Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 100 (Introduction to the intercessory prayer; Prayer for the Father's glory)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
E - DONGA PANYUWUN GUSTI YESUS (Yokanan 17:1-26)

1. Pambuka gegayutan donga panuwun


Gusti Yesus ngladeni umat manungsa karo Injil lan pakaryan Panjenengane; nyarasake wong lempoh, maringi mangan wong kang luwe, ngelekake mripate wong wuta, lan nangekake wong mati. Katresnan Panjenengane iku pratela kaluhuran Gusti Allah ing tengah-tengahe rasa sengit lan pati.

Ing wiwitan anggone Gusti Yesus leladi, wong pirang-pirang ndherek Panjenengane nganti dhesek-dhesekan. Nalika Makamah Agama Yahudi (anggotane akeh wong kang atine ora bener, lan lelamisan) ndeleng landhesan-landhesan agama lan kapercayan manembah paugeran (legalisme) di gawe gonjang-ganjing, wong-wong mau duwe pangancam marang gusti Yesus lan para pandherek Panjenegane kanthi cara nyebratake lan ngancam gawe pepati. Semangat anggone wong akeh ndherek panjenengane iku tundhone mbleret lan wong akeh iku ninggalake Panjenengane. Sinadyana Sang Kristus lan sawetara saka pandherek Panjenengane kang setyo katempuh ing panganiaya, nanging Panjenengane tetap nresnani wong kabeh.

Ing pungkasane propaganda saka Makamah Agama iku kasil nemokake salah siji ing antarane wong rolas murid Gusti Yesus; dheweke nyawisake awake kanggo nindakake khianat marang Gurune, kamangka nalika iku gusti Yesus lagi nyawisake para pandherek Panjenengane ing bujana mangan. Bujana mangan iku dadi kaya dene anggone neguhake para murid dadi para rasul. Ing sajrone pitutur anggone pepisahan kang di lantarake Panjenengane, Panjenengane mratelakake marang para murid gegayutan kamanunggalan antarane sarirane karo sang Rama, lan kepiye Sang Panglipur iku bakal neguhake para murid ing sajroning patunggalan katresnan kang saka Gusti Allah, sinadyana para murid bakal katempuh ing panganiaya.

Nanging para murid iku ora bisa mahami karsa saka Gustine, awit Sang Roh Suci durung diesokake ing sajroning jiwa para murid. Awit saka iku gusti Yesus langsung tindak marang Sang Rama, lan masrahake sarirane lan para pandherek Panjenengane ing sajroning astane Sang Rama ing sajroning pandonga kang diunjukake Panjenengan minangka jejering Imam Agung. Panjenengane uga nyebutake gegayutan anane wong-wong kang dadi pracaya marang Panjenengane lumantar paseksen kang dilantaraken dening para rasul iku.

Donga panyuwun kang diunjukake dening Sang Krsitus, kang ditulis ing bab 17, menehi kita pangerten kang banget ora ana bandingane gegayutan gambaran kang dianggo dening Sang Putra Allah ing sajroning rerembugan karo Rama Panjenengane, lan jinis katresnan kang ana ing antarane Pribadi kang ana ing sajroning Tritunggal kang Suci. Sang Roh Donga cetha banget ana ing kene. Kabeh wong kang nyoba naliti luwih jero marang bab iki, bakal mlebu ing sajroning pedaleman Allah ing kono patrapanggone manembah lan panyuwun diunjukake.


2. Donga kunjuk kaluhuran Sang Rama (Yokanan 17:1-5)


YOKANAN 17:1
1 Kaya mangkono mau pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tumeng marang langit sarta matur: “Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; muga Putra paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.

Sang Kristus mratelakake marang para murid Panjenengane yen Panjenenane lan Sang Rama iku siji. Panjenengane ing sajroning Sang Rama, lan Sang Rama ing sajroning Panjenengane. Kabeh wong kang ndeleng Panjenengane wis ndeleng Sang Rama. Nanging para murid Panjenengane ora bisa nyakep pratela kang ngedap-edapi banget iki. Pikiran para murid katutup pedhut nalika para murid mbudidaya supaya nyakep kaananane Sang Allah kang ana ing sajroning daging iki. Gusti Yesus mitayakake para murid Panjenengane kang ringkih lan angel ngerti iku marang panjangkunge Sang Rama Panjenengane, supaya madhangi lan njangkung para murid ing sajroning patunggalan kang asipat keallahan lan katresnan kang suci.

Kanthi Panjenengane mirsani ing langit, apa kang ditindake Gusti Yesus bisa uga ngagetake para murid Panjenengane. Kepiye bisa Panjenengane ndedonga marang Rama Panjenengane kang ana ing swarga, lan ngandika wektu iku yen Panjenengane bebarengan karao Sang Rama lan Sang Rama ana ing sajroning Panjenengane? Patrap kang angel banget dimangerti iki mbingungake pikiran para murid. Kita ngerti yen gagasan loro iku padha-padha benere: Patunggalan kang banget dening sempurna antarane sang Rama lan Sang Putra, lan nalika iku uga sajroning wong loro iku ngadhe dhewe, yaiku pribadi dhewe-dhewe. Gusti Allah iku luwih ngedap-edapi ketimbang karo pikiran kita, lan Sang Roh Suci mulangake kita supaya nganggo loro pikiran iku dadi kayekten. Nyuwuna marang gusti Allah supaya Panjenengane maringi pepadhang marang panjenengan, manawa panjenengan kangelan mahami prekara iku. Awit ora ana wong siji wae kang bisa sawutuhe paham marang Sang Rama lan Sang Putra, kajaba kanthi pitulungan kang asale saka Sang Roh Suci.

Ing sajroning donga iki gusti Yesus nyebut Gusti Allah, Rama. Awit Gusti Allah iku dudu mung Gusti kang suci, lan Hakim kang tegas, nanging katresnan Panjenengane kang kebak nugraha nutupi kabeh sipat Panjenengane kang liya. Gusti Allah ing sajroning Sarirane yaiku gusti Allah kang katresan Panjenengane suci lan Kayekten Panjenengane kebak sih kawelasan. Pikiran kang anyar babagan gusti Allah minangka jejere Rama kang nresnani iki katon nalika gusti Yesus Sang Putra Allah dilahirkan saka Sang Roh Suci. Panjenengane gesang wiwi kalanggengan manunggal karo Gusti Allah, nanging dadi manungsa kanggo nebus kita dadi putra-putra Panjenengane kanggo Kang Suci iku. Pratela gegayutan asma Rama kanggo Gusti Allah kita sawijining sari pati utawa hakikat saka pawarta kang dilantaraken dening gusti Yesus marang jagat iki. kanthi kayekten kang diparingake dadi wahyu iki, gusti Yesus paring kamardikan kita saka rasa wedi gegayutan pengadilan, awit Sang Hakim iku Sang Rama kita, banjur kang njamin yaiku Sedulur kita, kang wis mbayar utang-utang kita. Manawa panjenengan nyerep asma Sang Rama kang akeh ditemokake ing sajroning Pangandikan Gusti Yesus kang akeh iku ing sajroning jiwa panjenengan lan urip selaras kanthi anggone ngerti bab iku, mula tegese panjenengan wis nyakep pawarta Injil.

Sang Kristus ngandika ing ngarsane Rama Panjenengane yen wektu kang paling penting kanggo jagat iki wis tekan, mangsa-mangsa karukunane antarane gusti Allah karo manungsa. Manungsa, malaikat, agama lan filsafat wis padha-padha ngenteni tekane mangsa-mangsa kang mengkono iku. Lan ing wektu iku mangsane wis tekan. Sang Kristus wis ngangkat kaluputan jagat dadi cempe Allah. Panjenengane wis cemawis kanggo seda minangka ganti ing sajrone urupe geni bebendune Allah. Ing sajrone mangsa kang wis dadi ketetepan iku pawongan kang dadi pengkhianat banjur keton ing dalan bebarengan karo grombolan prajurit kang njaga pedaleman Allah sakperlu nyekel Putra Allah, Manungsa kang lembah manah lan kuat kang pancen wis cemawis seda tanpa nggunakake pangayoman kang dadi kagungan Panjenengane.

YOKANAN 17:2
2 Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.

Akeh wong duwe pangira yen “kaluhuran” ateges misuwur lan padhang. Gusti Yesus ngakono katresnane kang mawa korban yaiku hakikat saka kaluhuran lan sari pati saka anggone kagungan sipat keallahan. Panjenengane nyuwun marang Sang Rama supaya njaga Panjenengane ing sajroning katresnan iku, ing mangsa-mangsa Panjenengane ana ing Kayu Salib, ing sajroning prahara rasa lara lan wedi, kanthi mangkono sumoroting katresnan saka Allah bakal sumunar kanthi sempurna ing sajroning anggone kasalib iku. Sang Putra rila ngorbanake sarirane kanggo kabeh pambalela lan wong kang ala, kanthi mengkono wong-wong mau bisa nampa kabenerake lumantar anggone seda Panjenengane. Ya iki sari pati saka kaluhuran Sang Putra.

Panjenengane uga ora mangu-mangu ngandika yen Panjenengane ora seda kanggo sarirane piyambak, nanging kanggo kaluhurane Sang Rama, lan Panjenengane nyangga sawijining prakara ing sajroning ukuran kang ora bakal tahu bisa disangga wong liya. Panjenengane ngluhurake Rama Panjenengane ing Kayu Salib lan tumindak ngrukunake antarane manungsa karo gusti Allah. Nalika dosa-dosa diapura, katresnan Allah dituduhake, lan kabeh manungsa nampani uleman kaangkat dadi Putra. Sang Roh suci diesokake marang wong-wong kang pracaya marang Sang Krsitus, kanthi mengkono Putra-putra Panjenegane iku bakal ngluhurake Ramane kanthi cara nglakoni urip kang sempurna ing sajroning patrap kang murni. Oara ana tanda liyane kang luwih gedhe gegayutan diluhurakene asma sang Rama kang ngluwihi anane Panjenengane minangka jejere Rama kanggo akeh para putra Panjenengane. Awit saka iku gusti Yesus nyuwun anggone nglakoni saka katresnan panebusane iku lumantar dilahirkene anak akeh ing sajrone Sang Roh lan kayekten ing sajroning pujian marang asma sang Rama.

Sang Putra nampani pangakon keallahan Panjenengane, yen Sang Rama wis maringi marang Panjenengane kabeh panguwasa atas kabeh kang dilahirake dening wong wadon. Sang Kristus iku Gusti Allah Sejati, Kang nyipto samubarang lan dadi priyayi kang nebus. Panjenengane iku Gusti, Raja lan Hakim kita. Kita iki kagungane lan Panjenengane iku sumber pengarep-arep kita kang sejati. Panjenengane nampani kabeh panguwasa kang diparingake, ora mung kangggo ngadili lan nyirnakake, nanging uga kanggo nylametake lan nuntun. Tujuan saka rawuhe Sang Kristus iku supaya wong-wong kang pracaya marang Panjenengane bisa nampani urip kang langgeng. Pati babar pisan ora duwe panguwasa atas wong-wong kang pracaya. Ing Kayu Salib, gusti Yesus ngapura dosa-dosa kabeh manungsa. Sinadyana mung sethithik wae wong kang nanggapi babagan keselametan iki, kabeh wong pracaya dadi sawijining bangsa kang pinilih, kang pracaya marang Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, lan terus ana ing sajrone kaluhuran Sang Kristus kang nylametake. Ing sajroning urip wong-wong pracaya Roh Suci bakal dumunung ing wong kang pracaya. Urip anyar wong-wong mau sawijining mujijat kang gedhe dhewe ing jaman ngajaman, kang ngluhurake asma Sang Rama.

YOKANAN 17:3
3 Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.

Sang Roh Suci negasake kayekten apa kang dingandikaake gusti Yesus gegayutan gusti Allah. Panjenengane iku Ramane Sang Kristus lan uga Rama kita. Kabeh wong kang mahami wadi Gusti Allah iki lan pracaya marang Panjenengane duwe urip langgeng. Ora ana kunci liya supaya wanuh gusti Allah kajaba ing sajrone pribadi saka Yesus Kristus. Sing sapa ndeleng lumantar Sang Putra bab Gusti Allah minangka jejere Rama, lan pracaya marang Panjenenane, dirubah uripe dadi jejere putra angkat kang suci. Ngerti kang cetha gegayutan pangandikane Sang Kristus iki ora mung kawruh wae, nanging gegayutan kepiye tuwuhe kasukman lan owah-owahane urip. Gusti Allah mulihake gambar/pasemon Panjenengane ana in kabeh wong kang pracaya. Apa kang penting saka anane gambar/pasemone Gusti Allah iki? Katresnan, kayekten lan jujur bisa diprecaya yaiku atas tuntunan Sang Roh suci ing sajroning panguripane Putra-putra Allah. Prekara iku uga ateges ngluhurake Rama, ing kono kabeh kaanan isining kayekten Panjenengane dipratelakake.

Sang Kristus diutus dening gusti Allah ing donya iki, kanthi mangkono manungsa bisa ngrumangsani lumantar gesang pribadine yen tanpa Panjenengane, kang dilahirake krana Sang Roh suci, disalibake, lan wungu, manungsa mau ora bakal bisa wanuh Allah. Sang putra iku utusan gusti Allah kang kagungan kabeh panguwasa ing sajroning pribadi Panjenengane kanthi katresnan lan kasucen. Manawa panjenengan duwe pengarep-arep wanuh gusti Allah kang bener, sinaunen panguripane Gusti Yesus kan dadi gambaran saka kang asipat Allah kang dijebati dening sang Roh Suci. Minangka jejering Sang Mesih mula Panjenengane uga Raja atas kabeh Raja, lan Imam Agung, Nabi kang sempurna lan Pangandikani Allah kang dadi manungsa.

YOKANAN 17:4-5
4 Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken. 5 Dene Sampunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados

Sasuwene angone sugeng ana ing jagat iki, gusti Yesus terus anggegilut bab sang Rama, nyeksekake bab Panjenengane lan nindakaken apa kang dadi panggawene Panjenengane. Gusti Yesus nyingkur badane Piyambak sakprelu ngluhurake sang Rama. Kang Panjenengane pireng saka Sang Rama dilantarake Panjenengane marang kita. Sugeng Panjenengane sawutuhe kanggo ngluhurake Sang Rama, kanthi keyakinan yen kabeh donga Panjenengane bakal tansah diparingi jawaban. Panjenengane nglakoni tugas penebusan ing kayu Salib. Nanging, sinadyano mengkono iku ora sawijining kang dadi bombonge Panjenengane kang dipratelakaken kanthi gumunggung, awit Sang Rama wis maringake marang Panjenengane tujuan (misi) supaya dirampungake Panjenengane. Panjenengane ngakoni yen Rama wis maringake kabeh prakara. Awit gusti Yesus ngothongake sarirane, lan ora golek pikurmatan kanggi sarirene Dhewe, Panjenengane pantes nampani kabeh kaluhuran langgeng kang diparingake marang Panjenengane. Ya mengkono iku Panjenengan nyeksekake yen Panjenengan duwe kaluhuran wiwit kalanggengan, Gusti Allah saka Allah, padhang saka padhang, asal saka Rama panjenengane ora dicipto.* Sawise nindakake tujugan Sang Rama, Panjenengane kagungan karso bali marang Sang Rama. Sawise Panjenengane nggayuh suwarga, para malaikat lan kabeh titah liyane ngluhurake Panjenengane lan matur, “Pantes cempening Allah kang dibeleh, nampani sakabehe panguwasa, kasugihan, kawicaksanan, panguasa, kinurmatan, kaluhuran lan berkah”.

PANDONGA: Rama ingkang wonten ing Kasuwargan, linuhurna asma Paduka. Putra Paduka sampun ngluhuraken Paduka kanthi gesang, donga lan pangorbanipun. Kawula mboten pantes ngangkat panon kawula ningali Paduka. Kawula ngaturaken panuwun awit paduka ngapunten sadaya kalepatan kawula awit Sang Kristus sampun seda kangge kawula; Paduka sampun andadosaken kawula putra-putra Paduka. Kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit kersa mindahaken kula dhumateng gesang langgeng kanthi ngesokaken Sang Roh suci ing salebetipun manah kawula. Paduka paringi pitulungan dhumateng kawula supados kula saget ngluhuraken paduka ngantos selami-laminipun, lan mboten ngrampas kaluhuran kangge badan kawula piyambak, nanging mbangun turut dhawuh putra Paduka lan tresna-tinresnan, supados tiyang sanes ningali ing salebetipun patrap sae kawula gegayutan Paduka minangka Rama lan ngluhuraken Paduka kanthi mbangun turut dhumateng Paduka.

PITAKONAN:

  1. apa kang dadi pikiran dhasar ing sajrone perangan kawitan saka dongane Gusti Yesus.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)