Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 020 (Circumcision is Spiritually Unprofitable)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

d) Tetak boten migunani kanggé gesang rohani (Rum 2:25-29)


RUM 2:25-29
25 Yèn kowé netepi Angger-anggering Torèt, tetakmu ana gunané, nanging yèn kowé ora netepi, tetakmu ora ana paédahé. 26 Yèn wong dudu Yahudi ora tetak, nanging netepi Angger-anggering Torèt, apa Gusti Allah ora bakal nampa wong kuwi kaya wong sing wis ditetaki? 27 Lan bangsa-bangsa mau bakal nyalahaké kowé, wong-wong Yahudi, merga kowé sing duwé Torèt lan tetak, nanging padha nerak Angger-anggering Torèt, mangka wong-wong padha ora tetak, nanging padha mbangun-turut marang Angger-anggering Torèt. 28 Sebab sapa ta satemené sing disebut wong Yahudi kuwi? Lan sapa sing sejatiné ditetaki? Dudu wong sing enggoné dadi Yahudi merga saka kelairané, lan ditetaki manut tata lair. 29 Wong Yahudi sing sejati, yakuwi wong sing jiwané Yahudi, sing tetak manut tata rohani. Kuwi pakaryaning Rohé Gusti Allah; dudu penggawéné Kitab Torèt. Wong mau olèh pangalembana saka Gusti Allah, ora saka manungsa.

Nalika Paulus sampun ngremukaken kumenthusipun tiyang-tiyang Kristen Yahudi minangka umat angger-anggering Toret sarta minangka guruning bangsanipun, Paulus mireng ing salebeting roh bilih wonten ing antawisipun tiyang-tiyang menika ingkang ngudaraos, “Ya, aku kabeh luput, marga ora ana manusa kang sampurna kajaba Allah. Nanging aku kabeh nduweni janji sunat, marga kang maha luhur wus ngesuhi diri lumantar angger-anggering Toret iki karo bapakku kabeh Abraham lan kabeh tedak turune. Dadi aku kabeh iki kagungane Allah, ora marga aku kabeh bener, nanging marga Panjenengane wis miji aku kabeh.”

Lajeng Paulus -minangka ahli ing piwulang angger-anggering nabi Musa, paring wangsulan dateng tiyang-tiyang menika (ayat 25) kanthi ngandika bilih prajanjianipun kaliyan Abraham boten murungaken angger-anggering Toret, karana pranjanjian menika gumantung dateng angger-anggering Toret, kados dene angger-anggering Toret ugi gumantung dateng pranjanjian, kados ingkang kadawuhaken dening Gusti dateng Abraham, “Ingsun iki Allah kang maha kawasa, uripa ing nagrsaningsun kanthi tanpa cacat.” (Purw. Dum. 17:1). Ayat menika dados sarat kangge ngukuhaken prajanjian, nalika Abraham dereng pitados dateng janji ingkang wiwitan, lan nggadhahi satunggal putra, i.m. Ismail, putra mbarepipun saking abdi wanita saking Mesir.

Dados, Paulus mbuktekaken dateng tiyang-tiyang Kristen Yahudi ing Rum bilih boten wonten prajanjian tanpa Toret, lan bilih tetak menika boten wonten ajinipun tanpa pambangun turut dateng sadaya pepaken ingkang katetepaken. Bakunipun, piyambakipun ningali pralambang ingkang sae ing tetak bilih Allah nucekaken tiyang-tiyang dosa saking dosa asalipun, lajeng tiyang-tiyang pitados lan tedak turunipun mbangun dateng Allah.

Nanging, wewaton menika namung kelampahan angger umat prajanjian menika nindakaken karsanipun Allah. Menawi tiyang pitados nerak pepakenipun Allah, piyambakipun badhe kaanggep minangka tiyang ingkang boten tetak nadyan piyambakipun sampun tetak, kaanggep tebih saking Allah, dados tiyang manca ing ngarsanipun.

Nanging ing ayat 26 kasebataken bilih menawi tiyang sanes Yahudi nyinau lan mbangun turut dateng angger-anggering Toret ing rehing Sang Roh Suci, piyambakipun ingkang swau kaanggep boten tetak sacara lair, badhe kaanggep dening Allah minangka tyang ingkang tetak, kalebetaken ing wengkoning Toret, lan piniji saking kalanggengan, karana prajanjian lan pamiji menika kagem ngenggalaken lan nuwuhaken tiyang-tiyang pepijenipun Allah. Sinten ingkang nggayuh tatananing kasusilan ing patrap, tanpa wonten tembok saking prajanjian ingkang lami, kaanggep lumebet ing prajanjian menika.

Ayat 27 nyebataken bilih menggahing tiyang Yahudi ingkang nerak angger-anggering Toret, sejatosipun ing ngarsanipun Allah piyambakipun dados tiyang ingkang boten tetak. Boten namung tiyang ingkang sanes Yahudi ingkang badhe kaanggep minangka tiyang Yahudi asli menawi piyambakipun netepi sadaya angger-anggering Toret. Ing sisih sanes, sinten ingkang sacara jasmani boten katetak badhe lenggah ing pangadilan tumrp tiyang-tiyang Yahudi ingkang sampun njangkepi sarat sacara jasmani kemawon nanging boten nggadhahi pambangun turut; karana pralambang tetak bote nylametaken tiyang, nanging tumindak kasucen lan pratingkahipun ingkang mbuktekaken bilih piyambakipun nunggil kaliyan Allah, lan pangwasanipun Allah makarya ing kasekenganipun.

Sasampunipun paring katrangan ingkang keras ingkang katujokaken dateng padatan Yahudi, Paulus lajeng paring katrangan bab nami Yahudi ingkang perlu dipun engeti lan dipun mangertosi ing jaman samangke. Tiyang-tiyang Yahudi ingkang sejati sanes ingkang nggadhahi padatan Yahudi, wicanten basa Ibranim, grana bengkong, lan Allah boten nganggep minangka tiyang-tiyang Yahudi tumrap tiyang-tiyang ingkang pitados dateng angger-anggering Toret, katetak, utawi ngibadah ing dinten Sabtu. Tiyang Yahudi ingkang katampi dening Allah inggih menika tiyang ingkang mbuktekaken sesambetanipun kaliyan Allah lumantar sih katresnan, andhap asor, kasucen lan kasampurnan. Miturut katrangan rohani menika, namung Yesus Sang Kristus kemawon tiyang Yahudi ingkang sejati. Karana Panjenenganipun benten sanget kaliyan tiyang-tiyang Yahudi umumipun, ingkang nyalib Gusti Yesus kanthi lelamisan; lan karana Panjenenganipun alus ing budi, umat Abraham taksih nganiaya umat Kristus ngantos dinten menika. Katrangan ingkang ateges “Yahudi” -kados ingkang kaserat dening Paulus- ngedhahaken ewah-ewahaning penggalih ing pigesangan kita.

Pamiyarsa, ayat 29 nandesaken bilih tetak menika sanes bukti bilih Allah dados Allahipun satunggaling bangsa tartamtu utawi golongan tartamtu, nadyan menika makaping-kaping kaserat ing Kitab Suci, karana Allah boten ngersakaken memitran kaliyan ingkang kesed ing prajanjianipun, nanging ngersakaken tiyang-tiyang ingkang dipun tresnani ingkang kapenuhan Roh Suci. Namung tiyang-tiyang ingkang kalairaken malih ingkang kaanggep itra ing prajnajianipun Allah, lan Panjenenganipun mberkahi sadaya tiyang ingkang ngedalaken woh-wohing Roh Suci. Nanging, tiyang-tiyang ingkang nyebut diri minangka tiyang Yahudi utawi tiyang-tiyang Kristen, nanging nglawan sih katresnanipun Sang Kristus, boten badhe katampi dening Allah nadyan kapitadosanipun leres, tiyang-tiyang menika kaanggep mengsahipun Gusti lan Panjenenganipun jumeneng Hakim tumrap tiyang-tiyang menika.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Mahasuci, kawula ngaturaken panuwun amargi Paduka sesambetan kanthi raket klayan Abraham dalah putra-putranipun kanthi lambang tetak. Kawula ugi ngaturaken panuwun amarga Paduka sampun nampa kawula wonten ing prajanjian ingkang enggal. Apuntenana kawula menawa boten saged mlampah kanthi selaras sampurna wonten ing kasucén Paduka, utawi tumindak kados déné manah kawula déréng nglampahi tetak. Mugi Gusti nyucékaken kawula saking sedaya roh sanés, lan maringaken dhumateng kawula sipat andhap asor supados lan sih katresnan saking sang Kristus supados kawula saged tansah ndhérék Panjenenganipun selaminya.

PITAKON:

  1. Menapa tegesipun tetak wonten ing Prajanjian Lami lan Prajanjian Enggal?

Kowé pancèn padha ndableg lan wangkot ing ati.
Srana mengkono kowé mung gawé aboting paukumanmu dhéwé
mbésuk ing Dina Kiamat,
samasa bebenduné Gusti Allah lan paukumané dipatrapaké.
Sebab Gusti Allah bakal males marang saben wong manut penggawéné

(Rum 2:5-6)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 01:08 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)