Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 049 (Disparate views on Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

b) Bedane panemu babagan gusti Yesus antarane wong akeh karo Makamah Agama (Yokanan 7:14-53)


YOKANAN 7:14-18
14 Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing padaleman suci sarta memulang. 15 Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: “Wong ik olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!” 16 Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku. 17 Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngerti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe. 18 Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.

Gusti Yesus ora wedi seda utawa cilaka kang bakal ditindake dening para satru Panjenengane. Panjenengane terus maju selaras karo apa sing dikersakake Sang Rama, tindak menyang Yerusalem, kanthi sesidheman ing wayah pista riyaya iku. Ana ing kana Panjenengane ora nyingidake sarirane, nanging langsung tindak ing plataran pedaleman Allah, mulangake Injil kanthi kendel, kaya dene juru mulang kang wis nampani pangakon. Wong akeh rumangsa manawa Gusti Allah ngelikake dheweke langsung. Awit saka iku wong-wong yahudi padha takon tinakonan antarane siji lan sijine: Saka ngendi wong kang isih enom iki entuk pangerten teologia kang kaya mengkono jerone? Gusti Yesus ora sinau saka juru mulang ahli kitab suci kang misuwur. Kepiye bisa tukang kayu kang ora ana pelatihan kapinteran mligi bisa mulang kitab bab kayekten kang sawutuhe saka Gusti Allah?

Gusti Yesus paring wangsulan kaya-kaya ngandika: “Bener, Aku mulang lan Aku iki juru mulang kayekten. Luwih saka iku Aku dhewe Sabda Allah. Kabeh karsa lan penggalih Allah ana ing Aku. Ramaku iku Panjenengane kang mulang Aku. Aku ngerti kabeh apa kang ana ing penggalihe Ramaku, rancangan, tujuan lan panguwasa RamaKu. Aku ora rawuh awit saka pikiran pribadiKu dhewe, awit aku rawuh awit saka penggalihe Allah wae yaiku keyekten. Aku nindakaken wahyu ing perangan-perangan kang durung cetha”

Dadi, Gusti Yesus ngluhurake Sang Rama lan mbangun turut Sang Rama; kanthi nyebut sarirane minangka jejere Rasul Allah. Gusti Yesus ora ngutus sarirane piyambak manut karsane piyambak, nanging Panjenengane rawuh ing sajroning asma Rama Panjenengane kang kebak panguwasa kasuwargan. Dadi gusti Yesus nalika iku iya Putra Allah lan juga dadi jejering Rasul, kang pantes nampani kawigaten kita, iman kita lan anggon kita manembah dikaya dene marang Sang Rama.

Kanggo nuwuhake iman marang Panjenengane kanggo wong-wong Yahudi, gusti Yesus nuduhaken marang wong Yahudi sawijining cara kang gampang kanggo ngyakinake wong-wong mau yen wulangan Panjenengane iku pancen selaras karo apa kang dadi karsane Allah. Dadi apa bukti kang netepaken bab murnine saka wulangane lan pribadi Gusti Yesus? Gusti Yesus ngandika: “Mbudidayaa supaya asikep selaras karo Injil-Ku lan kowe bakal nemokake kaya ngapa ngedap-edapine Injil mau. Trapna sabdane Sang Kristus ayat mbaka ayat, lan kowe bakal ndeleng yeng sabda Panjenengane kuwi ora mung tembunge manungsa nanging Sabda saka ing Allah.”

Supaya bisa ngetrapake wulangane Sang Kristus ana kang kudu ditindake luwih dhisik yaiku anane tekat ing sajroning panjenengan. Apa panjenengan duwe pepinginan dikaya apa kang dikersaakake gusti Allah? Yen iramane apa kang dadi pepinginan panjenengan lan karsane Gusti Allah ora padha mula panjenengan ora bakal bisa nyakep kawruh kang sejati bab gusti. Nalika panjenengan nelukake kekarepan panjenengan marang karsane Gusti, yaiku marang karsane Sang Krisus, mula panjenengan bakal wiwit diangkat luwih dhuwur marang sawijine tingkat kesadaran kang anyar- panjenengan bakal tepung Gusti Allah dikaya anane Panjenengane.

Kabeh wong kang latihan nindakake kersane Sang Rama, kayadene kang diwulangake Gusti Yesus marang kita, bakal bisa ndeleng kanthi cetha anane jurang kang jero banget kang misahake antarane Injil karo Paugeran Torat. Gusti kita ora mung maringi momotan kang abot ing bahu kita, nanging nalika iku uga Panjenengane maringi kita kekuatan kang dibutuhake kanggo manggul momotan iku. Panjenengane bakal bisa manggul karsa Panjenengane kanthi kebak kabungahan. Kabeh wong kang mbangun turut dhawuhe Sang Kristus, nampani kekuatan supaya bisa mratelakake ing uripe katresnane Panjenengane. Wulangan Panjenengane ora nuntun marang kegagalan, dikaya kang dumadi karo Paugeran torat saka Nabi Musa, nanging kanggo urip ing sajrone kapenuhan sih rahmat Allah. Kabeh wong kang kepengin ngetrapake kersane Allah kang dipratelakaken ing sajroning wulangan Sang Kristus secara pribadi sebanjure dadi duwe gegayutan karo gusti Allah, lan ngerti yen Sang Kristus ora mung guru secara manungsa wae, nanging Panjenengane iku Sabda Allah kang dadi manungsa. Panjenengane ora rawuh kanthi nggawa palsafah kosong wae, nanging nggawa panggapuraning dosa, lan.

YOKANAN 7:19
19 Apa dudu Nabi Musa kang dhawuhake angger-anggering Toret maranga kowe? Nanging panunggalanmu ora ana sij-sijia kang ngestokake angger-anggeringToret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu”? 20 Atur wangsulane wong akeh: “Sampeyan punika kepanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampean sinten?”

Kasugengane gusti Yesus kang kapenuhan kasucen anggawe Panjenengane bisa ngandika marang wong-wong Yahudi iku, “Kowe wis nampa paugeran Torat, nanging ora ana siji wae kang nindakaken kanthi bener”. Pratela iki ngruntikake atine bangsa Yahudi, awit anggone Gusti negasake yen ora ana wong siji wae kang mlebu ing sajroning warga Prejanjian Lawas tau nindakaken tuntutan kang ana ing Paugeran torat. Sapa wae kang tahu nerak salah siki saka salah siji aturan paugeran torat bisa dianggep luput atas paugeran kabeh. Bebendune Gusti Allah ana ing sajroning uripe wong iku. Kanthi pratela iki mula gusti Yesus ngilangi pangakone kayekten wong-wong Yahudi, lan nuduhake yen semangate lan pambudidaya golongan sing manembah paugeran iku mung ngapusi awake dhewe wae.

Gusti Yesus mratelakake marang wong Yahudi yen Panjenengane pirsa pepinginan para pemimpine yang duwe rancangan nyedani Panjenengane. Ora ana barang kang bisa kasingidan saka pamirsane Gusti Yesus. Panjenengane ngelingake para pamirenge aja mung ana ing tata lahir semangate lan uga negasake rega kang kudu dibayar yen ndherek Panjenengane.

Nalika iku uga Panjenengane ndangu, “Kenapa apa kowe mbudidaya mateni Aku?”

Wong akeh iku njenger awit apa kang dingandikaake Sang Kristus, lan dadi kaget awit Panjenengane ngandika yen ora ana wong siji wae saka ing antarane wong-wong mau kang bener. Jawaban kang wong-wong mau aturake kanggo nyingidake rancangane, “Mboten, mboten, sinten ingkang badhe nyedani Panjenengane?” Demi Allah mboten badhe kelampahan”. Sawetara wong malah ndakwa menawa Roh Ala wis nguwasani Panjenengane. Wong-wong mau wis wuta awit anggone sengit, lan ora bisa mbedakake antarane Sang Roh Suci karo Roh ala. Wong-wong mau wis kelangan kabeh rerasan bab pangertene katresnane Allah.

PITAKONAN:

  1. Apa bukti yen Injil iku asale saka gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)