Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 035 (Temptation of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

4. Pancoban sang Kristus lan Kemenangan Agungé Panjenengané (Matéus 4:1-11)


MATÉUS 4:1-4
4 Sawusé mangkono Gusti Yésus katuntun déning Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha déning Iblis. 2 Salebaré siyam, patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kerapan. 3 Juru panggodha banjur sowan ing ngarsané sarta munjuk mangkéné: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaké dados roti.” Nanging Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkéné: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabéhing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”
(Pangentasan 34:28; Andharaning Torét 8:3; Markus 1:12-13; Lukas 4:1-13).

Kudu ana kang dicethakaken ing tembung kang kawitan saka ayat siji, “Sawuse”. Suwarga tinarbuka marang gusti Yésus lan Sang Roh Suci nedhaki Panjenengané lan Panjenengané dipratélakaké Putra Allah lan Juru selamet jagat. Mula, pawarta sebanjuré kang kita krungu babagan Panjenengané yaiku Panjenengané “Kagodha”. Panjenengané banget déning kuwawa kangga tetep jejeg ana pepérangan panggodha sakwisé Panjenengan dibaptis.

Hak kang banget déning luwih-luwih lan sih rahmat dadi keparengé Allah kang gedhé dewe, ora bakal ndadekaké kita uwal saka panggodha. Sawusé ana pikurmatan gedhé kang dipapanaké marang kita, kita kudu ngenténi sawijing prakara kang bakal agawé kita dadi andah asor. Gusti Allah pakulinané nyawisaké umat kagungané kanggo ngadhepi godha sadurungé Panjenengané nimbali umat kagungané iku; Panjenengané maring kekuwatan selarae karo kabutuhan lan maringi rasa kepenak kang luwih tinimbang karo sadurung katempuh ing godha kang nemen. Jaminan saka kalungguhan kita minangka dadi putra yaiku kang utama anggon kita tetep jejeg ngadhepi godha. Manawa Sang Roh Allah maringi paseksen bab anggoné ngangkat kita dadi putra, mula prekara iku bakal nglengkapi kita karo jawaban atas kabéh godha saka roh ala.

Sawusé kita ditampa ing sajroné patunggalan karo Gusti Allah, kita kudu ngenténi wektuné kita diserang déning Iblis. Jiwa kang wis disugihaké malah kudu nganakaké jaga utawa prayitna. “lan samangsa kowé wus mangan nganti wareg, nuli dingati-ati..(Pangandharing Taurat 6:10-12)

Iblis miliginé senget marang wong-wong kang migunani, ora mung kang becik, nanging uga kang duwé tekad nindakaken kang becik, mligini kang luwih dhisik ngutamakaké leladi marang gusti. Awit saka iku panjenengan kudu ngati-ati, nyawisaké awak panjenengan ngadhepi godha, lan namengi badan kang sakmesthiné.

Sang Roh Suci nuntun gusti Yésus ana ara-ara samun supaya ngadhepi roh ala lan balané piala. Kang ndudut ati ing kené yaiku diterusaké bandhingané kang ora katon antarané Gusti Yésus karo bangsa Yahudi. Senajan bangsa Israél gagal ing sajroné urip kasukmané sakwisé metu ssaka mesir. Sang Kristus, putra Allah iku, dadi kekuatan marang cobaan saka si pangawak ala. Gusti Yésus ngalahaké si pangawak ala iku, lan nerusaké rancangan Gusti Allah kanggo manungsa. Sang Kristus ora rawuh mung kanggo bangsa Yahudi waé, nanging kanggo kabéh manungsa lan nyangga kabéh dosa kita ing kayu salib.

Perlu dipirsani Gusti Yésus nggunakaken tembung kang padha ana ing sambung rapete prakara coban kaya kang diparingaké gusti Allah marang umat kagungané ing ara-ara Sinai (Pangandharing Torét 8:3). Gusti Yésus kasil menang ing sajroné katempuh ing cobaning satru kang dumadi nganti kaping telu, kang makili kabéh coban kang bakah dilakoni déning kabéh manungsa. Coban-coban utawa godha-godha iku yaiku: Hawa nepsu kadagingan, kang nggodha manungsa ing sajroning kasenengan manungsa, coban hawa nefsu mripat, kang nggodha manungsa ing sajroné prekara kamelikan, lan gumungunging urip, kang nggodha manungsa ing sajroné prekara pikurmatan. Ing sajroné prekara iki, gusti Yésus bisa menang kanggo kita, dado kang dadi wong kang agung lan dadi imam agung kang mbelani kita, kang ngerti karingkihan kita nalika ing pancoban. Panjenengané ‘Panjenengané wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa” (Ibrani 4:14-16)

Baptisané sang Kristus iku lelakon kang gedhé banget, kang ing sajroning Sang Rama kasuwargan mratélakaké kang dadi kepareng Panjenengané atas Putra Panjenengané kang di tresnani Panjenengané. Kaya apa ngedap-edapiné sawusé baptisan iki Sang Roh Suci nuntun Gusti Yésus menyang ara-ara samun supaya perang karo satruné Allah. Gusti Yésus nuduhaké panguwasané hakikat keilahiané Panjenengané senajana kanthi cara badan kamanungsan ringkih.

Gusti Yésus ora dahar suwéné 40 dina tanpa mangan nanging ana sajroné patunggalan kang terus karo Sang Rama kasuwargan ing ara-ara samun kang dadi jaran pati iku. Panjenengané mireng suwara Sang Rama Kasuwargan, dikaya kang ditindakaken Nabi Musa nalika dhéwéké lali mangan lan ngombe suwéné 40 dina nalika Nabi Musa nulis paugeran ing papan watu loro iku. Nanging gusti Yésus ora nggawa papan watu saka patemon Panjenengané karo gusti Allah kanggo nganyaraken prejanjian Panjenengane; awit Panjenengan piyambak iku sabda Allah kang dadi manungsa, kang ing sajroning sabda iku ana panguwasa kang nylametaké umat Panjenengané.

Pungkasané Iblis sowan marang gusti Yésus kanthi lelamisan kaya wong njaluk kawelasan marang Panjenengané. Iblis iki gawé rasa keluwen marang gusti Yésus, lan ngapusi manawa dhéwéké nresnani gusti Yésus. Tujuwan kang sabeneré yaiku, supaya gusti Yésus tiba ing sajroné dosa lan nyegah Panjenengané munggah ing kayu salib. Iblis mbudidaya kang kawitan, nandur rasa mangu-mangu ing sajroné ati Panjenengané ing sajroné gegayutané karo Sang Rama, lan iblis nyuwun pirsa marang gusti Yésus: Menapa panjenengan putra Allah? Gawé pitakonan kang nyimpang saka kayektén. Iblis ngerti bab Sang Kristus luwih saka pangerténé manungsa – roh-roh ala uga pracaya, lan padha gemeter. Manawa Iblis ngakoni, “Paduka menika putra Allah”, kuduné iblis tunduk marang gusti Yésus; nanging iblis nyimpangaké kayektén kanthi kandha, “Manawi panjenengan putra Allah, panjenengan dhawuhaken sela-sela menika dados roti.” Iki rancangan kang dianggo iblis saben-saben nandur rasa mangu-mangu ing atiné manungsa kanthi mengkono kapiyandelané bisa di brukaké lan manungsa sebanjuré ngedoh saka sumber kekuatané.

Kamlaratan sawijining coban gedhé kang ndadekaké rasa ora marem lan andadekaké orang parcaya. Prekara mengkené iki bakal nuntun marang dalan kang ora bener kanggo golék pamarem, kanthi alesan yén kanggo sawijining prakara kang banget penting ora ana prenatan kang nglarang. Kanthi alasan kang mengkené iki wong-wong kang mlarat bakal mbobol tembok watu, senajana prekara iku babar pisan dudu alesan, awit prenatan Gusti Allah kuduné luwih kuat kanggo kita tinimbang karo tembok watu. Kang nulis kitab Wulang Bebasan ndedonga lumawan kacingkrangan, ora awit prekara iku kang dadi jalaran panandang lan dudu pasambat, nanging awit prekara iku dadi coban, “Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula. Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangéran Yehuwah iku sapa? Utawi menawi kacingkarangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun gusti Allah kawula” (Amsal 30:8,9). Awit saking menika tiyang-tiyang ingkang nglampahi prekara-prekara ingkang angel, tiyang-tiyang kudu nglipetaké anggoné tetap jejeg; luwih becik keluwen nganti mati ing ngarsané gusti Allah tinimbang urip kaluberan nanging ana ing sajroné dosa.

Iblis iku “Kang dadi tukang nggodha”, lan awit saka iku Iblis dadi mungsuh lan satruné sapa waé kang dadi jejeré wong pracaya. Mungsuh kita kang ala dhéwé nggodha kita supaya dosa lan para rewang iblis, nindakaken pagawéané lan mbudidaya supaya bisa nindakaké rancangané. Dhéwéka kanthi pas banget disebut dadi kang tukang nggodha, awit dhéwéké nindakaké mengkono iku marang leluhur kawitan kita, lan isih mengkono karo kabéh kang nggodha kang melu dhéwéke.

Si pengawak dursila iku njaluk anané mujijat saka Sang Kristus, awit ngerti yén Gusti Yésus iku duwé kabisan ndadekaké watu dadi roti; iblis mau mbudidaya supaya gusti Yésus nindakaké sawijining prekara kang lelawanan karo kepribadiané Panjenengané dhéwé. Manawa Gusti Yésus mbangun turut marang dhéwéké, kasucén Panjenengané bakal cemer, awit Panjenengané kang kebak katresnan lan ora duwé karsa ngutamekaké awak dhéwé, nanging maringaké sarirané kanggo kita lan kanggo kaluhuran Sang Rama ing kasuwargan. Cara iblis ing sajroné menangaké donya kanthi nggunakaké roti isih tetep ditindakaken nganti ing wektu iki, nyasaraké lan ngrusak wong akéh. Kepiyé manawa Gusti Yésus gawé watu dadi roti kang enak? Rak sebanjuré, ora prelu manéh kudu nyambut gawé lan ngengel-engel awak manéh? Ora mengkono, kabéh wong sebanjuré bakal ngombe sususaka sumber banyu, lan anggur saka iliné kali. Wong donya kabéh sebanjuré bakal marani Sang Kristus, pracaya marang Panjenengané lan manembah Panjenengané tanpa ngrubah atiné utawa njalu pangapura, kanthi mangkono wongwong mau tetap ana ing bebendu lan pengadilané gusti Allah.

Sang Kristus wiwit wiwitan anggoné leladi, nampik kasambut rame lan tumindak becik minangka cara nylametaké jagat tanpa nglewati salib. Kang dadi kawigaten Panjenengan kang utama saka kaselametan Panjenengan dudu kanggo raga, nanging kangg nebus jiwa-jiwa. Panjenengané ngersakaken ngapura kabéh dosa lan nganyaraké ati kita. Panjenengané nglakoni tujuwan iki ing kayu Salib.

Ing sajroné jawaban Gusti Yésus marang Iblis, kita krungu watonan Ilahi bab mantepaké urip kasukman kita. “Manungsa ora mung urip krana roti waé, nanging saka kabéh pangandikan kang metu saka tutuké Allah”. Sang Kristus ora nyelaki perluné panganan saben ndinané nanging Panjenengané ngangkat kayektén yén tegen ing sajroné pangandikan Allah luwih penting saké kaperluané daging. Panjenengané paring dhawuh supaya kita golék panganan kita saben dina lan Panjenengané mulangaké marang kita yén kawigaten kita bab Kratoné Allah lan kayektén Panjenengané kudu diutamakaké ing sajroné urip kita. Apa panjenengan maca Injil saben dina, lan apa panjenengan melu cawe-cawe dikaya panjenengan terus anggoné mangan? Sing sapa kang ora mangan saben dina, bakal dadi ringkih lang pungkasané bakal mati. Mengkono uga wong pracaya manawa dhéwéké ora maca pangandikané Allah saben dina; deweké bakal lara kanthi cara kasukman, dadi ringkih lan sebanjuré ora duwé daya. Emané yaiki kahanan saka sawetara gereja lan akéh wong-wong pracaya kang krungu pangandikané gusti Allah mung ing dina Minggu waé. Wong-wong mau kaya wong-wong kang mung mangan sepisan ing sajroné seminggu. Wong-wong mau ora mati kanthi cara kasukman, nanging wong-wong mau tetap ringkih ing sajroné katresnan, pengarep-arep lan iman. Panjenengan mbutuhaken tentrem rahayu lan ayem ing ngarsané Gusti Allah saben dina kanthi mengkono Panjenengané bakal nguwataken panjenengan, njangkung lan nglipur panjenengan; ndedongaa nyuwun kawicaksanan kasukman kanggo ndeleng yén lumantar kayu salib Yésus, panjenengan dadi putrané Allah, panjenengan bakal urip ing selawase, malah nalika panjenengan ing sajroné kahanan ngelih lan mlarat.

Dadi kita ndeleng Gusti Yésus Kristus ngalahaké coban Iblis kanthi pangandikané gusti Allah lan dosa babar pisan ora entuk papan ing sajroné Putra Allah; kanggo Panjenengané kabéh kaluhuran lan kamulyan. Senajan kita wis kalah lumawan iblis ing mangsa tembé, kita bisa sinau saka Gusti Yésus lan lumawan mungsuh kanthi nggunakaken pangandikané Allah nalika coba nekani kita.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka mboten dhawah ing panjiretipun Iblis lan ngribah sela dados roti. Paduka mboten mirengaken suwanten Iblis, lan mboten pados kepentingan Paduka piyambak. Paduka mboten nuntun tiyang kathah sowan dhumateng Paduka kanthi daya tarik tetedhan ingkang eca, nanging Paduka nuntun tiyang-tiyang dhumateng pangandikanipun Allah ingkang sanget nglegakaken jiwanipun lan nuntun tiyang-tiyang menika nampeni gesang langgeng saking Paduka. Tulung Kula supados maos pangandikanipun Paduka saben dinten, supados kiyat ing salebetipun Sang Roh Suci lan kiyat nindakaken karsa Paduka, kanthi kabingahan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé gusti Yésus ora ngrubah watu dadi roti, senajana Panjenengané bisa nindakaken iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 01:20 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)