Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 049 (Paul’s Anxiety for his Lost People)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)

1. Rasa kuatiré Paulus menawa bangsané bakal padha kélangan (Rum 9:1-3)


RUM 9:1-3
1 Apa sing dakkandhakaké iki nyata, yakuwi aku iki kagungané Sang Kristus. Swaraning batinku, sing dierèh déning Sang Roh Suci, uga mèlu neksèni, yèn aku ora goroh. 2 Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih! 3 Merga bangsaku mau, aku rila upama awakku ditamani bebendu déning Gusti Allah lan dipisahaké saka sihé Sang Kristus.

Rasul Paulus miwiti katranganipun ngengingi wangkoting manahipun tiyang-tiyang Yahudi kanthi pitembungan ingkang ngedab-edabi, “Aku ngucapake kayekten ana ing Sang Kristus”. Piyambakipun boten nyebataken satunggaling wewaton, utawi pemanggih pribadi, nanging wicanten bab satunggaling kawruh ingkang nyakitaken lan tamtu bakda ngalami kasangsaran ingkang dipun jalari Piyambak, nanging lumantar tetunggilaniun kaliyan Sang Kristus. Piyambakipun boten ngedum keyakinan pribadinipun, nanging Gusti Yesus ingkang ngendika dateng Piyambakipun, karana Gusti punika sesirahing karohanen, lan para pendherekipun punika badan karohanenipun lan gegelitaning badanipun.

Paulus nandhesaken dateng ingkang sami maos layangipun punika bilih pangakenipun ingkang tulus punika leres, kanti pitembungan, “Swara atiku melu nekseni ana ing Roh Suci. Sang Kristus iku Juruslametku, ana ing Panjenengane iku Roh Kayekten iku makarya.” Roh punika boten ngèndelaken wontenipun goroh, wolak-waliking kayekten, panyasar, utawi lelamunan, nanging mbereg lan mimpin para pendherekipun Sang Kristus supados paring paseksi bab kayekten temah pangucapipun leres lan cetha.

Ati nuranipun sang rasul dados pathokan karohanen. Piyambakipun nindakaken samukawis boten namung karana pimpinaning perasaanipun, nanging karana manahipun sampun dipun enggalaken lan dipun pasrahaken dateng tuntunanipun Roh Suci. Rohipun Allah punika ngantepaken tentrem rahayu ing salebeting ati nuraninipun lan resiking pitembunganipun. Dados, paseksinipun leres kanthi pamawas saking pundia kemawon.

Lajeng punapa ingkang dipun sekseni dening Paulus sasampunipun tetimbangan ingkang sampun dangu?

Piyambakipun paring paseksi bilih Piyambakipun ngraosaken kasedhihan ingkang lebet karana pambalelaning bangsanipun. Sang rasul sedhih sanget tumrap sedherek-sedherekipun lan para mitranipun ingkang dipun tresnani temah raos sedhih boten nate oncat saking manahipun.

Satunggaling kasedhihan ingkang ageng awit atosing karohanen saking bangsanipun ingkang saya sanget, tuwuh ing manahipun lan tansah ngetutaken. Manahipun sedih sanget karana kathah sanget saking bangsanipun ingkang wuta sacara rohani lan boten saged nyipati kayekten ingkang dipun tedahaken. Pramila, sang rasul kepengin nylametaken tiyang-tiyang punika, nanging tiyang-tiyang punika boten purun dipun slametaken, karana sami nganggep dirinipun leres, lan rumaos boten mbetahaken kaslametan ingkang dipun aturaken dening Paulus.

Kasedhihanipun Paulus ngantos anggenipun cumadhang katundhung lan nanggel paukuman kagem bangsanipun, menawi punika pancen ndatengaken kawilujengan tumrap bangsanipun. Katresnanipun dateng bangsanipun lebet sanget, ngantos Piyambakipun cumadang katampik dening Gusti Yesus, menawi punika saged nylametaken bangsanipun.

Paulus nganggep bangsanipun ingkang ketriwal punika minangka kulawarganipun Piyambak. Piyambakipun nganggep bangsanipun minangka sanak lan kadang, karana tedhak turun ingkang sami. Piyambakipun cumadang nindakaken lan ngaturaken pnp kemawon murih kaslametaning bangsanipun saking bebendunipun Allah.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, Paduku muwuh nangisi kitha Yerusalem (Lukas 19:41), dalah nandhang sangsara saking wangkot lan boten-taatipun bangsa Paduka, nanging Paduka maringaken pangapunten dhumateng tiyang-tiyang punika wonten ing kajeng Salib nalika Paduka ndedonga, “Dhuh Rama, kalepatanipun tiyang-tiyang menika mugi Paduka apunten, amargi mboten sami mangertos menapa ingkang sami dipun tindakaken” (Lukas 23:34). Tulungana kawula, Gusti, supados saged nresnani umat Paduka, lan ugi ndedonga kanggé tiyang-tiyang punika, sarta kanggé para putranipun Bapa Yakub, supados sami mratobat kanthi manah kang tulus lan nampi Paduka. Amin.

PITAKON:

  1. Apa alesan rasa dukané Paulus kang jero?
  2. Apa kang dirilakaké bakal dikurbanaké dénéng Paulus supaya bangsané bisa kaslametaké?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 04:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)