Previous Lesson -- Next Lesson
d) Wadiné pangluwar lan kaslametan kanggo para putrané Yakub ing wekasaning jaman (Rum 11:25-32)
RUM 11:25-32
25 Para sedulur, ana wewadi, sing prelu dakkandhakaké marang kowé, supaya aja nganti kowé duwé penemu, yèn kowé kuwi wis pinter dhéwé. Wewadi mau mengkéné: Wong Israèl enggoné padha mangkotaké atiné kuwi ora kanggo selawasé nanging mung nganti genep cacahé wong kapir sing wis mlebu dadi kagungané Gusti Allah. 26 Kaya mengkono enggoné umat Israèl kabèh kaslamataké. Kuwi manut surasané Kitab Suci mengkéné: "Sang Juru Slamet bakal rawuh saka Sion, Panjenengané bakal nyingkiraké sakèhing durakané para turuné Yakub. 27 Aku bakal janji yakuwi samangsa Aku ngapura dosané." 28 Merga wong Yahudi padha nampik Injil, padha dadi mungsuhé Gusti Allah, kuwi dadi lan becikmu, para wong dudu Yahudi. Nanging merga kapilih déning Gusti Allah, wong Yahudi mau padha dadi mitrané Gusti Allah, krana saka para leluhuré. 29 Sebab Gusti Allah kuwi penggalihé ora malih tumrap wong sing wis dipilih lan diberkahi. 30 Mungguh kowé, para wong dudu Yahudi, biyèn kowé padha mbaléla marang Pangéran; nanging saiki, merga saka pamurangsaraké wong Yahudi, kowé wis padha tampa sih-kamirahané Gusti Allah. 31 Mengkono uga, merga kowé wis padha nampani sih-rahmat, wong Yahudi saiki padha mbaléla, nanging wekasné uga nampani sih-rahmaté Gusti Allah. 32 Sebab wong kabèh wis didadèkaké tawanan merga pambalèlané, supaya Gusti Allah nglairaké sih-piwelasé marang wong mau.
Paulus nganggep tiyang-tiyang ingkang sami nampeni layangipun minangka sederek tunggal rah kaliyan Piyambakipun, lan ngakeni bilih Allah punika Ramanipun sadaya. Sadaya pamawas, panaliti saha kabar bab kodrat utawi pepesthen boten saged katampi lumantar wawasan bab Allah punika agung, kejawi Allah Rama kita nyembadani sih katresnan lan kamirahanipun.
Bakda pambuka punika, Paulus ngendika bab wewadi ingkang boten saged dipun mangertosi saderengipun Rama kaswargan nglairaken kanthi cetha. Awit saking punika, Paulus nyuwun dhumateng para juru tapsir, juru kotbah lan winasis ing babagan Gusti Allah supados boten nyegahaken kawruhipun piyambak ngengingi para putranipun Yakub, nanging prelu mirengaken kanthi tumemen lan nuruti Sabdanipun Allah. Sinten ingkang ngotbahaken pikiranipun pribadi nanggel risiko, awit nganggep Piyambakipun punika pinter lan wicaksana; dene tiyang ingkang ngugemi sabdanipun Allah kanthi adrenging pandonga, lan mirengaken pangandipun Roh Suci, bade tuwuh ing salebeting kawruh bab wadining sihipun Allah Rama kita.
Wadi ingkang dipun ngendikakaken dening Paulus punika gegayutan kaliyan jaman pungkasan, ingkang ngandhut sawatawis perangan:
Boten sadaya, nanging kathah, saking putra-putra Yakub punika ingkang wangkot. Para murid lan rasulipun Gusti Yesus lan pasamuwan ingkang wiwitan kanthi tulus sami mratobat ing pepadanging piwulangipun Yohanes Pambaptis. Paulus nyawisaken tiyang-tiyang punika kagem rawuhipun Sang Kristus lan karahayon saking Panjenenganipun, lan sami ngalami gesang tetunggilan kaliyan Panjenenganipun lan ngalami pepadangipun.
Miturut kitab nabi Yesaya, watak wangkot punika kawiwitan 700 taun saderengipun Sang Kristus rawuh (6:5-13), ingkang kanthi cetha dipun antepaken dening Gusti Yesus (Mat. 13:11-15), lan ingkang kanthi sedhih dipun terangaken dening Paulus. Watak wangkot punika dados raos ajrih nalika tiyang Yahudi masrahaken ratunipun supados kasalib, lan nampik tumedhakipun Roh Suci. Bangsa Rum nyade tiyang-tiyang punika minangka budhak dhumateng saindhenging donya.
Wangkoting tiyang-tiyang Yahudi boten bade langgeng. Punika bade kelampahan ngantos tiyang-tiyang pitados saking bangsa-bangsa sanes sampun dipun jangkepi nalika kapenuhanipun timbalan dhumateng tiyang-tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes, Gusti bade maringaken dhumateng bangsa Yahudi wewengan ingkang pungkasan kangge mratobat lan kalairaken dados enggal. Nanging sinten ing antawisipun tiyang-tiyang Israel ingkang bakal dislametaken wonten ing wekasaning jaman, kang disebutaken dénéng Paulus lan dados babagan kang wigatos wonten ing sejarah gereja tuwin sejarah bangsa-bangsa? (Cathetan: Katrangan ing ngandhap menika boten sesambungan klayan tatanan politik, nanging sesambungan klayan babagan karohanén kémawon).
Kesimpulan: kita boten pareng kesesa netepaken sinten ta Israel sejati ing pamawasipun Sang Kristus. Kitab suci mulangaken dhumateng kita bilih nami-nami punika boten gegayutan kaliyan golongan politik utawi suku tartamtu, nanging punika bab kayekten karohanen. Dinten punika kita saged mangertos bilih maewu-ewu tiyang ingkang sampun kalairaken enggal ing antawisipun putra-putra Yakub ing Timur Tengah, Eropa lan Amerika punika tiyang-tiyang pilihan ingkang setya dhumateng sarira rohaninipun Sang Kristus. kita boten mangertos ngantos pinten cacahing golongan punika, nanging kita mangertos bilih tiyang-tiyang punika bade ngalami panganiaya awrat saking para anti Sang Kristus ing griyanipun piyambak-piyambak. Nanging Sang Kristus pribadi bade nunggilaken jiwaning para martir, lan sami ingangkat dhumateng dhamparipun ingkang suci ing swarga (Why. 13:7-10).
Sinten kémawon ingkang neliti kanthi saksama Serat Paulus dhumateng jemaat ing Rum (11:26-27) bakal saged mirsani menawa wecan ngéngingi kaslametan kanggé para putranipun Yakub nedahaken sakwetawis piwucal:
Paulus neksékaken menawi negara agama Yahudi bakal dado satrunipun Injil amargi saking prajanjian ingkang énggal punika. Kangélan menika, banjur, menyaksikan bahwa negara agama dados kabegjan kanggé tiyang-tiyang ingkang sakwaunipun kabucal, amargi tiyang-tiyang punika malah dados saged nampi kaslametan lumantar sang Kristus, lan nyepeng kenceng sih katresnan saking Gusti Allah lumantar iman.
Rasul kanggé tiyang-tiyang sanés Yahudi punika inggin negesaken dhumateng tiyang-tiyang Yahudi, ingkang dados satrunipun jemaat ing Rum, menawi tiyang-tiyang Yahudi punika dados katresnanipun Gusti Allah amargi saking iman para bapa leluhuripun, lan amargi saking pilihan kasetyanipun Gusti Allah dhumateng para leluhur wau. Dados, sinten mawon ingkang dipun pilih dénéng Gusti Allah bakal tetep pinilih tanpa wekasan, senajan tiyang wau nindakaken dosa utawi nulak pilihan wau. Sedaya kanugrahan lan hak istimewa rohani ingkan sampun dipun paringaken dénéng Gusti Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang pitados, punika amargi saking kasetyanipun Gusti Allah ingkang kang boten bakal dipun batalaken (Rum 11:29). Amargi punika, ampun ngantos mangu-mangu babagan pilihan lan panyucéning gesang kita, nanging tansah pitados dhumateng Sabdanipun Gusti, kados déné putra kang pitados dhumateng pangandikanipun sang ramanipun.
Wonten ing Rum 11:30-31, Paulus sepindhah malih negesaken tujuan lan sasaran saking babagan kaping kalih seratipun, sesambetan klayan penebusanipun para putranipun Bapa Yakub. Dhéwéké ngupaya supados saged negesaken piwucal punika wonten ing pangertosanipun para satruné jemaat ing Rum:
Amargi menika, sinten mawon ingkang kepéngin mangertosi babagan kaping kaling saking seratipun Rasul Paulus dhumateng jemaat Rum kedah niti-priksa kanthi saéstu sedaya piwucal menika, lan ndadosaken sedaya wau minangka pandonga lan panyuwun kanggé tiyang-tiyang ingkang taksih déréng pitados, saéngga tiyang-tiyang wau ugi saged kaslametaken.
Paulus kanthi wicaksana nulisaken sedaya piwucal wau, lan ndadosaken lelandhesan kanggé panembah sarta pujian kagen Gusti Allah. Paulus mulyakaken Sang Mahasuci amarga Panjenenganipun ngrancang supados senajan tiyang Yahudi kang sami gagal lan dhumawah wonten ing panerak lan boten purun taat, Panjenengan tetep maringaken sih katresnan sepindhah malih, menawi tiyang-tiyang wau sami purun nampi panebusan ingkan disedyakaken lumantar iman (Rum 11:32).
Paulus mboten martakaken ngenani pendhaméyan ingkang mutlak kanggé sedaya manungsa, bilih ing wekasanipun Gusti Allah bakal nylametaken sedaya manungsa amargi sih katresnanipun lan ndadosaken neraka suwung amargi sedaya isinipun dislametaken. Kados mekaton menika piwucalipun tiyang-tiyang ingkang sami sanjang menawi Gusti Allah ugi bakal nylametaken Iblis, lan amargi menika sami nyembah Iblis kanthi pangarep-arep bakal saged mlebet swarga bebarengan klayan Iblis. Piwucal wau namung ngayawara lan keblinger, amarga Gusti Allah menika sih katresnan lan uga suci, lan keadilanipun boten saged dipun pisahaken.
Paulus gadah pangarep-arep bilih tiyang-tiyang Yahudi ugi bakal mratobat lan dislametaken lumantar iman dhumateng sang Juruwilujeng, lan Gusti Yesus ingkang langung pirsa babagan punika. Wonten ing Dinten Pengadilan, Panjenenganipun ingkang badhé ngendika dhumateng tiyang-tiyang ingkang boten sami nresnani tiyang-tiyang miskin, kados déné ingkang sampun dipun ngendikakaken, “Padha sumingkira saka ing ngarep-Ku, kowé wong sing kena ing laknat! Sumingkira menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté” (Matius 25:41). Wahyu Yohanes ugi negesaken babagan kasunyatan ingkang nggegirisi punika (Wahyu 14:9-14; 20:10.15; 21:8).
PANDONGA: Rama kawula ing Swarga, kawula asukarena lan raos bingah amargi saking janji padk ingkang tansah setya lan tansah dipun tetepi. Kawula ngucapaken panuwun amargi wontenipun sisa ingkang suci saking antawisipun para putranipun Bapa Yakub saking sedaya suku, kang sampun sami mratobat kanthi tulus, nampi pendhaméan saking Kristus, lan nampi peparing katentreman rahayu. Tulungana kawula lan bangsa kawula supados sami mlampah wonten ing kwasanipun sang Roh Suci, miturut dhumateng kersa Paduka lumantar kwasa Roh Suci, lan nyawang kanthi kebak pangajeng-ajeng rawuhipun sang Penebus kawula ingkang kawula tresnani.
PITAKON:
- Apa sebabé janjiné Gusti Allah mboten bakal batal, nanging bakal tansah kedadosan ngantos selaminipun?
- Sinten ingkang kasebat Israel karohanén menika?