Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 068 (Our security in the union of Father and Son)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
3. Gusti Yesus Pangon kang becik (Yokanan 10:1-39)

d) Kaayeman kita ing sajroning kamanunggalan karo Sang Rama lan Sang Putra (Yokanan 10:22-30)


YOKANAN 10:22-26
22 Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing. 23 Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman. 24 Ing kono wong-wong Yahudi banjur padaha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya”. 25 Paring wangsulane gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku, 26 nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panungggalane wedhus-wedhusKu”.

Dina riyaya pembangunan pedaleman Allah iku wektu kanggo riyaya lan kabungahan, kang mengeti dina pembangunan maneh Pedaleman Allah sakwise bangsa Yahudi kabuwanf ing negara Babil tahun 515 sakdurunge Sang Kristus. Kang mbangun maneh Pedalamen Allah iku golongan Makabe ing tahun 516 sakdurunge Sang Kristus. Dina gedhe iku dipengeti ing tanggal enom wulan Desember, yaiku wektu mangsa mbediding lan mangsa udan, awit Yerusalem mapane ana ndhuwur watara 750 meter saka segara.

Ing wewengan iku, gusti Yesus, kang dianiaya, rawuh maneh ing Pedaleman Allah, memulang ana ing empering Salomo. Ana kono wong-wong kang ziarah bakal bisa ngrungokake apa kang dingandikaake Gusti Yesus. Emper kang mapan ana sisih wetan iki sebanjure uga ditulis ana ing kitab Para rasul 3:11 lan 5:12.

Ing wektu iki, wong-wong Yahudi siap-siap nyerang Gusti Yesus. Wong-wong Yahudi nuntut supaya ing ngarepe umum Panjenengane mratelake apa Panjenengane iku sang Mesih kang saksuwene iki dienteni apa dudu. Apa kang bakal dipratelakaken gusti Yesus gegayutan sarirane pance krasa luwih agung lan kagungan daya pengaruh kang luwih jembar ketimbang karo apa kang diarep-arep wong akeh gegayutan Sang Mesih. Kabisan-kabisan kang ngluwihi apa kang diarep-arep iku malah dadi jalaran watu sandhungan. Nanging sawetara wong pracaya yen gusti Yesus iku sing mesti pancen Sang Mesih sejati, awit pribadi, panguwasa lan pakaryan Panjenengane pancen ora bisa dilalekake.

Dadi, wong-wong Yahudi mbudidaya meksa Sang Kristus supaya ngandikaake tembung-tembung kang mengkono bisa dadi sawijining undangan kanggo sawijining gerakan kang asipat kemesiasan ing sakbangsa kabeh. Apa maneh, dina riyaya iku pancen sawijining pemut kangge perjuangan kang ditindakake dening golongan Makabe. Wong-wong mau duwe pengarep-arep yen Panjenengane bakal secara resmi nuntut hak Panjenengane dadi raja atas negara iku, lan ngundang bangsanE manggul gaman. Wong-wong mau wis siap dadi pandhereke mlebu ing peperangan lan nyirnakake rasa wirang kang disebabake anane penjajah kang nguwasani wong-wong mau. Gusti Yesus kagungan rancangan kang liya: Andap asor, katresnan lan rubahe pikiran. Panjenengane ora ngandika marang wong-wong Yahudi yen Panjenengan iku sang Mesih iku, dikaya kang dingandikaake marang wanita Samaria. Panjenengane uga ngakoni marang wong kang wuta wiwit lahir gegayutan kaluhuran lan sipat keallahane. Wong-wong Yahudi duwe kekarepan Sang Mesih iku sipate politik lan asikep keras; gusti Yesus iku kang paring kamardikan secara kasukman, kang kebak welas asih. Wong akeh duwe ngimpi panguwasa, kamardikan lan kinurmatan. Gusti Yesus rawuh nuntut anane patrap nyingkur awake dhewe, pamratobat, lan patrap kang wis kaanyarake. Panjenengane mratelakaken kaagungane, nanging wong-wong Yahudi ora bisa ngerti, awit wong-wong Yahudi nuntut sawijining prekara kang ora selaras karo tujuan Panjenengane. Wong-wong Yahudi ora mbuka atine marang Sang Roh suci. Anggone Gusti Yesus nindakake pangeram-eram ing sajroning asma Sang Rama, kang ngangkat Panjenengane lan kang maringi kamenangan marang Panjenengane.

Wong-wong Yahudi rumangsa bosen ngrungokake babagan gegayutane Sang putra karo Sang Rama Panjenengane minangka landhesan kanggo uripe bangsane. Wong-wong mau nuntut nindakake kekerasan, duwit lan njembarake laldan, malah nganti ing dina iki uga.

YOKANAN 10:27-28
27 Wedhus-wedhusKu pada nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu pada ngetut-buri Aku, 28 apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dhweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.

Gusti Yesus iku Cempening Allah kang lembah manah; Panjenengane nimbali para wedhus pandhereke, wedhus-wedhus kang wis nganggo hakikat saka Panjenengane. Tandane wedhus-wedhus mau yaiku wedhus-wedhus mau ngrungokake, awit Sang Roh suci mbukak pikiran lan atine, kanthi mengkono suwara gusti Yesus lan karsane Gusti Yesus nembus ing sajroning urip batine, andadekake wedhus-wedhus mau dadi titah kang anyar. Kawigaten kang katon awit patrap rila lan iku sawijining wiwitan saka pamuridan.

Sang Kristus pirsa kabeh wong kang gelem ngrungokake Sabda secara pribadi; Panjenengane nresnani wong-wong mau, mirsani wadine, lan pirsa gambaran pungkasan bab apa kang bakal dumadi atas wong-wong mau sakwise wong-wong mau diwangun.Wong-wong Kristen kang sejati ora kasilep ing urip kang ora duwe tujuan lan mangsa bodo. Wong-wong mau dikenal lan jenenge kacathet ing Suwarga. Saben pribadi iku pracaya iku awit saka mujijat, titah kang anyar saka Gusti Allah.

Gusti Yesus iku Pangon kang Becik; wedhus-wedhus kagungane titen Suwara Panjenengane lan ndherek Panjenengane kanthi bingah masrahake awake marang kepimimpnan Panjenengane. Wedhus-wedhus mau ora duwe pepinginan liya kajaba nuruti karsane pangone. Kabeh pepinginane kang beda ora duwe papan ing sajroning atine; wedhus-wedhus mau wedhus kang alus bebudene.

Urip kang anyar iki dumadi awit pakaryane sang Kristus ing sajroning uripe. Panjenengane maringi wong-wong mau katresnane Allah, lan panguwasa kanggo ngalahake pati lan dosa. Wong-wong mau ora bakal mati nanging urip ing selawase, awit wong-wong mau duwe urip, nampani sih rahmat ing sajroning uripe. Wong-wong mau dimerdekakae saka pengadilan lan anggone kalah, saka pati langgeng, dibenerake dening Rahing sang Kristus.

Ora ana siji wae saka wedhus kang di tebus nganggo rah Sang Kristus bakal ilang. Gusti Yesus ninggalake kaluhurane ing Suwarga kangga nylametake manungsa, lan nandhang sengsara kanggo maringi urip marang wong-wong mau. Panjenengane netepake njangkung wong-wong mau sinadyano apa wae kang bakal dumadi. Apa panjenengan duwe keyakinan marang astane Gusti? Apa panjenengan wis milih panguwasane sang Kristus lan kabisan Panjenengane? Panjenengan kudu milih apa gelem urip ing sajroning jagat dosa ing sajrone kahanan kang kesasar, utawa panjenengan milih urip dimerdekakake ing sajroning pangangkatan minangka putra-putra Allah ing sajroning Sang Kristus kang kapenuhan Sang Roh suci. Pangayoman saka Gusti kita beda adoh karo pakaryan kita dhewe, awit prekara iku ngluwihi wates saka pangerten kita dhewe, lan agawe kita ngadeg ing sisih Sang Menang iku.

YOKANAN 10:29-30
29 RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu. 30 Aku lan Sang Rama iku siji”.

Sawetara wong pracaya mangu-mangu selaras pangertene yen wong kang isih enom kaya Gusti Yesus bakal bisa njaga wong saka pati, Iblis lan bebendune Allah. Prekara iki pancen ngluwihi kabisane manungsa mangerti. Yaiki sebabe gusti Yesus nuntun para murid marang Sang Rama lan marang anggone maha kuwasa. Panjenengane wae kang milih saben wong kang sebanjure ndherek gusti Yesus. Ora ana wong siji wae kang ndherekake gusti Yesus kajaba awit karsane Allah lan awit saka pilihan Panjenengane.

Gusti Allah sang Rama tanggung jawab marang wong kang sumendhe marang Putra Panjenengane. Sang Rama iku kang Maha agung, kang Maha Kuwasa. Gusti Yesus ora nyenengake awake dhewe, nanging mbangun turut marang Ramane.

Kanggo ukuran anggone nyingkur awake dhewe kang mengkono, kapenuhan keallahan ana ing sajrone Panjenengane. Sawetara wong kandha yen gusti Yesus luwih asor tinimbang Sang Rama. Nanging katarangan saka Sang Roh suci ngandika marang kita yen sapa kang ngluhurake awake dhewe bakal kaasorake lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakkal kaluhurake. Awit gusti Yesus masrakake kabeh kaluhurane marang Sang Rama, Panjenengane duwe hak ngandika, “Aku lan Rama iku nyawiji”. Tinarbuka kang kaya mengkono menehi jawaban atas kabotan kang diunjukake dening wong kang kandha yen kita nyekutokake kang liya marang Allah. Wong kang nampik kamanuggalan kang sempurna antarane Sang Kristus karo sang Rama, nduduhake wong-wong kang gumedhe, kang ora ngrumangsani yen dalan kanggo tumuju kaagungan iku kanthi cara andhap asor.

PANDONGA: Gusti Yesus, paduka menika Pangen ingkang sae. Paduka masrahaken gesang Paduka kangge menda-menda. Paduka maringi kawula gesang, supados kawula mboten cilaka langeng. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng paduka; paduka njangkung kawula saking pati, iblis, dosa lan bebendunipun Allah. Mboten wonten ingkang saget ngrampas kawula saking asta Paduka, paduka wucal kawula patrap andap asor saking manah paduka, kanthimakaten kawula saget tepang Sang Rama ing salebetipun paduka, lan kangge nyingkur badan kawula,supados panguwaos paduka saget katingal ing salebertipun karingkihan kawula.

PITAKONAN:

  1. Kepiye carane Sang Kristus mimpin pepanthan wedhus kagungane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)