Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 021 (Cleansing of the Temple)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?

1. Nyuceni Pedalamen Suci (Yokanan 2:13-22)


YOKANAN 2:13-17
13 Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem. 14 Ana ing Padaleman Suci gusti Yesus mirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadene wong-wong preyalan padha dhasar ana ing kono. 15 Panjenengane mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ing Padaleman suci. Dhuwite preyalan-preyalan padha disuntaki, mejane padha digolingake. 16 Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkene: “kabeh iki padha singkirna saka ing kene! Padalemane RamaKu aja kok gawe omah padagangan.” 17 para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: “Katresnan Kawula dhateng Padaleman paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula”

Gusti Yesus tindak ana Yerusalem ngepasi riyaya gedhe – dino riyaya Paskah. Riyaya mau di tekane atusan ewu wong yahudi saka ngendi-endi papan. Wektu kuwi wektune misusungake wedhus korban minangka pangeling-eling diangkate bebendune Allah atas awake, awit saka anane wedhus paskah. Tanpa rah kang diwutahake ora bakal ana pangapurane dosa. Lan tanpa ana karukunan mula sawijining ibadah tanpa guna. Awit saka iku gusti Yesus wis ngangkat utawi nyangga kabeh dosane manungsa ing kali Yarden minangka simbole. Kanggo wong – wong mau Panjenengane nampa baptisan pati, sawijining tanda manawa Panjenengane nanggung bebendune Allah. Panjenengane pirsa saka ing manahi kang jero manawa Panjenegane iku cempening Allah kang pinilih.

Nalika Panjenengane mlebu ing kutho lan sebanjure tindak menyang pedaleman suci, Panjengane ora rumangsa gumun marang endahae bangunan pedaleman suci iku, nanging Panjenengane anggegilut gegayutan kasalametane manugnsa kang dumadi awit saka pangorbanane. Kang banget ngagetake, Panjenengaen babar pisan ora nemokake kahanan ayem ing sajroning ibadah iku. Kang dipirsani yaiku lebu lang ramene suara pambehohe sapi, lan tukar padune para wong kang dagang lan anggone padha mbeleh kewan-kewan. Panjenengane uga mireng pambengoke wong-wong kang ngijoli dhuwit manca dadi duwit Yahudi, yaiku wong-wong kang ziarah saka papan kang adoh kang arep mbayar kang dadi tanggung jawabe ana kana.

Gegeran kang dumadi ing Pedaleman suci iki nuduhake anane sawijining kapercayan manawa kayekten bisa dituku nggango dhuwit utawa pambudidaya tartamtu. Wong-wong kang ziarah rumangsa yakin manawa nugraha lan kayekten iku dituku nganggo upacara lan menehi sumbangan, lan ora ngerti manawa kesalemetan ora bisa ditampa lumantar panggawe becik.

Nalika iku gusti Yesus mratelakake duka kayektene. Karsane kang gedhe anane ibadah kang bener nyurung Panjenengane nundungi para wong kang dagang kewan iku lan nyebar duwite menyang lemah. Kita ora nemokake wacan manawa Panjenengane nggepuk uwong ana koni, nanging suwarane nuduhake manawa panggebuke kan seru saka Gusti Allah bakan nempuh atas wong-wong iku kang ora mbangun turut ana ing ngarsa kaagungane. Ora ana kamursidan ing donya iki kang andadekake keparenging Allah, manawa iku asale ora saka ati kang remuk kang sumarah marang Kang Maha suci.

Gusti Yesus prihatin awit anggone manungsa ora maelu marang kasucene Allah. Anggone ora ngerti lan nganggep sepele iku katon ing sajroning urip kasukman kang kebak lelamisan kang mbuktekaken anane pepeteng kang ngalimputi ati lan pikirane, sinadyana ada paugeran torat kang diparingake 1.300 tahun sadurunge. Nalika iku gusti Yesus nuduhake bebendu kang asifat kealahan lan semangat kang gede lan suci kanggo nyucekake punjering ibadah iku. Punjere saka sawijining perekara nuduhake kahanan sakabehe. Panjenengane nuntut anane pambudidaya nganyarake ing sari pathine agama, supaya ane owah-owahan kang bener ing sajroning patrap manungsa marang gusti Allah.

YOKANAN 2:18-22
18 Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: Panjenengan saget damel mukjijat punapa ingkang saget Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakake pratingkah kados makaten?” 19 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dadegake maneh.” 20 Unjuke wong Yahudi: “Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawandasa nem tahun, mangka Panjenengan kok badhe ngedegaken salebeting tigang dinten?” 21 nanging kang dipangandikaake Padaleman Suci iku sarirane piyambak. 22 Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi pada kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.

Para imam sebanjure ngerti gegayutan anggone Pedaleman Suci kasucekake lan uga pambengoke wong-wong kang dagang ana kana, awit saka iku para imam mau nyeraki Gusti Yesus lan nyuwun pirsa, “Sinten ingkang maringi hak dhumateng Panjenengan nindakaken prekawis menika? Sinten ingkang ngutus Panjenengan? Maringana dhumateng kawula bukti ingkang kiyat gegayutan kawenangan Panjenengan”. Para imam iku ora bisa nampik anggone Pedaleman suci kasucekake, para imam mau rumangsa manawa gusti Yesus ora atindak alandhesan nepsune kamanungsane, nanging awit tresna kang gede kanggo kinurmatane Pedaleman Allah, ya kanggo mbalekake Roh ibadah ing sajroning kayekten kanggo wong akeh; lan dudu mung arep ngerti alesan lan panyurung kang dadi jalaran Panjenengane nindakaken mengkono iku. Tundhone Gusti Yesus wis dadi satru manut pikirane wong-wong mau, awit Panjenengane mbudidaya nganyarake pedaleman suci tanpa manut tata paugerane minangka organesasi Imam.

Gusti Yesus ngelikake wong-wong mau gegayutan ibadahe kang kinanthenan lelamisan, luwih seneng hura-hura ing ibadah kang ditindake beberengan, lan luwih seneng panguwasa bandha dibandingaken karo khikmat ngrasakake rawuhe Gusti Allah. Kanthi pamirsane Gusti Yesus, gusti Yesus mirsani kacilakane Pedaleman suci minangka akibat saka ibadah kang mung lelamisan lan awit anggone ora ngertine wong-wong mau. Upacara agama kang ditata lan obahing pangibadah kang diatur manungsa ora nylametake manungsa, lan mung owah-owahan ati kang ditindake Allah wae kayeten kesalemetan kang nganyarake manungsa.

Karawuhane kang nylametake iki wis ngejawantah lan jumeneng ana ing tengah-tengahe wong-wong mau. Gusti Yesus iku Pedaleman Allah kang sejati. Gusti Allah ana ing sajroning Sang Krisus kang rawuh ing kana. Kaya-kaya gusti Yesus ngandika, “Ebrukna Pedaleman suci yaiku badanKu, awit kowe ora bakal bisa lumawan katresnanKu kang gede marang Gusti Allah. Kowe bakal nindakake prekara-prekara kang ora bakal bisa ngrusak pedalamen suci iki, nanging Aku bakal ngedekake maneh badan iki ing sajroning telung dina; Aku bakal wungu saka kubur. Kowe bakal mateni Aku, nanging Aku urip, awit Aku dhewe urip iku, yaiku Gusti allah ing sajroning rupa manungsa. Kowe ora bakal bisa mateni aku”. Dadi ing kene Gusti Yesus mratelakaken bab gegayutan karo anggong tangi saka pati. Patangen iki nganti dina iki sawijining kang paling gedha ing antarane mukjijat-mujijat kang ditindake Panjenengane.

Kongkonan Imam Agung ora paham pasemon gegayutan pedaleman Suci iki. Kongkonane Imam Agung malah ndeleng marang cagak-cagak marmer lan kubah-kubah kang banget dening endah, lan duwe panemu gusti Yesus wis nindakaken pangipat-ipat marang pedaleman kang asifat Allah kang dibangun dening Herodes suwene 46 tahun. Kongkonan iku ngrembuk bab watu-watuan, kamangka gusti Yesus ngandika gegayutan badane. Rerembugan kang penting banget ing wiwitan Pelayanan Gusti Yesus iki kawaca maneh nalika ngadili Panjenengane ing ngarepe Sanhedrin, kang sebanjure jungkir walike apa kang dingandikaake kang pitulungane sawetara wong kang dadi seksi apus-apus.

Cetha banget yen wong-wong ing jaman Prejanjian Lawas gagal kanggo nangkep rasa iman kang anyar kang kawiwitan dening gusti Yesus, malah para muride pisan uga ora paham jerone makna saka agama kang anyar iki, sadurunge seda lan wungune Gusti Yesus. Sakwise lelakon iku para murid paham kaya apa Sang Putra wis nebus dosa-dosane lan wungu maneh.

Nalika iki Panjenengane ana bebarengan karo kita ing sajroining pedaleman suci kasukman kang ing sajroning pedaleman iku kita dadi watu-watuan kang urip. Roh suci maringi pepadhang marang para murid supaya nemokake ing sajroning kemah suci kang wis suwe banget gegayutan maknane, kang dipadhangi lumantar pangandikane Gusti Yesus. Para murid teguh ing sajroning iman, lan beberangan dadi pedaleman suci Allah.

PANDONGA: Oh gusti Yesus, Paduka menika papan kalengghanipun Allah, lan punjering pepanggihan antawisipun Gusti allah kalian tiyang-tiyang ingkang dosa. Paduka paring pitulungan kawula supados nindakaken pamratobat lan ngibadah lan kapenuhanna kapenuhan Paduka, kanthi makaten kawula sagete sesarengan dados pedaleman Roh Suci, lan ngluhuraken asma Sang Rama ing saben wekdal.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe gusti Yesus ngrawuhi Pedaleman suci lan nundhungi para wong kang dagang ana kono?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)