Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 036 (Christ raises the dead and judges the world)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

3. Sang Kristus ngangekake wong mati lan ngadhili jagat (Yokanan 5:20-30)


YOKANAN 5:20-23
20 Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna. 21 Awit pada kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake. 22 Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangadilan iku wus dipasrahake marang Sang putra, 23 supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngrumati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

Kaya ngapa agung pakaryan iku, mokal ing sajroning ukuran manungsa, nanging gusti Yesus bisa nindakake sakabehe. Sang Rama masrahake marang Sang Putra supaya nindakake sakabehe nganti rampung. Ing kene kita nggatekake rong prekara kang diweca ing sajroning Kitab suci gegayutan karo Sang Kristus. Wong – wong Yahudi duwe pengarep-arep Manungsa kang bisa nglakoni kabeh pameca iku: Nangekake wong mati, lan ngadili kanthi adil. Rong prakara iku manunggal lan gusti Yesus ngarani loro-lorone iku kanggo Panjenengane piyambak. Gusti Yesus sadurunge wis nyethakake ing ngarepe para satru Panjenengane yen Panjenengane iku Gusti atas Urip kang bakal ngadili, sinadyana wong-wong mau nganggep Panjenengane iku kaya wong edan utawa wong kang nyenyamah. Wong-wong yahudi gawe putusan nyedani Panjenengane. Gegayutan apa sing dingandikaake kanthi tegas iki gusti ngersakaken ngrubah wong-wong mau lan nuntun supaya duwe pikiran kang bener lan mratobat kanthi tulus.

Gusti kita dudu tukang ngrusak, nanging kang paring urip, kang ora ngersakake patine wong kang dosa, nanging ngersakake pamratobate saka anggone kesasar tumuju marang urip. Wong kang ninggalake Allah bakal alon-alon nemoni karusakan, roh, jiwa lan badane. Nanging, wong kang sowan marang Sang Kristus diwungukake lan nampani urip langgeng. Sang Juru selamat ngersakake anane patangen lan gumregahing kasukman ing sajroning awak panjenengan. Apa panjenengan kersa mireng Suwanten Panjenengane? Utawa apa panjenengan tetep panggah ing sajroning dosa lan kaluputan?

Wiwit kelanggengan jagat raya dibangun atas kayekten. Malah sinadyano manungsa ora maelu gustine, paten pinatenan, lan goroh ginorohan, nanging kayekten tetap ora owah gingsir. Dino pengadilan yaiku dino petungan gedhe. Piwalesing Allah bakal tumama atas anggone kurang ajar manungsa mligine marang wong kang sawenang-wenang marang para randa lan wong-wong ringkih. Gusti Allah wis masrahake kabeh pengadilan iku marang sang Kristus. Panjenengane bakal ngadhili kabeh manungsa, saka basa apa wae lan agama apa wae. Gusti Yesus iku manungsa kang ora dosa, kanthi mangkono Panjenengane bisa mirsane kahanan manungsa kita, rerasan lan karingingkihan kita. Pengadilan Panjenengane iku asipat adil. Nalika Panjenengane mratelakake sarirane ing sajroning kaluhurane, kabeh suku ing jagat iki bakal ngrintih, awit wong-wong wis nyepelekake Sang Hakim iku, ngremehake lan nampik Panjenengane. Apa panjenengan ngrasakake gegayutan prekara iki?

Sebanjure kabeh bakal sujud ing ngarsane Sang Putra. Wong-wong kang nyepelekake pangibadah marang Sang Kristus ing jagat iki, bakal ngurmati Panjenengane kanthi rasa wedi lan gemeter. Sang Kristus kang pantes nampani kabeh panguwasa, kasugihan, kawicaksanan, kinurmatan lan kamulyan (Wahyu 5:12). Panjenengane wis ngrukunake jagat iki karo gusti Allah. Panjenengane iku cempening Allah kang alus ing bebuden kang dibeleh kanggo kita. Gusti Allah lan Sang Putra iku padha ing sajroning hakekat katresnan lan panguwasa ora mung ing sajroning pakaryan, nanging uga ing sajroning kalayakan kanggo nampani pikurmatan lan pujian kang dipisusungake marang loro-lorone. Yaiku sebabe gusti Yesus ora nampik wong-wong kang nyembah Panjenengane nalika Panjenengane ana ing jagat iki. Kita kudu ngurmati Sang Putra kaya dene kita ngurmati Sang Rama. Kita bisa langsung ndedonga marang Sang Putra, kaya dene kita ndedong marang Sang Rama kasuwargan kita.

Kabeh kang nampik Sang Kristus utawa ngremehake Panjenengane nampik Rama iku dhewe. Panjenengane kang langgeng iku kagungan hak kanggo milih Sang Putra. Alesan utama kenapa manungsa kang nyelaki kalungguhane Sang Kristus minangka jejere Sang Putra lan manembah marang Panjenengane, iku awit mental wong iku kang ala. Wong-wong iku ora gelem nepung Panjenengane, lan awit ikuk ora bisa nepung gusti Allah ing sajroning kabeh kasunyatane Panjenengane.

YOKANAN 5:24
24 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngurus Alu, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.

Wong kang kanthi kabungahan nampani Injil Sang Kritsus, lan pracaya marang kalenggahan Panjenengane minangka jejering Sang Putra lan Penebusan Panjenengane bakal nampa urip langgeng. Sawijining urip kang ora kawiwitan nalika wong wis mati, nanging kawiwitan ing kene ing jagat iki lumantar sang Roh Suci. Sang Roh suci mandap atas panjenengan awit panjenengan pracaya marang Sang Rama lan Sang Putra. Ora kaeh wong bisa ngerti makna pangandikane Sang Kristus, sinadyan wong-wong mau krungu nganti kaping sewu, lan maca uga naliti isine.Wongwong ora bakal micara gegayutan sih rahmat Sang putra, lan uga ora urip dening Sang Roh. Iman kang bener yaiku duwe keyakinan marang sang Kristus lan patunggalan karo Panjenengane. Kanthi duwe sesambungan karo sang Kristus iki mula panjenengan bakal dibenerake, dibebasake saka kabeh pengadilan, aiwt saka iku mung iman wae kang nyelametake panjenengan lan dudu pambudidaya panjenengan. Sihe sang Kristus nutupi kabeh manungsa kang ngaup ing kayu Salib, lan nyirnakake kabeh dosane uga nyucekake telenging atine.

Prekara iku bakal nyurung kita sowan marang Gusti Allah. Awit Kang Langgeng iku wis dadi Rama kita ing sajroning kelahiran anyar kita. Kelahiran anyar kita iku hasil saka kita kabenerake.

Apa panjenengan wis ngerti janji Sang Kristus kang agung iki. Panjenengan wis dimerdekaake saka pati lan rasa wedi atas pati iku. Panjenengan kanggo selawase urip ing sajroning sih rahmat Sang Kristus. Bebendune Allah ora bakal kapatrapake atas badan panjenengan.

Iman panjenengan ing sajroning Sang Kristus wis ngowahi panjenengan, sawijining urip kang suci lan langgeng saiki dadi duweke panjenengan. Sambung rapet antara kita karo Sang Kristus dudu mung cara kapinteran, nanging asifat bisa kadeleng, nyata lan bener-bener. Ora ana keselametan kang luwih gedhe katimbang karo manunggale kita ing sajroning Sang Kristus. Apalna ayat 24 iku, lan selarasna urip panjenengan ing sajroning Panjenengane, lan kita bakal bisa ketemu langsung ing sajroning kalanggengan.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, awit paduka sampun ngapunten samukawis dosa kawula lan ambeneraken kawula. Kawula mboten badhe mlebet ing salebetipun pengadilan, awit bebendu Paduka sampun kepengker atas kawula. Kawula ngluhuraken paduka awit gesang Paduka sampun keesokaken kangge kawula, lan seda kang kedahipun dados perangan kawula sampun kabatalaken. Kawula gesang kunjuk Paduka ngantos selami-laminipun. Dadosa kawula teguh ing salebetipun Paduka, kangge ngluhuraken asma Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kang endi loro tugas penting kang diparingaken dening Sang Rama kangg ditindakaken dening Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)