wong-wong mau pracaya marang Panjenengaen minangka jejere gusti lan juru selamete.

YOKANAN 11:1-3
1 Nuli ana sawijining wong kang lagi lara, jenenge Lazarus, omahe ing Betania, ing desane Maryam lan Marta sadulure wadon. 2 Dene Maryam iya iku wong wadon kang wus tau njebadi sampeyane Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambute. 3 Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: “Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit.”

Nalika Sang Kristus mulang ing laladan sabrange kali Yarden, ana wong kang jenenge Lazarus lagi lara. Dheweke manggon ing sawijine desa ing Gumuk Zaitun. Gusti Yeus wis asring rawuh dadi tamu ana ing omahe. Pirembugan antarane Sang Kristus karo Martha, salah siji sedulure Lazarus, dikenal banget. Pirembukan kuwi dening Yokanan ora ditulis, awit prekara iku wis ditulis ana ing Injil liyane. Nanging, Yokanan nyethakake marang kita yen Maryam iku yaiku Maryam kang ngesokake lengai wangi ing sukune gusti Yesus. Yokanan ana kene njlentrehake gegayutan wanita kang rumangsa ngelak banget ngrungoakake pangandikane gusti Yesus. Sawise dhewene njebati sukile gusti Yesus nganggo lengo, banjur ngelapi lenga mau nggunakake rambute. (Yokanan 12:1-8). Patrap mengkono iku nuduhake anggone andhap asor, iman lan katresnane marang putra Allah.

Warto bab larane Lazarus dadi jalaran gusti Yesus prihatin. Awit, iman sedulur-sedulure wadon wis ndudut atine gusti Yesus marang wong-wong iku. Wong-wong iku ora nyuwun gusti Yesus supaya enggal-enggal rawuh lan nyarasake mitrane iku, nanging mung ngutus wong menehi pirsa gusti Yesus bab kahanan Lazarus. Wong-wong mau duwe keyakinan yen Panjenengane bakal bisa nyarasake sinadyano saka kadohan. Wong-wong mau yakin yen kawigaten gusti Yesus menyang Lazarus, nyurung gusti Yesus tumindak. “Lazarus” tegese jeneng kuwi “Gusti Allah wis paring pitulungan”. Dadi jeneng iki dadi semboyan kanggo mujijat pungkasan kang ditulis ing sajroning Injil Yokanan.

YOKANAN 11:4-10
4 Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.” 5 Anadene Marta lan Mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus. 6 Nanging sawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesus nemaha kendel rong dina maneh ana ing palerebane. 7 Ewadene sawuse mangkono banjur ngandika marang para sakabate: “Payo padha bali mnenyang tanah Yudea maneh.” 8 Unjuke para sakabat:”Rabbi, saweg kemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi sela Paduka, punapa Paduka taksih karsa tindak mrika malih?” 9 Paring wansulane Gusti Yesus:”Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki. 10 Namung manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang.”

Nalika pawarta iku tekan Gusti Yesus, Panjenengane wis pirsa sapa kang dadi prekara kang bakal Panjenengan adhepi yaiku lumawan panguwasane Pati. Panjenengan wis meca yen wong kang lara iku ora bakal dadi mangsane pati, nanging malah saka lelakon iku kaluhurane gusti Allah bakak sumunar. Gusti Ysus pirsa lumantar sang Roh Suci apa kang kudu ditindakake nalika mitrane iku mati, lan pangusa kang ana Panjenengane bakal dipratelakake kanthi nangekake wong kang wis mati ing sacedhake gapura Yerusalem. Kanthi mengkono, wong-wong ing Yerusalem ora bakal duwe alesan maneh ora pracaya marang Panjenengane.

Sebanjure Gusti Allah lan kaluhuran sang Kristus iku nyawiji. Gusti Allah diagungake, awit Gusti Yesus ngadhepi pati lan menang. Manungsa umume sambat ing sajroning panandhang awit anane pati ing sajroning uripe. Pati bakal nuntun langsung marang kacilakan langgeng, iku kang ana ing pikirane. Gusti Yesus pirsa karsane Sang Rama lan ora dikuwasani dening pati utawa akibat pati iku dhewe, nanging pirsa sumber saka ati iku dhewe. Panjenengane bisa nandur urip marang jagat kang lagi lara iki.

Gusti Yesus ora banjur menyang Bitania nalika entuk kabar menawa Lazarus lara; Panjenengane malah nungka nganti rong dina. Panjenengane ngejarake pati nempuh mitranE. Para murid Panjenengane banget dening kuwatir nalika para murid krungu yen Panjenengan bakal bali menyang Yudea; Para murid wis nyekseni dhewe iktiare wong-wong kang bakal mbenturi Panjenengane nganggo watu. Para murid Panjenengan ora melu prihatin gegayutan kahanan Lazarus, lan uga ora duwe pengarep-arep supaya nyeksekake kaluhurane Allah, malah para murid kuwatir karo uripe awake dhewe.

Ing prekara iki, gusti Yesus nggunakake sawijining pasemon bab wong kang mlalu ing wayah awan iku luwih aman, nanging manawa wong iku mlaku ing wayah bengi bisa uga kesandung utawa tiba menyang njurang. Sinadyana waktu anggone disalib tambah cedhak, nanging dina isih awa lan awan durung rampung. Para murid kudu lunga menyang Yerusalem kanthi tenang, aman ing sajroning astane Allah.

Kabeh wong kang ora pracaya marang panjangkunge Allah, bakal mapan ing sajroning pepeteng kaya para satrue Gusti Yesus, awit padang iman durung sumunar ing sajroning uripe. Awit saka iku gusti Yesus paring dhawuh marang para murid Panjenengane supaya para murid Panjenengane pracaya marang Panjenengane lan pracaya marang pimpinan Panjenengane sawutuhe. Manawa ora mengkono mula anggone ora pracaya bakal nyeret dheweke ing sajroning pepeteng. Ya mengkene iku panglipuran kanggo kita ing mangsa-mangsa kang peteng iki. Ora ana sawijining prakara kang bakal dumadi ing sajroning urip kita tanpa karsane Gusti kita. Ing sajroning Panjenengane kita duwe keyakinan iki.

PANDONGA: Gusti Yesus, maturnuwun awit Paduka sampun dados bendara atas gesang kula; ing salebetipun pepadhang Paduka kawula saget ningali margi. Paduka nuntun kawula dhateng margi ingkang lenceng, malah ing wekdal mengsah-mengsah kawula ngersakaken kacilakan kawula. Paduka pitulungi kawula, supados kawula mboten nungka, nanging nyawisaken badan kawula nglampahi panandang lan pati kanggo asma Paduka. Kanthi makaten panjangkung Paduka atas kawula saget kaluhuraken lumantan iman kawula.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus ngandikan gegayutan kaluhuran Allah, malah sinadyano Lazarus wis mati?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)