Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 011 (The Wrath of God against the Nations)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

1. Bebenduné Gusti Allah dhumateng bangsa-bangsa dicethakaken (Rum 1:18-32)


RUM 1:22-23
22 Rumangsané wicaksana, nanging satemené bodho. 23 Sing padha disembah dudu Gusti Allah sing sipat langgeng, nanging reca-reca sing digawé manut rerupaning manungsa sing ora langgeng, utawa manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat, utawa kéwan-kéwan rumangkang.

Boten wonten manusa tan langgeng ingkang saged gesang tanpa Allah. Menawi piyambakipun nyelaki Gusti ing manahipun, piyambakipun badhe minger dhateng allah sanesipun, awit manusa -ing manahipun- katitahaken supados pitados dateng samukawis. Sadaya tiyang atheis (ingkang boten pitados wontenipun Allah), dadosa ingkang sekolah menapa boten, nggadhahi brahalanipun piyambak-piyambak ingkang dados sendhenanipun, ingkang dipun tresnani, dipun mulyakaken lan ingkang dipun pasrahi gesangipun, sarta ngurbanaken dhiri kagem brahala-brahala menika. Kathah tiyang ingkang nganggep pimpinanipun dados gusti, kanthi pangajab badhe pikantuk ganjaran. Sadaya tiyang ngempalaken arta lan ngupadi raja brana kangge nggayuh sekecaning gesang pribadi. Tiyang-tiyang ingkang sekolah sami nyilem ing buku-buku lan falsafah (piwulang-piwulang) ingkang nglaha, rumaosipun mangertos kathah prekawis, kamangka sejatosipun tiyang-tiyang menika inggih namung tiyang dosa. Para politikus ngajab asil kang ageng srana margi menapa kemawon lan pintena reginipun. Para pelajar sami ngandelaken indhaking kabudayan, lan para aktifis sami nggiligaken tekad dateng gregeting revolusi (ewah-ewahan). Raos ajrih cumondhok ing sadaya tiyang, amargi sami boten manggihaken katentremanipun Allah ing manahipun.

Sawatawis sopir sami nyalap jimat ing mobil supados tinebihna saking piawon, ingkang nedhahaken anggenipun nyelaki pangwasanipun Allah ingkang angreksa. Sawatawis tiyang ingkang anganglang (petualang) ugi sami mbekta jimat kangge ngreksa kaslametaning dhiri. Kathah tiyang ingkang nyuwun pitulungan dhateng dukun lan juru ramal, ngantos antri nengga giliran kangge sesambetan kaliyan tiyang ingkang sampun tilar lan kaliyan roh-roh. Manusa dosa langkung saking kaping 1 yuta saben dinten nerak pepaken ingkang sepisan: “Ingsun iki Allahira. Aja nduweni allah liyane ing ngarsaningsun.”

Donya sampun wuta tumrap kayekten lan kamulyanipun Allah, manusa kesasar mbujeng angen-angenipun, mbudidaya nggayuh pangajab dan katentreman kangge ngiseni manahipun ingkang suwung. Kathah tyang kaeereh raos semplah.

Manusa langkung remen dateng pawartos ngengingi tiyang ingkang minggah dateng angkasa, bintang film, para politikus, tanpa kawigatosan utawi lumampah manut prentahipun Allah. Manusa numpes dhirinipun kanthi nyelaki Gusti kang akarya gesang. Swawi sami niti priksa! Menapa panjenengan nresnani dhiri pribadi, utawi tiyang-tiyang sanes, linangkung tinimbang tresna dateng Gusti kang nitahaken panjenengan? Menapa panjenengan ngajeng-ajeng dtaneg mesin kendaraan panjenengan? Menapa panjenengan nresnani pacak blegering dhiri pribadi panjenengan? Menawi makaten, ateges kawigatosan panjenengan dateng kadonyan ngucemaken Allah. Swawi nresnani Gusti kanthi gumolonging manah, jiwa lan katoging kakiyatan kita, temah sadaya brahala lan sikep mentingaken dhiri pribadi saged kasirnakaken, temah kamulyan lan pitulunganipun Allah badhe sumunar ing gesang panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngucapaken panuwun dhumateng Paduka amargi Paduka sampun nitahaken kawula miturut gambar Paduka, lan nyethakaken hakékat Paduka lumantar Putra Paduka. Kawula nyuwun Paduka nedahaken sih katresnan Paduka dhumateng sedaya manungsa supados sedaya manungsa sami pitados dhumateng Paduka, lan asma Paduka minangka sang Rama bakal kamulyakaken. Apuntenana kawula sedaya menawa sami gadhah ilah menapa berhala sanes, supados kawula saged mbucal sedaya wau saking pikiran kawula, saéngga namung Putra Paduka ingkang ngwasani gesang kawula ngantos salaminipun.

PITAKON:

  1. Menapa sebabipun tiyang ingkang mboten tepang Gusti Allah mesthi bakal damel ilah kanggé uripipun piyambakipun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 03:03 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)