Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 025 (We are Justified by Faith in Christ)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)

2. Kita dados mursid amargi iman dhumateng sang Kristus (Rum 3:27-31)


RUM 3:27-28
27 Yèn mengkono, apa sing arep kita gung-gungaké? Ora ana! Banjur apa wewatoné manungsa enggoné kaslametaké? Apa merga enggoné nglakoni Torèt? Ora, nanging mung merga precaya. 28 Dadi ringkesé mengkéné: Wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi mung wewaton precaya thok, lan ora merga enggoné nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt.

Pirukun kita kaliyan Gusti Allah kasampurnakaken ing kajeng salib. Nanging, manusa kaleresaken namung srana iman. Kita maos tembung “Iman” ngantos kaping sanga ing ayat 21 ngantos 31. Sang Rasul nyekseni bilih panjenengan kaleresaken namung lumantar iman panejengan ingkang gesang.

Wewaton punika nedahaken wontenipun ewah-ewahan sawetahipun ing salebeting kayakinan saking sadaya agami lan piwulang, karana Allah sampun ngapunten manusa saking sadaya dosanipun tanpa midana manusa. Dados, weweatoning donya bab kasregepan, piwales, tumindak sae lan pambangun turut dhumateng pranatan sampun ambyar awit Allah sampun nebus kita sacara lelahanan, mbekta kita dhumateng jaman kanugrahanipun, lan nguwalaken kita saking wewelaking angger-angger Toret. Panjenengan bade tetep n kagungan dosa nadyan panjg siyam, dedana kanthi loma, kajawi menawi panjenengan nampi pakaryan lan rahipun Sang Kristus ingkang ngleresaken kanthi setya lan kebak paanuwun sokur. Panjenengan boten cawe-cawe babar pisan ing pakaryan ngleresaken ingkang suci punika. Pakaryan punika minangka kanugrahanipun Allah. Panjenenganipun boten sawetahipun ngleresaken panjg, sanes amargi kajujuran lan keleresan panjenengan piyambak, nanging karana rahipun Sang Kristus sampun ngresiki batos panjenengan. Punika kanugrahan ingkang agung.

Panampi lan panuwun sokur panjenengan tumrap kanugrahan punika sarta patunggilan panjenengan kaliyan Gusti ingkang paring anugrahan punika tegesipun iman. Panjenenganipun ingkang sinalib dados wujuding kanugrahanipun Allah tumrap kita umat ingkang awon. Wonten ing Sang Kristus, Allah kang akarya jagad ngrawuhi panjenengan lan nucekaken panjenengan, maringaken dirinipun dhumateng panjenengan, tiyang dosa ingkang kaleresaken. Pramila, swawi gondhelan dhumateng Sang Kristus kanthi pandonga lan kasetyan teah pangwaosipun ingkang ngleresaken lestantun ing gesang panjenengan. Kapsrahna gesang panjenengan dhumateng Panjenenganipun ing salebeting pangaken tumrap sih katresnanipun.

Iman ngleresaken tiyang-tiyang dosa. Iman ngewahi pikiran bab kasagedanipun manusa, lan mungkasi sadaya kaleresan pribadi, panebusan diri pribadi sarta bombonging pribadi, karana Sang Kristus kita mangertos biih kit punika bodho, awon, nistha lan mrihatosaken. Boten wonten kaslametan kajawi wonten ing astanipun Allah ingkang kebak sih rahmat. Panjenengan boten bade kaleresaken awit saking garis keturunan, pangkat lan bakat panjenengan, nanging dening iman panjenengan wonten ing Sang Kristus. Pramila, kapsrahna gesang panjenengan dhumateng Putranipun Allah, lan lumebeta dhumateng prajanjianipun ingkang enggal, karana tanpa Panjenenganipun gesang panjenengan tetep pejah ing salebeting dosa, nanging wonten ing Sang Kristus panjenengan sawetahipun kaslametaken, lan kayekten bade lestantun salaminipun. Cetha boten wonten margi sanes kangge mranani Allah kajawi nampi rahipun Sang Kristus lan lestantun gesang wonten ing ngriku. Allah mapanaken kayektenipun wonten ing gesang panjenengan, pramila kaaturan pitados dhumateng Panjenenganipun, awit namung iman kemawon ingkang ndamel panjenengan dados rowang damelipun wonten ing kayekten lan pangwaos berkahipun Sang Kristus.

RUM 3:29-31
29 Atau adakah Allah hanya Allah orang Yahudi saja? Bukankah Ia juga adalah Allah bangsa-bangsa lain? Ya, benar. Ia juga adalah Allah bangsa-bangsa lain! 30 Artinya, kalau ada satu Allah, yang akan membenarkan baik orang-orang bersunat karena iman, maupun orang-orang tak bersunat juga karena iman. 31 Jika demikian, adakah kami membatalkan hukum Taurat karena iman? Sama sekali tidak! Sebaliknya, kami meneguhkannya.

Paulus nyerat layang ingkang binuka sanget punika dhumateng pasamuwan ing Rum. Nalika piyambakipun sampun nerangaken bab kayekten kanthi tumemen lan ringkes, piyambakipun mireng wontenipun raos kabotan ing lebeting manahipun.

Tiyang-tiyang Yunani mungel, “Menawi sedanipun Sang Kristus nelakaken kayekten kagem ngapunten dosa ingkang katindakaken dening tiyang-tiyang ingkang gesang ing salebeting pranatan, menawi mekaten kajeng salib punika namung kagem tiyang-tiyang punika, boten kalebet kita.”

Paulus mangsuli, “Nanging Gusti Allah sampun ngapunten sadaya manusa saking dosa-dosanipun. Boten wonteng satunggaling gusti kangge tiyang-tiyang Yahudi, dene gusti sanesipun kangge bangsa-bangsa sanes, karana Allah punika tunggal, lan lumantar sedanipun Gusti Yesus ing kajeng salib, Panjenenganipun sampun ngleresaken dadosa tiyang-tiyang ingkang tetak mekaten ugi tiyang-tiyang ingkang boten tetak srana imanipun.”

Lajeng tiyang-tiyang Yahudi sami nywanten, “Punika mokal! Menawi mekaten, bangsa-bangsa sanes bade nampi pakaryan ingkang ngleresaken tanpa sunat utawi angger-anggering Toret, lan punika nglawan dhumateng Allah. Paulus, panjenengan malik wahyunipun Allah.”

Paulus mangsuli tiyang-tiyang fanatik punika, “Katebihna kula saking ngewahi wahyuning angger-angger Toret. Kosokwangsulipun, kula nandhesaken angger-angger punika kanthi kabar kasaenan kula bab kajeng salib, lan kula nerangaken bilih angger-angger punika minangka pambuka tumrap pangurbananipun Allah. Kajeng salib nyirnakaken sadaya pitumbas utawi prasarat angger-angger tumrap kita.

Saking bebantahanipun Paulus kaliyan kaum ekstrim lan moderat saking kalih golongan punika, kita mangertos bilih boten sadaya tiyang pitados mangertos kayektenipun Allah lan kaagunganipun, karana sami ajrih dhumateng kabar kasaenan bilih sadaya manusa sampun kaleresaken dening iman. Namung sekedhik saking antawisipun ingkang sami umarek dhumateng kamardikan Kristen, ingkang boten kadasaraken dhumateng pranatan, suku bangsa utawi sesambetanipun manusa, nanging namung kadasaraken dhumateng iman kita. Iman kita nedahaken prajanji dhumateng Gusti Yesus, lan kayakinan kita dhumateng Panjenenganipun ingkang sampun nresnani kita wiwit wiwitan mila.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun amarga Paduka sampun ngluwari kawula saking bebener saking dhiri kawula piyambak, sarta sampun ndadosaken kawula mursid lumantar karyanipun sang Kristus. Kawula sami dosa nalika amung nyawang gesang kawula piyambak, nanging nalika kawula nyawang dhumateng Putra Paduka ingkang sinalib, kawula sami nemokaken bebener ingkang dipun paringaken dhumateng kawula. Mugi Gusti uwalaken kawula saking ibadah ingkang kléntu saéngga kawula mboten ngudi daya kanthi upaya kamanungsan kanggé ndadosaken gesang kawula mursid, ananging suméndhé pasrah dhumateng karya Putra Paduka kanggé kawula. Matur nuwun amargi Paduka sampun ndadosaken kawula mursid kanthi sampurna ngantos salaminipun.

PITAKON:

  1. Apa sebabé kita dadi mursid namung lumantar iman, boten lumantar kabecikan kita?

Wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi mung wewaton precaya thok, lan ora merga enggoné nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt
(Rum 3:28)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 03:47 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)