Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 080 (Men harden themselves)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
A - MENJELANG MASA MINGGU KUDUS (Yokanan 11:55 - 12:50)

5. Manungsa mangkotake awake marang pengadilan (Yokanan 12:37-50)


YOKANAN 12:37-41
37 Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wongiku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane, 38 supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene: “Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing pangeran?” 39 Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene: 40 “Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangerti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.” 41 Bab iki dipangandikaake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikaake bab Panjenengane.

Gusti Yesus nuduhake akeh tandha-tandha katresnan kang jero ing Yerusalem. Kabeh wong kang wis duwe ati kang cemawis sebanjure bisa ndeleng panguwasa lan asal Panjenengane. Nanging wong-wong kang duwe pikiran cekak, kang kakunjara ing sajroning pikiran mangsa kepungkur pribadine, ora bisa tepung gusti Yesus, awit wong iku ngukur Panjenengane kanthi ukuran pikiran kang bengkong lan ati kang wangkot.

Akeh wong kapenuhan dening pikiran pribadine dhewe lan ora gelem ngrungokake suwara Gusti Allah. Sang Roh suci ngandika kanthi alus lan tintrim lan njaluk kawigaten saka jroning ati manungsa.

Nanging wong-wong kang mbalela, kang lumawan Sang Roh suci kang micara ing sajroning Injil, ora mung mangkotake atine dhewe, nanging gusti Allah ing sajroning kaadilan bebendu Panjenengane wis mundut kabisan ing sajroning wong-wong mau kanggo bisa ngrungokake lan ngerti lan kanthi mengkono mangkotake atine wong-wong mau. Tundhone wong-wong mau ora bisa maneh ngeti gegayutan karo kabutuhane dhewe. Gusti Allah iku sumber keselametan lan pengadilan.

Kita ndeleng yen ing sajroning sawetara keluwarga, suku, lan bangsa ana kang katone urip kabawah bebendune gusti Allah. Panjenengane ngetogake wong-wong kang tetap ngedoh karo Panjenengane, sawise Panjenengane mbudidaya makaping-kaping nuntun wong-wong mau bali marang tuntunan kang bener. Gusti Allah mangkotake atine wong-wong mau kang ora mbangun turut marang suara Panjenengane lan marang sang Roh Suci. Kabeh wong kang ngidak-idak katresnan Panjenengane kanthi sengaja lan nampik daya pengaruh Sang Kristus, bakal tiba ing sajroning karusakan. Gusti allah ing sajroning kasucene bakal alon-alon mangkotake atine kang ora mbangun turut kanthi mengkono wong-wong mau tekan ing waktu paukuman kanggo wong-wong mau.

Pikiran gegayutan gusti Allah mangkotake atine wong-wong kang lumawan Panjenengan dudu mung ilmu filsafat karangan wae, nanging gegyutan karo kaluhuran Panjenengane. Iki kang dimangerteni dening Nabi Yesaya nalika Nabi Yesaya krungu gusti ngutus dheweke ora kanggo nylametake bangsane nanging kanggo mangkotake ati bangsane (Yesaya 6:1-13). Martakake bab katresnane Allah luwih gampang dibandingake karo menehi pemut gegayutan bebendu lan pengadilan gusti Allah. Katresnan Allah gegayutan langsung karo kasucen, kayekten lan kaadilan. Ora ana kang ala kang bakal bisa tahan ana ing ngarsane Panjenengane, nanging wong-wong mau bakal mlayu saka sumunare cahya kamulyan Panjenengane. Awit Gusti Yesus iku pangejawantahing saka katresnan Panjenengane kang suci, pribadi panjenengane bakal misahake manungsa. Yokanan kanthi tegas mratelakake yen Panjenengane kang lenggah ing dampar, kaya dene kang dideleng dening Yesaya, yaiku Yesus, awit gusti Allah lan sang Putra iku siji ing sajroning kasucen lan kaluhurane.

YOKANAN 12:42-43
42 Supandene akeh uga para panggedhe kang padhapracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti disebratake. 43 Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.

Yokanan, kang nulis Injil, dheweke asale saka keluarga Imam Agung (Yokanan 18:15). Yokanan nyethakake marang kita yen sinadyana aja pepalang antarane wong akeh karo Panjenengane, nanging ana sawetara wong kang duwe nurani kang pracaya marang Panjenengane. Wong-wong iku ngerti yen gusti Allah manunggal marang Panjenengane, lan pangandikan Panjenengane kebak panguwasa lan kayekten, nanging wong-wong mau ora mratelakake kanthi tinarbuka.

Kenapa apa akeh-akeh wong iku nampa wae panemu kang sabenere lelawanan karo telenging atine dhewe? Wong-wong mau wedi marang wong Farisi, lan milih aman lan misuwur dibanding karo kayekten. Wong-wong Farisi wis ngancem wong-wong Yerusalem kanthi paukuman disebratake manawa nyengkuyung gusti Yesus. Awit saka iku wong-wong wedi kelangan pikurmatane lan kaancam bakal disebratake lan dianiaya. Kabeh wong kang disebratake saka anatarane bangsa iku ora bakal bisa nindakake dol tinuku, ora kena ningkah utawa ndedonga bareng karo wong-wong liyane ana pedaleman suci. Wong mau dianggep wong kusta kang bakal nanjisake kabeh bangsa iku.

Kenapa sawetara pemimpin iku ora gelem ngakoni sinadyana kanthi sesidheman ing atine duwe iman? Para pemimpin luwih ngutamakake pikurmatan saka manungsa dibandingake karo kaagungan kang saka gusti Allah. Lan andadekake keparenge Gusti Allah kan suci dudu dadi tujuane; para pemimpin mau luwih nresnani awake dhewe dibandingake karo nresnani gusti Allah.

Cilaka tenan para pemimpin kang duwe kaprecayan kanthi sesideman wae, lan tumindak kaya-kaya ora tepung karo gusti Yesus. Wong kang mengkono bakal nyelaki gustine ing wektu uripe ngadhepi kangelan. Pemimpin iku luwih milih aman lan nampani pikurmatan manungsa dibanding karo pujian lan pangayomane saka Gusti Allah. Akonana Gusti lan Akonana Juru selamet panjenengan, pracayaa yen Panjenengane bakal nuntun panjenengan kanthi bener selaras karo apa kang dadi kepareng Panjenengane kang endah.

YOKANAN 12:44-45
44 Nanging Gusti Ysus banjnur nguwuh pangandikane: “sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku. 45 Ssarta sing sapa nyawang Aku, iku nyawang Panjenengane kang ngutus Aku.

Gusti Yesus nimbali umat kagungane supaya mratobat, kanthi maringi sari patine wulangan Panjenengane ing sajroning tembung-tembung kang keras, sawetara nalika iku Panjenengan uga ndadekake sederhana ing sajroning prekara-prekara kang asipat kasukman. Ing wiwitane, kaya-kaya bakal katon lelawanan kaya ing sajroning pangandikane, “Sing sapa pracaya marang Aku, wong iku ora pracaya marang Aku!”. Gusti Yesus ora mung nyancang wong marang sarirane wae, nanging Sang Putra bakal nuntun kabeh pandherek Panjenengane langsung marang Sang Rama. Panjenengane ngothongake sarirane saka hak-hak kang istimewa banget, lan Panjenengane uga ora ngersakake yen manungsa mung pracaya marang Panjenengane wae. Sang putra ora ngrampas iman manungsa saka Gusti Allah. Panjenengane kanthi iku ora mundhut kaagungan kang dadi kagungane gusti Allah. Panjenengane mratelakake lan langsung ngluhurake Panjenengane.

Kang kosobaline uga bener; ora ana wong siji wae kang sowan marang sang Rama manawa ora lumantar Sang Putra; ora ana iman kang bener marang gusti Allah kajaba ing sajroning Sang Putra. Sang Rama maringake marang Panjenengane kabeh wong pracaya supaya dadi umat Panjenengane secara mligi, lan ngluhurake Panjenengane kanthi kabeh sipat keallahane. Ya awit iku Sang Putra kang andhap asor iku bisa ngandika tanpa ana rasa gumunggung, “Sing sapa ndeleng Aku wis ndeleng Panjenengane kang ngutus Aku”. Gusti Yesus iku Rasul kang sejati saka Gusti Allah, kang kagungan panguwasa lan kaluhuran allah supaya mbangun turut sawutuhe. GustiYesus makili kabeh hakikat panguripan kang asipat ilahi, kebak pepadhang lan kamulyan. Kita ora wanuh Gusti allah liya, kajaba saka patuladan kang wis dipratelakake dening panguripan lan patangen Panjenengane. Anggone andhap asor Panjenengane ngangkat Panjenenane nganti tekan tingkatan sang Rama. Sabenere, Panjenengane kang dideleng dening nabi Yesaya iku gusti Yesus piyambak, awit ora ana bedane babar pisan antarane sang Rama karo sang Putra.

YOKANAN 12:46-48
46 Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng. 47 Lan manawa wong ngurngokake pituturKu, nagning ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nangin mitulungi rahayu. 48 Sing sapa nampik aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan.

Sawijining wabah penyakit kang banget mbebayani nyerang sawetara desa ing Afrika. Wong-wong bakal lunjak-lunjak ora kakendhaleni ing njero gubuk-gubuk ing alas awit adem kang disandhang. Dokter enggal-enggal teka mrana mriksa, gejala penyakit iku bisa dicegah menawa pasien sing lara iku mlaku ana ing panasan srengenge kang sumunar padhang. Awit saka iku dokter mau banjur nyeluki wong-wong mau, “metua saka gubukmu kang peteng lan tampanana kewarasan. Mikroba kang dadi jalaran penyakitmu bakal mati yen kena panase srengenge.” Sawetara wong sebanjure metu menyang panasan srengenge, lan banjur waras. Wong-wong kang liyane orag pracaya marang dokter iku gegayutan carane marasake penyakite, wong-wong mau tetep manggon ing gubuk lan sebanjure mati. Dokter iku lan sawetara wong kang wis kawarasake ndeleng wong wong kang wis meh mati iku, sebanjure takon: “Kenapa kowe ora gelem metu menyang panas ing padhange srengenge?” Wong-wong mau mangsuli, “Cilaka aku kabeh, aku kabeh ora pracaya marang kandhamu, awit kandamu kok gampang banget. Aku kabeh lara lan banget sengsara”. Dokter mau kandha, “Mengkono kowe mati ora awit bibit penyakit iku, nanging awit kowe ora pracaya marang kandhaku”.

Contoh iki nggambarake gegayutan panguwasane Sang Kristus. Panjenengane iku Srengenge Kayekten kang mlethek lan sumunar maekani petenge dosa, Kang menang atas kabeh sumber saka piala. Kabeh wong kang mlebu ing sajroning padhang kang elok iku bakal diselametake. Panjenengane babar pisan ora kagungan tujuan liya kajaba supaya nylametake manungsa saka dosa lan pati. Pangandikan – pangandikan Panjenengane bisa merdekakae kita kabeh saka kabeh panguwasa kang nyilakakake. Kabeh wong kang krungu pangandikan Panjenengane, pracaya lan ngyakini pangandikan mau, sowan mrang Panjenengane, mbangun turut, bakal urip ing salawase. Pati ora bakal maneh duwe panguwasa atas awake.

Nanging kabeh wong kang krungu pangandikan Panjenengane lan ora nyimpen ing sajroning atine, bakal kasilep ing sajroning dosa lan sebanjure bakal terus diadili lan kasiput pepeteng kang ora ana enteke. Mengkono Injil iku kanggone wong-wong kang ora pracaya dadi hakim lan dadi jalaran cilakane. Apa panjenengan wis nampani gusti Yesus dadi juru selamet panjenengan? Apa panjenengan ngapalake SabdanE lan duwe tekad nglakoni ana ing ati panjenengan?

YOKANAN 12:49-50
49 Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhwewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Dak tuturake lan kang Dakterusake. 50 Lan Aku sumurup, yen dhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apa kang Dakkandhakke iku anggonKU nglairake kaya kang didhawuhake dening Sang Rama marang Aku”

Gusti Yesus iku Sabda Allah. Mung apa kang dipenggalih Allah kang dikersakake Panjenengane kang bakal kita rungokake nalika gusti Yesus ngandika. Sang Kristus iku pawarta langsung saka Gusti Allah marang panjenengan. Sang Putra mbangun turut banget, Panjenengane mirengake suwara Sang Rama lan sebanjure njarwakake ing sajroning basa manungsa. Gusti Allah ngandika lumantar Panjenengane marang jagat kang dosa. Kaya-kaya arep ngandika, “Aku iki kang Langgeng lan arep dadi Ramamu. Kanthi nugraha Aku bakal ngesokake urip langgeng marang kowe. Kowe pancen pantes nampani bebendu lan kacilakan saka Allah, nanging Aku tetap nresnani kowe; Aku ngorbanake PutraKu kang suci nggenteni kowe, kanthi mengkono kowe dibenerake lan bisa nampani Roh suci. Kowe ora bakal mati. Aku dhawuh kowe supaya nampani urip langgeng kang ana ing sajroning asta Sang Mesih kang saka Aku. Kabeh wong kang ora gelem nampani Sang Mesih, ora bakal ndeleng Frdus lan urip kang sejati.” Kanthi Pangandikan iki gusti Allah nawani marang jagat sawijining kaselametan kang ora usah mbayar. Nanging kabeh wong kang nyepelekake Sang Kristus utawa nampik Panjenengane bakal tiba ing sajroning jurang pati, awit wong iku wis nampik apa kang ditawakake gusti Allah gegayutan urip langgeng.

PANDONGA: Rama, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka ngesokake gesang langgeng dhumateng kawula. Kawula memuji lan ngluhuraken Paduka kanthi kebak kabingahan. Paduka sampun mindahaken kawula saking pati dhumateng gesang, saking panguwaosing dosa dhumateng katresnan Paduka. Teguhaken ing salebetipun kawula pangandikan putra Paduka lan tetepaken menika ing salebetaipun manah lan pikiran kawula, supados ngasilaken woh. Paduga pecut tiyang kathah lumantar Injil Paduka. Paduka wucal dhumateng kawula supados martakake pawartos Paduka dhumateng sadaya manungsa, kanthi makaten tiyang-tiyang saget pitados lan mboten nampani kacilakan.

PITAKONAN:

  1. apa dhawuh gusti Allah ing sajrone Sang Kristus marang kabeh manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:23 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)