Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 078 (The Greeks seek Jesus' acquaintance)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
A - MENJELANG MASA MINGGU KUDUS (Yokanan 11:55 - 12:50)

3. Wong-wong Yunani mbudidaya tepung gusti Yesus (Yokanan 12:20-26)


YOKANAN 12:20-24
20 Ing antarane wong-wong kang nekani riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunani sawatara. 21 wong-wong iku padha marani Fgilipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: “Kisanak, kula sami kepengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus.” 22 Filipus tumuli lunga ngandhani Andreas; Filipus karo Andreas tumuli padha lunga munjuk marang Gusti Yesus. 23 Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake. 24 Satemen-temene pituturKu maang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetap saelas bae: nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake wong akeh.

Wong-wong Yunani kang ngrasuk agama Yudaisme uga kumpul ing Yerusalem; wong Yunani teka arep ngrayakake Paskah saka antarane jagading helenistik. Nalika wong akeh mapak Gusti Yesus kanthi sora nyebutake Panjenengane minangka Ratu, wong-wong Yunani iku uga kena pengaruhe. Awit saka iku wong-wong Yunani mau kepengin tepung Panjenengane luwih cedhak maneh. Rasa kangene bangsa-bangsa bisa dideleng ing sajrone kekarepane wong-wong iki. Awit wong-wong iku ngerti yen Filipus bisa basa Yunani, dheweke sarujuk ngrembuk bab iki marang mitrane Andreas supaya makili wong-wong Yunani iku. Wong loro muride gusti Yesus iku sebanjure sowan marang gusti Yersus, lan Filipus lan Andreas iku banget kadudut atine awit sepisanan ndeleng woh-woh anggone leladi nganti bangsa liya uga gelem sowan marang gusti Yesus. Wong loro mau bisa uga mikir yen nyingkir menyang Laladan Yunani bisa uga dadi salah siji pilihan kanggo nyingkiri bebaya kang ngancam saka wong-wong Yahudi kang fanatik.

Gusti Yesus pirsa pikiran para murid, wektu Panjenengane lagi nampani sowane bangsa-bangsa awit saka panyuwune wong-wong Yunani iki. Panjenengane mratelakake sawijining timbalan kang penting banget, kang nalika iku durung dimangerti maknane, kang dadi sawijining pratela kemenangan, lan kang dadi semboyan saka Injil Yokanan, “Wis teka wektune Putrane Manungsa diluhurake”. Wektune wis tekan kanggone Panjenengane kanggo diluhurake, lan wektu kang dienteni dening langit lan bumi wis tambah cedhak.

Nanging kang banget dening elok; kamenangan ing sajroning peperangan, ngrebut panguwasa kanthi cara politik dudu tanda-tanda saka kaluhurane Sang Kristus. Yokanan ora nulis gegayutan gusti Yesus kang diluhurake ing sak nduwure gunung, awit Yokanan ora ndeleng prekara iku minangka kamulyan kang penting banget. Yokanan malah nulis, gegayutan antarane kaluhuran Sang Kristus karo sedane. Ing kana, ing kayu Salib, kita ndeleng sari pathi saka sipat kealahaane, yaiku bab katresnan Panjenengane.

Gusti Yesus nyebutake sarirane dadi winih gandum, winih kasuwargan kang tiba ing lemah, kanggo ngosongake sarirane lan nuduhake kayekten lan kaluhuran Panjenengane. Gusti Yesus luhur ing saklawas-lawase. Sedane Panjenengane yaiku kanggo nyucekake kita, wong-wong kang cemer, kanthi mengkono kita bakal kaparingan nugraha supaya pantes kangge nampani perangan ing sakjrone kaluhuran Panjenengane. Rawuhe wong-wong Yunani iku nukulake timbalan kang mulya banget, awit prekara iku nuduhake yen Panjenengane nimbali kabeh manungsa saka bangsa kabeh. Panjenengane bakal nganyarake ing sajrone wong-wong mau kaluhuran Panjenengane kang ndhisik. Kaluhuran iku bakal mlebu ing sajaroning saben titah mung lumantar Kayu Salib.

YOKANAN 12:25-26
25 Sapa kang nresnani nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sapa kang ora nresnani nyawane ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawane kanggo urip kang langgeng. 26 Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.

Gusti Yesus nuduhake marang kita yen dalan seda Panjenengane lan jumangkahe Panjenengane tumuju kaluhuran bakal dumadi ing sajroning panguripane para murid Panjenengane uga. Dikaya Sang Putra ninggalake kaluhurane, ngosongake sarirane saka kabeh hakikat sipat keallahane kangge nylametake manungsa, semono uga tujuan kita dudu supaya awak kita dadi gedhe utawa misuwur, nanging koso baline nyingkur awake dhewe langsung. Dadaren awak panjenengan dhewe, apa panjenengan nresnani utawa sengit marang awak panjenengan dhewe? Sang Kristus ngandika yen panjenengan nglalekake awak panjenengan dhewe, lan leladi Kraton Panjenengane kanthi setyo mula panjenengan bakal nampani urip kang asipat keallahan. Panjenengan bakal nampani keselametan kanggo jiwa panjenengan nganti kelanggengan. Aja urip panjenengan mung kanggo ngoyak hardaning hawa nepsu panjenengan dhewe; ora keset utawa gumunggung, nanging bali marang gusti Allah supaya mirengake Dawuh Panjenengane, nggoleki wong-wong kang ilang lan kabuwang nglayani wong-wong iku, dikaya Panjenengane wis ngothongake sarirane saka kaluhurane, supaya bisa lungguh sakmeja bebarengan karo wong-wong kang laku zina lan para maling. Kanthi kita bisa nindakake kang kowo mengkono dum kineduman karo wong-wong dosa kanggo kepentingan Injil mula kaluhuran Allah bakal katon ing sajroning urip panjenengan. Aja mbayangake awak panjenengan dadi jejere wong kang luwih apik dibanding wong liya. Gusti Yesus piyambak kang bisa agawe panjenengan tinarbuka marang wong-wong liya sinadyan panjenengan uga dadi wong kang ana gagale ana ing urip iki. Owah-owahan iki mung dumadi lumantar nyingkur awake dhewe.

Gusti Yesus netepake watonan iki cetha, nalika Panjenengane nerangake yen leladi kita marang Panjenengane ateges kita kudu ndherek lan dadi memper karo Panjenengane, lan melu ngrasakake kacacad kang kala-kala ditampa Panjenengane uga. Dalan iku dudu dalan kang kebak kaluhuran lan mewah uga marakake bombonge ati; dudu iki kang bisa diarep-arep dening para pandhereke sang Kristus. Para pandereke Sang Kristus bisa uga bakal ngrasakake ditampik, nampani kekerasan, panganiaya lan malah bisa uga tekan pati. Apa panjenengan wis nyawisake badan panjenengan kanggo nampani panandhang demi asma Panjenengane? Panjenengane paring prasetyo, “Ing ngendi Aku ana, ana kono para abdiKu ana”. Gusti Yesus wis tindak ana ing ngarep ing sajroning panandang, Panjenengane nandang kasangsaran kanggo panjenengan. Cetha banget yen kaluhuran dudu irah-irahan saka panguripan para abdi Sang Kristus sing sajroning leladen iki. Kabungahan kita dudu ana ing sajroning nyenengake awak dhewe, nanging ing sajone ngladeni wong-wong kang mbutuhake. Asma Sang Kristus diluhurake ing sajroning roh pangorbanan saka para pandherek Panjenengane. Asma Sang Rama diluhurake, nalika kita dadi para putrane Panjenengane.

Dikaya Sang Kristus lenggah ing sisih kanane damparing Sang Rama saiki, urip bebarengan ing sajroning patunggalan lan lan nyawiji kang sempurna, mengkono uga wong-wong kang dianiaya dina iki kanggo asma Panjenengane bakal urip lan kumpul bebarengan karo Rama Panjenengane ana ing suwarga. Gedhe banget wadi iki. Kepiye manut panemu panjenengan gegayutan kamulyan kang ditawakake dening Sang rama marang para abdi saka Sang Putra kang banget disihi Panjenengane? Panjenengane bakal nganyarake gambar Panjenengane ing sajroning uripe wong-wong, kaya nalika kayasa. Luwih saka iku, Panjenengane bakal mandap atas wong-wong mau ing sajroning kapenuhan Roh Panjenengane. Wong-wong mau bakal dadi para putra Panjenengane dikaya putra Panjenengane, awit Panjenengane pancen kang pambayun ing antarane sedulur akeh. Kanggo selawase, wong-wong mau bakal manunggal bebarengan karo Rama Panjenengane ing sajroning kasuwargan. (Roma 8:29; Wahyu 21:3-4)

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun, gusti Yesus, awit Paduka mboten rumaos marem namung ngraosaken kaluhuran paduka piyambak, nanging Paduka ngosongaken badan sarira Paduka saking kaagungan Paduka. Kawula manembah Paduka awit anggen paduka andap asor kados makaten, lan ndedonga supados paduka kersa merdekaaken kawula saking patrap mentingaken badan piyambak lan gumunggung kawula, kanthi makaten kawula saget nepang kamardikan ingkang dipun paringake dening Roh Paduka kangge ngladosi Paduka lan nepang katresnan Paduka ing salebetipun panggesangan kawula.

PITAKONAN:

  1. Kenging menapa sedanipun sang Kristus dipun sebat minangka kaluhrakenipun kayektesosan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)