Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 050 (The Spiritual Privileges of the Chosen)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)

2. Hak istimewa rohani kagem umat kang pinilih (Rum 9:4-5)


RUM 9:4-5
4 Wong-wong kuwi umat pilihané Gusti Allah. Wong-wong mau padha diangkat dadi para putrané Gusti Allah piyambak, lan padha diparangi kamulyan. Gusti Allah wis damel prejanjian karo wong-wong mau sarta padha diparingi Torèt. Wong-wong mau padha ngerti bab patrapé ngabekti marang Gusti Allah lan padha diparingi prasetyan-prasetyan déning Gusti Allah. 5 Wong-wong mau padha dadi anak-turuné para leluhuré bangsa kita, lan Gusti Yésus Kristus manut tata kamanungsané klebu bangsané wong-wong mau. Pinujia Gusti Allah, sing ngerèh samubarang, pinujia ing salawas-lawasé! Amin.

Paulus kepengin ngengetaken Pasamuwan Rum bab hak mirunggan tata karohanen tumrap bangsanipun. Piyambakipun ngakeni bilih hak mirunggan punika boten mitulungi Piyambakipun lan bangsanipun kangge tepang lan nampi Sang Mesih ingkang sejatos; awit saking punika tiyang-tiyang punika sami sengit dateng Sang Mesih lan meri dateng Panjenenganipun ngantos masrahaken Panjenenganipun dipun salibaken, mangkotaken manahipun, malah nadyan dateng Roh Suci. Kados dene pepeteng dumados sekedhik baka sekedhik, boten sanalika, mekaten ugi dumadosing manah wangkot ing antawising bangsanipun.

Berkah pnp ingkang dipun gadhahi sasedherek bangsanipun Paulus ingkang boten dipun gadhahi dening bangsa-bangsa sanes?

Naminipun sakawit inggih punika. para putraning Yakub, sanes bangsa Israel. Nanging bapakipun ingkang kadakwa dening dosanipun, boten kersa ngeculaken Gusti menawi Panjenenganipun boten mberkahi Piyambakipun. Awit imanipun Yakub ingkang teguh punika lajeng Gusti ngewahi naminipun dados Israel, ingkang tegesipun “dheweke ingkang gulet karo Allah, “El,” lan tetep gondhelan dateng imanipun. Raganipun Yakub boten rosa, lan ugi boten nggadhahi pratingkah sae, nanging imanipun bakuh wonten ing gesangipun, ingkang nylametaken Piyambakipun saking kamurkan lan bebendunipun Allah (Pur. 32:22-32).

Yakub punika salah satunggaling leluhuripun Gusti Yesus. Gusti Yesus punika Cempening Allah ingkang mbirat dosaning jagad, ingkang gulet kaliyan Allah kangge nylametaken kita saking bebenduning dosa kita. Panjenenganipun ngugemi imanipun dumateng Allah lan boten ngeculaken ngantos Allah mberkahi kita sadaya. Putranipun Maryam punika Juruwilujeng kita ingkang nguwalaken kita saking sadaya bebendu. Pramila saking punika, sejatosipun ingkang gulet kaliyan Allah punika sanes Yakub, nanging Gusti Yesus, inggih Israel ingkang sejatos ingkang sampun nebus kita saking kamurkanipun Allah.

Tiyang-tiyang Yahudi, tiyang-tiyang Kristen, lan sintena kemawon ingkang boten nampi pantara punika, ingkang gulet kaliyan perkawis punika, boten bade pikantuk perangan berkahipun, lan boten kalebet dateng umat pilihanipun sacara rohani. Manahipun Paulus sedih sanget karana mirsani bilih kathah umatipun Gusti ingkang boten nyipati hak ingkang dipun janjekaken, nanging nampik hak punika amargi anggenipun sami wuta lan kumenthus.

Gusti mrentah nabi Musa supados sowan dateng Sang Pringon/ Firaun ing Mesir lan matur bilih para putranipun Yakub punika para putranipun Allah ingkang pambarep (Pangt. 4:22; Pang. Toret 14:1; Hosea 11:1-3). Gusti nlangsa awit saking wangkoting para putra ingkang boten purun ngurmati Panjenenenganipun, nadyan Panjenenganipun sampun maringi hak dados putranipun. Tiyang-tiyang punika boten kalairaken malih, nanging nggadhahi hak dados putra-putra mbarepipun Gusti.

Kamulyanipun Gusti dedunung ing padaleman ingkang mahasuci, perangan ingkang paling lebet saking Kemah Suci, nalika umat pilihan punika sami lumampah ing ara-ara samun. Gusti ngreksa lan nuntun umatipun anglangkungi bebaya, lan nindakaken kathah mukjijat (Pang. 40:34; Pang. Toret 4:7; 1 Para Raja 2:11; Yes. 6:1-7; Ibr. 9:5). Nanging Gusti midana umat pilihanipun punika lan ngancam kanthi pidana pejah awit saking anggenipun boten pitados, nanging Musa lan Harun nyuwun kaslametanipun tiyang-tiyang punika saking pepejah karana kamulyanipun Allah (Wil. 14:1-25).

Paulus ngengetaken bangsa Yahudi bab hak mirungganipun ingkang kapanggihaken wonten ing janji-janji ingkang nedahaken kaagungan lan pangwasanipun Allah, bilih Gusti ingkang nitahaken jagad lan dados Hakim ingkang adil punika, sampun ngiketaken diripun kaliyan bangsa ingkang alit punika ngantos salaminipun. Kitab Suci nyerat bab janji-janji punika:

Janjinipun Allah dateng nabi Nuh (Pur. 6:18; 9:9-14).
Janjinipun Allah dateng Abraham (Pur. 15:18; 17:4-14).
Janjinipun Allah kaliyan Iskak lan Yakub (Pur. 26:3; 28:13-19; Pang. 2:24).
Janjinipun Gusti kaliyan Musa (Pang. 2:24; 6:4; 24:7-8; 34:10, 28).

Nanging emanipun umat prajanjian ingkang lami punika wongsal-wangsul nilaraken prajanjian punika sawatawis wegdal. Pramila nabi Yeremia ngendika bilih Gusti sampun netepaken badhe akarya prajanji ingkang enggal, kalebet kalairan rohani saking umat ingkang swaunipun mbalela (Yer. 31:31-34).

Angger-anggering Toret dados dasar prajanjianipun Gusti kaliyan umatipun lumantar nabi Musa. Kitab prajanjian ingkang isi sedasa pepaken punika dados pathokan kangge sadaya 613 prentah, ingkang isi 365 prentah ingkang asipat negatip (boten pareng dipun tindkaken) lan 248 prentah ingkang asipat positip (kedah dipun tindakaken), miturut Maimonides.

Ing wiwitaning sadaya prentah punika, kita ningali wonten dhawuhipun Gusti Piyambak, “Ingsun iki Gusti Allahira. Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningsun.” (Pang. 20:1-3).

Sinten ingkang naliti pikajenging prentah punika, bade manggihaken prentah “Sira padha disuci, awitdene Ingsun Yehuwah Allahira iki suci” (Kaimaman 19:2). Wosing prentah punika “Sira tresnaa marang Gusti Allahira kanthi gumolonging atinira lan gumolonging nyawanira sarta kanthi gumolonging budinira” (Pang. Toret 6:5), lan ugi “sira tresnaa marang pepadhanira kayadene sira tresna marang awakira dhewe” (Kai. 19:18).

Nanging kita ningali bilih boten wonten tiyang satunggal kemawon, kajawi Gusti Yesus, ingkang saged netepi sadaya prentah punika (Jab. Mzm 14:3; Rum 3:10-12).

Panembah dumateng Allah ing Kemah Suci, salajengipun wonten ing Bait Suci ing Yerusalem, kawiwitan panuntut wontenipun panyucen saking tiyang-tiyang dosa lumantar kurban arupi ludira/ getih ingkang katindakaken supados saged sowan dumateng Allah lan atur sembah bekti dumateng Pnjennganipun ing salebeting kasucen. Prekawis punika saged dipun lampahi srana ngambali wongsal-wangsul jabur mazmur, pepujian, lan panyuwunan, pengakening dosa, tumindaking pangabekti lan panembah. Sinten ingkang nggatosaken kanthi saestu dateng kitab Jabur, bade nyumurupi kanthi cetha greget netepi piwulang punika. Prekawis ingkang paling baken saking panembah punika, kajawi nindakaken kurban, inggih punika. nampi berkah.

Sadaya pangabekti punika punjeripun mapan ing dinten pahargyan, mliginipun pahargyan Paskah, Pentekosta, Pondok Daun, lan dinten Pirukun.

Pusering padununganipun Allah wonten ing Bait Suci ing Yerusalem neguhaken patunggilaning bangsa punika. Nanging nadyan wonten pusering gesang karohanen ingkang mekaten, wonten kathah Dusun ingkang ndamel mesbeh-mesbeh (papan kurban) kangge Baal (brahala) lan nyaosaken pisungsung-pisungsung mirunggan dateng ilah-ilah sanes, yasa patung-patung lan gambaripun, ingkang nuwuhaken kamurkanipun Allah dateng bangsa punika.

Prajanjian Lami kebak kaliyan janji ingkang wigatos sanget, ingkang ing lebetipun kita manggihaken 3 tujuan:

a) Karawuhan, pangapunten, pangreksa lan panglipur saking Gusti Allahipun (Pang. 34:9-11)
b) Janji bab rawuhipun Sang Kristus, Ratuning Tentrem rahayu, lan Cempening Allah ingkang alus ing budi (Pang. Toret 18:15; Yes. 9:5-6)
c) Tumedhakipun Roh Suci dateng umat pilihanipun lan sadaya manusa (Yer. 31:31-34; Yeh. 36:26-27; Yoel 3:1-5).

Nanging eman sanget, bilih saperangan ageng tiyang-tiyang Yahudi boten tepang dateng Cempenipun Allah ingkang sampun rawuh, ratuning bangsanipun. Bangsa Yahudi boten maelu dateng tumedhakipun Roh Suci, amargi sami ngajeng-ajeng bade pikantuk kakiyatan sacara politik. Pramila, bangsa punika boten ngrumaosi dosa-dosanipun, boten ngupadi kalairan enggal tumrap gesangipun. Kathah janji ingkang sampun dipun tetepi dening tumindakipun Gusti Yesus lan tumedhaking Roh Suci dateng para pendherekipun, nanging saperangan ageng saking umat pilihan punika boten ngrumaosi, lan boten nampi kelampahing sadaya janji punika dateng bangsa punika.

Ramaning umat pilihan punika sanes satunggaling winasis, nanging satunggaling pangen lan imam kagem tiyang-tiyang sanes. Umat pilihan punika dipun wakili dening Abraham, Iskak lan Yakub, amargi imanipun ingkang tulus ngawonaken karingkihanipun. Gustining prajanjian punika dipun timbali minangka Allahipun Abraham, Allahipun Iskak lan Allahipun Yakub (Pur. 35:9-12; Pang. 3:6; Mat. 22:32).

Musa, Dawud lan Elia, utawi pribadi sanes ingkang ugi penting ing Prajanjian Lami, boten yasa Universitas utawi Akademi, nanging wongsal-wangsul ngalami kayekten lan pangwasanipun Gusti, nadyan wonten kanisthaning manusa. Para priyagung punika gesang selaras kaliyan imanipun, dados patuladhan ingkang sae tumrap manusa ing jamanipun, dados tuking berkah kagem tedhak turunipun.

Nanging, hak mirunggan lan pakurmatan ingkang paling ageng tumrap bangsa Israel inggih punika. rawuhipun Sang Mesih ingkang dipun ajeng-ajeng, Ratuning para ratu, Sabdanipun Allah ingkang manjalma manusa, ingkang ing Panjenenganipun kita nyipati pagereh, pangwasa lan sih katresnanipun Allah ingkang kasunyatan ing antawisipun manusa. Panjenenganipun ngandeika “Ingsun iki pepadanging jagad,” awit sih katresnanipun Allah dumunung ing Panjenenganipun, Roh Suci mulyakaken Panjenenganipun. Panjenenganipun lan Allah punika tunggil, kados dene ingkang dipun dhawuhaken “Ingsun lan Sang Rama iku siji” (Yok. 10:30). Selaras kaliyan kayekten punika, Rasul Paulus nyebat Pnajenenganipun punika Allah. Piyambakipun boten namung nyebat “satunggaling allah”, nanging Allah ingkang sejatos, kados dene sadaya greja ngakeni bilih Sang Kristus punika Allah saking Allah, pepadhang saking pepadhang, Allah sejatos saking Allah sejatos, kalairaken, sanes katitahaken, satunggal dat kaliyan Kang Rama.

Tiyang-tiyang Yahudi dados nepsu sanget, ndamel reribet, lan nyupatani tiyang-tiyang Kristen karana pangakenipun Paulus ingkang kasebataken ing layangipun dateng pasamuwan Rum. Saperangan ageng tiyang Yahudi nganggep bilih Gusti Yesus punika penyesat, ingkang nyasaraken, panyawiyah lan pambalela dumateng Allah, lan sami nyaosaken Panjenenganipun dateng bangsa Rum ingkang ngereh bangsanipun, supados kasalib. Tiyang-tiyang Yahudi punika mangkotaken manahipun wiwit jamanipu Yesaya, inggih punika. taun 700 saderengipun Masehi (Yes. 6:9-13; Mat. 13:11-15; Yok. 11:40).

Saking ayat punika kita nyumurupi wangkoting manahipun tiyang-tiyang Yahudi dados saya sanget lan cetha. Tiyang-tiyang punika boten mratobat saking dosa-dosanipun, nanging nganggep diri leres karana netepi angger-anggering Toretipun Musa, lan nganggep tiyang-tiyang sanes minangka tiyang-tiyang nistha.

Nalika wangkoting manahipun saya ndadra, Yokanan Pambaptis rawuh saperlu nyawisaken margi kagem Sang Kristus, lan sawatawis saking bangsa punika sami kabaptis. Tiyang-tiyang punika mireng saking Yokanan Pabaptis bilih Gusti Yesus punika Cempening Allah, lan sami mangertos bilih Gusti Yesus badhe mbaptis klayan Roh Suci kangge netepaken satunggaling kraton rohani ingkang enggal; lan sadaya sami kabaptis dening satunggaling swanten ing ara-ara samun ingkang kacawisaken kangge nampi Sang Kristus. Gusti Yesus boten nimbali para ahli Toret, tiyang-tiyang mursid/ saleh, utawi para winasis kinen ndherek jenenganipun, nanging Pnjenenganipun nimbali tiyang-tiyang ingkang sampun ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Yokanan Pambaptis, lan dados muridipun salajengipun kapenuhan deing Roh Suci. Wewadi wonten ing tiyang-tiyang pilihan punika boten gegayutan kaliyan kawruh, utawi kasugihan, utawi pengalaman politis, utawi kaagungan, nanging pangaken lan panlangsaning dosa. tiyang ingkang temen-temen ngakeni dosa-dosanipun nampeni kaslametan saking Sang Kristus lan pikantuk gesang langgeng.

Hak mirunggan ingkang sah, ingkang dipun raosaken dening bangsa Israel, minangka tambahan tetunggilanipun Allah kaliyan bangsa punika, malah mbekta temahan/ akibat ingkang awon tumrap saperangan ageng tiyang-tiyang Yahudi. Tiyang-tiyang punika dados rumaos kumenthus lan rumaos langkung hebat kabandig bangsa-bangsa sanes, lan sami nganggep diri leres, temah boten perlu mratobat. Tiyang-tiyang punika boten mangertosi dosa-dosanipun Piyambak, nanging mangkotaken manah atusan taun mbalela dumateng Allah, mbalela dumateng Sang Kristus, ugi mbalela dumateng Roh Suci, ngantos dados sugih ing babagan hak, nanging mlarat ing salebeting roh.

Ing mangsa ingkang kawuri, Paulus ugi dados peranganing bangsa punika, panatik lan kumenthus. Piyambakipun nganiaya para pendherekipun Sang Kristus, meksa tiyang-tiyang Kristen supados nyelaki imanipun, sarta mejahi sawatawis ingkang sami teguh imanipun. Nanging pepanggihanipun kaliyan Sang Kristus celak Damsyik, ngluruhaken panggayuhipun, lelamunan lan kasombonganipun, lan ndamel Piyambakipun ngakeni sadaya panerak lan kanisthanipun. Piyambakipun karemuk dening kanugrahanipun Sang Kristus, kalairaken malih dening Roh Suci, lan dados rasulipun Gusti Yesus.

Paulus mangertos bilih ingkang nylametaken Piyambakipun sanes karana Piyambakipun dados tedhak turunipun Abraham, lan sanes amargi katetak, nanging pirukun saking Sang Kristus lan amargi kapenuhan Roh Suci. Kanthi mekaten, tetiyang kacangkokaken dateng sarira rohaninipun Sang Kristus, dados gegelitaning badan punika. Lumantar pekabaran Injil ingkang katindakaken dateng generasi enggal turunipun Abraham, Paulus ngakeni biih Kratonipun Allah boten bade sami kaliyan kraton politis Israel. Temahanipun, sarira rohaninipun Sang Kristus ngalami sangsara panganiaya ingkang awrat sanget ing Israel nalika samanten. Paulus boten wicanten prekawis pamarentahan politis, nanging prekawis kraton rohani saking Sang Kristus, ingkang badhe kasunyatan wonten kasaenan, kayekten lan kasucen wonten pundia kemawon ing donya punika.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngucapaken panuwun amargi kesabaran Paduka dhumateng umat pilihan Paduka, sarta kawula ngagungaken asma Paduka amargi saking janji ingkang Paduka paringaken wonten ing Prajanjian Lami kanggé bangsa kang wangkot punika, senajan sampun ngadhepi kathah pameling dalah paukuman saking Paduka. Gusti apuntenanan kawula dalah bangsa kawula, menawi kawula boten sami purun nampi sih katresnan ingkang ageng kanthi iman lan setya kawula, lan ugi mugi Gusti slametakena para putranipun Bapa Abraham lumantar panganyaring pikiranipun, sarta nyucékaken atinipun kanggé Gusti Yesus Kristus ingkang gesang.

PITAKON:

  1. Pinten cacahipun hak istimewanipun umat prajanjia ingkang lami, ingkang disebutaken dénéng Paulus? Pundi ingkang paling wigatos kanggé panjenengan?
  2. Menapa sebabipun kanugrahanipun Gusti Allah boten saged nylametaken kathah tiyang ing antawisipun umat pinilihipun Gusti Allah, ingkang malah dhumawah saking paukuman dhumateng paukuman sanésipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 04:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)