Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 037 (Christ raises the dead and judges the world)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

3. Sang Kristus ngangekake wong mati lan ngadhili jagat (Yokanan 5:20-30)


YOKANAN 5:25-26
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune,malah wus temeka ing wektune, wong mati pada krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip. 26 Sabab padha kaya Sang Rama anggone kagungan gesang ing sarirane piyambak, mangkono uga Sang putra iya wus kaparengake kagungan gessang piyambak.

Gusti Yesus nyethakake yen Panjenengane iku kayekten iku, kanthi ngandika: “Satemene-temene pituturKu marang kowe”. Panjenengane nglakoni kabeh pameca gegayutan anggone rawuh, kanthi cara kang pas ngluwihi apa kang diangen dening wong-wong kang urip ing sajroning jaman Prejanjian Lawas. Panjenengane nangekake wong mati dina iki lan mbesuk. Kabeh wong mati ing sajroning dosa lan cemer. Nanging gusti Yesus iku Kang Maha Suci, Putra Allah kang ngejawantah, kang ing sajroning sarira Panjenengane wis ngalahake dosa; supaya kita bisa melu ing sajroning sugenge Panjenengane dening iman. Wong kang ing jaman saiki nggatekake Injil keselametan, lan ngerti uga cekelan marang Gusti Yesus, nampani urip saka Gusti Allah. Wiwit dino patangen kita ngerti manawa iman kita iki iman urip, lan dudu agama mati lan cilaka. Gusti Yesus maringake Sang Roh urip saka Panjenengane ing sajroning wong-wong kang mireng Panjenengane sinadyan durung mangerti sawutuhe, nanging wong-wong mau duwe kekarepan mangerti kapenuhan saka sabda Panjenengane. Ing sajroning wong-wong mau Panjenengane nyipto pepinginan ngrungokake kang tulus, lan ing sajroning sabda kang kebak kaelokan iku makarya. Wong kang wis mati ora bakal bisa tangi utawa krungu saka awake dhewe, nanging gusti Yesus maringi urip marang wong-wong lan awit saka iku wong-wong mau bisa nggatekake.

Panguripan donya kita bakal sirna, nanging panguripan kang asifat Allah kang diparingake marang kita bakal tetap nganti salawase. Dikaya kang dibabarake dening Gusti Yesus; “Iya Aku iki patangen lang kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati”.

Sang Kristus bisa nangekake kita, awit Sang Rama wis ngesokake marang Panjenengane kapenuhan urip langgeng ing sajroning Panjenengane. Sang Kristus iki kaya sumber banyu kang gedhe kang saka ing sajrone sumber mau tansah metu banyu panguripan kang ora ana mandege. Saka Panjenengane kita nampa pepadhang demi pepadhang, katresnan demi katresnan, kayekten demi kayekten. Saka Panjenengane ora ana cemer utawa pepeteng kang timbul, lan uga ora ana pikiran ala. Panjenengane kebak katresnan, dikaya kang dingandikaake dening Paulus: Sang Kristus kebak sih katresnan lan pamitran kang ora tahu sujana utawa gumunggung; Panjenengane ora tau mbudidaya mentingake awake dhewe utawi mikir ala gegayutan wong liya utawa bungah atas wong liya kang gagal. Panjenengane nyangga samubarang, lan sabar nyangga kabeh prekara; Katresnan Panjenengane ora bakal ana enteke. Mengkono Panjenengane ngesokake marang kita kanthi Sang RohE. Ayo kita dadi sumber banyu panguripan.

YOKANAN 5:27-29
27 Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa. 28 Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane, 29 banjur metu, kang kelakuane becik tangi lan urip ing salawase, kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.

Manungsa jasmani mati, awit anane dosa. Sapa wae kang ora nyerak marang sihi Allah lagi ngukum awake dhewe. Sabda Sang Kristus yaiku kebak asih, panguwasa lan murni. Sapa wae kang ngrungokake sabda iku bakal urip. Ing wektu iku uga pangandika lan apa kang ditindake Panjenengane dadi paugeran kanggo urip kita. Gusti Allah masrahaken pengadilan marang Panjenengane; Panjenengane Kang Suci, kang nampa coba padha kaya kita nanging ora nindakake dosa. Ora ana manungsa kang duwe prekara kang memper ing sajroning pengadilan kang asifat Allah. Sang Kristus tetep dadi siji-sije Pribadi kang pantes nindakake pengadilan atas jagat raya. Panjenengan bisa netepake nasipe kabeh wong. Para malaikat lan kabeh titah manembah Panjenengane.

Patangen wis mesti bakal dumadi, atas dhawuhe gusti Yesus. Timbalan Panjenengane bakal nembus bumi kita; wong-wong kang wis mati ora bakal krungu timbalan kang lumrah. Nanging suwara Sang Putra bakal dadi jalaran wong-wong kang wis mati pisan gemeter. Jiwa-jiwa kang wis turu bakal ditangekake, lan ninggalake kubure. Kaelokan ing ngatase kaelokan, sawetara wong bakal tangi dadi wong kang urip, sawetara kang liyane bakal tetep wae ing sajroning patine. Ana loro jenis patangen, tangi nampani urip, kang sijine tangi banjur diukum. Wektu iku bakal ana bab-bab kang ngagetake kang ngedap-edapi: Sawetara wong kalimputan pepeteng, nalika kita ngiro yen wong iku mesti bakal duwe cahya kang padhang banget. Kang liyane sumunar padhang kaya srengenge, kamangka kita ngira wong-wong mau mung wong lumrah kang ora penting babar blas!

Wong-wong kang becik kang urip ing ngarsane Gusti Allah, ora ana bedane karo wong-wong kang ala. Nanging golongan kang kawitan wis diapura dening Sang Kristus Yesus lan nanggapi kanthi kebak syukur. Wong-owng mau urip ing sajroning panguwasa saka Injil Panjenengane. Uripe nuduhake woh-woh kang dihasilake dening sang Roh suci. Kang wis nyirnakake kabeh cemere kanthi Rah Panjenengane kang larang. Sih rahmat iki wis tekan marang wong-wong mau lumantar iman.

Nanging, wong kang duwe pikiran yen panggaweane dhewe bakal cukup ana ngarsane gusti Allah, bakal krungu tembung iki, “Kowe wong kang mentingake awakmu dhewe kenapa kowe mung nggatekake anggone kowe dimerdekaake dhewe, lan ora nresnani satru-satrumu? Kenapa kowe ora nampani angone karukunake kang sawutuhe, sawetara Kang Disalib iku wis ngrukunake antarake kowe karo Gusti Allah? Lan kenapa kowe nampik urip langgeng saka Panjenengane ing sajroning uripmu? Anggonmu gumedhe wis agawe awakmu milih pati, awit saka iku terusna urip ing papan ana ngendi ora ana sih rahmat kang bakal ditawakake marang kowe”. Wong-wong kan mati ing sajroning dosa bakal tangi saka pati banjur mlebu ing pengadilan kang nggegirisi, lan nampa cathetan kang jlentreh saka tembung, panggawe lan pikirane. Sawetara wong kang wis dituntun mlebu ing sajroning kamulyan Sang Kristus dening imane marang Panjenengane, duwe katresnan kang wis diesokake dening Sang Kristus marang dheweke. Iki agawe wong-wong iku nindakake leladi kang kebak sih rahmat, kang dadi tandha mirunggan saka urip langgeng ing jaman iki.

YOKANAN 5:30
30 Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kng ngutus Aku.

Sang Kristus manggul tanggung jawab kang abot banget ketimbang karo liyane; Panjenengan iku Hakim kan langgeng. Sang Kristus pirsa kewenangan kang diparingaken marang Panjenengane. Nanging Panjenengane tetap andap asor, ngandapake derajat kang banget dening asor ing antarane manungsa ing sajroning andap asor iku, panjenengane ngandika: “Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe,...”. Tegese yaiku, Aku ora bisa ngadili, mikir, nresnani utawa ambegan saka awakKu dhewe. Dadi ing kene Panjenengane maringake rasa kurmat iku mung marang Sang Rama.

Ing sajroning kahanan apa wae gusti Yesus kacancang karo Ramane. Gegayutan tilpun antarane priyayi loro iku ora tahu ana gangguan. Suwara Allah kang maringi pirsa marang Panjenengane bab roh ing sajroning manungsa. Sang Roh suci naliti jagat iki lan ndadar atine panjenengan uga, mbuka pikiran panjenengan lan apa kang panjenengan singitake saka wong-wong liya. Sang Roh ing sajroning Sang Kristus iki bakal ngadhili panjenengan kanthi bener. Beja panjenengan menawa panjenengan ngakoni dosa-dosa panjenengan ing ngarsane Allah lan wis nampani pangapuraning dosa saka Kang Sinalip iku. Jeneng panjenengan sebanjure bakal ditulis ing sajroning kitab panguripan. Sebanjre marang wong-wong bener iku Panjenengane bakal ngandika: “Padha mrenea, kowe kang diberkahi dening ramaKu, tampanana warisan Krajan kang wis dicawisake kanggomu wiwit sadurunge dasar bumi diyasa”.

Sang Kristus iku kayekten iku dhewe ora bakal ngapusi; Panjenengane pirsa apa kang ana ing sajroning dada manungsa. Panjenengan pirsa kabeh pakulinan kang kita warisi saka leluhur kita, lan ora ngadhili kanthi cara grusa-grusu. Panjenengane kanthi sabar ngenteni pamrtobate wong-wong dosa iku. Hakekat kasucen Panjenengane bakal misahake wong-wong kang wis dadi wong kang kebak rahmat awit rahmat Panjenengane, karo wong-wong kang nampik Sang Roh Panjenengane lan kang tetap asikep wangkot.

Sang Kristus nuduhake alusing bebebuden Panjenengane kinanthenan anggone andhap asor. Panjenengane tetap nyuwun pirsa marang Rama Panjenengane bab apa kang dikersakake Sang Rama. Awit saka iku Sang Kristus nglakoni kersane sang Rama ing sajroning pangandikan lan malah panggawe sinadyana nganti munggah ana Kayu Salib. Ing wektu kang nemtokake Panjenengane ngandika ing sajroning donga. “Sanes kekajengan kula nanging Kersa Paduka ingkang dumados. Panjenengane kanthi mangkono wis nyangga kabeh paukuman sawutuhe.

Kabeh gegayutan antarane Sang Rama karo Sang Putra iki ditulis dening penginjil kang duwe tujuan kanggo dadi dasar iman kita gegayutan kamanunggalane Tritunggal. Kawenangan nguripake maneh wong kang wis mati dadi kagungane Sang Rama lan Sang Putra yaiku duwe kawenganan kang padha. Gusti Allah nuduhake marang Panjenengane kabeh panggawean Panjenengane, lan ora ana kang ditahan, kabeh diparingake marang sang Putra. Suwara Sang Kristus bakal tenan-tenan nguripake maneh wong kang wis mati iku; Panjenengane kagungan kunci atas pati lan neraka. Iman kita sawijining kengkeran menawa dideleng mung alandhesan kapinteran wae; mung manawa katresnan Sang Kristus kang diesokake ing sajroning badan kita kanthi alusing bebuden Panjenengane, lagi kita bakal bisa eling kaya apa bisane dingerteni kayekten yen gusti Allah iku siji ing sajroning 3 pribadi kanggo keselametan kita.

PITAKONAN:

  1. Apa gegayutane antarane Sang Rama lan Sang Putra dikaya kang dicethakake marang kita dening gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)