Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 033 (The Believer Considers Himself Dead to Sin)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

1. Tiyang-tiyang pitados nganggep dhirinipun sampun pejah tumrap dosa (Rum 6:1-14)


RUM 6:1-4
1 Yèn mengkono, kita arep muni apa menèh? Apa kita kudu mbacutaké gawé dosa, supaya kanugrahané Gusti Allah saya wuwuh akèh? 2 Mesthi ora! Kita rak wis padha diuwalaké saka dosa; mulané kepriyé déné kita padha urip ana ing sajroning dosa mau! 3 Apa kowé ora ngerti, yèn enggon kita dibaptis kuwi, kita ditunggilaké karo Sang Kristus Yésus? 4 Kuwi ateges kita ditunggilaké karo sédané. Srana baptisan mau kita dikubur bebarengan karo Sang Kristus ana ing sédané, supaya kaya déné Sang Kristus diwungokaké saka ing séda déning kamulyaning pangwasané Sang Rama, kaya mengkono uga kita padha kaparingan urip sing anyar.

Ing bab 1-5 Rasul Paulus nedahaken dhumateng kita bilih sinten ingkang pitados dhumateng Sang Kristus sampun dipun leresaken lan kauwalaken saking bebendunipun Allah. Piyambakipun nerangaken dhumateng tiyang-tiyang Rum bilih pakaryan kaleresan punika nuntun kita mlebet dhumateng tentrem rahayu kaliyan Allah lan nresnani donya.

Sasampunipun katrangan wiwitan, Sang Rasul mangsuli pitakenan ingkang wigatos sanget ingkang kanthi sengit dipun ajengaken dening para mengsahing kayekten: Menapa kita pareng tumemen wonten ing dosa supados saya tambah sih rahmat punika, jejering Allah kawujudaken?

Anggenipun mangsuli pitakenan ingkang bengis punika, Paulus nggambaraken margi ingkang tumuju dhumateng kamenangan tumrap dosa wonten ing pigesangan kita, temah boten wonten tiyang pitados ingkang saged kasarasaken menawi piyambakipun boten maos perangan punika lan nindakaken wonten pigesanganipun. Rerembagan kita punika boten namung satunggaling piwulang kemawon, nanging tuntunan kangge pigesangan ingkang kebak kasucen.

Paulus boten ngendika “Lawanen dosa sing kok weruhi banjur kalahna kabeh,” karana piyambakipun pirsa bilih boten satunggal tiyang kemawon ingkang saged ngawonaken dosanipun piyambak kanthi kakiyatanipun. Piyambakipun boten nimbali panjenengan supados mbudidaya nglawan dhiri panjenengan piyambak, nanging piyambakipun nimbali panjenengan supados mawartosaken bilih boten wonten margining pangluwaran tumrap gesang panjenengan ingkang lami lan kanisthan panjenengan kajawi kanthi pejah sacara kasusilan.

Kados pundi kita saged pejah tumrap pangwasa wonten dhiri kita? Paulus kanthi cekak mangsuli “Awake dewe wis mati,” kados-kados satunggaling prekawis ingkang gampil numpes sang piawon. Piyambakipun ngagem tembuk ingkang sampun kawuri, kados-kados tumindaking pepejah punika satunggaling prekawis ingkang sampun rampung. Prekawis punika gumantung dhumateng pasrah sumarah lan kasregepan kita, lan kita ugi boten kedah gulet menggalih prekawis punika. Srana mekaten, pyambakipun nedahaken dhumateng kita bilih baptisan kita dados pralambang sampun kakuburipun manusa awon lan pejahing watak kita ingkang mentingaken diri pribadi. Baptisan Kristen boten namung upacara jasmani kemawon; boten namung panyucening badan kemawon, lan ugi boten namung tumetesing toya dhumateng raganing tetiyang. Baptisan punika paukuman, pepejah lan panguburan. Kanthi baptisan, panjenengan paseksi bilih Gusti sampun ngukum panjenengan ngantos pejah, ingkang panjenengan alami srana kaslulupaken. Panyingkuring dhiri, ngrucat kamanungsan lami, boten namung katindakaken wonten ing badan, nanging wonten lebeting roh, sasampunipun nampi sedanipun Sang Kristus minangka leliru. Baptisan kita mralambangaken patunggilan kita ingkang pungkasan kaliyan Sang Kristus wonten ing prajanjian katresnan kita dumateng Panjenenganipun, lan tumanjaning patuladan kasetyanipun.

Nalika Sang Kristus nyingkiraken sadaya dosa kita, kita pejah kaliyan Panjenenganipun tumrap kasombongan kita. Dados kajeng salib punika nyubles kanisthaning manusa. Sinten ingkang pitados, nyingkur dhiri lan manggul salibipun, ngakeni bilih sadaya manusa pantes katumpes saben dinten. Pejah kitaa boten kelampahan lumantar papranganing jiwa. Punika kelampahan ing wekdal ingkang sampun kawuri, nalika Gusti Yesus ngandika ing kajeng salib “Wus rampung.” Menawi panjenengan pitados, panjenengan bade kaslametaken lan kauwalaken saking pangwasaning dosa.

Sang Kristus seda lan kasarekaken boten namung kangge nunggilaken kita kaliyan sedanipun piyambak, nanging Panjenenganipun wungu saking pepejah, nuntun kita dhumateng wungunipun lan maringaken gesang langgeng dhumateng kita. Kajawi panyingkuringdiri kita, kita ugi katunggilaken kaliyan Sang Kristus dhumateng pangwasaning gesangipun pribadi. Pramila saking punika, iman kita boten namung ateges kawruh lan pranatan, nanging iman kita punika pangwasa ingkang tuwuh wonten ing gesang kita, kados-kados Sang Kristus kalairaken wonten ing gesang kita. Panjenenganipun tuwuh, makarya, mimpang lan ngawonaken piawoning badan kita. Sanes kita ingkang angsal kamenangan, nanging Panjenenganipun ingkang mimpang wonten gesang kita.

Wungu saking pepejah punika kamenangan ingkang agung lan luhur saking Rama lan Gusti kita Yesus Kristus. Lumantar wungunipun Panjenenganipun nedahaken kamulyanipun ingkang langgeng lan kayektenipun ingkang bakuh kanthi nampi pirukun lumantar Putranipun, kamenanganipun tumrap pati lan kasunyataning gesangipun ingkang suci. Pangwasanipun Allah makarya kanthi nyata wonten ing wungunipun Sang Kristus, lan pakaryaning Allah ingkang ngenggalaken punika dumados ing gesangipun tiyang-tiyang pitados ingkang tinangsulan dhumateng Sang Kristus deningiman. Kristen punika sanes agami ingkang ajrih dhumateng pepejah. Kristen punika agami pangajeng-ajeng, pigesangan lan pangwasa.

Gusti Allah punika boten tebih saking kita, ing inggiling lintang-lintang, utawi Panjenenganipun sanes awis-awis menggalih gesang kita. Panjenenganipun malah nunggil kaliyan kita ing salebeting tetangsulan ingkang boten saged kapedhot. Panjenenganipun gesang wonten gesang kita srana pangwasanipun, Panjenenganipun dedalem kaliyan kita sadinten-dinten, mimpin gesang kita dhumateng laku suci.

Dados, baptisan punika patunggilan kaliyan Sang Kristus, pepejah lan pigesangan, lan iman panjenengan punika satunggalingprajanjian ingkang enggal. Sinten ingkang nyatunggilaken gesangipun dhumateng Sang Kristus, ngakeni bilih dirinipun pejah kaliyan Sang Kristus ing kajeng salib lan wungu gesang malih wonten ing Panjenenganipun dhumateng satunggaling gesang ingkang enggal.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, Paduka sampun netepi séda wonten ing kajeng salib, lan nyatakaken gesang kawula wonten ing wungu Paduka. Kawula manembah dhumateng Paduka sesarengan klayan sedaya tiyang ingkan pitados dhumateng Paduka, ingkang sami pejah sesarengan klayan Paduka lumantar iman, lan uga ingkang samu wungu lumantar Roh Paduka. Kawula manembah dhumateng Paduka, Bapa ingkang mulya, ngucapaken panuwun amargi Paduka sampun nyatakaken kamulyan Paduka lumantar wungunipun Putra Paduka, lan sampun maringaken gesang dhumateng kawula. Tulungana kawula supados saged tansah wonten ing kanugrahan Paduka, lan mlampah seturut klayan titah Paduka wonten ing gesang ingkang suci, bebener, sih katresnan, kesabaran, andhap asor supados gesang Paduka dados kasunyatan wonten ing gesangipun tiyang-tiyang pitados.

PITAKON:

  1. Menapa tegesipun baptisan?

Panjenengan kula aturi sami mratobat,
lan nyuwuna dipun baptis
ing asmanipun Gusti Yésus Kristus,
temah panjenengan badhé tampi pangapuntening dosa;
lan tampi peparingipun Gusti Allah, inggih menika Sang Roh Suci

(Kisah Para Rasu 2:38)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 11:17 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)