Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 060 (Warning the Believers of the Gentiles of being Proud)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
5. Pangajeng-ajeng saking putra-putranipun Yakub (Rum 11:1-36)

c) Pawanti-wanti dhumateng tiyang pitados ingkang sanés saking tiyang Yahudi supados boten sami gumunggung dhumateng para putranipun Bapa Yakub (Rum 11:16-24)


RUM 11:16-24
16 Yèn cuwilané roti sing dhisik dhéwé kacaosaké marang Gusti Allah, kuwi ateges yèn roti mau kabèh kacaosaké Gusti Allah. Yèn oyodé kagungané Gusti Allah, ateges nganti saepang-epangé iya kagungané Gusti Allah. 17 Upamané mengkéné: Ana pang sawetara sing dipagas saka wit zaitun sing becik. Banjur ana pang saka wit zaitun alasan sing dicangkokaké ana ing wit zaitun sing becik mau. Kowé para wong precaya sing asalé saka bangsa dudu Yahudi, kuwi kena diumpamakaké pangé wit zaitun alasan mau. Lan saiki kowé padha mèlu ngrasakaké kekuwatan lan kalubèraning uripé wong Yahudi. 18 Mulané kowé aja padha ngina marang wong-wong sing padha kapagas kaya pang-pangé wit zaitun mau. Kepriyé bisané gumunggung? Kowé rak mumg pang waé; kowé rak ora nyangga oyoding wit, malah oyod kuwi sing nyangga kowé. 19 Kowé uga bisa kandha mengkéné: "Pang-pang kuwi enggoné kapagas rak supaya aku dicangkokaké ana ing kono?" 20 Kuwi bener. Enggoné padha kapagas kuwi merga padha ora precaya, lan enggonmu kacangkokaké kuwi merga kowé padha precaya. Nanging aja padha gumunggung, aluwung padha wedia. 21 Sebab menawa Gusti Allah ora ngéman wong Yahudi, yakuwi pang-pang sing asli, apa kokkira bakal ngéman marang kowé? 22 Srana mengkono kita sumurup kemurahané lan kerasé Gusti Allah. Panjenengané keras tumrap wong sing nampik marang Panjenengané, nanging loma marang kowé, semono mau yèn kowé padha lestari ana ing sih-rahmaté. Nanging yèn kowé ora lestari ana ing sih-rahmaté, kowé bakal kapagas uga. 23 Menawa wong Yahudi sing wis padha kapagas mau, pada bali mratobat menèh, wong-wong mau bakal padha kabalèkaké, katancepaké menèh ana ing wit zaitun sing becik mau, jalaran Gusti Allah kagungan pangwasa nancepaké wong-wong kuwi mau menèh. 24 Kowé, para wong kapir, kaya pangé wit zaitun alasan sing kapagas, kacangkokaké ana ing wit zaitun sing becik sing dudu asalmu. Déné wong Yahudi kuwi kaya pangé wit zaitun sing becik mau; rak luwih gampang ing ngatasé Gusti Allah, nancepaké pang sing dipagas mau, kabalèkaké menèh ana ing wité sing asli.

Paulus nandhesaken bilih Abraham kaleresaken namung dening sih rahmat, lan Piyambakipun ngakeni bilih tedhak turunipun Abraham ugi bade kaleresaken menawi sami pitados kados dene ingkang dipun lampahi dening leluhuripun punika, awit menawi oyoting witipun sae, pang-pangipun ugi bade dados sae. Wiwitanipun tiyang-tiyang Kristen ugi kados tiyang manca ing Kratoning Allah. Tiyang-tiyang Kristen kados pang-pang wit jaitun ing ara-ara samun, nanging astanipun Allah sampun nyangkokaken tiyang-tiyang punika dateng wit jaitun ingkang diwasa, kados dene Abraham lan tedak turunipun, temah sami saged gesag saking tlutuhipun, lan ngedalaken woh saking kakiyatanipun. Nanging menawi astanipun Gusti ngethok sawatawis pang ingkang asli kangge nyakokaken pang sanesipun, pang sanesipun punika boten pareng kumenthus lan menggalih bilih dirinipun sami saenipun lan sami ajinipun kaliyan pang ingkang dipun kethok punika.

Tiyang-tiyang Yahudi punika kados pang ingkang dipun kethok karana sami nampik Sang Kristus lan karahyonipun, dene pang enggal ingkang dipun cangkokaken punika tiyang-tiyang Kristen ingkang sampun sami pitados dhumateng Putranipun Allah. Pang enggal ingkang dipun cangkokakaen punika gampil dados kumenthus, lan ngucapaken bilih para putra Abraham punika nistha lan dipun sengidi. Sinten ingkang dados kumenthus lan ngongasaken diri pribadi bade dawah dhumateng karisakan. Pramila Paulus ngengetaken tiyang-tiyang Kristen Yahudi supados boten dados kumenthus.

Sang Rasul nglajengaken lan nerangaken bilih Allah ingkang Suci boten rumaos eman dhumateng pang-pang asli menawi sami boten ngedalaken woh, nadyan Panjenenganipun sampun asring paring dawuh lumantar prajanjianipun. Panjenenganipun langkung remen ngethok pang enggal punika menawi pang punika mbekta penyakit lan boten ngendelaken kakiyataning oyot mulihaken. Paulus ngendika bab kamirahan lan ugi ngengingi bab anggenipun Allah teges. Punika nyata srana anggenipun Allah ngethok pang ingkang boten ngedalaken woh menawi masrahaken diri dhumateng kalairan malih, panyucen, lan dhumateng kayekten. Kamirahanipun Allah kawujudaken srana anggenipun nyakokaken tiyang-tiyang punika dhumateng Sang Kristus, karna Panjenenganipun punika wit jaitun rohani, lan tiyang-tiyang sami bade kapulihaken lan ngedalaken woh menawi sami gndhelan bakuh dhumateng Panjenenganipun. Nanging menawi wangkot lan nglawan pakaryanipun Roh Suci, Panjenenganipun bade ngethok tiyang-tiyang punika malih.

Gusti Yesus sampun nerangaken wewaton punika srana dawuh “Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku, lan Aku nunggal karo wong mau, bakal metokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowé ora bisa apa-apa. Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwi kaya pang sing dipagas, banjur dadi garing. Pang-pang sing mengkono mau bakal diklumpukaké lan dicemplungaké ing geni, sarta kaobong.” (Yok. 15:5-6).

Nanging tiyang-tiyang Yahudi ingkang nate dados pang lan lajeng dipun kethok saking wot jaitun punika, menawi manjing pitados dhumateng Gusti Yesus minangkan Allah, bade kacangkokaken malih dening astanipun Gusti. Allah saged nindakaken prekawis ingkang elok. Panjenenganipun saged maringaken pigesangan dhumateng pang ingkang sampun dipun kethok, lan awit saking punika sawatawis tiyang Yahudi saged wangsul malih lan pitados dhumateng Gusti Yesus Juruwilujengipun.

Menggahing kita, Allah boten sengit dhumateng kita nadyan nalika kita taksih nandhang dosa, nanging Panjenenganipun nyucekaken kita srana rahipun Sang Kristus ing salebeting pamratobat lan nuntun kita dening Roh Suci dhumateng pigesangan sejatos. Kanthi mekaten Panjenenganipun arsa milujengaken sadaya para putranipun Abraham, dadosa saking suku Ismail, lan ugi para putra Yakub menawi sami ngupadi kayekten. Gusti Yesus nyangkokaken tiyang-tiyang punika malih kangge ngedalaken woh kathah wonten ing pigesanganipun piyambak-piyambak

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka amargi Paduka sampun ndadosaken kawula bener, senajan sejatosipun kawula boten tepang bebener, lan Paduka sampun nyucékaken kawula lumantar sih katresnan Paduka, dalah nyangkokaken kawula wonten ing badan rohaninipun sang Kristus. Saiba agung hak ingkang sampun kawula tampi kanthi tanpa bayar! Tulungana kawula supados boten namung nglakoni gesang kanggé dhiri kawula piyambak, utawi dados gumunggung, ananing supados kawula tansah makarya kanggé tiyang kathah ingkang sami boten mangertosi kabecikan supados sami mlebet dhumateng gesang ingkan saé saking sih katresnan Paduka.

PITAKON:

  1. Apa tegesé dicangkokaké marang badan rohanipun sang Kristus?
  2. Sinten ingkang bakal cilaka menawi wonten cangkokan ingkang dados risak?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 10:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)