Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 016 (The first six disciples)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
B - KRISTUS MIMPIN PARA SAKABAT SAKA PAMRATOBAT MARANG KABUNGAHAN BUJANA KRAMA (Yokanan 1:19 - 2:12)

3. Enem sekabat kang kawitan (Yokanan 1:35-51)


YOKANAN 1:35-39
35 Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sakabate loro. 36 Nalika padha weruh gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah iku Cempening Allah!” 37 Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus. 38 Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wongen ing pundi?” 39 Pangandikane Gusti Yesus: “Ayo, kowe bakal padha weruh!” Tumuli padha mara lan weruh marang pakendelane, sarta ing dina iku banjur pada tetunggalan karo Panjenengane dene mungguh wayahe iku watara jam papat.

Sang Kristus yaiku Sabda Allah kang ngejawantah, kang asifat Allah, urip iku dhewe lan sumber pepadhang. Yaiki kang dicethakake Sang Penginjil gegayutan Panjenengane ing sajroning Hakekate Panjenengane. Yokanan uga nyethakake gegayutan pelayanan lan pakaryan kang ditindakake Gusti Yesus. Pajenengange iku Kang anyipto lan Kang anjangkung sakabehe. Panjenengane wis maringi marang kita kawruh kang anyar gegayutan Allah minangka jejere Rama kang kebak sih kawelasan. Awit saka iku Yokanan mbaleni kandhane: “Delengeng cempening Allah!” kanggo ngringkes kabeh sesebutan marang Sang Kristus selaras karo semboyan iki. Ing sajroning ayat 14 dheweke nyethakake bab hakekat lan mangsa kepengker sang Kristus, sawetara ing sajroning ayat 29 tekan 33 Panjenengane nyethakake bab tujuan Sang Kristus ing sajroning pelayanane Panjenengane.

Sang Kristus dadi manungsa supaya dibeleh dadi korban kang dipisusungake marang Allah, kang maringake Putrane supaya manggul kabeh dosa kita lan paring kamardikan kita saka kabeh paukuman. Gusti Allah ngersakake korban iki, lan misusungake uga paring berkah lan nampani. Ing sajroning tembungi Paulus, “Gusti Allah ing sajroning Sang Kristus ngrukunake jagat karo panjenengane piyambak, ora metung maneh dosa-dosane wong-wong kang lumawan wong-wong, lan wis mampanake ing sajroning badan kita pelayanan kanggo karukunan”

Ora gampang kanggone wong-wong kang uripe sejaman karo kita ngerti makna tembung “Cempening Allah’ awit kita ora maneh mbeleh kewan kanggo nebus dosa-dosa kita. Wong kang ahli tata cara korban ing Prejanjian Lawas nuduhaken watonan kang asifat keallahan ing kene, manawa ora bakal ana pangapuraning dosa tanpa ana wutahe getih. Kang ngeda-edapi yaiku Gusti Allah ora paring paukuman dosa-dosa kita kanthi mutahake getih kita dhewe, nanging maringake Putrane kanggo tujuan iku. Kang Suci seda kanggo para pambalela kaya dene kita. Putra Allah dibeleh kanggo dosa-dosa wong kang luput, kanggo didadekake putra-putra kayekten saka Sang Rama kasuwargan. Ayo kita mulyakake lan ngluhurake Panjenengane bebarengan karo Sang Putra lan Sang Roh sucikang wis nebus kita.

Wong loro kang dadi muride ora ngrumangsani langsung kaya apa jerone makna saka istilah, “cempening Allah.” Nanging sakwise ndeleng carane Yokanan Pembaptis ndeleng cempening Allah, para murid uga duwe pengarep-arep bakal nepung Gusti Yesus, kang uga dadi jejere Gusti, Hakim atas jagat lan uga korban kanggo kabeh manungsa. Cara mikir kang mengkono nguwasani pikirane murid loro iku nalika para murid mau nglairake kanthi tembung-tembung. Gusti Yesus ora mundhut loro muride Yokanan iku, nanging malah Yokanan Pembaptis iku dhewe, kang nuntun para murid iku marang Gusti Yesus. Murid loro iku sarujuk nganggo kasetyan kang anyar iki.

Gusti Yesus ngrasakake rasa kepingine loro muride Yokanan Pembaptis lan ngerti apa kang dadi tujuan para muride Yokanan Pembaptis mau. Para muride Yokanan Pembaptis ndeleng ing sajroning gusti Yesus ana katresnan lan sih rahmat, lan krungu pangandikan kang kawitan kang dipangandikaake Gusti Yesus ing sajroning Injil iki, “Kowe padha golek apa?” Gusti ora ngesokake marang para muride Yokanan mau wulangan-wulangan kang abot, nanging maringi wewengan marang para muride Yokanan mau nglairake isi saka pikirane. Dadi apa kang panjenengan goleke, sedulur? Apa tujuan ing sajronging urip panjenengan? Apa panjenengan ngersakake Gusti Yesus? Apa panjenengan kersa ndherek Cempening Allah iku? Mangga disinau kayekten kang agung iki-luwih saka panjenengan sinau ujian ing sekolah panjenengan.

Murid loro mau nyuwun marang Gusti Yesus supaya wong loro mau bebarengan karo Panjenengane menyang daleme. Pitakonan kang timbul ing atine murid-murid mau luwih aji ditimbang karo tukar pikiran ing tengah dalan iku kang ramene wong akeh dadi ngganggu. Sebanjure Gusti Yesus ngandika: “Ayo, kowe bakal pada weruh!”. Panjenengane ora ngandika, “Ayo lan sinaua beberengan karo Aku,” nanging Panjenengane ngandika, “ Lekna mripatmu lan kowe bakal ndeleng Pribadi Ku kang sakbenere, tapa kang ndaktindake lan Panguwasa-Ku, lan ngerti bab gambaran Allah kang anyar”. Wong kang nyedak marang Sang Kristus bakal nampa dedelengan kang anyar bab donya iki, lan ndeleng Allah dikaya anane Panjenengane. Dedelengan gegayutan gusti Yesus bakal njungkir walik tata cara kapinteran. Panjenengane bakal dadi punjering saka cara mikire kita lan tujuan saka pengarep-arep kita. Awit saka iku sowana lan delengen, kaya kang ditindake wong loro iku lan nyeksekno bebarengan karo para rasul ing prekara iku, “Aku kabeh wis ndeleng kamulyane Panjenengane, minangka putra Tunggal Allah, kebak sih rahmat lan kayekten”

Murid loro mau manggon bebarengan karo gusti Yesus sedino wutuh. Kaya ngapa endahe jam-jam sih rahmat! Penginjil iku sebanjure nyeksekake manawa salah siji jam ing dina kang kebak berkah iku banget duwe daya pengaruh gedhe ing uripe. Nalika iku jam kang kaping telu. Yokanan sang Penginjil paham kayekten Yesus lumaantar wahyu kang saka Sang Roh suci, awit Gustine wis nampani imane lan maringaken marang dheweke kayekten lan pepesthen manawa Gusti Yesus pancen Sang Mesih kang dijanjekake. Apa pepadhange Sang Kristus sumunar ing sajroning petenging jiwa panjenengan? Apa panjenengan ndherek Panjenengane ing sawektu-wektu?

PANDONGA: Kawula ngluhuraken lan memuji Paduka, Cempenipun Allah ingkang Maha suci. Paduka sampun manggul dosa jagat, ngrukunaken kawula kaliyan Gusti Allah. Ampun nampik kawula, nanging kersanipun kawula ndherek Paduka. Ampunten panerak kawula; pratelakaken kaagungan Paduka, kanthi makaten kawula saget ngladosi Paduka kanthi kebak sumarah sawetahipun.

PITAKONAN:

  1. Kenapa loro muride Yokanan iku ndherek Gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)