Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 012 (The Wrath of God against the Nations)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

1. Bebenduné Gusti Allah dhumateng bangsa-bangsa dicethakaken (Rum 1:18-32)


RUM 1:24-25
24 Sarèhné manungsa dadi bodho kaya mengkono, mulané Gusti Allah nguja manungsa nglakoni prekara-prekara sing asor lan nistha manut sasenengé atiné. Kabèh padha nglakoni prekara-prekara sing rusuh. 25 Kasetyané Gusti Allah dilironi goroh. Wong-wong mau padha luwih seneng lan ngabekti marang barang gawéané dhéwé ketimbang karo Gusti Allah, sing nitahaké, sing mesthiné diluhuraké ing selawas-lawasé. Amin

Ayat 24 nedhahaken dateng kita puncaking kamurkanipun Allah. Jegsa ingkang suci menika nilaraken saben tiyang ingkang tepang dateng Allah nanging boten ngajeni, satemah sami dhawah ing hawa nepsunipun. Tiyang-tiyang menika dados wuta sacara rohani awit saking pambalelanipun. Tiyang-tiyang menika boten nyawang dateng Allah minangka punjering jagad raya, nanging sami nganggep dhirinipun dados punjering jagad, karana raos egois kawiwitan saking lebeting dhirinipun sadaya tiyang ingkang boten nresnani Allah. Pramila enering gesangipun sami ewah gingsir, lan wusananipun sami kaereh dening roh ingkang mentingaken dhiri pribadi, sanes dening Allah. Tiyang-tiyang menika gesang namung kagem kasenenganing daging lan hawa nepsu, nilaraken tanggel jawab dhumateng Allah lan nyelaki jejering Allah.

Sareng pepenginaning manusa kaereh dening hawa nepsu, dosa katingal boten namung dados teori (pamawas), nanging ugi ing salebeting tumindak, awit meh sadaya dosa katindakaken ing sajawining badan sasampunipun badan dados jember nistha. Manah lan jiwa panjenengan nutuh (mberontak) nglawan sadaya kanisthan menika, karana kanthi nindakaken dosa, panjenengan ngucemaken gambar citranipun Allah ing gesang panjenengan. Badan panjenengan katitahaken kagem padalemanipun Roh Suci, lan dosa tumraping badan panjenengan dados pangina tumrap padalemaning Roh Suci, kanthi mbekta badan panjenengan ingkang katitahaken selaras kaliyan citranipun Allah dateng kanisthan lan jejember.

Wonten sawatawis langkah tumuju dateng kanisthan. Menawi manusa minger saking Allah, piyambaking dhawah saking kawontenan limrah dateng kawontenan ingkang boten limrah, lan nganggep menapa ingkang awon minangka ingkang sae, karana muter kayektenipun Allah dateng dosa ingkang nglawan ati nurani. Tiyang ingkang nasar menika tiyang ingkang boten preduli, ingkang ngucemaken tiyang sanes, ingkang kaereh dening hawa nepsunipun piyambak. Saiba lebeting samodra pacoben menika, samodra kanisthaning badan lan jiwa, wewelak ingkang medal saking pigesangan tanpa Roh Allah. Dosa ketingal manis lan ngremenaken ing wiwitanipun, nanging menawi kita nindakaken, kita rumaos jijik dateng dosa menika, lan dados isin sanget dateng diri kita piyambak. Makaten ugi tumrap tiyang kathah badhe rumaos isin nalika piawonipun kabikak ing pangadilan ingkang pungkasan.

Jatining dosa sanes bab anggenipun nyimpang, nanging panembah ingkang salah. Minger saking Allah ngrisak kawontenaning batinipun manusa, karana nalika minger saking Gusti, piyambakipun gesang tanpa tuntunan. Sinten ingkang boten tepang kaliyan Allah, mesthi badhe damel allah sanes kagem dirinipun piyambak, karana piyambakipun boten badhe saged gesang tanpa tuntunan. Sadaya allah damelanipun manusa menika palsu, badhe sirna, awit namung damelaning tanganipun manusa. Saiba sae menawi manusa saged mbentenaken antawisipun bab ingkang gesang lan bab ingkang langgeng. Menawi saged, manusa boten badhe kaereh dening bandha donya, roh-roh, buku-buku lan manusa.

Wonten satunggal pribadi ingkang pantes nampi pakurmatan lan pangungun kita. Inggih menika ingkang Maha Kawasa; tanpa Panjenenganipun boten wonten ingkang dumadi, ingkang maha mirsa lan wicaksana; ingkang kebak sih rahmat dateng sagung titahipun. Mugi pepujian dhumateng Panjenenganipun wonten ing lathi kita, karana Panjenenganipun ingkang mulya lan sampurna ing kayekten, lan boten kagungan kalepatan menapa kemawon. Sih katresnanipun tansah enggal saben enjing. Kasetyanipun agung. Panjenenganipun boten nate pejah utawi ewah, Panjenenganipun ngrimati kita kanthi sabar. Saupami manusa purun wangsul nggatosaken Gusti kang akarya samukawis, manusa badhe saged manggihaken dhasaring pigesanganipun tuwin maknaning pigesangan, sarta enering pangajeng-ajengipun.

Paulus nandhesaken bilih Gusti kang akarya samukawis pantes nampeni pepujian ngantos salami-laminipun srana tembung “Amin”. Kateranganipun menika kados satunggaling pandonga lan paseksi.

Tembung “Amin” tegesipun “muga dadia kaya mangkono”. Saestu, makaten, lan pancen leres, bilih Allah boten wonten tandhinganipun. Mugi ka-Allahanipun Gusti dados enering pamikir, rancanganlan pakaryan kita, satemah pigesangan lan penggalih kita dados sehat lan sae. Donya tanpa Allah dados naraka saderengipun winanci, karana manusa masrahaken dhiri dateng hawa nepsu ingkang ngucemaken gesangipun kalawan kanisthan ingkang njijiki.

PANDONGA: Kawula manembah dhumateng Paduka, dhuh Allah ingkang Mahasuci, amargi Paduka punika langgeng, suci lan adil. Paduka nitahaken kawula kanthi sampurna, dalah ngopéni kawula amargi saking sih katresnan Paduka. Kawl nresnani Paduka, lan nyuwun supados Paduka narik manah kawula cumedhak dhumateng Paduka, saéngga kawula saged gesang kagem Paduka, mulyakaken Paduka, lan ngucapaken panuwun dhumateng Paduka. Apuntenana kawula amargi sampun sami meléng saking ngarsa Paduka, lan sucékaken kawula saking sedaya rereged kawula. Uwalakena kawula saking berhala kawula supados kawula boren nresnani menapa kewawon wonten ing jagad menika kejawi Paduka.

PITAKON:

  1. Menapa akibatipun saking panembah ingkan boten patrap dhumateng Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 03:08 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)