Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 024 (The Revelation of the Righteousness of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
B - Bebener Srana Iman Sampun Kabikak Kanggé Sedaya Manungsa (Rum 3:21 - 4:22)

1. Piwucal babagan bebebering Gusti Allah wonten ing Sédané sang Kristus minangka gantosé manungsa (Rum 3:21-26)


RUM 3:25-26
25 Sédané Gusti Yésus kuwi kaagem déning Gusti Allah dadi srana enggoné manungsa kaapura dosané, yakuwi samangsa wong mau precaya marang Panjenengané. Enggoné Gusti Allah nindakaké mengkono mau kanggo nélakaké kaadilané. Ing jaman-jaman sing wis kepungkur, Gusti Allah sajroning kesabarané, ora maèlu marang dosa-dosané manungsa. 26 Nanging saiki Panjenengané ngukum dosané manungsa. Srana mengkono Gusti Allah ngetingalaké yèn Panjenengané sipat adil, lan Panjenengané ngrukunaké sarirané piyambak karo saben wong sing precaya marang Gusti Yésus.

Sanes manusa ingkang nyalibaken Sang Kristus, nanging Allah sanget nresnani jagad ngantos masrahaken ingkang Putra ontang-anting kagem manusa dosa, kanthi pamawas bilih tiyang-tiyang bade nyedani Panjenenganipun. Nanging, ing kawicaksanan kaswargan, Panjenengannipun ngrancang bilih sedanipun ingkang Suci menika bade dados kurban pirukun tumrap sadaya manusa dosa salamining jaman. Rahipun Sang Kristus nucekaken kita saking sakathahing dosa kita. Boten wonten panebusan kajawi lumantar rahipun Putraning Allah ingkang tanpa dosa.

Ing jaman kamenangan lan teknologi majeng samangke, kita sampun kecalan pamawas bilih kamurkan lan pangadilanipun Allah menika pangwasa ingkang gesang ing lelampahaning jagad, lan bilih bab menika langkung wigatos tinimbang montor mabur, kapal silem, tank lan bom atom. Saben dosa kita mbetahaken paukuman lan panebusan, karana dasaripun kita menika kapatrapan pidana pejah, lan [angurbananipun Sang Kristus ingkang nglintoni kita dados margining kaslametan. Ingkang menika, Putranipun Allah dados manusa murih dados kurban obongan ing mesbeh salib wonten uruping kamurkanipun Allah. Sinten ingkang marek dhumateng Panjenenganipun kanthi setya bade kaleresaken. Mayuta-yuta tiyang sampun ngalami bilih sadaya pangwasanipun Allah makarya ing rahipun Sang Kristus ingkang kawutahaken. Awit saking menika, kula ngaturi panjenengan, supados sampun ngantos nebih saking Panjenenganipun ingkang sampun kasalib menika. Kapasrahna griya panjenengan, pedamelan, waktu ingkang kawuri, waktu ingkang bade dhumateng, greja lan diri panjenengan sawetahipun ing wutahing rahipun Cempening Allah, temah panjenengan saged pasucekaken lan rineksa ing kayektenipun Allah ngantos salaminya. Boten wonten pangreksa saking pandakwanipun Sang Piawon lan kamurkanipun Allah kajawi wonten ing rahipun Gusti Yesus.

Kaapalna ayat 21-28. Kawaosa sadayanipun tembung mbaka tembung, lan maknanipun mugi rumesepa ing manah panjenengan. Panjenengan bade mangertos bilih ingkang paling wigatos ing piwulang menika sanes bab ngleresaken tiyang-tiyang dosa, nanging bab wujuding kayektenipunAllah, ingkang kasebut kaping 3 ing perangan menika.

Gusti Allah kita ingkang kebak katrresnan boten numpes tiyang-tiyang dosa ing waktu ing kawuri, kados ingkang katetepaken angger-angger. Ingkang Maha asih menika sampun ngapunten lan ngendelaken sadaya karingkihan kita krn sih katresnan lan kasabaranipun, ngantos ing titi wanci ingkang dipun ajeng-ajeng dening sadaya titah menika kelampahan; wanci pirukunipun jagad kaliyan Allah wonten sedanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Sadaya malaekat lajeng sami bebingah, karana wungunipun ingkang sinalib menika sadaya tiyang dosa kaleresaken.

Sinten ingkang ngucap bilih Allah pribadi saged ngapunten kapan kemawon lan ing pundia kemawon ingkang kakersakaken, boten nggadhahi pangertosan, lan namung mirengaken nalaripun manusa ingkang cethek; karana Allah boten sawetahipun bebas, nanging matesi dirinipun srana sabda lan maknaning kasucenipun lan kedah matrapaken pidana pejah dhumateng sadaya tiyang dosa. Ugi kasebataken bilih tanpa wutahing rahipun Sang Kristus boten wonten panebusan. Menawi Sang Kristus boten kasucekaken, Allah saged daods lepat menawi Panjenenganipun ngapunten tanpa njangkepi sarat kayekten.

Kalih prekawis sampun kelampahan ing panyalibanipun Sang Kristus: Allah nedahaken kayektenipun, lan Allah ngleresaken kita sawetahipun. Panjenenganipun ingkang Suci sanes boten adil karana ngapunten kita, krn Sang Kristus sampun njangkepi sarat kayekten. Tiyang Nazaret menika gesang tanpa dosa, suci lan andap asor. Namung Panejnenganipun ingkang saged nanggel sadaya dosaning jagad krn pangwasaning katresnanipun. Pramila sumangga kita manembah dhumateng Sang Kristus lan nresanani Panjenenganipun, sarta mulyakaken Panjenenganipun ingkang milih seda murih karaharjaning jagad raya.

Wonten ing pandonga kaimamanipun (ing Yokanan 17) Gusti Yesus nyebat Rama kanthi ngandika, “Dhuh Rama ingkang Suci.” Kanthi pangandika punika, kita manggihaken jejering kayektenipun Allah ingkang cetha. Gusti kang akarya samukawis menika kebak sih katresnan lan kayekten. Panjenenganipun sanes nresnani sacara boten adil, nanging mbangun sih rahmat ing inggiling kaadilan. Wonten ing sedanipun Sang Kristus, sadaya sarat sipating Allah katunggilaken. Sih katresnan ingkang tanpa wates, ingkang kabangun ing inggilipun yektosing ukum. Punika ingkang kita sebut “kanugrahan”, karana bab punika kaparingaken dhumateng kita lumantar pakaryan ngleresaken ingkang lelahanan, kados dene Allah tansah dados leres nadyan Panjenenganipun nresnani lan ngapunten kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah Tritunggal ingkang suci; Bapa, Putra lan Roh Suci, kawula manembah dhumateng Paduka amargi sih katresnan Paduka ingkang langkung ageng tinimbang pangertosan kawula, lan amargi kasucén Paduka punika langkung jero tinimbang samudera. Paduka sampun nebus kawula saking dosa, pati lan kwasanipun si jahat, boten ngangge kencana menapa déné pérak, ananging lumantar kasangsaran ingkang dipun tanggung dénéng Gusti Yesus wonten ing kajeng laknat punika. Rahipun Panjenenganipun ingkang awis sampun mbasuh kawula saking sedaya dosa kawula, lan kawula sedaya dados mursid amargi saking kanugrahan Paduka. Kawula nyaosaken pakurmatan dhumateng Gusti Yesus, sarta masrahaken gesang kawula dhumateng Paduka, ngucapaken panuwun amargi saking panebusan Paduka ingkang ndadosaken kawula mursid.

PITAKON:

  1. Apa tegesé “Ngetingalake yén Gusti Allah asipat adil?”

Kabèh wis padha gawé dosa
lan adoh karo Gusti Allah, sing dadi etuking keslametané.
Manungsa enggoné karukunaké karo Gusti Allah kuwi awewaton sih-rahmat,
sing diparingaké marang manungsa, lumantar panebusé Gusti Yésus Kristus

(Rum 3:23-24)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 03:42 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)