Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 029 (Jesus leads the adulteress to repentance)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
C - ANGGONE GUSTI YESUS NGRAWUHI ING YERUSALEM KANG KAWITAN (Yokanan 2:13 - 4:54) -- IRAH-IRAHAN : APA IBADAH KANG SEJATI IKU?
4. Gusti yesus ing Samaria (Yokanan 4:1-42)

a) Gusti Yesus nuntun wong wadon kang gaweane laku zino marang pamratobat (Yokanan 4:1-26)


YOKANAN 4:16-24
16 Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!” 17 Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku 18 Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.” 19 Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi. 20 Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.” 21 Pangandikane Gusti Yesus; He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem. 22 Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kok weruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi. 23 Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening sang Rama. 24 Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.

Sakwise gusti Yesus andadekake rasa ngelak ing wong wadon iku bab banyu panguripan, lan maringi apa kang dadi pepinginane bab sih rahmat Allah, Panjenengane nuduhake marang wong wadon mau apa kang bakal dadi pepalang kang andadekake dheweke ora bisa nampa sih rahmat iki – yaiku dosane. Gusti Yesus ora ndakwa wong wadon iku kanthi kasar , kanthi ngandika: “ Heh kowe, wong kang laku zino”, nanging kanthi alus njaluk wong wadon mau nyeluk sing lanang supaya sowan marang Panjenengane. Panjaluke gusti iki banget dening nglarani atine wong wadon mau. Dikaya kabeh wong wadon liyane butuh pangayoman lan kawigaten saka kang lanang. Nanging wong wadon iki kasepen lan diremehna, lan ora gelem mbuka wirange marang gusti Yesus. Awit saka iku wong wadon mau singidan kanthi kandha: “Kula mboten gadhah semah”

Gusti Yesus negasake pangakone wong wadon mau minangka sawijining kayekten, lan Panjenengane iku kang pirsa kabeh kayekten. Panjenengane pirsa manawa wong wadon iku pancen ditinggal dheweke, golek katresnan lumantar hawa nepsune, tiba dosa sing siji lan dosa liyane.

Kabeh pakarti laku zino iku andadekake cilaka, kang ngrusak telenging ati, lan nglarani rerasan kita, mligine ing sajroning atine para wong wadon. Saiki wong wadon mau tetep duwe pepinginan duwe bojo malah sakwise pisah, tetap duwe pepinginan dumadine ditunggalake lan diwenehi pangerten maneh.

Saiki wong wadon iku ngerti manawa gusti Yesus dudu manungsa lumrah, ing sajroning sarirane ana tetingalan dikaya nabi. Wong wadon mau ngerti manawa mung Gusti Allah kang bisa paring pitulungan marang dheweke. Nanging kepiye carane nemokake Gusti Allah? Nganggo cara apa? Donga lan pangibadah sawijining prekara kang andadekake dheweke orang mudheng. Matahun-tahun wong wadon mau ora tahu teka ing pangibadahan apa wae, nanging wong wadon mau isih ngrasakake pepinginan kamardikaake lan tentrem rahayu karo gusti Allah.

Sakwise gusti Yesus andadekake wong wadon mau krasa duwe pepinginan di sucekake, Panjenengane nerusake nuntun wong wadon mau supaya ngerti manawa papan pangibadah dudu bab kang utama, nanging kang utama yaiku Pribadi kang disembah. Panjenengane nyethakake manawa Gusti allah iku Sang Rama kasuwargan. Panjenengane sebanjure ngesokake marang wong wadon mau kesalmetan kang saka Panjenengane ing sajroning hakekat pangerten bab Allah. Panjenengane nggunakake tembung kunci “Rama” akehe kaping telu. Ora marga kalantipan lan kamursidan pribadi kang andadekake tepung karo Gusti Allah, nanging iman marang Sang Kristus wae.

Gusti Yesus negasake yen ora kabeh ilah pantes disebut Sang Rama. Wong-wong Samaria akeh duwe ilah-ilah. Kamangka wong Yahudi ngerti bab sapa to Gusti iku, kang wis mratelakake sarirane ing sajroning sejarah, lan kang janji yen sang Juru wilujeng kanggo jagat iki tekane bakal saka tedhak turune Dawud.

Agama kang alandhesan kitab suci bakal ngalimputi saindhenging jagat. Wiwit wektu iku anggone manembah gusti Allah bakal bebas saka cancangan sawijining gedung pangibadah. Wong-wong pracaya bakal dadi pedalemane Allah, ana kono Sang Roh suci bakal nunggal marang wong-wong pracaya; uripe wong-wong mau bakal dadi sesembahan kanggo kaluhurane Allah. Anggone kasucekake dening gusti allah bakal dadi tandha uripe, awit wong-wong mau mlebu ing sajroning kaagungan katresnan Panjenengane. Wong-wong mau wis milih urip kang kalandesan kayekten, kejujuran lan kasucen ing sajroning Panguwasa Panjenengane. Rama kasuwargan wis nganyarake uripe. Anggone manembah kang ditindakake kanthi golong gilig kapenuhan ing pujian. Gusti Allah kepareng nalika putra-putrane nyebut panjenengane, kanthi panuwun lan pasrah minangka jejering“Rama kasuwargan kawula”

Allah iku Roh, dudu mung brahala utawa lelembut. Panjenengane iku Rama kita, lan kita ngerti Roh Panjenengane. Panjenengane pirsa karingkihan kita lan anggone kita ora duwe daya kanggo nyerak marang Panjenengane. Panjenengane rawuh marang kita lumantar Putrane, nyucekake kita nganggo pangorbanan Panjenengane supaya kita nampa Roh Panjenengane. Gusti Allah ngersakake kagungan putra-putra kang akeh; mung putra-putrane kang bisa ngunjukake panembah kang bener ing sajroning roh lan kayekten. Kita ndedonga supaya sang Rama ngalimputi kita nganggo Roh kayekten lan sihrahmate, kanthi mangkono urip kita bisa nanggapi katresnane.

Ora ana wong siji wae kang bisa manembah Gusti Allah kang kanthi bener, awit saka iku gusti Yesus maringi kita nugraha Sang Roh. Ing sajroning Panjenengane kita bisa dadi wong kang ndongakake kanthi setyo, abdi-abdi kang kebak sukarena, lan seksi-seksi kang kendel. Sebanjure kita bakal dadi juru panembah marang sang Rama kita kang kebak katresnan ing sajroning panguwasa Sang Roh suci kang mili saka Kayu Salib Sang Kristus.

Sang Kristus wis nyucekake pedaleman Allah, kanggo neteake sawijining tata cara manembah kang bener. Rama dipratelakake ing sajroning sang Kristus marang wong wadon kang dosa iku. Sakwise wong wadon iku ngakoni dosa-dosane lan duwe rasa ngelak bab banyu kang urip, gusti Yesus maringi marang wong wadon mau sih rahmat.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Paduka, bilih Paduka ngersakake supados kawula ngluhurake Paduka saking manah kawula, lan dipun sucekake ing salebetipun gesang kawula, ngluhuraken sih rahmat Paduka. Paduka sucekaken anggen kawula manembah. Dadosa kawula abdi ingkang ndherek putra Paduka, ingkang tansash ngluhuraken paduka. Kalimputana kawula kanthi roh pandonga, supados tansah nanggapi pangadikan Paduka ingkang mili saking Injil.

PITAKONAN:

  1. apa kang malanghi anane manembah kang bener, lan apa kang ngasilake kabecikan kanggo prekara iku?

YOKANAN 4:25-26
25 Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.” 26 Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

Wong wadon iku ngrasakake panguwasa lan kayekten ing sajroning pangandikan Gusti Yesus kang kebak katresnan. Wong wadon kuwi duwe pangarep-arep yen dheweke bisa ndheleng ujude janji kang wis diparingake marang dheweke. Wong wadon mau kelingan pameca gegayutan rawuhe Sang Kristus kang wis tambah cerak. Pengarep-arepe ana ing asma iku, lan pracaya yen mung Panjenengane kang bisa nyethakake marang dheweke gegayutan anggone manembah kang bener marang Allah.

Kang aneh, gusti Yesus sadurunge ora tahu mratelakaken sarirane kanthi cetha kaya kang dipratelake marang wong wadon iku. Panjenengane ngandika manwa Panjenengane iku kang diarep-araep, Kang diutus dening Allah, kapenuhan sang Roh Suci. “Aku dhewe sih rahmate Allah kanggo manungsa; Sabda Allah kang ngejawantah lan kaselametan kang dicawisake kanggo manungsa”.

Wanita iku ora bisa ndeleng yen sang Mesih iku mawa teges raja ing atase Raja, pengarepe para nabi lan Sang Imam Agung piyambak. Bisa uga wong wadon mau tau krungu yen rawuhe Sang Mesih bakal ditandhani dumadine patangen lan saya mudhake tentrem rahayu ing jagat iki. Wong wadon iku bisa uga tahu krungu bab ngimpene politik wong-wong Yahudi gegayutan karo Asma iku. Nanging kang wong wadon mau karepake saka sang Juru selamet yaiku Panjenengane bakal ngapura dheweke saka kabeh dosane. Wong wadon mau Pracaya yen Sang Kristus bisa nindakake prekara iku.

Nalika iku gusti Yesus ngandika: “Aku iki Panjenengaen, kang lagi ngandikan karo kowe”. Rancangan-rancangan kasuwargan lan janji para nabi ketemu ing sajroning pangandikan iki, “AKU IKI PANJENENGANE”. Nek manungsa lumrah ora bakal bisa kandha terus terang yen dheweke iku Sang Mesih. Anti Kristus kang bakal teka, dheweke uga kang bakal gawe pengakon kang mengkono iku kanthi cara kang luput. Nanging sang Kristus iku katresnan kang ngejawantah kang ora ngremehake wong dosa kang ora ngerti, nanging bakal maringi sih rahmat malah marang wong wadon manca saka Samaria. Panjenengane kebak ing sih rahmat lan ora ngadhili.

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)