Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 050 (Disparate views on Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

b) Bedane panemu babagan gusti Yesus antarane wong akeh karo Makamah Agama (Yokanan 7:14-53)


YOKANAN 7:21-24
21 Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Mung ana panggawe siji kang Daklakoni, mangka kowe kabeh padha gumun. 22 Nabi Musa ndhawuhake pranatan tetak marang kowe; sabenere pranatan tetak iku ora saka Nabi Musa, nanging saka para leluhur kita, lan ing dina Sabat kowe iya padha netaki wong. 23 Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggee Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat? 24 Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil”.

Gusti Yesus ora langsung paring wangsulan atas dakwan wong-wong Yahudi yen Panjenengane kerasukan roh ala, nanging nuduhake marang wong akeh kang nglumpuk iku yen putusan paukuman mati marang Panjenengane iku prekara kang cilik lan tindak kang ora adil. Gusti Yesus ngelingake wong-wong mau yen para pemimpin kang ngadhili Panjenengane iku awit prekara kasarasan kang wis ditindakake marang wong lumpuh ing blumbang Betesda ing dina Sabat. Dina iku gusti Yesus paring dhawuh marang wong kang lumpuh iku supaya ngangkat papan turone lan mulih sakwise disarasake. Prekara iki sawijining kaelokan kang ngeda-edapi, lan mujijat iku sejatine bisa ngilangi dakwan kang kaalamatake marang Panjenengane.

Sebanjure gusti Yesus negasake yen para ahli Torat dhewe uga sejatine ora bisa mbangun turut marang Paugeran torat kanthi sempurna. Ing sajrone paugeran iki ana aturan siji lan sijine lelawanan: Sunat iku tanda prejanjian karo Gusti Allah, sawetara Sabat ngrembug gegayutan patunggalan ing dina palerenan kang Suci. Wong diwenehi aturan kudu nyunatake anake lanang ing dina kaping wolu sakwise lahir, nanging dina kaping wolune bisa uga ing tiba ing dina Sabat. Rak nyunat iku uga sawijining panggawean?

Yen lara iku dipikir akibat saka dosa, mula kewarasan saka lara ateges keselametan, ing sajroning badan, jiwa lan roh. Awit saka iku gusti Yesus nyurung wong –wong mau nggunakake pikirane, supaya bisa mbedakake antarane leladi sih ramat dibandingake karo sunat ing dina sabat, kang endi kang luwih penting? Gusti Yesus sebanjure nggunakake akal sehat minangka cara nyadarake wong-wong mau supaya bisa nyakep ukuran katresnan lan panguwasa lan keselametan saka Panjenengane. Pambudidaya kang ora ana gunane; talingane wong-wong mau wis budheg lan roh wong-wong mau wis wangkot- sawijining putusan kang adil lan tetimbangan kang apik babar blas ora bakal ditindakake wong-wong mau.

YOKANAN 7:25-27
25 Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: “Apa dudu wong iku kang diarah patine? 26 Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngerti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan? 27 Nanging mungguh wong iku kita wus ngerti pinangkane. Mangka sammangsa Sang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkane.”

Wong-wong Yerusalem teka ing pedaleman Allah kanggo ketemu karo wong akeh. Nalika wong-wong mau ndeleng yen gusti Yesus dadi punjering kawigaten wong akeh dadi nesu banget awit Panjenengane isih bisa tumindak kanthi merdika, sinadyan ana perintah supaya nyekel Panjenengane. Pawarta iku wis dingerteni dening wong akeh.

Warga ibukota ngremehake Makamah Agama iku awit karingkihane maekani prekara iki. Pemerintahan Roma nglarang nibakake paukuman pati marang sapa wae kajaba pemerintahan Romawi dhewe. Dadi para pemimpin Yahudi ora duwe hak maneh nibakake paukuman pati. Wong-wong sebanjure ngremehaken Makamah agama mau kanthi kandha: “Wong kang digoleki bisa menyang ngendi-endi ing kutha, bebas kotbah tanpa duwe rasa wedi. Para pemimpin babar pisan ora duwe panguwasa nglaraeng Panjenengane. Para imam ora bisa nibakake Panjenengane kanthi dalil utawa dedebatan”.

Kang liyane menehi tanggapan, “Kowe ora ngerti, sawetara ing antarane para pemimpin iku bisa uga pracaya yen Panjenengane iku Sang Mesih” . Iki sawijining kataragnan kang dienggo dadi katarangan kenapa nganti wong-wong iku mangu-mangu nyekel gusti Yesus. Pikirane wong akeh kapisah dadi rong golongan kang duwe panemu kang beda.

Pikiran wong-wong kang kaping telu: Manawa rawuhe sang Mesih panci wis ditetapake, mula Sang Mesih bakal rawuh kanthi mancarake kaelokan kang mulyo banget, ora mung dadi manungsa lumrah wae. Wong enom iku tukang kayu kang asale saka sawijining desa ing pegunungan. Sang Mesih kang sejati bakal mandhap langsung saka langit, dudu lunga saparan-paran ing antarane manungsa lumrah.

YOKANAN 7:28-30
28 Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh. 29 Aku kang wwanuh, amarga wijilKu saka ing Panjenengane, lang iya iku kang ngutus Aku.” 30 Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.

Gusti Yesus mireng apa kang dadi bebantahan bab asal usul Panjenengane ing bumi iki. Panjenengane sebanjure ngandika kanthi sora: “apa kowe tenan-tenan tepung karo Aku? Utawa saka ngendi asale Aku? Kowe kebak lelamisan ing sajroning mbobot lan ora mbudidaya tepung karo Aku kang bener-bener. Rungokna apa kang Ndak ngandikaake, telitinen kang luwis jero ing sajroning RohKu. Sebanjure kowe bakal bisa nepung sapa Aku lan saka ngendi asale aku”.

Gusti Yesus ora ngutus sarirane piyambak, nanging Gusti Allah kang ana nyengkuyung, lan saka Gusti Allah asale Gusti Yesus; Rama Panjenengane iku kang ngutus Panjenengane. Gusti Yesus ing hakekate saka Rama lan saklawas-lawase manunggal karo Sang rama. Panjenengane nambahake, “ora ana wong siji wae ing antaramu kang tepung Gusti Allah, sinadyana kowe duwe pikiran yen Panjenengane ana ing kene ing sajroning Pedaleman Allah. Para imam iku wuta; para imam ora ndeleng Gusti Allah, lan ora temen-temen ngrungokake Suwarane Allah. Awit saka iku kowe ngapusi awakmu dhewe”.

Sebanjure Panjenengane ngandika, “Aku tepung Panjenengane”. Sari patine Injil yaiku kayekten iki, yen gusti Yesus tepung Gusti Allah, lan mratelakake marang kita bab asma lan katresnane Sang Rama. Priyayi Nazaret iku ora duwe dosa, gesang ing sajroning patunggalan kang terus selawase karo RamanE. Sawetara kabeh kang liyane misahake awake saka Kang suci awit saka dosa-dosane.

Nalika sawetara wong kang krungu pangandikane ndadekake wong-wong rumangsa yen pangadikane gusti Yesus bener, apa kang dingandikaake gusti Yesus gegayutan wong-wong mau pas banget. Wong-wong mau banjur nguwuh, “Wong iku wis nyenyamah Pedaleman Allah lan ngarani yen kita kapir”. Wong-wong mau nesu banget lan bengok-bengok uga mbudidaya nyekel Panjenengane. Nanging ora ana wong siji wae kang bisa nggepok Putra Allah, kaya-kaya ana malaikat kang njaga Panjenengane. Wektu kanggo maringake paseksen kang pungkasan durung titi mangsane. Sang Ramane wis netepake wektu kang pas yaiku nalika Sang Kristus nebus umat manungsa. Ora ana wong siji wae kang bisa ngundurake wektune utawa majokake wektune.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula manembah Paduka, awit paduka tepang Gusti Allah, lan sampun mratelakaken Sang Rama dhumateng kawula. Kawula ngladosi Paduka lan nresnani Paduka kanthi kabingahan. Pratela Paduka sampun andadosaken kawula dados putra-putra Allah. Kawula ngluhuraken Paduka lan ngagungaken asma Paduka sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang sampun kalahiraken malih. Kawula nyuwun supados Paduka ugi mratelakaken Sang Rama dhumateng tiyang-tiyang ingkang mursid ing sakiwa tengah kawula, supados tiyang-tiyang menuka ugi saget karibah saking raos mangun-mangu lan anggenipun tiyang-tiyang kalawau mboten mangertos.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus dadi siji-sijine wong kang tepung karo Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)