Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- English -- Romans - 019 (Man is Saved not by Knowledge)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian-- Azeri-- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- ENGLISH -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- Javanese -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

c) Manungsa kaslametaken boten amargi pangertosanipun, nanging amargi tumindakipun (Rum 2:17-24)


RUM 2:17-24
17 Lah saiki kowé dhéwé kepriyé? Kowé ngaku wong Yahudi; ngandhemi marang Torèt lan kumandel marang Gusti Allah. 18 Kowé padha ngerti kersané Gusti Allah, lan wis sinau saka Torèt, bab sing ala lan sing becik. 19 Kowé padha yakin, yèn kowé kuwi dadi panuntuné wong sing wuta, lan dadi pepadhang tumraping wong sing padha ana ing pepeteng. 20 Lan sing nggulawenthah wong sing bodho, sarta dadi guruné para nomnoman. Kowé yakin, yèn saka Torèt mau kowé nampa sakèhing kawruh lan kebeneran. 21 Kowé padha mulang wong liya, nanging yagéné kowé padha ora mulang awakmu dhéwé? Kowé muni: "Aja nyenyolong", nanging apa sebabé déné kowé dhéwé koknyolong? 22 Kowé muni: "Aja laku bédhang!", nanging généa kowé dhéwé kokbédhang? Kowé padha sengit marang brahala, nanging yagéné kowé dhéwé malah ngrampog ana ing omah-omahé brahala? 23 Kowé padha ngumukaké enggonmu duwé Torèt, nanging yagéné kowé padha gawé lingsemé Gusti Allah merga enggonmu ora nglakoni dhawuhé? 24 Sebab ana tulisan: "Iya merga saka kowé asmané Gusti Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya."

Allah mitayakaken dateng tedak turunipun Bapa Abraham hak mirunggan bab angger-anggering Toret ingkang suci, ingkang nekseni agung lan mulyaning kasucenipun Allah. Tiyang-tiyang Yahudi mangertos bab ajining angger-anggering Toret menika. Tiyang-tiyang menika sami sumende dateng Toret, lan dados kumentus karana hak mirunggan menika, lan menggalih bilih menika sampun cekap kangge mbekta tiyang-tiyang menika dateng swarga, dene angger-anggering Toret menika ing kasunyatanipun dados alesan kangge pangadilan lan paukuman karana patrapipun nglampahi pigesanganipun.

Paulus ngetang bab-bab ingkang sae lan bab-bab ingkang awon ingkang dados titikanipun tiyang-tiyang Yahudi. Pitedahipun Gusti mbekta tiyang-tiyang ingkang wonten ara-ara samun dateng katentreman, kayakinan lan pemarem, karana sami tepang dateng Allah lan karsanipun. Tiyang-tiyang menika mangertos margi utami kangge nglampahi pigesangan, lan ing mangsa kepengker sampun dados pamulang tumrap bangsa-bangsa, lan dados pepadang tumrap negari-negari.

Ing sisih sanes, Paulus nandesaken bilih Toret boten nggadhahi kekiyatan kangge enggalaken manusa. Pancen leres bilih lumantar pepaken menika, tiyang-tiyang leres sumurup dateng kuwajiban ingkang kedah dipun tindakaken, nanging tiyang-tiyang menika sami boten nindakaken kuwajibanipun menika. Tiyang-tiyang menika mangertos wadinipun Allah, nanging sami boten lumampah ing karsanipun. Kathah ing antawisipun tiyang-tiyang menika dumugi ing kamursidan/ kesalehan sacara tata lair, nanging karsanipun Allah boten tuwuh saking lebeting manahipun.

Mbokmenawi pancen tiyang-tiyang menika boten nyenyolong, nanging manahipun kawutakaken dening watak meri. Mbokmenawi boten tumindak laku bedhang/ jina, nanging ing manahipun tuwuh pikiran ingkang najis. Tiyang-tiyang menika nerak pepakenipun Allah ngantos kaping ewon. Lan malih, Paulus ngalami kekirangan sih katresnan nadyan ugi ing pigesanganipun tiyang-tiyang pitados. Tiyang-tiyang menika sami boten ngurmati Gusti Allah karana dosa-dosanipun, malah njalari bangsa-bangsa sanes sami nyenyamah asmanipun Allah ingkang suci.

Minangka tiyang Kristen saking Yahudi, Paulus nyerat bilih wonten pangertosan ingkang lepat sanget, ugi bab keistimewaanipun ing antawising bangsanipun. Kanthi mekaten Paulus nggadhahi wenang mbikak dosa-dosa lan paneraking bangsanipun, bilih sadaya kasaenanipun tanpa aji babar pisan kabanding kaliyan panerak lan kalepatanipun ingkang ageng. Boten wonten kawirangan ingkang langkung ageng tumrap satunggaling bangsa utawi nagari kajawi ngucapaken bilih asmanipun Allah dipun cecamah karana patrapipun. Tiyang-tiyang menika boten nanggapi timbalanipun ingkang sakawit supados dados pepadang tumrap bangsa-bangsa srana angger-anggering Toret, nanging sami nindakaken kosokwangsulipun. Saupami ing jaman menika kita saged manggihaken tiyang ingkang kendel kados Paulus, ingkang boten nyelaki hak mirunggan kita, nanging nguculi topeng kamursidan ingkang dipun agem dening masyarkat ingkang nistha temah boten badhe wonten malih ingkang kantun kajawi pamratobat lan raos gempunging manah.

Menapa panjenengan njegsani tedak turunipun Abraham? Swawi sami ngatos-atos! Tiyang-tiyang menika pancen dosa, nanging panjenengan ugi mekaten.

Kanthi cetha Gusti paring dawuh: “Uripa kang suci sabab Ingsun suci.” Menapa panjenengan saestu tiyang-tiyang Kristen ingkang suci sampurna kados Rama kaswargan panjenengan? Menapa pepadang panjenengan sumunar ing ngajenging manusa temah sami saged ningali tumindak panjenengan ingkang sae temah sami mulyakaken Sang Rama ing swarga, karana wontenipun ewah-ewahaning gesang ingkang saestu nyata ing pigesangan panjenengan? Menapa para mitra panjenengan sami nyenyamah agami panjenengan, karana panjenengan boten langkung sae tinimbang tiyang-tiyang ingkang nampik panebusan wonten ing Sang Kristus? Menapa panjenengan dados jalaran asmanipun Allah dipun cecamah? Menapa Rama kaswargan mratelakaken diri lumantar sih katresna lan andhap asor panjenengan?

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang agung, dosa kawula langkung ageng tinimbang ingkang kawula mangertosi. Amargi boten saged nurut lan ugi lamis, kawula ndadosaken kathah tiyang nyemamah asma Paduka. Apuntenana kawula menawi wonten tiyang ingkan nyemanah asma Paduka ingkang suci, amargi gesang kawula ingkang boten seturut klayan kersa Paduka. Apuntenana kawula, amargi saking alitipun sih katresnan, ketulusan dalah kesabaran kawula. Paduka nitahaken kawula seturut gambar Paduka, supados tiyang-tiyang sanéh sami mirsani Paduka lumantar gesang kawula, amargi punika tulungana kawula supados tansah nurut dhumateng Sabda Paduka lan ndhérék tuladha Paduka saéngga gegambaran Paduka saged sangsaya sumunar wonten ing gesang kawula. Slametakena kawula saking karingkihan, kalepatan dalah kekajengan kawula piyambak.

PITAKON:

  1. Menapa hak istimewanipun angger-angger Torét lan bebanipun kanggé tiyang-tiyang Yahudi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 09:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)