Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 021 (The Privilege of the Jews does not Save them)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
2. Bebenduné Gusti Allah dicethakaké marang wong-wong Yahudi (Rum 2:1-3:20)

e) Hak istiméwané wong-wong Yahudi boten nylametaken tiyang-tiyang punika saking bebendu (Rum 3:1-8)


RUM 3:1-5
1 Yèn mengkono, apa wong Yahudi kuwi luwih pinunjul ketimbang karo bangsa-bangsa liyané, utawa bangsa-bangsa kapir? Lan tetak kuwi apa ana paédahé?2 Paédahé gedhé banget! Sebab saora-orané Gusti Allah wis maringaké pangandikané marang wong Yahudi.3 Banjur kepriyé, yèn ana sagolongané wong Yahudi sing ora setya? Apa ateges, yèn Gusti Allah kuwi ora setya?4 Mesthi ora! Sebab Gusti Allah kuwi setya tuhu, senajan manungsa kabèh padha goroh, kaya sing katulisan ana ing Kitab Suci mengkéné: "Supados Panjenengan ketitika leres ing sapangandika Panjenengan, saha menang samasa dipun adili tiyang."5 Nanging yèn merga saka duraka kita kaadilané Gusti Allah dadi lan cethané, kita arep kandha apa? Apa Gusti Allah dadi ora adil, samangsa Panjenengané ngukum kita merga keluputan kita? (Kandhaku iki manut pikirané manungsa.)

Saderengipun Paulus nyerat layangipun dateng pasamuwan ing Rum, wonten sawatawis pitakenan ing antawisipun warga pasamuwan ing ngrika. Tiyang-tiyang Kristen ingkang sanes Yahudi nganggep tiyang-tiyang Yahudi boten nggadhahi hak mirunggan lan pantes ingajenan. Pramila, tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi menika bingah nalika Paulus nandesaken ing layangipun bilih angger-anggering Toret lan tetak badhe njagsani umat prajanjian lami.

Ing sisih sanesipun, tiyang-tiyang Kristen Yahudi ingkang mbangun turut dtang Toret apitaken bab punjering kayekten lan iman. Tiyang-tiyang menika boten marem dateng katranganipun Paulus, karana piyambakipun ngremuk hak mirungganipun tiyang-tiyang menika tumrap angger-anggering Toret lan prajnajian.

Paulus pirsa sikep ing benten menika saking lelampahanipun mawartosaken Injil, lan saderengipun Paulus sampun paring wangsulan lumantar layangipun dateng pasamuwan Rum menika. Piyambakipun nganggep bilih wonten tiyang ingkang matur dateng piyambakipun “Panjenengan leres, Paulus, bilih tiyang-tiyang Yahudi pancen boten langkung mirunggan tinimbang kula sadaya.” Kanthi mesem Paulus mangsuli, “Para sedulur, sampeyan keliru, marga wong-wong Yahudi isih duwe hak kang mirunggan banget. Iku dudu marga kulit utawa marga kapinteran, utawa marga bangsa, nanging kabeh iku mung lebu lan tanah. Hak mirunggane yaiku Sabdaning Allah kang kapitayakake marang wong-wong iku. Kasunyatan iku kang bakal dadi rasa bangga lan tanggung jawabe nganti salawase.”

Paulus nganggep ugi wonten ingkang nglawan kanthi matur, “Nanging tiyang-tiyang menika boten setya lan boten mbangun turut dateng angger-anggering prajanjian.” Lan Paulus paring wangsulan kanthi nutuh lan ngandika, “Apa rumangsamu kaluputane manusa njalari janji lan kasetyane Allah wurung lan ora kanggo? Allah orang mangu-mangu, ora ngapusi. Pangandikane iku kayekten langgeng lan pondasining jagad raya. Kanugrahane Gusti ing ngarepe kanisthaning manusa iku setya lan langgeng salawase. Manawa Allah murungake prajanjian kang lawas marga dosa-dosaning umate, bakal ora ana sambungane karo prajanjian anyar kita. Malahan, kita kang ana ing prajanjian kang anyar gawe dosa luwih tinimbang umat prajanjian lawas, manawa kabanding klawan cacahing kanugrahan kang kaparingake marang kita. Mulane, awake dewe ora mbangun pangare-arep ing ndhuwure kagagalan kang cetha, utawa asil kang sanyatane, nanging mung marga saka kanugrahane Allah. Awake dewe ngakoni yen ta kita iki goroh lan luput padha karo kabeh manusa, lan awake dewe nekseni yen mung Allah pribadi kang bener lan setya. Kasetyan lan janjine Gusti ora bakal gagal

RUM 3:6-8
6 Mesthi waé ora! Sebab yèn Gusti Allah ora adil, kepriyé bisané Panjenengané ngadili jagad iki? 7 Lan menèh menawa kaadilané Gusti Allah katon luhuré, merga saka gorohku, yagéné gorohku kuwi disalahaké, lan aku dianggep wong dosa? 8 Apa sebabé kokkita ora kena muni mengkéné: "Ayo padha nglakoni piala, supaya ketara endi sing becik?" Pancèn ana wong sing ndakwa aku muni mengkono. Gusti Allah bakal ngukum wong mau manut apa mesthiné.

Nalika Paulus mbangun pangajeng-ajeng kita dhedhasar kasetyanipun Allah, piyambakipun mireng ing salebeting roh, sang piawon nutuh kanthi panguwuh-uwuh: “Piye nalare Allah iku tetep bener yen kasetyan lan kanugrahane kawujudake lumantar dosa-dosa kita? Rak ya ora adil yen Allah njegsani dosa lan urip tanpa iman menawa sejatine ana kaluputan lan kanisthan manusa kabeh kang dadi wewengan/ kesempatan nuduhake kasetyane Allah kang gede? Yen mengkono, ayo nglakoni dosa kanggo mulyakake Allah.”

Paulus boten mendel kemawon ngadepi panutuh ingkang wigatos menika, piyambakipun nerangaken kanthi lebet lumantar penggalih awrat sanesipun, saha nerangaken bilih piyambakipun boten paring katrangan menika sanes minangka rasul, nanging minangka manusa limrah. Piyambakipun ngandika, tamtu kemawon manawi kasetyanipun Allah pancen katedhahaken lumantar kadosan kita, badhe dados boten adil menggahing Allah kagem dados Hakim tumrap salumahing donya; Panajenenganipun boten kagungan hal kangge njegsani donya. Menawi mekaten, tamtu badhe dados sae tumrap kita menawi kala-kala nindakaken dosa kangge mulyakaken menapa ingkang leres.

Ing wawan pangadikan ingkang boten sae menika, Paulus boten paring wangsulan tumrap pitaken ingkang wiwitan, nanging piyambakipun nandesaken katrangan lan nyatakaken wontenipun rohing pepeteng ing lebeting tiyang-tiyang ingkang apitaken, kangge mendhet katrangan dasar saking mengsah-mengsahipun langkung rumiyin. Lajeng piyambakipun ngringkes sadaya wangsulanipun ing kalih pitembungan: ingkang sepisan, “Mesthi wae ora!” ingkang ing basa Yunani ngemu teges “Aku ora bakal ngendelake pikiran mangokono iku tuwuh ing jroning jiwaku. Aku babar pisan ora sarujuk marang penemu kang mangkono, lan Allah kang dadi saksiku manwa aku ora nduweni pikiran kang nyenyamah jroning atiku.” Kaping kalihipun, piyambakipun ngandika bilih pangadilanipun Allah badhe tumanduk dateng tiyang ingkang nyenyamah, lan bilih tiyang-tiyang ingkang nyenyamah menika boten badhe saged nginggati paukuman, badhe tumpes sanalika. Saking katrangan menika kita ningali bilih kadhang kala kita ngantos dumugi ing tataranipun para mengsahipun Sang Kristus ingkang kedah mbucal sadaya alesan lan pitakenan supados kita sampun ngantos dawah ing patrap ingkang nyenyamah. Salajengipun kita kedah wantun ngrampungi wawan pangandikan ingkang dumados lan ngendelaken tiyang-tiyang menika sawetahipun ing ngarsanipun Allah lan kamulyaning pangadilanipun.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang Mahasuci, apuntenana kawula saking wangkoting pitakénan kawula. Matur nuwun amargi Gusti kebak sabar, amarga Paduka boten nyirnakaken kawula amargi saking panerak dalah wangkoting manah kawula, nanging malah Gusti nimbali kawula supados kawula saged mirengaken sabda Paduka, lan saged nampi timbalan saking Roh Suci Paduka. Mugi Gusti bucalaken sedaya pitakenan ingkang dados tandha kirangipun kapracayan kawula dhumateng rancangan Paduka, lan mugi Gusti ngopéni kawula wonten ing kaéndahan kersa Paduka. Dhuh Gusti, kawula mboten purun dados laré-laré ingkang wangkot. Wucalana kawula sipat andhap asor kados Putra Paduka, lan kebakana kawula kanthi kawicaksananipun para rasul Paduka, saéngga wonten ing wicantenan kawula klayan tiyang-tiyang sanés kawula boten namung ngedalaken kawasisan kamanungsan, nanging tansah nyenyuwun tuntunan Paduka wonten ing sedaya peladosan kawula.

PITAKON:

  1. Menapa pitaken-pitaken piwucal ingkang diserat wonten ing serat Rum, lan menapa wangsulanipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 01:11 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)