Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 038 (Temptation of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
C - KRISTUS MIWITI PELADOSAN ING GALILĚA (Matéus 4:12-25)

1. Kristus Milih Kapernaum dadi Papan Pedalemané (Matéus 4:12-17)


MATÉUS 4:12-17
12 Bareng gusti mireng pawarta, yén nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengané banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea, 13 pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagaya ing laladan tanah Zebulon lan Naftali, 14 supaya kayekténana kang kapapangandikaaké déning Nabi Yésaya mangkéné: 15 “Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrangé bengawan Yardén, tanah Galilea panggonané bangsa-bangsa liya, 16 bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhé, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wus kaplethekan Pepadhang”. 17 Ing wektu kuwi Gusti Yésus wiwit mulang, pangandikané: "Padha mratobata ninggal dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Kratoné Allah arep diwiwiti!
(Yésaya 9:1-2; Matéus 3:2; Markus 1:14-20; Lukas 4:14-15; Yokanan 8:12)

Sakwisé baptisan Gusti Yésus ing kali Yardén, lan anggoné menang pepadhang lumawan pepeteng ing sajrong cobaning Sang Kristus ing ara-ara, anggoné leladi Yokanan Pembaptis nyeraki kapungkasi. Nalika iku, Sang Kristus nindakaké sawetara leladi liya kang ora ditulis déning Matéus.

  • Panjenegnané ngrawuhi neningkahan ing Kana kang ana ing Galelia. Ana kono Panjenengané ngrubah banyu dadi anggur (Yokanan 2:1-11)
  • Panjenengané tindak menyang Kapernaum (Yokanan 2:12)
  • Panjenenganea tindak Yerusalém ing dino Paskah, lan nyuceni pedaleman suci (Yokanan 2:13)
  • Panjenengané wawan pangandikan karo Nikodemus ing Yerusalém (Yokanan 3:1-21)
  • Panjenengané mbaptis wong-wong kang nampani Panjenengané ing Yudea, sawetara Yokanan mbaptis ana ing Aenon (Yokanan 3:22)
  • Gusti Yésus wawan pangandikan karo wanita Samaria (Yokanan 4:1-42)
  • Panjenengané nyarasaké anak priyayi Kraton ing Kana kang ana ing Galelia (Yokanan 4:43-54)

Sebanjuré Yokanan dilebokaké ing pakunjaran pancen gusti Allah ngidinaké abdi Panjenengané iku dadi sempurna ing sajroné panandhang ing tangan Iblis, dikaya Panjenengané wis ngidinaké anané panandang kanggo Ayub lan wong-wong liya kang setya marang Panjenengané. Sakwisé pungkasan mangsa anggoné leladi Yokanan Pembaptis ing pakunjaran, Sang Kristus kotbah bab Kratoning Allah ing Galelia.

Sang Kristus ora mlebu Galelia nganti wektuné pas. Wektu kudu dicawisaké yaiku dalan kanggo gusti. Ngaturé Gusti Allah banget ngedap-edapi kanthi mengkono Yokanan bakal mudhun nalika Sang Kristus wiwit timbul. Manawa ora mengkono, wong-wong bakal kapisah kawigatené marang wong loro iku- siji golongan kandha, “Aku pandhéréké Yokanan.” Lan liyané kandha, “Aku pandhéréké Gusti Yésus.” Sang Kristus mlebu ing Galelia nalika Panjenengané mireng gegayutan anggoné dikunjara Yokanan, dudu mung kanggo kawilujengan Panjenengan piyambak, awit Panjenengané pirsa yén wong-wong Farisi ing Yudea uga sengit Panjenengané kaya wong-wong iku sengit marang Yokanan, nanging uga kanggo maringi kekuatan marang Yokanan lan kanggo mbangun atas landhesan kang wis diselehaké déning Yokanan.

Gusti Allah ora bakal ngejaraké sarirané ora kagungan seksi, lan gereja Panjenengané ora duwé pemimpin. Nalika Panjenengané mundhut wong kang banget dibutuhaké ing kana, Panjenengané bisa nangekaké kang liyané kanthi panguwasa Roh Suci kang diparingaké Panjenengané marang Gereja. Lan Panjenengané bakal nindakaké manawa pancen ana kang kudu ditindakake.

Cetha banget kanggo Sang Kristus yén Rama Panjenengané ora nuntun menyang Yudea kang ana kana ana Pedaleman Allah, nanging Panjenengané nuntun menyang ndesa-ndesa lan menyang Galilea. Gusti Yésus ninggalaké Nazaret ana Nazaret Panjenengané digedhékaké lan tindak menyang Kapernaum, kang dadi punjering pengangkutan barang-barang kanggo angkutan nalika iku. Matéus nyethakaké, lan négesaké, yén saben jangkah kang ditindakaké gusti Yésus wis disebutaké ing sajroné pameca kang ana ing sajroné Kitab suci. Panjenengané mbuktekaké ing sajroné pasal-pasal sadurungé yén Bétlehém iku kutha miyosé Gusti Yésus, lan Nazaret iku papan lenggah Panjenengané nalika isih enom, kabéh selaras karo pameca. Panjenengané uga nyuplik apa kang dikandhakaké nabi Yésaya (Yésaya 9:1-2) yén Galilea bakal dadi punjering saka pakaryané Gusti Yésus selaras karo karsa kalanggengan Gusti Allah.

Sang Kristus iku pepadhang jagat lan padhang peladosan Panjenengané ing jagat sumunar ing Galilea. Laladan kang éndah iku adoh saka Yerusalém lan Pedaleman suciné uga penduduké ora pati apal ayat –ayat Kitab suci lan Paugeran Musa dikaya para ahli Taurat ing Ibukota. Kosok baliné penduduk Galelia iku wong-wong ndesa kang kasar, sawetara ing antarané penduduk ana wong kang nyelundup lan wong ala dalanan. Iki laladan kang peteng kang kepéngin dipadhangi déning Gusti Yésus.

Zebulon lan Naftali iku laladan taler-taler kang dadi watesan karo Galilea. Tembung “Zebulon” asale saka tembung “Zabhal” (nduwurake). Sang Kristus tindak marang umat Panjenengané kang asor kanggo nglegakaké umat kang ngelih babagan kayektén lan ngunggahaké umat kanthi cara kasukman.

Tembung kawitan kang dingandikaaké Gusti Yésus iku uga tembung kawitan kang dingandikaaké ing sajroné kotbah Yokanan, “Mratobato”. Isi saka Injil iku padha saka jaman ngejaman. Dhawuh-dhawuhé padha lan alesan kanggo mbaléni tembung iku uga padha, lan manungsa utawa malaikat ora bakal wani martakaké Injil kang liya (Galatia 1:8). Mratobata, yaiku timbalan saka “Injil kang langgeng” lan kang lagi diwartakaké marang panjenengan dina iki.

Sang Kristus kagungan kurmat kang banget gedhé marang anggoné leladi Yokanan lan martakaké pawarta kasucén kang padha kang wis diwartakaké déning Yokanan sadurungé Panjenengané. Yaiki bukti yén Yokanan pancen utusan lan duta Panjenengane- Gusti Yésus nyethakaké tembung-tembung utusan Panjenengané. Ing pérangan siji, Sang Putra rawuh kanthi tugas kang padha karo tekané para nabi, kanggo “nggoléki woh” – woh pamratobat kang pantes. Sang Kristus bisa waé martakaké prekara-prekara kang banget agung gegayutan prekara kang asipat Allah ing Suwarga kang bakal agawé jagat iki gumun, nanging Panjenengané martakaken pawarta kang gampang iki, “Mratobata, Kratoné Suwarga wis cedhak”.

Gusti Allah nyengkuyung anggoné leladi utusan Panjenengané kang setya lan neguhaké yén Sang Roh Suci ngersakaké kita, luwih dhisik, kanggo ngrubah pikiran kita lan ninggalaké dosa-dosa kita. Dosa iku alesan kanggo kabéh prekara kita, upah dosa yaiku pati. Gusti Yésus ora mung nguwalaké kita saka kabéh prekara kita nanging nguwalaké kita saka sumber prekara kita, yaiku dosa. Panjenengané dhawuh kita supaya nyawisaké ati lan pikiran kita supaya netepaké kabéh ananké kita supaya misahaké awak kita saka karingkihan kita, sengit dosa, lan sumendhé Gusti Allah supaya nuntun kita marang kasucén Panjenengané.

Dosa misahaké kita saka Kang Nitahaké, awit saka iku dhawuh gusti Yésus supaya mratobat iku maringi pengarep-arep anyar kang nuntun kita saka anggoné kita dhéwékan bali marang daleme Sang Rama lan Krajan Panjenengané. Timbalan iki yaiku dhawuh Ilahi kang kawitan ing sajroné paugeran Kristen. Manungsa ora bali marang gusti Allah kanthi pepinginané dhéwé; dhéwéké mbutuhaké uleman, dhawuh, lan putusan. Bali menyang Suwarga iku tandha kang katon saka Injil Matéus. Banget ndudut ati yén Matéus pakulinané ora nggunaaké tembung “Kratoné Allah” utawa “Kratoné Sang Kristus” nanging dhéwéké asring nggunakaken tembung “Kraton Suwarga”. Iki awit, kajaba sawetara kang seje, wong-wong Yahudi ora nyebut jeneng Allah awit wedi nerak paugeran kang nglarang wong-wong iki nyeluk jeneng iku kanthi nglaha tanpa guna.

Kraton Suwarga lan kabungahan suwarga manunggal ing sajroné wong-wong kang duwé Roh Suci lan Gusti manunggal ing sajroné wong-wong iki. Wong-wong ing jaman dhisik duwé pikiran yén Suwarga ana ing nduwur sirahé lan neraka ana ing ngisor sikile nanging kita ngerti yén Sang Kristus tansah nganthi kita, malah nganti pungkasané jaman. Senajan akéh prekara lan kangelan jagat, kita bisa manunggal ing sajroné panguwasané gusti, dikaya kang dingandikaaké Gusti Yésus marang kita, “Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahaké donya” (Yokanan 16:33)

Tanah Zebulon lan tanah Naftali kang dadi “Galilea kanggo wong-wong dudu Yahudi”, nuduhaké kaya apa asor lan nisthané kahanan taler iku ing sajroné anggepan kang liyané. Tembung “Zebulon” ngandhut makna, “papan kang didhuwurake” (Purwaning Dumadi 30:20). Berkah Yakub marang Zebulon yaiku wong-wong Zebulon “bakal manggon ing pesisir segara” (Purwaning Dumadi 49:13). Iku gamaran bab umat Gusti kang manggon dhéwékan kan, “ora gelem dipetung ing antarané bangsa-bangsa kapir (wilangan 23:9), nanging sebanjuré campur karo bangsa-bangsa liya lan melu patrap nisthané. (Mazmur 106:35;Hosea 7:8)

“Naftali” tegesé “pepéranganku” (Purwaning Dumadi 30:8). Iki gambaran bab umat Gusti kang ngrasakaké kamardikané awit pracaya marang Gusti Allah ing sajroné pepérangané (Purwaning Dumadi 49:21). Nalika wong-wong mandheg perang, satru wiwit nindhes awake.

Wong-wong kang ora duwé Sang Kristus ana ing sajroné pepeteng. Kang luwih ala manéh, wong-wong iku “lungguh” ing sajroné kahanan mengkono. Lunguh ing sajroné patrap kang nglencengaké awak- ana kono kita lungguh, kita duwé rancangan lungguh suwé. Akéh kang ana ing sajrong pepeteng lan rumangsa kepenak ing kana, tanpa kepéngin golék dalan kanggo metu. “Anadené mungguh paukuman mau mangkéné: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawé-panggawéné ala”. (Yokanan 3:19)

Kahanan taler-taler Israél banget mrihatinake. Akéh bangsa-bangsa kang gedhé lan ngedap-edapi ana ing sajroné kahanan kang padha wektu iki lan kudu diwelasi uga didongakake. Malah luwih mrihatinaké manéh awit dina iki bangsa-bangsa iku lungguh ing sajroné pepeteng karo padhangé Injil ing sakiwa tengené. Wong kang ana ing sajroné pepeteng awit dina kang wis bengi duwé keyakinan yén srengengé bakal cepet mlethek, nanging wong kang ana ing sajroné pepeteng awit wuta ora bakal cepet bisa ngelekaké mripate. Kita duwé pepadhang awan nanging apa gunané manawa kita ora duwé pepadhangé Gusti?

Tembung “kraton” ngrembuk gegayutan ratu kang duwé kawicaksanan, panguwasa lan kaluhuran. Sang Kristus ngandika sakwisé séda lan wunguné “Aku wis kaparingan sakabéhing panguwasa ing swarga lan ing bumi”. Kanthi tembung-tembung iku, Panjenengané mratélakaké sarirané minangka jejeré Raja saka Kraton Swarga. Kita asukarena atas kasunyatan yén Gusti Allah pancen Raja. Panjenengané paring dhawuh lumantar putra Panjenengané kang maringi sariraNé kanggo kita, kanthi mangkono Panjenengané bisa nebus kita saka dosa lan nyucékaké kanggo sariraNé sawijining umat kagungan Panjenengané kan dilahiraké saka Roh Panjenengané. Kraton iki yaiku kagungan Raja kita lan kita kagungan Panjenengané.

Tekané Kraton Sang Kristus bakal kelakon mbaka sethithik. Kang kawitan tekané yaiku kang mbuka dalan, Yokanan Pembaptis, sebanjuré rawuhé Sang Raja, Yésus, kang nggawa pepadhang marang para pandhérék Panjenengané lan nyucékaké umat kagungané kanthi mangkono umat Panjenengané bisa pantes ing sajroné patunggalan karo Gusti Allah. Sebanjuré Roh Yésus rawuh atas wong-wong pracaya, mestekaké tekané kita ing sajroné Kratoné Allah. Pungkasané Gusti Yésus bakal rawuh ing sajroné kaluhuran Panjenengané lan Kraton Panjenengané kang bakal langgeng ing bumi iki. Sejarah Kraton Allah nuduhaké undhak-undhakan, obah mosiké, tetuwuhané tumuju marang sawijining tujuwan kang agung. Prekara iku wis diwiwiti, saiki ana ing sajroné kita lan bakal mratélakaken kaluhuran kita ngrungokaké Gusti Yésus nalika Panjenengané ngandika, “Mratobata, Kratoné Swarga wis cedhak”. Apa panjenengan ana ing sajroné utawa ing njaba Kraton iku? Aja lali yén Krajan iku ora gegayutan karo keselametan panjenengan waé. Prekara iku uga gegayutan karo wong-wong kang ngenténi krungu pawarta keselametan kanthi mengkono wong-wong iku bisa mratobat lan dadi wong-wong pracaya kang dilahiraké manéh ing sajroné keluarga Rama kasuwargan.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka, gusti ingkang suci, awit Paduka martosaken pangandikan pamratobat lan pratéla kraton Paduka kanthi makaten kawula mboten gesang sembrono nanging badhé nilaraken dosa-dosa kawula ing salebetipun panguwasa asma Paduka- nglampahi sih rahmat, lan ngajeng-ajeng rawuh Paduka ingkang énggala dumados. Kula nyuwun supados Paduka yasa ing salebetipun badan kula katigenan, kasucén, kanthi makaten kula saget ngurmati Raja ingkang luhur menika lumantar tumindak kula. Tuntun sadaya tiyang ingkang gadhah kekajengan sowan dhumaeng kraton katresnan Paduka lan utus kula supados ngulemi lan nuntun sedhérék-sedhérék menika wonten ing ngarsa Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus mbaléni pawarta apik saka Yokanan pambaptis, “Mratobata, Kratoné Swarga wis cedhak?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 04:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)