Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 051 (God Remains Righteous; The promises of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)

3. Gusti Allah tetep bener senajan tiyang-tiyang Israel sami nglawan Panjenenganipun (Rum 9:6-29)


Paulus menika rasul kabingahan ingkang ngladosi Gusti Yesus, nanging panjenenganipun ugi ngraosaken sedhih dalah kamomotan amaegi saking panganiaya ingkang sangsaya awrat. Dhéwéké uga neksékaké wong-wong kang cacahé akéh padha kalairaké lumebu ana ing Kratoné Gusti Allah, nanging ugi kathah tiyang-tiyang Yahudi ingkang malah sami boten pitados dalah ngina Gusti Yesus lan Kratonipun, sangsaya tebih saking Panjenenganipun, boten sami purun ndhérék lan mirengaken sabdanipun.


a) Janji-janjinipun Gusti Allah boten sesambetan klayan tedhak turun lahiriah saking Bapa Abraham (Rum 9:6-13)


RUM 9:6-13
6 Aku ora kandha yèn prejanjiané Gusti Allah kuwi batal; merga ora saben umat Israèl kapilih déning Gusti Allah. 7 Semono uga ora kabèh tedhak-turuné Rama Abraham kaangkat dadi para putrané Gusti Allah. Gusti Allah ngandika marang Abraham: "Sing bakal kasebut turunmu kuwi mung turuné Iskak." 8 Kuwi ateges yèn sing kasebut putra-putrané Gusti Allah mau dudu anak-anak sing dilairaké miturut daging. Sing dianggep tedhak-turuné sing sah kuwi mung anak-anak sing dilairaké manut prejanjiané Gusti Allah. 9 Sebab prejanjiané Gusti Allah mau mengkéné: "Aku bakal bali menèh ing wektu sing wis katemtokaké, lan Sarah bakal duwé anak lanang!": 10 Malah ora mengkono waé: Bocah lanang loro-loroné sing dikandhut déning ibu Ribkah kuwi bapakné siji, yakuwi leluhur kita Iskak. 11-12 Supaya enggoné milih salah siji saka ing antarané bocah loro mau cetha kersané Gusti Allah piyambak, mula Gusti Allah ngandika marang Ribkah: "Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom." Enggoné Gusti Allah ngandika mengkono mau, nalika bocah-bocah karoné durung padha lair, lan sadurungé padha ngerti nindakaké sing becik utawa sing ala. Mengkono dadi cetha yèn pamilihé Gusti Allah kuwi ora landhesan penggawéné bocah loro mau, nanging landhesan timbalané Gusti Allah piyambak. 13 Kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Yakub kuwi Dakkasihi, nanging Ésau Daksengiti.

Paulus Sang ahli Toret arsa nerangaken bab kayekten punika, prekawis enggal tumrap tiyang-tiyang Yahudi lan ugi tumrap tiyang-tiyang Kristen asal Yahudi ing Rum. Piyambakipun nyerat dateng tiyang-tiyang punika bilih namung sabdanipun Allah punika kayekten ingkang saged nerangaken kawontenan enggal punika, lan ingkang ngemu wangsulan ingkang leres tumrap wewadi punika. Wangsulanipun ngemu kalih babagan:

Sepisan: boten sadaya tedhak turunipun Abraham punika dados putra prajanjian. Allah boten kagungan Ismail dados salah satunggaling leluhur tumrap Sang Kristus. Ismail lan sadaya tedak turunipun mapan ing sajawining agami, lan ing sajawining pepilihan para putra Yakub. kita sumurup saking lelampahan punika bilih tedak turun sacara jasmani boten wonten paedahipun tumrap karohanening mangsa ngajeng. Boten sadaya tiyang ingkang kalairaken ing brayat Kristen mesthi dados tiyang Kristen ingkang tumemen, nanging Piyambakipun prelu wangsul dumateng Allah sacara pribadi. Allah kagungan para putra, nanging boten kagungan putu.

Kayekten punika nedahaken dateng kita bilih boten sedaya tiyang pilihan, inggih punika. tiyang-tiyang Yahudi dados para putranipun Allah, nanging namung tiyang-tiyang ingkang kanthi sukalila tinarbuka tumrap Injilipun Sang Kristus. Hak ingangkat dados putra Abraham kateguhaken wonten ing gesangipun, nanging saged ngedalaken woh utawi boten punika gumantung sanget dateng pikajenging pribadinipun Piyambak-Piyambak.

Ingkang kaping kaih: kita maos ing kitab suci biih Gusti sampun dhawuh dateng Ribka, garwanipun Iskak, saderengipun nglairaken putra kembar, bilih ingkang mbajeng badhe ngladosi ingkang anem (Pur. 25:23). Kekalihipun punika putra-putra saking satunggal bapa. Nanging Allah pirsa saderengipun bilih wiji punika bade tuwuh benten ing kekalihipun.

Nanging Allah milih Yakub, anak ingkang anem, lan nampik kang masipun, Esap. Nadyan sacara kasusilan Yakub boten langkung sae tinimbang Esap, Piyambakipun ngraosaken kasagedan kangge pitados linangkung tinimbang ingkang dipun gadhahi dening Esap, lan purun mratobat kanthi tumemen. Kitab Suci boten nerangaken watak ingkang mekaten ing diri pribadinipun Esap. Lelampahan punika nedahaken dateng kita bilih pepilihanipun tetiyang, gegayutan kaliyan katemtuanipun, gumantung dateng panitipriksa lan karsanipun Allah pribadi.

Boten tiyang ingkang saged nglepataken Allah, awit kita boten mangertos wewadi kita Piyambak, utawi warisan ingkang wonten ing gesang kita. Allah punika suci, adil, lan tanpa cacat ing sadaya karampunganing karsanipun.

Sawatawis ahli kitab suci mirsani bilih pepilihanipun Allah boten wonten sesambetanipun kaliyan kados pundi kawontenanipun tetiyang, utawi tindak-tandukipun, nanging gumantung dateng karsanipun Allah pribadi; lan bilih manusa boten saged njajagi rancanganipun Allah. Boten sadaya tiyang sarujuk kaliyan pemanggih punika, karana Allah punika Rama ingkang boten namung suci, nanging Pajenenganipun ugi kebak sih katresnan lan sih rahmat.

Wonten ing paladosanipun, Gusti Yesus ngucapaken dhawuh ingkang wigatos sanget punika, “Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku. Wedhus-wedhus kuwi padha Dakwènèhi urip sejati, temahan ora ana sing bakal mati, lan ora ana wong sing bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing tangan-Ku” (Yok. 10:27-28). Boten sadaya tiyang mirengaken swantenipun Gusti, lan boten sadaya tiyang ingkang mireng swantenipun lajeng nanggapi Panjenenganipun, utawi tumindak selaras kaliyan prentahipun Gusti. kita sumerep bilih satunggaling suku, satunggal bangsa, lan malah satunggal kluwarga, mirengaken Injil lan mangeertos, dene wonten tiyang-tiyang sanes ingkang lajeng kapenuhan kabingahan lan tentrem rahayu saking Injil punika.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula sanget ngaturaken panuwun amargi Paduka milih Ishak lan Yakub, lan ndadosaken para bapa punika dados leluhuripun Putra Paduka, Gusti Yesus Kristus, senajan tiyang-tiyang punika inggin sanés tiyang tanpa dosa. Mugi Gusti kiyataken iman kawula supadosa ing asma Paduka kawula saged ngasoraken sakderma kaangélan, lan ugi pepéngin jahat ing gesang kawula, lan mugi Gusti dadosaken kawula andhap asor lan nyangkal dhiri, supados kawula boten nganggep dhiri kawula piyambak langkung saé tinimbang tiyang-tiyang sanés.

PITAKON:

  1. Menapa teges saking dipun pilihipun Ishak lan tedhak turunipun sarta kapilihipun Yakub ing antawisipun kekalih putra Rama Ishak?
  2. Menapa wadi saking pilihanipun Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 05:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)