Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 081 (Jesus washes his disciples' feet)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
B - LELAKON-LELAKON KANG MELU BUJANANE GUSTI (Yokanan 13:1-38)

1. Gusti Yesus misuhi sikil para murid Panjenengane (Yokanan 13:1-17)


YOKANAN 13:1-5
1 Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngrsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ingdonya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane. 2 Nalik Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus. 3 Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah. 4 Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane, 5 tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikili para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.

Wiwit saka bab iki Yokanan nulis babagan kang anyar lan pokok kang anyar ing sajroning Injile. Sadurunge bab iki, gusti Yesus nimbali manungsa kang sipate umum; kang mrihatinake, ukara pangandikan kang mratelakake: “Padhang sumunar ing sajroning pepeteng lan pepeteng ora bisa nampani pepadhang iku” tegas katujokake wong-wong mau. Banjur apa kanthi wong-wong ora nanggapi mengkono gusti Yesus gagal? Ora! Awit pancen manungsa akeh kang ora gelem nampani Panjenengane, nanging gusti wis milih sawetara wong kang wis siap lan mretobat, uga nglumpake wong-wong mau ing sajroning kumpulan para murid. Ing sajroning bab-bab iki kita bakal bisa ndeleng yen gusti Yesus ngandikan marang wong-wong kang kapilih, dikaya pengantin langsung omong-omong karo pengantin wadon. Panjenengane dadi darbene wong-wong kang kapilih mau dikaya wong-wong kang kapilih mau dadi kagungane. Katresnan Allah dadi semboyan saka kabeh pirembugan iki. Katresnan iku dudu katresnan kang mentingake awak dhewe, uga kalebu timbalan kanggo leladi. Ing sajroning kitab suci katresnan kalebu uga masrahake awake dhewe kanggo wong-wong kang ora pantes. Ing sajroning pirembugan iki gusti Yesus mratelakaken hakikat Panjenengane kang endah dhewe marang para muride, nyethakake katresnan Panjenengane ing sajroning gambaran minangka jejere abdi, kang nggambarake panguripan, pati lan patangen Panjenengane maneh.

Gusti Yesus mulangake yen Panjenengane bakal seda sadurunge Paskah. Panjenengane bakal sowan marang Sang Rama Panjenengane. Apa arah iku uga kang dadi tujuwan panjenengan? Panjenengan ana ing sajroning jagat, nanging mripat Panjenengane tansah ngarah marang sang Rama. Saka Panjenengane wae asale panguwasa, tuntunan lan kabungahan, supaya teteg ngadhpi kabeh pialane manungsa. Ing sajroning kamanunggalan Panjenengane karo Gusti Allah, Panjenengane uga mirsani yen Iblis mbisiki ing sajrone atine salah siji murid Panjenengane kanthi menehi pikiran-pikiran kang ala. Wong iki alon-alon masrahake awake marang patrap rakus, gumunggung, lan patrap sengit. Nanging, gusti Yesus ora sengit marang murid kang khianat iku, lan malah tetap nresnani dheweke kanthi katresnan kang asipat ilahi nganti tekan pungkasane.

Gusti Yesus ora mung teluk marang kang tindak khianat iku kaya-kaya lelakon iku sawijining lelakon kang wis remuk ajur. Dudu Yudas, Kayafas, Herodes, Pilatus utawa para pemimpin agama Yahudi kang netepake apa kang bakal dumadi, nanging awit anggone mbangun turut lan anggone andhap asor gusti Yesus ana ngarsane sang Rama mula Sang Rama masrahake kabeh roh lan manungsa marang Panjenengane. Panjenengane mutusake seda minangka Cempening Allah, lan netepake wektu kaleksanane. Ing prahara kang nempuh Panjenengane iku, Panjenengane babar pisan ora kelangan tetingalan bab asal usul lan tujuan Panjenengane. Gusti Yesus iku gusti kang ngrubah arah sejarah.

Sang Kristus ora kersa bali marang Sang Rama kang ana ing aluhur, nanging para muride di tarik ing sajroning patunggalan kang andadekake keparenging Sang Rama. Panjenengane mulang marang para murid kanthi tandha kang nglambangake anggone andhap asor, mratelake ing ngarepe para murid katresnan ilahi kanthi nggunaake tembung kang gampang dimangerteni. Panjenengane kanthi mengkono dadi abdi; Panjenengan nyawisake banyu lan sebanjure jengkeng ing ngarepe para murid Panjenengan misuhi sikili, lan ngelap sikile para murid Panjenengane iku. Panjenengane andadekake Sarirane kang cilik dhewe ing antarane kabeh, kanthi mangkono kang ora pinter ing antarane para murid Panjenengane bisa sinau yen gusti Allah iku leladi umat manungsa. Gusti ora nguwasani manungsa nganggo ati kang adhem lan ora gati, nanging cemawis jengkeng kanggo misuhi manungsa lan ngrubah manungsa ing sajroning gambar saka anggone alusi bebudine.

Gusti Yesus iku patuladan kita kang dhuwur dhewe. Kapan kita mbangun turut marang Panjenengane lan manembah Panjenengane? Kapan kita arep ngrubah pikiran kita lan mbungkukake geger kita kang mbengkiyeng lan ora gelem mbungkuk?

Sedulur saksuwene panjenengan ora gelem mbangun turut, ora gelem leladi sedulur-sedulur utawa nresnani para satru panjenengan utawa misuhi tatu wong-wong kang tatu, panjenengan dudu wong kristen kang sejati. Apa panjenengan dadi jejering abdi utawa dadi jejering bendara? Eling yen gusti Yesus iku abdi saka kabeh menungsa, Panjenengan mbungkukake sarirane kangge leladi Panjenengan. Apa panjenengan gelem nampani leladi iku utawa panjenengan nganggep awak panjenengan banget dening mulyo, panjenengan iku wong kang becik kang ora mbutuhake peladenane Allah?

YOKANAN 13:6-11
6 Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrustumuli munjuk: “Gusti Paduka badhe ngwijiki suku kawula?” 7 Paring wangsulane Gusti Yesus: “apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.” 8 Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijike suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.” 9 Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungake suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.” 10 Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.” 11 Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenegane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik”.

Para murid dadi isih awit Gurune ngwijike sikile. Manawa wae para murid ngerti apa kang bakal ditindakake Panjenengane sawise lelakon “Bujana bengine Gusti” iku, mula para murid bakal wisuh winisuhan sikil tanpa ana sing prentah. Gusti para murid ora mung wis gawe anane Prejanjian kang Anyar antarane para Murid karo gusti Allah, nanging uga wis nuduhaken marang para murid isi lan makno saka Prejanjian iki: Prekara iku ora liya saka katresnan lan leladen kan gampang katindakake.

Petrus iku wong kang asring ngunggulake awake dhewe lan kang semangat dhewe ing antarane para murid. Petrus ora kepengin diladeni gusti Yesus; awit saka iku dheweke mbudidaya supaya Gusti Yesus ngendhekake anggone misuhi sikile, uga Petrus ora gelem ngrungokake apa kang dingandikaake gusti Yesus marang dheweke. Sebanjure gusti Yesus mbeberake wadi saka anggone misuhi sikil iku marang para murid, kaya-kaya nalika iku Panjenengane alagi mbeberake uga marang kita, “Tanpa kawisuhan sing kaya mengkene iki mula kowe ora bakal nampani perangan Kraton-Ku, lan ora nampani pangapurane dosa mula kowe ora bakal bisa manggon ana ing sajrone Aku”. Panyucen dening rah Pannjenengane iku sawijining lelakon kang dumadi sepisan, lan nyawiji ing sajroning kawisuhan iku sawijining bab kan dumadi terus terusan. Panjenenan wae kang njangkung panjenengan ing sajroning nugraha, njangkung panjenengan ing sajrone patunggalan karo sang Putra Allah. Nalika iku, Petrus ndeleng pepadhang, banjur nyawang tangane dhewe kang wis nindakake piala, lan duwe pikiran sesambungan karo pikirane kang rendhet kanggo mangerti rancangane Allah. Dheweke rumangsa isin lan sebanjure nyuwun supaya anggone Gusti Yesus misuhi ora mung sikile nanging awak sakojur. Gusti Yesus nyakinake Petrus, “Kabeh wong kang wis sowan marang Aku wis dadi resik, disempurnakake dening landhesan kapiyandelan”. Dadi kita sinau yen kita ora mbutuhake anane pawisuhan kan mligi utawa nambahake kasucen kita, awit rah gusti Yesus wis ngwisuhi/nyuceni kita saka kabeh dosa kita. Ora ana kasucen kang luwih gedhe utawa luwih sempurna menawa dibandingake karo pangapurane dosa lumantar Rah Panjenengane. Nalika kita ing saben ndina nglumpukake awu lemah awit lumaku menyang mrana-mrene, kita tansah ndedonga, “Paduka apunten kalepatan kawula”. Sawetara putra-putra Allah saben dina mung mbutuhaken misuhi sikile wae, anak-anak jagat iki mbutuhaken kawisuhan badan sakojur.

Gusti Yesus mirsani para murid lan sebanjure ngandika, “Kowe kabeh wis resik”. Panjenengane nimbali para murid supaya mlebu ing sajroning prejanjian karo gusti Allah. Cempening Allah iku wis seda kanggo para murid Panjenengane lan andadekake para murid kanca ing sajrone patunggalan illahi. Ora ana manungsa kang bisa resik dhewe, nanging rah sang Kristus kang ngresiki kita saka kabeh dosa.

Kang mrihatinake, ora kabeh pandherek Panjenengane iku suci, dikaya kang dumadi uga ing jaman saiki. Sawetara ing antarane wong-wong mung ngibadah ing lambe wae ing sajroning sesambungane karo winisuhan iki lan tumindak kaya-kaya wong-wong pracaya marang rah Kristus, nanging uripe wong-wong mau ora kapenuhan ing Sang Roh Suci. Roh Iblis nuwuhake rasa sengit, gumgunggung, lan laku zino ing sajroning wong iku. Dadi ing antarane wong-wong mursid pisan, panjenengan bisa nemokake wong-wong kang sejatine dikuwasani dening roh mata dhuwitan. Gusti Yesus ngersakake supaya misuhi sikil panjenengan saben ndina lan merdekaake panjenengan saka kabeh macem dosa, lan ngwisuhi panjenenan sawutuhe kanggo patunggalan karo Gusti Allah. Dadaren badan panjenengan dhewe, apa panjenengan iku abdi utawa bendara?

PANDONGA: “Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka ngothongake sarira Paduka saka kaluhuran lan mandhap supados milujengake kawula ingkang awon. Paduka sujud kangge misuhi suku para murit Paduka lan Paduka sampun misuhi manah kawula saking dosa-dosa. Kawula manembah Paduka lan nyuwun supados Paduka paring kamardikan dhuamteng kawula saking sadaya pikiran gumunggung, kanthi makaten saget sujud lan dados abdi-abdi Paduka. Tulung kawula supados dados ingkang allit piyambak saking sadayanipun, lan cemawis kangge ngladosi Paduka ing salebetipun gereja lan keluarga kawula.

PITAKONAN:

  1. Apa Maknane gusti Yesus misuhi suki para murid Panjenengane?

YOKANAN 13:12-17
12 Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “apakowe padha ngerti tegese panggaweKu marang kowe iku mau? 13 Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti 14 Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya pada kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. 15 Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Datindakake marang kowe. 16 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan ikya ora ngungkuli kang ngutus. 17 Manwa kowe padha sumurup prakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowe kabeh padha nglakoni.

Gusti Yesus ora miwiti piwulang bab anggone bakal pisah mung kanthi tembung-tembung wae. Asring tembung-tembung wae mung duwe makna kang sethithik, kajaba manawa dituduhake ing sajroning panggawe kang nyata. Panjenengane nyuwun pirsa marang para pandhereke, apa para pandhereke wis nyakep sari pati saka apa kang ditindake, “elekna mripatmu, lan ndelengen, Aku bebarengan karo kowe dadi salah siji ing antaramu. Aku ora lungguh luwih dhuwur saka kowe utawa ing saknduwure dhampar supaya kowe ana ing ngisor-Ku dadi abdi-abdi. Ora! Aku wis ngracut kaluhuranKu dhewe lan dadi salah siji ing antarane kowe. Luwih saka iku, Aku ninggalake papan-Ku minangka Guru lan bendara lan dadi abdi. Apa kowe saiki wis ngerti arah kang wis dipratelakake dening katresnan kang Ilahi iku? Wong-wong kang gumunggung, ngunggulake awake, wong kang nresnani bakal ngasorake awake dhewe lan betah nyangga momotan apa wae, nyingkur awake dhewe lan gampang leladi kang tuwuh saka awake dhewe.

“Kowe gelem dadi para murid-Ku, dikaya Aku iki dadi patuladanmu, Aku ora mung asal ngomong, nanging nindakake apa kang Ndak wulangake. Delengen Aku: Aku iki Abdi. Manawa kowe gelem nuladhani Aku, mbangun turuta lan tindakaken leladi marang pepadhamu. Sing sapa ing antaramu kang kepengin dadi utama kuwi kang bakal dadi pungkasan. Nanging wong kang leladi wong liya kanthi tenang lan tetep andhap asor iku wong kang gedhe dhewe.”

“Aja duwe angenan yen gereja iku kumpulan wong-wong suci kang sempurna. Kabeh wong kang ana ing gereja iku ing sajroning kahanan kawangun. Aku wis nyucekake wong-wong iku lan wong-wong iku wis dadi suci dasare. Nanging saben anggota perlu sabar ing sajroning tuwuh secara kasukman. Kabeh wong nindakake kaluputan lan kesandhung. Iki tugas lan pitutur saka Aku: “Apuranen kaluputan lan dosa-dosa pepadhamu. Aja padha adil kinadhilan, nanging tulung tinulungana. Aja ngwisuhi sirah pepadamu, nanging wisuhana sikile. Aja ana kang gelem dadi bendara atas pepadhamu, kowe kabeh iku sedulur. Manawa kowe atindak mengkono, kowe bakal ngerti apa kang wis Aku beberake: Aku ora rawuh kanggo diladeni, nanging leladi. Panguripan-Ku iku leladen, pangorbanan, lan leladi marang kabeh wong.

“Aku ngutus kowe menyang donya dadi utusan-utusan katresnan. Kang diutus iku gedhe dikaya Panjenengane kang ngutus. Tugasmu kang utama yaiku dadi abdi padha karo Aku. Manawa kowe ngerti prakara iki kowe bakal bisa nyakep semboyan lan tembung-tembung pangeling-eling ing sajroning kekristenan.”

“Watonan-Ku kang kaping pindho: Manawa kowe ngerti prekara iki, kowe bakal ngrasakake Rahayu, manawa mbok tindake ana ing uripmu. Aku ora mung ngandika gegayutan katresnan mung mawa tembung wae; Aku wis nindakake katresnan iku.” Leladen iku nyambut gawe kang tumemen lan mawa pangorbanan, ora mung tembung-tembung, donga,lan rerasan thok. Panyurung kang andadekake wong pracaya nindakake leladi yaiku ana ing sajroning hakikat dadi jejere wong pracaya. Saka sari pati iki tuwuh maneka werna jinis laku katresnan. Wong kang ora gelem leladi dudu wong kang tumemen pracaya. Ndedonga tanpa ana tumindak kang ambarengi, iku lamis thok. Kowe ora diselametake lumantar tumindak becikmu; Mung getih-Ku kang nylametake. Nanging manawa kowe ngrangkul wong-wong kang sangsara, wong-wong kang kesrakat, lan terus ngladeni wong-wong iku, mula kowe bakal kapenuhan kabungahan kang saka Gusti Allah. Kepareng kasaenane Allah bakal nganthi uripe para abdine Sang Kristus.

Sedulur, apa panjenengan gelem dadi guru lan juru mulang? Nyawanga marang gusti Yesus. Panjenengan iku juru mulang kang ngedap-edapi. Panjenengane jumeneng ing ngarepane panjenengan dadi abdi. Apa panjenengan gelem nindakake apa kang dadi wulangan Panjenengane? Ayo wiwita dina iki nindakake leladi. Nyuwuna ing sajroning pandonga, kapan, kepiye lan marang sapa Panjenengane ngersakake panjenengan nindakake leladen iku. Manwa panjenengan ngerti prekara iki, rahayu panjenengan, manawa panjenengan nindakake leladi sing mengkene iki.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)