Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 034 (Unity of the Holy Trinity)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

3. Pratéla Babagan Manunggalé Tritunggal kang Suci (Matéus 3:16-17)


MATÉUS 3:16-17
16 Sakwisé kabaptis Gusti Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengané. 17 Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekaké renaning panggalihingSun.
(Yésaya 11:2; 42:1; Matéus 17:5)

Nalika gusti Yésus dibaptis, suwarga tinarbuka kanggo Panjenengané supaya maringi paseksen bab anggoné dadi keparengé suwarga atas Panjenengané. Kasuwargan iku ora tau tinaarbuka kanggo sapa waé ing jagat iki sadurunge, awit ora ana siji waé kang tau dadi keparengé sawutuhé Gusti Allah nganti putra Panjenengané kang kinasih Gusti Yésus jumeneng ing ngarsa Panjenengané sumanak, mbanun turut lan tanpa dosa.

Sapa ta Gusti Yésus wis dipratélakaké déning Yokanan. Ing kené sapa ta gusti Yésus iku dipratélakaken sepisan manéh, ora déning manungsa, nanging déning Suwarga. Ing kené Sang Rama mratélakaké saka kasuwarga bab sapa ta Putrané Panjenengané gusti Yésus dadi “Pura Allah kang dadi kepareng” (II Samuel 7:12-16).

Nalika Sang Kristus ngakoni, lumantar baptisan, yén Panjenengané bakal séda, dikubur lan wungu manéh kanggé andadekaké bener kita, suwarga kawenganan ing sakndhuwuré Ngaré Yardén iku. Lan suwara Gusti Allah keprungu. Sapa ta kang bisa nglarang Gusti Allah ngandikan? Sapa ta kang bisa ngendhekaké pratéla Panjenengane?

Wiwit manungsa tiba ing dosa ing Taman Eden, dalan sowan marang Gusti Allah katutup; nanging nalika Sang Kristus rawuh, lawang kang tumuju marang Kang Nitahaké jagat saisiné tinarbuka. Mung lumantar Gusti Yésus, kita duwé dalan sowan marang Gusti Allah. Suwarga kang tinarbuka ménéhi paseksen yén Panjenengané dalan kayektén lan panguripan.

Ing wiwitan kaciptané jagat saisiné Sang Roh suci mabur nglayang ana ing saknduwuré banyu. Mujud kaya manuk dara Sang Roh suci kang padha, tumurun lan anedhaki Gusti Yésus nalika Gusti Yésus dibaptis. Iki Mratélaké yén Sang Kristus kang dijebati lan kang paring Roh Allah marang wong-wong kang mratobat. Yokanan ndeleng Sang Roh Allah kang nekani lan anedhaké Gusti Yésus minangka paseksen kang cetha banget yén gusti Yeseus panci Sang Kristus kang dijebati kang wis diprasetyakake.

Sang Kristus dijebati wiwit wiwitan mangsa panjenengané gesang ing jagat iki awit Panjenengané dilahiraké saka Roh Allah. Rama Panjenengané njebati Panjenengané ing sajroning kapenuhan Roh Suci sepisan manéh ing wiwitan anggoné leladi kanthi menkono Gusti Yésus kang dadi manungsa bakal nglayani kanthi panguwasa dadi Imam Agung lan sabda Allah kang ngejawanthah dadi manungsa. Sang Kristus ora leladi kita dadi Ratu agung kang duwé panguwasa gedhé, nanging dadi abdi kang asor. Panjenengané banget déning andhap asor nganti Panjenengané maringi kasugengané kanggo nyirnakaké kabéh dosa kita. Kanthi mengkené katresnan kang suci saka gusti Allah bisa katon.

Yokanan ndeleng kanthi mripati dhéwé Sang Roh Suci mandap kaya manuk dara marang gusti Yésus, lan krungu suwaraning Gusti Allah nganggo talingané dhéwé. Pratéla, “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekaké renaning panggalihingSun,” saka gusti Allah iku kebak makna. Gusti Allah nimbali Sang Kristus dadi putra Panjenengane- becik Sang Rama lan Sang Putra padha ing sajroné kelanggengan. Pribadi, hakikat lan kaanané sang Rama dituduhaké ing sajroné Putra. Kang nitahaken langit lan bumi ora manéh singitan, siw dipratélalaké ing sajroné Putra Panjenengané. Ing sajroné putra manunggal kabéh kapenuhan Allah kanthi cara badan, kanthi kabéh kepribadian, panguwasa lan asma Allah.

Sapa kang bisa nyegah Gusti Allah ngandika yén Panjenengané kagungan putra, manawa Panjenengané ngersakake? Akéh wong kang ora sarujuk bab kasunyatan iki. Senajana Gusti Allah piyambak wis mratélakaké yén Panjenengané kagungan Putra kang andhap asor kang marang Panjenengané Panjenengané kepareng lan kang miwiti manggul kayu Salib,ing sajroné pembaptisané Panjenengané. Putra kang kinasih iku yaiku katresnan kang manjalma dadi daging. Gusti Allah iku katresnan. Sang Kristus ora rawuh supaya diladeni, nanging arep leladi, lan uga maringaké kasunggengané minangka tebusan kanggo wong akéh. Tambah kita naliti lebih jero marang sabda Panjenengané doa lan pakaryan Gusti Yésus salawasé sugeng Panjenengané ing jagat iki, bakal nuduhaké marang kita tafsiran kang gampang ditindaké gegayutan katresnané gusti Allah iki.

Prekara kang penting banget yaiku nalika gusti Allah ngutus Sang Kristus prekara iku maringi kita pangertén kang anyar babagan gusti Allah. Panjenengané iku Rama lan Panjenengané sawutuhé kagungan katresnan kang suci. Panjenengané kang langgeng ora mratélakaké sarirané dadi hakim kang paring bebendu, nanging Panjenengan paring paukuman marang putra Panjenengané nggenteni kita kanthi mangkono kita bisa diselametake. Ing sajroné keselametan Panjenengané panjenengané ora marem mung kanthi kayektén pribadi kita. Panjenengané ngersakaké ngesokaké katresnan Panjenengané marang roh kita lumantar manunggal Sang Roh Suci ing sajroné kita kanthi mengkono kita bisa ngrasakae kelairan anyar lan dadi badi Allah kanggo manungsa.

Pratéla ilahi, “Aku lan Rama-Ku iku sij,” mratélakaké yén gusti Allah iku siji, awit Putra kan kinasih manunggal ing sajroné sang Rama lan nindakaké karsa Panjenengané. Kabéh wong kang dilahiraké saka Roh Panjenengané bakal banget éram wadi Gusti Allah kang tunggal iku. Wong-wong ndeleng yén Sang Rama ing sajroné putra Panjenengané lan Putra ing sajroné Sang Rama nganti selawasé awit gusti Yésus iku pangandikan Panjenengané lan manjalma saka Sang Roh Allah.

Kamanunggalan saka Allah Tritunggal ora sawutuhé lan cetha dipratélakaké sadurung lelakon pembaptisan Gusti Yésus Kristus, nanging kita nemokaké ing kené yén Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh suci disebutaken bebarengan, manunggal lan saben pribadi duwé tugas. Sang Putra nalika ana ing jagat iki yaiku gusti Allah kang dadi daging. Sang Rama maringi marang Panjenengané paseksen kanthi suwara kang cetha saka suwarga, lan Sang Roh Allah mandap marang Panjenengané ing sajroné wujud kan katon kanggo nguwataké Panjenengané.

Sang Roh Suci asring disebutaké ing sajroné Prejanjian Lawas, nanging ora pati cetha gegayutan karo kamanunggalan saka Allah Tritunggal iku. Tujuan kawitan saka pratéla nalika iku yaiku kanggé ngumumaké Gusti Allah kang tunggal. Kajaba saka iku, gusti Allah ora mratélakaken sarirané sawutuhé sadurungé manjalma, awit ora bakal nindakaké prekara iku sadurungé sabda dadi manungsa.

Sawetara wong kang tenan-tenan nampik ménéhi kritik carita bab suwara saka suwarga nalika Sang Roh suci anedhaki Sang Kristus. Wong-wong mau kandha yén wong kang nulis Injil nyaritakaké lelakon iki kanthi cara kang beda-beda. Matéus nyulis, “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekaké renanging panggalihingSun”, Lukas nulis, “Sira iku PutraningSun kang SunKasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun”. Maknané lan uga tembung-tembung kang ana selaras banget, nanging ana bedané sethithik bab kepiyé carita iku di tulis – siji saka pemikiran wong kang kapindho, kang sijiné saka pamikiran wong katelu. Nanging paseksen saka kabéh mau neguhaké antarané siji lan sijiné.

PANDONGA: Kula manembah Paduka, Sang Rama, Sang Putra saha Sang Roh Suci, awit Paduka mratélakaken sarira Paduka ing Ngaré Yardén menika kanggé milujengaken, andadosaken kula leres, lan nyucékaké kula. Kula moten pantes dipun bikak mripat keyektosan Paduka. Paduka mandhap kanggé madosi lan milujengaken kula saking dosa; lan mboten nyilakakaken kula. Tulung kula supados ndhérék Paduka, supados mitaya Paduka lan mboten nate nilaraken Paduka. Kalampahan pakaryan Paduka ing salebetipun kula, kanthi makaten kula saget dados putra Allah ingkang dipun tresnani. Tuntun mitra ingkang kathah lan sedhérék ing salebeting patunggalan katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Allah Tritunggal kang suci mratélakaken sarirané ing Ngaré Yardén?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 12:52 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)