Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 013 (The Wrath of God against the Nations)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

1. Bebenduné Gusti Allah dhumateng bangsa-bangsa dicethakaken (Rum 1:18-32)


RUM 1:26-28
26 Merga saka iku, Gusti Allah masrahaké wong-wong mau marang hawa-nepsuné dhéwé sing rusuh. Wong wadon padha tumindak rusuh ninggal kalumrahan. 27 Mengkono uga wong lanang padha nyimpang saka patrapé sanggama sing lumrah karo wong wadon, nanging padha birai karo pepadhané wong lanang. Lanang karo lanang padha tumindak nistha, nganti padha nampa piwales sing timbang karo dosané mau. 28 Sarèhné rumangsané ora prelu wanuh marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah négakaké. Pikirané wong-wong mau dadi rusak, nganti padha nglakoni sing ora patut.

Paulus nyerat pitembungan ingkang nggegirisi, “Gusti Allah masrahake” ngantos kaping 3 ing bab sepisan menika. Pitembungan menika nedhahaken tumindak mandeg, duka/ nepsu, lan wiwitaning paukuman. Saestu bilai tiyang ingkang dipun pasrahaken dening Allah dhateng rehing piawon, karana sami tebih saking pangrimat lan pangreksanipun ingkang maha kawasa.

Tetebihan saking Allah menika nedhahaken mentoging hawa nepsu penggalih atheis (boten pitados wontenipun Allah). Tiyang-tiyang menika mlajar kados kewan ingkang kepanasan, karana namung mikiraken kados pundi pikantuk pemarem tumrap hawa nepsu asmara utawi sexipun. Menawi Roh Suci boten dedunung ing manah lan boten ngendhaleni badan lan pikiranipun ingkang lebet, tiyang badhe ewah tumindak laku jina, nadyan pratingkahipun katutupan laku sopan lan sae.

Ing jaman emansipasi wanita samangke, sawatawis wanita mungel bilih wanita nggadhahi karep (hak) pikantuk pemaremipun piyambak tanpa pria. Malah sawatawis organisasi nyebaraken homoseksualitas ingkang kaanggep minangka cara kangge mekak cacahing manusa. Nanging, Paulus ngandika bilih sinten ingkang nelukaken dhiri dateng hawa nepsu ingkang boten limrah mekaten, dados tiyang-tiyang ingkang nyasaraken dhiri ing kamurkanipun Allah.

Tiyang-tiyang menika ngrisak lan nggadhahi pikiran ingkang bengis. Tiyang-tiyang mekaten sanes manusa ingkang limrah, ngidham-idhamaken lan nindakaken menapa ingkang boten pengin katindakaken, karana sinten ingkang tumindak dosa dados abdining dosa. Kathah tiyang ingkang kabanda raket dateng dosa, ingkang ngereh sadaya tiyang ingkang boten gesang ing prentahipun Allah.

Jalaran mrosotipun kamanungsan saestu lebet sanget. Wujuding sang piawon boten namung sex ingkang nyimpang, nanging ugi kanisthan ingkang boten nggadhahi pkiran bab Gusti Allah ing manahipun. Karana tiyang-tiyang mekaten langkung ngasihi dhiri lan donya tinimbang nresnani Allah, sami dhawah dateng satunggaling kanisthan dateng laku jina. Sinten ingkang maos paseksinipun tiyang-tiyang ingkang kaslametaken dening Sang Kristus, badhe tumunten mangertos bilih -saderengipun kaslametaken- tiyang-tiyang menika ugi tebih saking Allah. Temahanipun, tiyang-tiyang mekaten menika sami kaereh sawernining kanisthan lan sex ingkang nyimpang. Nanging menawi Sang Kristus manggihaken tiyang-tiyang mekaten, Panenenganipun paring pangapunten, panyucen, ewah-ewahan, panglipur kakiyatan lan kabingahan.

Nanging sinten ingkang sengaja nebih saking Allah, lan nglawan panuntunipun Roh Suci dateng pitobat lan panebusan, badhe nggadhahi pikiran ingkang nyasar. Boten wonten paukuman dateng manusa ingkang langkung awrat saking tembung “nyimpang” ingkang kaserat dening astanipun Allah. Karana ing kawontenan ingkang makaten, tiyang boten saged wangsul malih dateng Allah, awit menawi wangsul malih, piyambakipun kedah mratobat langkung rumiyin. Tembung “tobat” ing basa Yunani tegesipun ewahing pikiran. Allah ngersakaken ewah-ewahan ingkang mandhes lan jangkep ingkang ateges malik pikiran lan pratingkah ingkang kepengker, supados Panjenenganipun saged nampi lan nganyaraken tiyang menika.

Samangke kados pundi manah panjenengan? Menapa pikiran panjenengan tinarbuka tumrap Roh Allah, tumrap kawilujengan saking Allah lan tumrap kasucen? Menawi panjenengan taksih sembrana, tebih saking Allah, swawi wangsul malih mungpung taksih wonten dinten samangke. Katuran nyuwun dhateng Gusti supados murnekaken penggalih panjenengan ingkang lebet lan ngewahi manah panjenengan. Sampun ngendelaken mangsa kepengker tetep ing salebeting kanisthan. Gusti panjenengan menika dokter panjenengan. Namung Panjenenganipun ingkang saged nguluwari panjenengan saking sadaya pangiket menawi panjenengan kersa kauwalaken saking hawa nepsu. Panjenengan boten saged nylametaken gesang panjenengan piyambak. Panjenengan namung kedah ngersakaken, mutusi, nyuwun lan nampi kawilujengan saking Gusti ingkang sumadya milujengaken panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah lang Mahasuci, Paduka nepangi kawula, sedaya pikiran kawula kabukak wonten ing ngarsa Paduka. Paduka pirsa kapengker kawula, dalah sedaya tiyang ingkang sami dados korban kalepatan kawula. Apuntenana nefsu kawula, sucékaken batin kawula. Mugi Gusti bekta kawula cumedhak dhumateng Sabda Paduka, supados kawula sangsaya nresnani Paduka. Kawula boten purun nindakaken dosa malih. Titahaken wonten ing gesang kawula kajeng ingkang kiyat kangge nampi kamardhikan saking Paduka. Slametakena kawula saking pikiran ingkang lepat dalah badan ingkang najis. Paduka Tabib lan Juruwilujeng kawula. Kawula pitados dhumateng Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi Paulus nyethakaké ngenani bebenduné Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 03:12 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)