Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 036 (Temptation of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
B - YOKANAN PEMBAPTIS NYAWISAKÉ DALAN KANGGO SANG KRISTUS (Matéus 3:1 - 4:11)

4. Pancoban sang Kristus lan Kemenangan Agungé Panjenengané (Matéus 4:1-11)


MATÉUS 4:5-7
5 Iblis tumuli nggawa Gusti Yésus menyang ing kutha Suci lan dijumenengaké ana ing dhuwur payoné Padaleman Suci, 6 banjur munjuk mangkéné: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangéran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhai ing tangané supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.” 7 Pangandikané Gusti Yésus: “Ana manéh tulisan mangkéné: Sira aja nyoba Pangéran Allahira.”
(Pangandaring Torét 6:16; Jabur 91:11-12)

Nalika pemimpin negara angrawuhi ing laladan kang dadi kawenangané umume bakal ditampani kanthi apik. Tentara bakal baris, para siswa bakal ménéhi kembang-kembang, gendera di klebet-klebetaké, musik diunekaké, para kang duwé kalenggahan nekani kanthi sandhangan kang nuduhaké pangkat lang derajate, wong akéh pada teka saka papan-apané dhéwé-dhéwé. Wong-wong mau padha nekani dina pangubagya politik, agama lan olahraga. Wong bakal nemokaké awaké dikupengi déning wong akéh.

Iblis nyobani gusti Yésus kanthi ménéhi tetingalan kang gedhé manéh, nggodha Gusti Yésus supaya ngebayang sarirané mabur ing awang-awang, dikupengi lan diangkat déning para malaikat padhang kang gunggungé puluhan ewon kang bisa uga kanthi sirah kang ndungkluk lan manembah Panjenengané. Iblis nggodha gusti Yésus supaya Gusti Yésus anggoné rawuh kang kaping pindho sadurungé wektuné tanpa netesaké getih Panjenengané ing kayu salib. Ora ana kang luwih disengiti déning iblis kajaba kayu salib iku. Coban iku diwenehaké ing punjering budaya agama bangsa Panjenengané saka titik kang paling dhuwur ing pedaleman Allah.

Aja duwé pikiran yén panjenengan, amarga dadi warga sawijining gereja, bakal kaayoman saka pikiran ala. Ing sajroning punjering kasucén, bapaké apus-apus iku nggoda wong-wong kang ngrungokaké pangandikané gusti Allah, mbudidaya supaya bisa kuwalik pikirané saka Gusti Allah marang gumunggung marang awaké dhéwé kanthi mengkono tiba ing sajroné dosa.

Tujuan Iblis kang gedhé dhéwé ing sajroné nyoba gusti Yésus lan para pandhérék Panjenengané yaiku supaya mendhot sakabéhé patunggalan karo gusti Allah. Iblis mbaléni anggoné mbudidaya gawé ati kang mangu-mangu marang gusti Yésus kanthi matur, “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap ing tengah-tengah tiyang-tiyang ingkang sampun ngibadah menika, lan tiyang-tiyang menika badhé ngakeni lan nguwuh, “Sang Kristus saking Gusti Allah sampun rawuh saking suwarga”. Selajengipun jagat badhé ndhérék Paduka, lan mboten perlu maleh wonten ing kajeng salib.” Si sugih akal iku malah nambahi cuplikan saka kita suci, “Wonten seratan”, dhéwéké ngilangi sapérangan saka apa kang dingendikaaké gusti Allah lan ngrubah tegesé. Janji saka Gusti Allah yaiku, Pangéran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu”. Ora diteruskan kang uniné “ana ing sakéhing dalanmu”. Kang nggodha iku ngilangi pérangan pungkasan ayat kang mratélakake: “supaya rumeksa marang kowé ana ing sakéhing dalanmu”. Ing sajroni godha kang kawitan, gusti Yésus ngalahaké iblis kanthi pangandikan kang padha, “ana tulisan....” lan ngrampungaké nyuplik pangandikan kang diparingaké déning wahyu Allah. Iblis nggunakaké tembung kang padha, nanging kang dikatonaké kang ora pas saka bebener. Sang Kristus campuh ana ing pepérangan kasukman lumawan iblis kanthi cara nyuplik pangandikané gusti Allah, kang dadi uripe kabéh wong kang pracaya marang gusti Allah, mbangun turut marang gusti Allah lan ora mangu-mangu yén gusti allah ingkang nunggal karo Panjenengané. Rasa mangu-mangu kanggo pracaya marang gusti Allah utawa mangu-mangu kayektén pangandikan Panjenengané yaiku tanda saka anggoné ora pracaya. Umat Israél nyoba gusti Allah ing ara-ara samun kanthi matur, “Pangéran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?” (Pangentasan 17:7). Senajana Panjenengané ana ing tengah-tengahé wong Israél lan njangkung wong-wong mau, naning wong-wong mau ora pracaya. Kita bakal dadi kaya wong-wong Israél manawwa kita mangu-mangu bab anané Gusti Allah nganthi kita lan jangkung kita kanthi sempurna.

Ora ana kota ing jagat iki kang suci banget kang agawé kita ora kacentok lan aman saka Iblis lan anggoné nggodha. Adam kang kawitan digodha ing “taman kang suci”. Awit saka iku aja kelangan kaprayitnan kita. Aja duwé pikiran yén sawijining “papan suci” duwé kekuatan kang ngedap-edapi mligi lan Iblis ora bakal nggodha putra-putra Allah supaya gumunggung lan adigang adigung ing kana. Nanging pinuji Gusti Allah kita awit ing Yerusalém suci ing kasuwarga ora bakal tahu dileboni kang acipat cemer, kanthi mangkono kita bisa ana ing kana salawasé tanpa panggodha.

Awit saka iku ngati-ati! Si pangawak dursila iku banget déning nguwasani ayat-ayat kitab suci lan bisa nyuplik ayat mau kanthi gampang. Nanging dhéwéké mung dicuplik setengah kayektén lan diwolak-walik maknané supaya panjenengan ora bisa ngrasaskaké kapenuhan Allah.

Kita nemokaké buku akéh ing jagat iki, becik kang isiné agama, filsafat utawa politik, kang nggunakaké tembung-tembung saka Injil lan watonan-watonan kang diparingaké Gusti Allah kanthi mbudidaya nyampur kayektén karo apus-apus kang mbingungake. Pamiarsa, dadaren saben roh kangti teliti, lan ngertia yén roh gumunggung uga asale saka si pangawak dursila, lan sing sapa ngunggulaké awaké dudu asale saka Gusti Allah.

Manawa Sang Kristus nanggapi godhané Iblis, lan sarujuk nuduhaké sarirané karo kabéh anggoné ngedap-edapi, nibakaké badané menyang ngisor, Panjenengané bakal séda, awit menawa tumindak mangkono Panjenengané ora lagi nindakaken karsané gusti Allah. Gusti Allah ora ngersakaké menangaké jiwa manungsa lumantar mujizat nanging lumantar kayu salib. Manawa Gusti Yésus mbangun turut marang suwara si pangawak dursila, Panjenengané bakal ninggalaké patunggalan Panjenengané karo Rama kasuwargan. Si pengawak dursila iku pancen mbudidaya nyirnakaké Putra Allah nanging gusti Yésus bisa mbedakaké suwara si pangawak dursila karo suwara Rama Panjenengané lan milih dalan andhap asor lan kayektén. Panjenengané ora ngatingalaké sarirané ing Pedaleman Allah ing sajroné kaluhuran luwih dhisik, nanging Panjenengané leladi ing Galilea, diasoraké lan dienyek déning wong–wong Yahudi.

Wuwungan Pedaleman suci iku papan pancoban. Wuwungan iku makili papan-papan dhuwur ing jagat iki kang banget déning lunyu. Kemajuan ing sajroné jagat ngangkat gumunggunging manungsas lan agawé manunga dadi sasaran kang gampang kanggo panae Iblis. Gusti allah ngasoraké, supaya Panjenengané sebanjuré bisa ngluhurake-Iblis ngunggulaké, supaya bisa nibakake.

Gusti Yésus paring jawaban marang kang nggodha iku sepisan manéh kanthi ngandika, “ana manéh tulisan mangkéné: Sira aja nyoba Pangéran Allahira”. Kabéh wong kang ngerti yén gusti Allah ora kepareng bab tumindak lan rancangané nanging tetap waé golék pitulungan Panjenengané ing sajroné panguripané saben dina, lagi nggodha Gusti Allah ing sajroné patrap wangkot lan lumawan Roh Panjenengané. Wong-wong iku temtu bakal nampani bebendu Panjenengané. Apa panjenengan ngerti katresnan, kabecikan, kasucén lan andhap asor Panjenengane? Aja nindakaké apa waé kang bisa lumawan rancangan Panjenengané. Apa ora bakal marakaké beja manawa wong nindakaken sawijining prakara kang lumawan telenging atiné kang dituntun déning Roh suci. Manawa panjenengan ora ngerti apa karsané gusti Allah ing sawijining kahanan, sabara, lan enteni nganti Panjenengané mbuka dalan kang liyané lan nyethakaken marang panjenengan apa kang Panjenengan kersakaké supaya panjenengan tindakake. Panjenengan ndhérék waé marang Sang Kristus lan aja nyoba gusti Allahmu.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kula ngaturaken panuwun awit Paduka mboten pados panguwaos lan pikurmatan, nanging ngginakaken margi andap asor. Kawula ningali bilih Paduka sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang sakit, kanthi tiyang-tiyang dosa lan kanthi tiyang-tiyang ingkang dipun asoraken. Paduka wucal kula sami supados mejahi patrap gumunggung kawula, kanthi makaten kawula mboten dados gumunggung ing ngajengipun para mitra kawula, nanging nyingkur badan piyambak, madosi sedhérék-sedhérék ingkang miskin, lan amberkahi ingkang ical, supados selaras kaliyan kawilujengan ingkang saking Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé sang Kristus ora kersa nibakaké badané saka wuwungan pedaleman Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 01:24 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)