Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 062 (The Apostle’s Worship)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
5. Pangajeng-ajeng saking putra-putranipun Yakub (Rum 11:1-36)

e) Panembahipun sang rasul (Rum 11:33-36)


RUM 11:33-36
33 Iba agungé kasugihané Gusti Allah! Saiba jeroning pamirsa lan kawicaksanané! Sapa sing bisa nerangaké carané damel putusan? Sapa sing ngerti tumindaké pakaryané? 34 Kaya sing dingandikakaké ana ing Kitab Suci: "Sapa sing ngerti penggalihé Gusti Allah? Sapa sing bisa ngaturi pamrayoga? 35 Sapa sing wis tau nyenyaosi Panjenengané nganti Panjenengané kepotangan marang wong mau? 36 Awit Gusti Allah kuwi nitahaké samubarang. Samubarang kabèh kuwi pinangkané saka Gusti Allah lan kagem Panjenengané. Mula kamulyakna ing selawas-lawasé! Amin.

Paulus nyumelangaken bab kawontenanning rohaninipun bangsa Yahudi, nanging ugi saos sokur lan pamuji tumrap tiyang-tiyang Yahudi ingkang wiwitan pitados wonten ing Yerusalem. Piyambakipun ngluhuraken Ingkang Maha suci karana ngrembakaning cacahipun tiyang pitados saking bangsa-bangsa sanes, lan raos sumelangipun dados saya suda awit sihipun Allah ingkang luber. Piyambakipun ngakeni kamirahanipun Allah, nanging ugi boten nyelaki paukumanipun. Paulus nyipati sihipun ingkang maha kawasa, pitados dhumateng marginipun Allah ingkang ewed dipun jajagi, nanging wekasanipun nyekseni bilih “Allah anglangkungi pamawas kita. kita pracaya marang Panjenengane lan mapanake pikiran kita manut ing karsane” (Yes. 40:13). Binerkahana tiyang ingkang sumuyud dhumateng Gustinipun kanthi setya, mulyakaken Panjenenganipun, lan ngucap sokur dhumateng Panjenenganipun, karana Piyambakipun tepang dhumateng Ingkang Maha suci wonten ing sih katresnanipun. Rohing kayekten nuntun Piyambakipun tumuju dhumateng lebeting karohanen, lan dhumateng pangraos tumrap bab agunging kanugrahaning rohipun. Ing perangan kalih saking payangipun, Paulus tumapak dhumateng perangan pungkasan lan rancangan tujuanipun. Piyambakipun ngakeni wangkoting manahipun putra-putra Yakub, lan mangertosi jalaranipun inggih punika anggenipun boten pitados lan nglawan karsanipun Allah; Paulus boten nyelaki kasunyatan punika.

Piyambakipun ugi ngiyataken tiyang-tiyang Kristen Yahudi, lan ugi tiyang-tiyang sanes ing Rum, bilih Allah bade nampi tiyang-tiyang punika sepisan malih awit kamirahanipun ingkang tanpa wates. Nanging Gusti ugi “mancing” tiyang-tiyang Yahudi lumantar tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi, kanthi nedahaken sih katresnan, watak andhap asor, kasucen lan paladosanipun ing Anatolia, lan nuntun tiyang-tiyang punika dhumateng peladosan kanthi panyambut damel sesarengan lan kasetyan.

Nanging kasunyataning lelampahan malah lelawanan kaliyan ingkang dipun pikajengaken dening Paulus. Paulus piyambak dados kurban wiwitan saking sengitipun tiyang-tiyang Yahudi. Piyambakipun dipun pejahiing Rum dedasar pitnahipun tiyang-tiyang Yahudi.

Paulus ningali wontening panampik dhumateng Piyambakipun lan injilipun, sarta mbaleni kayekten punika dhumateng tiyang-tiyang Yahudi, kados ingkang nate dipun dawuhaken nabi Yesaya. Piyambakipun nyerat “Mekaten: ‘Paranana lan kandhaa marang bangsa iki: Kowé bakal padha krungu, nanging ora ngerti. Kowé bakal padha nggatèkaké, nanging ora ngerti apa sing kelakon.Sebab pikiranmu kuwi kethul, kupingé wis dipepeti nganti padha dadi budheg, lan mripaté padha dieremaké, nganti dadi wuta. Saupama ora mengkono, mripaté rak bisa ndeleng lan kupingé rak bisa ngrungokaké, lan pikirané rak bisa ngerti, temah banjur padha mratobat lan Dakwarasaké.’ ” Rasul Paulus banjur mbacutaké paseksiné: “Andadosna ing pangertosanipun para sedhèrèk sedaya, bilih pawartos kawilujengan peparingipun Gusti Allah menika samenika sampun kawartosaken dhateng tiyang-tiyang sanès Yahudi, lan tiyang-tiyang wau sami remen mirengaken!” Sawisé Rasul Paulus muni mengkono, wong-wong Yahudi mau nuli padha bubar, lunga saka kono karo padha padu dhéwé. (Pr. Ras 28:26-29).

Paulus mapan ing lebeting pakunjaran ing Rum sawatawis taun dangunipun karana pangadilan Agami Yahudi dhumateng Piyambakipun (Pr. Ras. 23:1-28:16). Awit saking sengit lan lelawananipun tiyang-tiyang Yahudi, temahan Paulus kedah ngawonten lelampahan dhumateng Rum ing papan Sang Kaisar pribadi dados hakim kagem Piyambakipun (Pr. Ras. 27:1-28:16). Anggenipun dipun kunjara pancen boten awrat, awit pangerehing Rum ngidini Paulus mawartosaken Injil dhumateng sintena kemawon ingkang purun mirengaken.

Sawatawis tiyang Yahudi ing Rum manjing pitados, dene saperangan ageng saking para pinisepuh lan guru-guru boten purun nampi piwulangipun, nanging malah nganggep kekristenan punika piwulang ingkang nyasar saking agami Yahudi (Pr. Par 28:22). Tiyang-tiyang punika nggadhahi pangreh/ pengaruh ingkang ageng dhumateng para hakim, malah ngantos sasampunipun Paulus dipun sedani.

Raos sengitipun bangsa Yahudi dhumateng rasul Paulus sampun dumugi ing mbun-mbunan, nanging layang-layangipun Paulus sampun ngrembaka tanpa wonten alangan. Malah ngantos dinten punika, layang-layangipun punika ndamel tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanes Yahudi ingkang boten saged kaetang cacahipun dados pitados dhumateng Sang Kristus. Cetha sanget bilih Paulus ingkang gesang ing Sang Kristus, lumampah wonten ing amenanganipun Sang Kristus ngantos pungkasaning jaman.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka sesarengan klayan Rasul Paulus. Kawula mulyakaken Paduka amargi saking sih katresnan lan ugi duka Paduka, muji asma Paduka amargi saking sih katresnan lan pengadilan Paduka, asukarena amargi saking margi Paduka ingkang wicaksana lan kanugrahan Paduka ingkang kebak kasetyan. Kawula ugi ngucapaken panuwun amargi sampun mbekta kawula mlebet wonten ing sang Kristus, saéngga kawula saged dados putra-putranipun Paduka ingkang Paduka tresnani.

PITAKON:

  1. Apa tegesé kebak sih kanugrahan lan kawicaksananéng Gusti Allah?
  2. Kados pundi Gusti Allah saged tansah disebut adil menawi Panjenenganipun ndadosaken wangkot ati umat pilihanipun, lan ing wekasaning jaman nampi sisa ingkan suci, sarta nganggep tiyang-tiyang wau sedaya putra-putranipun Bapa Yakub?

KUIS - 3

Sedhérék ingkang kinasih,
Saksampunipun maos tafsiran saking Serat Paulus kanggé jemaat wonten ing Rum punika, panjenengan sakpunika saged mangsuli pitakénan-pitakénan punika. Menawi panjenengan saged mangsuli 90% saking pitakénan ing ngandhap menika, kula badhé kintu seri saklajengipun saking pasinaon kita kanggé piwulang kagem panjenengan. Ampun kesupén nyerat asma jangkep panjenengan lan ugi alamatipun wonten ing wangsulan panjenengan.

  1. Apa alesan rasa dukané Paulus kang jero?
  2. Apa kang dirilakaké bakal dikurbanaké dénéng Paulus supaya bangsané bisa kaslametaké?
  3. Pinten cacahipun hak istimewanipun umat prajanjia ingkang lami, ingkang disebutaken dénéng Paulus? Pundi ingkang paling wigatos kanggé panjenengan?
  4. Menapa sebabipun kanugrahanipun Gusti Allah boten saged nylametaken kathah tiyang ing antawisipun umat pinilihipun Gusti Allah, ingkang malah dhumawah saking paukuman dhumateng paukuman sanésipun?
  5. Menapa teges saking dipun pilihipun Ishak lan tedhak turunipun sarta kapilihipun Yakub ing antawisipun kekalih putra Rama Ishak?
  6. Menapa wadi saking pilihanipun Gusti Allah?
  7. Apa sebabé ora ana manungsa kang sejatine pantes kapilih dénéng Gusti Allah? Apa alesané Panjenengané milih kita?
  8. Apa sebabé Gusti Allah ndadékaké atine Firaun wangkot? Kaya ngapa wujudé ati kang wangkot ing antarané manungsa, suku, utawa bangsa kang ana?
  9. Sapa kang dadi grabah kamurkané Gusti Allah, lan apa alesané wong-wong iku padha ora gelem nuruti kersané Gusti Allah?
  10. Apa tujuan grabah sih katresnané Gusti Allah, lan ana ing endi wiwitané?
  11. Apa sebabé mayuta-yuta wong pracaya saka saindering jagad padha nampa bebeneré Gusti Allah lan dikuwataké ana ing bebener iku?
  12. Apa sebabé wong-wong kang padha taat ibadah ana ing agama iya padha ngupaya netepi angger-angger agamané kanggo nggayuh bebeneré Gusti Allah?
  13. Apa tegesé semboyané Paulus: Kristus punika paneteping angger-angger Torét?
  14. Menapa sebabipun tiyang-tiyang Yahudi tansah nganti-anti rawuhi sang Mesiasipun?
  15. Apa sesambungan antarané iman lan kaseksén?
  16. Kados pundi iman lan kaseksén kanthi praktis saged tuwuh miturut piwulangipun Rasul Paulus?
  17. Kados pundi caranipun menawi wonten tiyang ing jaman punika ngersakaken badhé mireng, mangertos lan nampi Injil?
  18. Menapa sebabipun Gusti Allah ndadosaken manungsa saged dipun dadosaken putra-putranipun Panjenenganipun saking antawisipun bangsa-bangsa minangka umat pinilih?
  19. Apakah makna dari perkataan Allah kepada Elia bahwa Ia sudah menyimpan tujuh ribu orang di Israel, yang lututnya tidak dipakai untuk bersujud kepada Baal?
  20. Apakah makna perkataan Paulus bahwa ia dan para pengikut Kristus berlatar belakang Yahudi tergolong di dalam kelompok sisa dari antara umat Allah?
  21. Apa tegesé pangandikané Gusti Allah marang Elia menawa Panjenengané nyingidaké wong Israel cacah pitung éwu, kang dhengkulé ora padha sumujud marang Baal?
  22. Apa tegesé piwulangé Paulus menawa dhéwéké lan para pandhéréké sang Kristus saka bangsa Yahudi iku kalebu kelompok sisa di antarané umat kagungané Gusti Allah?
  23. Apakah artinya dicangkokkan ke dalam tubuh Kristus secara rohani?
  24. Siapakah yang akan terancam bahaya jika cangkokannya menjadi rusak?
  25. Apa tegesé dicangkokaké marang badan rohanipun sang Kristus?
  26. Sinten ingkang bakal cilaka menawi wonten cangkokan ingkang dados risak?
  27. Apa tegesé kebak sih kanugrahan lan kawicaksananéng Gusti Allah?
  28. Kados pundi Gusti Allah saged tansah disebut adil menawi Panjenenganipun ndadosaken wangkot ati umat pilihanipun, lan ing wekasaning jaman nampi sisa ingkan suci, sarta nganggep tiyang-tiyang wau sedaya putra-putranipun Bapa Yakub?

Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika :

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 11:09 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)