Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 019 (The first six disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

3. Enem sekabat kang kawitan (Yokanan 1:35-51)


YOKANAN 1:47-51
47 Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sejati, kang ora kadunungan cidra.” 48 Natanael banjur munjuk: “paduka nguningane kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wis anjir.” 49 Natanael munuk maneh: “Dhuh rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.” 50 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggonKu pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wis anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.” 51 Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “satemene pituturKu ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah pada mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa”

Natanael njenger sanalika nalika dheweke ngerti yen Gusti Yesus wis pirsa bab jerohane atine. Natanael iku wong kang pracaya manut ukuran Prejanjian Lawas, awit dheweke wis ngakone dosa-dosane marang Yokanan Pembaptis, lan duwe pepinginan tenanan bab Kratone Allah. Patrap mangkene dudu patrap mbenerake awake dhewe, nanging patrap saka wong-wong kang ngrasakake ajur atine nalika ngelingi dosa-dosane, nguwuh marang Allah supaya Panjenengane ngutus Sang Mesih sang Juru selamet.

Gusti Yesus miyarsake donga iki, lan mirsani kang nyuwun iku saka kadohan yaiku nalika dheweke sujud ana ngisor uwit kang edum. Panguwasa iki mbuktekake kasunyatan kang siningit ing sajroning manungsa ana pepinginan mahami bab kang asifat keallahan.

Gusti Yesus ora nampik Natanael nanging mbenerake Natanael kanthi nyebut minangka wong pracaya kang pantes dituladani, kang andhasari marang Prejanjian Lawas, kang nyawang mangarep marang rawuhe Sang Kristus.

Pangalembana kang diparingake Sang Krsitus ngilangi rasa mangune Natanael. Dheweke teluk marang gusti Yesus lan ngurmati Panjenengane kanthi nggunakaken sesebutan ing sajroning kitab suci kang dadi kagungane Sang Mesih: Putra Allah lan Raja Israel. Pratela kang kaya mengkono nek diomongake bakal bisa mawa akibat patine Natanael, awit para ahli torat lan anggota Makamah wong Yahudi nampik menawa Allah iku duwe putra. Ngakoni kang mengkono iku bakal langsung dianggep minangka pangipat-ipat. Kajaba iku pangakon liyane gegayutan sesebutan marang wong minangka raja Israel bisa nyangga akibat nampani panganiaya saka Herodes, lan bisa ditahan pemerintahan Romawi. Dadi wong pracaya kang banget tulus iki nuduhake pangertene bab penginge janji-janji kang dipratelakake marang para nabi. Natanael luwih wedi marang Allah dibandingake marang manungsa, ngaturake pakurmatan marang Panjenengane kanthi nyebutake sesebutan minangka Rama, sinadyan kepiye wae gedhene pangurbanan kan kudu dibayar.

Ora ana wong siji wae ing antarane para murid, kang luwih dhisik menehi sesebutan kaya sesebutan kang diaturake dening Natanael. Kang ngagetake , Sang Kristus ora nampik sesebutan iku, nanging malah ngelingake Natanael kanthi nuduhake marang dheweke bab langit kang tinarbuka. Sing sabenere nganti saklawase gusti Yesus di rubung dening para malaikat kang ora katon, kang munggah menyang Suwarga, misungsungake kaelokan-kaelokan saka Sang Rama, lan bali marang Sang Putra, nggawa berkah kang luber-luber. Kanthi mengkono dedelengane Yakub kelakon, awit ing sajroning gusti Yesus kapenuhan samubarang berkah ditemokake. Kaya dene kang ditulis dening Paulus, “Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga”. Wiwit miyose Sang Kristus lan baptisan kasuwargane wis tetep tinarbuka. Sadurunge prekara iku suwarga katutup dening bebendune Allah, kanthi dijaga malaikat ing gapurane nyengkelang pedang ligan. Gapura kang tumuju marang Allah saiki wis tinarbuka ing sajroning Sang Kristus.

Ing kene Yokanan wiwit nggunake tembung kang asring digunake dening gusti Yesus, “Satemen-temne pituturku marang kowe.....”. Kasunyatan mangsa sih rahmat iki banget dening agung ngluwihi kabisan manungsa mangerti sih rahmat iku, nanging manungsa mbutuhake banget minangka landhesan sifat kealahan kanggo iman kita kang anyar. Awit saben Gusti Yesus mbaleni pangandikan iki, kita kudu mandheg sedhela lan nyoba ngerti apa kang dikersakake, awit apa kang dingandikaake sawise pangandikan iku yaiku wahyu kang asifat keallahan kang ngluwihi kang ora bisa kanalar dening akal budi kita.

Sakwise pratela iku, Sang Kristus mbenerake paseksen kang diaturaken Natanael, minangka pemut bab panganiaya kang bakal ditampa dheweke lan gereja kang lagi dilairke iku. Gusti Yesus ora ngandika, Aku iki raja kang dijanjekake, putra Allah, nanging Panjenengane nyebut sarirane minangka “putra manungsa”. Sesebutan iki salah siji kang dienggo Gusti Yesus umume kanggo sarirane dhewe. Pangejawantahing Panjenengane tumrap gusti Yesus yaiktu mudhune derajat Panjenengane; Panjenengane dadi padha karo kita- iki sawijing kaelokan kang gedhe banget, putra Allah dadi manungsa, seda minangka cempening Allah kanggo kita.

Nalika iku uga sesebutan ‘putrane manungsa’ iki nuduhake marang wadi kang disebutake ana ing kitab Daniel. Gusti Allah mitayakake ‘putra manungsa’ kanggo nindakaken pengadilan. Natanael ngrumangsani manawa gusti Yesus dudu mung raja lan putra, nanging Panjenengane uga Hakim atas jagat radin juga – Sang kang asifat Allah ing sajroning pasemon manungsa. Kanthi mengkono gusti Yesus mimpin wong pracaya kang prihatin iku marang tingkat iman kan dhuwur dhewe. Iman kang mengkono dudu sawijing bab kang gampang, awit nalika iku Gusti Yesus urip dadi nom-noman padesan wae. Nanging kanthi iman para murid ndeleng kamulyan kang siningitan ing sajroning Panjenengane – kanthi langit kang tinarbuka atas para murid mau.

PANDONGA: Kawula memuji Paduka, putra Allah lan Hakim atas jagat raya. Kawula namung pantes nampi bebendu, nanging kawula nyuwun pangapunten Paduka awit sih rahmat Paduka, lan sih rahmat kangge para mitra kawula. Paduka esokaken berkah paduka dhumateng sadaya tiyang ingkang madosi Allah, supados tiyang-tiyang menika ningali Paduka, tepang lan nresnani Paduka pitados dhumateng Paduka ing salebetipun kawruh lan pengajeng-ajeng.

PITAKONAN:

  1. Apa gegayutane antare gelar loro ‘putra allah’ lan ;putra manungsa”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)