Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 020 (Jesus' first miracle)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

4. Kaelokan kawitan ing bujana Manten ing kana (Yokanan 2:1-12)


YOKANAN 2:1-10
1 Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono. 2 Gusti Yesus dalah para sakabate uga diulemi mrono. 3 Bareng padha kekurangan anggur, kang ibune Gusti Yesus tumuli ngandika marang Panjenengane: “Padhakendekan anggur.” 4 Pangandikane Gusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng kula? Dereng dumugi wekdal Kula.” 5 Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: “apa sadhawuhe marang kowe pada lakonana.” 6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing, 7 Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak. 8 Gusti Yesus banjur ngandika: “Saiki cidhuken lan aturna marang pitayanging gawe!” Banjur kelakon digawa. 9 Pitayaning gwe bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau – lan dheweke ora sumurup pinangkane, awit kang sumurup mung para paladen kang padha nyidhuki banyune- tumuli ngaturi panganten lanang, 10 sarta matur: “Saben tiyang nyegah anggur punika ingkng sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng sweg nyegahaken ingkng kirang sae. Nanging panjenengankok nyimpen anggur ingkng sae ngantos sapunika”

Gusti Yesus ngasta para murid saka ngare pamratobat lumantar Yokanan Pembaptis ing pinggire kali Yarden, menyang pegunungan Galilea supaya melu ngrasakake kabungahan ana ing pista nganten. Lakune dohe 100 km iki nutuhake marang kita bab anane owah-owahan kang gedhe banget ing antarane loro prejanjian iku. Ora maneh wong pracaya urip ana ing ayang-ayangane paugeran, nanging urip ing sajroning kabungahan kayekten karo gusti Yesus srengenge mlethek iku lan Kang paring katentreman.

Gusti Yesus dudu wong kang tapa brata dikaya budha. Kanggo alesan iku mula tindake sang Kristus karo para muride menyang papang kabejan saka sawijining riyaya umu sawijingan kaelokan uga. Panjenengan ora nglarang anggur, awit Panjenengan mulangake manawa dudu apa kang mlebu ing sajroning manungsa kang nyemerake, nanging pikiran ala kang metu saka atine manungsa iku kang nyemerake. Gusti Yesus ora nampik tapa brata lan panguripan agama kang asipat meksa, nanging Panjenenane mulangake manawa urip kang mengkono mung sethithik wae mupangate. Ati kita kang cemer mbutuhake hakekat anyar lan kelahiran anyar. Kang dilarang ing kitab suci yaiku mendem lan ketagihan alkohol.

Para murid bebarengan gusti Yesus nekani pista iku, sawetara Natanael dhewe pancen asale saka Kana (21:2). Katone ibu Gusti Yesus tepung banget karo keluarga nganten ing pista iku. Lan bisa uga Yusuf nalika iku wis mati. Maryam wis dadi randa, lan gusti Yesus dadi anak kang mbarep duwe tanggung jawab kangge keluargan Panjenengane.

Dadi ke ibu nekani Gusti Yesus njaluk pitulungan nyukupi kabutuhane sedulure kang lagi pista iku. Wiwit Panjenengane bali saka kali Yerden, Panjenengane ora maneh dadi manungsa biasa, nanging wis dirubah dening sang Roh suci kang nindakake saka tanggung jawab kadonyan marang pelayanan marang Allah, sawijining patrap kang sebanjure bakal ditiru para murid Panjenengane.

Pangarep-arepe Maryam marang Putrane, awit dheweke ngerti kepiye katresnan lan kawigatene. Katresnane kang dadi jalaran dumadine kaelokan kang kawitan kang ditindakaken gusti Yesus. Iman ing sajroning katresnan Sang Kristus bakal ngobahake Astane Allah. Ibu Panjenengane ndhawuhake para abdi kang ana ing kono supaya nindakake apa wae kang dingandikaake marang para abdi mau, iki dadi sawijining semboyan kanggo kabeh gereja, “Apa sadhwuhe marang kowe pada lakonana”! Awit saka iku mbangun turuta mung marang Sang Kristus wae; anggone mbangun turut marang pangandikane Gusti Yesus bakal ngasilake kaelokan.

Genthong-genthong kanggo wisuhan, kang gedhe banget lan nalika iku kothong. Genthong mau amot 600 liter kira-kira sebanjure diisi. Iki nuduhake manawa para tamu kang teka wis ngentekake banyu ing genthong-genthong mau kanggo wisuh. Wadah wisuhan kang beda dibutuhaken nalika gusti Yesus rawuh. Ora ana wong siji wae kang bisa cawe-cawe ing sajroning pista bujana manten cempening Allah sadurenge wong iku bener-bener diresiki.

Nanging, wisuhan dudu kang ndhesek banget kanggo Sang Kristus nalika iku. Riyaya saka pista manten iku kudu terus kaleksanan. Gsuti Yesus kanthi tenang ngrubah banyu wisuhan mau dadi anggur kang apik banget. Kepiye prekara iku ditindakake kita ora bisa ngerti. Nanging kang kita ngerteni saka lelakon iki yaiku rah Panjenenge kang wis kaesokake wis cukup kangg kabeh wong kang gelem cawe-cawe ing sajronging pista mantene cempening Allah. Iki babar pisan ora ana gegayutane karo mendem. Sang Roh suci ora ngidinake patrap mendem. Nanging simpenan kang akeh anggur kang apik nuduhake ukuran kang ora winates saka pangapuraning dosa saka Sang Kristus marang manungsa. Kareben kabeh melu cawe-cawe ing sajroning kabungahan kasuwargan. Kabeh nampa kanthi atur panuwun roti lan anggur nalika bujana suci, kang dadi pralambang saka rawuhe Sang Krsitus – kang ngesokake pangapurane nalika kita sumarah ing sajroning kabungahane Panjenengane.

YOKANAN 2:11-12
11 Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane. 12 Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kuta Kapernaum, bebarengan karo keng ibu lan para sadhereke tuwin para saskabate, nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina wae.

Para murid dadi eram banget gegayutan kabisan kang dadi kagungane Sang Kristus, lan para murid rumangsa manwa panguwasa kagungane ngluwihi kasunyatan alam wae. Para murid ndeleng kamulyan Panjenengane lan pracaya manawa Gusti Allah wis ngutus Panjenengane. Iki mimpin kita supaya pracaya marang Panjenengane. Iman mbutuhake wektu supaya mundak-mundak, lan mbangun turut supaya mangerti. Manawa panjenengan nyinau pakaryan gusti Yesus, lan naliti kanthi jero bab apa sing dingandikaake, panjenengan bakal ngrasakake kaagungan saka kepribadiane.

Gusti Yesus pisah karo keluarga, lan bebas saka kewajiban kamanungsane kanthi mangkono bisa nglayani Gusti Allah. Nanging tali gegayutane karo Keng ibu lan sedulur-sedulure terus ora pedhot. Kanggo sawetara para sedulur-sedulure lan keng Ibu mlaku bebarengan karo para murid gusti Yesus. Sedulur-sedulure pancen melu menyang Kapernaum, kutha utama kang mapan ing cerake tlaga Tiberias. Para murid kepiye wae secara pribadi pracaya marang Panjenengane, dudu mung awit tanda kang digawe ana ing Kana, para murid sumendhe panjenengane nganti salawase.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka sampun nimbali kawula wonten ing satunggal pista manten, supados mapan wonten ing salebetipun kabingahan patunggilan kaliyan paduka. Apunten kawula atas dosa-dosa kawula, kapenuhana kawula kaliyan sang Roh Suci paduka. Kawula badhe ndherek paduka, lan wonten ing salebetipun kayekten lan kasucen, kados dene ingkang paduka tindakaken lan maringaken sariro Paduka kangge kathah tiyang.

PITAKONAN:

  1. Kena apa gusti Yesus nggajak para muride menyang pista manten iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)