Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 039 (First Two Disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
C - KRISTUS MIWITI PELADOSAN ING GALILĚA (Matéus 4:12-25)

2. Kristus Nimbali Sedulur Loro Supaya Padha Dadi Murid (Matéus 4:18-22)


MATÉUS 4:18-22
18 Nalika Gusti Yésus pinuju tindak urut pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Petrus karo Andreas saduluré, lagi padha nibakaké jala ing sagara, amarga padha dadi juru amek-iwak. 19 Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowé padha bakal Dakdadekaké juru amek – wong.” 20 Sanalika banjur padha ninggal jalané ndhérékaké Gusti Yésus. 21 Sabanjuré nalika tindak saka kono, Panjenengané mirsa wong loro manéh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anaké Zebedheus karo Yokakanan saduluré, ana ing prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakné anggoné nyulami jalané banjur padha ditimbali. 22 Sanalika padha ninggal prauné lan bapakné nuli ndhérékaké Gusti Yésus.
(Matéus 1:16-20; Lukas 5:1-11; Yokanan 1:35-51)

Nalika Sang Kristus wiwit kotbah, para murid kang nglumpuk kang dadi wong kang kawitan ngrungokaké, lan sebanjuré Panjenengané martakaké wulangan/doktrin kanthi dibarengi tandha-tandha kaélokan lan mujizat. Ing sajroné ayat-ayat iku, kita duwé cathetan babagan para murid kang kawitan kang ditimbali Panjenengané ing sajroné patunggalan karo sarira-Né.

Ing sajroné wulangan Sang Kristus, Panjenengané nimbali marang kabéh manungsa nanging ing sajroné ayat-ayat iku, Panjenengané nimbali mligi marang wong-wong kang diparingaken marang Panjenengané déning Rama. Ya awit saka nugrahané Gusti Yésus kang duwé daya pangaruh marang ati lan uripe wong-wong iku bisa ninggalaken sakabéhé lan mbangun turut marang timbalan mligi saka Gusti Allah kanggo leladi Injil. Senajana kabéh bangsa ditimbali, ana kang ditimbali metu lan ditebus saka antarané wong-wong. Nalika Sang Kristus,Guru Agung iku, mbuka sekolah kagungané, salah siji pakaryan Panjenengané yaiku kanggo milih para guru bantu supaya nggarap ing sajroné panggulawenthah. Saiki Panjenengané wiwit maringaké ganjaran-ganjaran kasukman marang manungsa, supaya nglebokaké bandha kasuwargan ing sajroné grabah. Iku salah siji conto wiwitan bab kawigaten Panjenengané marang gereja.

Sadurungé ditimbali senajana wis ngrungokaké Gusti Yésus mulang, para murid bali menyang kuthané lan nindakaken usaha iwaké supaya nyukupi kabutuhané dhéwé lan kabutuhané keluwargané. Nanging, sesambungan antarané wong-wong karo Gusti Yésus ora pedhot, lan nalika tekan titi mangsané gusti ngrawuhi wong-wong mau lan nimbali wong loro kang isih sedulur iku. Wong-wong iku dudu filsuf, teolog, wong sugih, utawa politikus. Wong-wong iku mung tukang amek iwak lugu kang kulina karo kangelaning urip lan prekara-prekara kang ana sesambungané karo usahané. Wong-wong iku wedi asih marang gusti Allah lan temen-teman kepéngin melu cawe-cawe ing sajroné rawuhé Sang Kristus.

Gusti Yésus nawani marang wong-wong iku, lan bodho manawa wong-wong mau nampik, “Ayo padha melua Aku, kowé padha bakal Dakdadekaké juru-amek wong”. Senajana tembung njala bisa uga isih ana gegayutané karo panggawéané dhisik, timbalan kang asipat ilahi iki kaya andadékakén urip kang anyar. Wong-wong mau ora pareng dadi wong kang gumunggung awit anané timbalan kang kinurmatan iku- wong-wong kulina dadi tukang amek iwak, lan wong-wong mau tetep isi dadi tukang amek iwak. Ya watek wantuné Sang Kristus rerembugan gegayutan prekara-prekara kasukman lan kang asipat kasuwargan kanthi nggunakaken tetembungan kang kaya mengkono, nggunakaké prekara-prekara kang umum kang bisa nyethakaké makna saka apa kang diwulang Panjenengané. Isih tetep dadi tukang njala, lan wong-wong mau tetap dadi wong kang njala. Dawud ditimbali saka anggoné angon wedhus-wedhusé supaya ngengon umat Allah, lan dadi ratu, dhéwéké isih dipratélakaké dadi pangon. Para pandhérék Sang Kristus iku kang njala manungsa, ora kanggo nyekeli manungsa lan nyilakakaké manungsa, nanging kanggo nyelametaké manungsa kanthi nuntun ing sajrongé Kratoning Allah. Para pandhérék Panjenengané kudu njala, ora supaya entuk kasugihan, pikurmatan, lan hak mligi kang menangké wong kanggo awaké dhéwé, nanging entuk jiwa-jiwa kanggo sang Kristus. “... anggonku cemawis arep nemoni kowé....awit dudu barang darbekmu kang dakgoléki, nanging kowé dhéwék (II Korintus 12:14)

Wong kang nggatekaké pegawéan njala ing segara bisa ndeleng yén wong-wong iku nggunakaké cara akéh supaya nggayuh kang dadi tujuwané. Sawetara wong ngadeg ing pinggir segara lan nguncalaké pancing kang wis diwenehi pakan menyang banyu lan ngenténi iwak nyakot pancing mau. Wong-wong mau ngenténi kanthi sabar nganti salah siji iwak mangan pakan lan wong-wong mau pancingé lagi ditarik lan nyekel iwake. Kita ndeleng watonan iki ing sajroné Kraton Allah. Para pandhérék Sang Kristus kudu sabar ngenténi wong-wong kang kadudut atiné nampani pawarta Injil, sebanjuré wongwong mau bisa dituntun marang Sang Kristu siji mbaka siji.

Cara liya kang dadi pakulinané yaiku kanthi nggunakaké jala. Para juru amek iwak iku nggunakaké perahu terus nguncalaké jalané kang gedhé ing mbanyu. Banjur prauné dilakokaké karo nguncalaké jalané tujuwané supaya entuk iwak akéh. Kanthi cara mangkené iki ora bisa ditindakaké dhéwékan. Supaya bisa “entuk wong akéh” karo “jala Injil”, wong-wong pracaya utawa warga gereja kudu nyambut gawé bareng kanthi tujuan siji, ndedonga lan leladi Injil, supaya bisa entuk wong akéh kunjuk Gusti Yésus. Saben warga ing kumpulané nggunakaké ganjaran kasukmané dhéwé-dhéwé kang beda-beda supaya melu cawe-cawe ana ing pakaryané Gusti.

Kajaba cara loro iku, kita nemokaké cara-cara kang liya supaya menangaké wong-wong dosa ing ngarsané Allah. Ana juru amek – juru amek kang ora ngenténi iwal nekani, nanging malah mburu iwake. Wong-wong mau nguncalaké jala kang duwé gagang tujuwané bakal bisa énggal nyekel iwaké kang bisa disawang ing banyu kang cethek. Kita ja negenteni nganti wong iku sowan marang suti manwa pancen gusti Allah nimbali kita supaya kita nekani wong iku, ngedumaké Inji panguripan marang dhéwéké, lan ngarahaké dhéwéké marang gusti Juru selamet kita. Kita bisa uga tau ngerti sawetara tukang amek iwak kang nyelehaké jala bukaan utawa jebakan saka kawat. Jala mau ditinggal sewengi utawa rong mbengi, lan sebanjuré jala mau diangkat ana iwaké karo njupuki awit iwak mau kajebak ana kono. Mengkono uga, sawetara pandhéréké Sang Kristus nggunaaké sawetara media kang bisa nggiyaraken marang wong akéh kapenuhan sihé Allah marang sapa waé kang maca utawa ngrungokaké pawarta iku kang bisa uga precaya uga gelem dadi pandhéréké Sang Jujur selamet.

Ing segara kang jero panggawéan kang biasa ora bakal bisa dilakoni, kapal-kapal gedhé kang kaya pabrik kang njupuki iwake. Kapal-kapal kang amek iwak iku bisa disanepakaké karo Radio siaran Kristen utawi kumpulan-kumpulané wong kang nyambut gawé bareng gawé percetakan kang bisa ngedumaké pawarta Injil. Kumpulan wong-wong mau dadi siji ana ing kapal, nyambut gawé bareng martakaké pawarta keselametan marang saakéh-akéhé wong lan bisa “ngrangkul” wong akéh kasowanaké marang gusti Yésus. Ing saben cara martakaké Injil, kita kudu ngreti yén tanpa Gusti Yésus, kita ora bisa nindakaké apa waé.

Gusti Yésus pirsa wong papat iku ing Tlaga Galilea. Panjenengané wanuh wong papat iku lan nimbali wong papat mau, lan wong papat mau mbangun turut. Wong papat mau ninggalaké sumber nafkahé lan ndhérék Gusti Yésus. Wong papat mau ora ngarep-arep nampani bayaran kang gumathok, lan ora tanda tangan paserujukan babagan jam nyambut gawé. Wong papat kang ditimbali déning Gusti Yésus supaya ninggalaké pegawéané kanggo leladi Gusti ora kena mbudidaya mburu dhuwit, kesarasan lan pangalembana. Wong iku kudu mbudidaya sowan marang gusti, ya Gusti piyambak kang bakal tanggung jawab atas awaké nganti selawase. Apa panjenengan krungu timbalan gusti supaya leladi Panjenengane?

Wong-wong mau ora kabotan ninggalaké pegawéané kang saiki utawa wong-wong mau kelangan cancangan karo keluwargané. Wong-wong mau ora nggedumel atas kangelan saka anggoné leladi, ngerti anggoné ora kuwawa ing sajroné nindakaké pegawéané. Nalika ditimbali, wong-wong mau mbangun turut, lan Rama Abraham “Tindak tanpa ngerti menyang ngendi kudu tindak”, wong-wong mau lunga- nanging wong-wong mau ngerti tenan sapa kang didhereki.

Wong-wong kang ndhérék Sang Kristus kanthi bener, kudu “ninggalaké sakabéhe”. Kabéh wong Kristen kudu ninggalaké kabéh prekara kang bakal malangi anggoné ndhérék Gusti. Sang Kristus kudu luwih déning sakabéhé sesambungan katresnan kang liyané kanthi mangkono katresnan marang Panjenengané andadekaké sesambungan kang dipadhakaké karo “sengit marang anggota keluwargané (Lukas 14:26). Mliginé wong-wong kang temen-teman duwé timbalan kanggo pakaryan leladi kudu medot kabéh cancangan ing sajroné urip iki kanthi mangkono wong-wong mau bisa masrahaké awaké sawutuhé kanggo pakaryan iki, kang nuntut “uripe sawutuhe”.

Gusti Yésus nimbali para murid Panjenengané supaya nindakaké pegawéan mligi kang sesambungan karo Panjenengané waé. Ora ana wong liya kang duwé hak nglumpukaké wong kanggo awaké dhéwé, misahaké wong-wong mau saka pegawéané keluarga, omah lan papan mapané supaya ndhérék Panjenengané. Panjenengané ora nglumpukaké wong-wong kuwi kanthi peksan, nanging kanthi pangandikan Panjenengané kang ngemu panguwasa- lan Panjenengané isih nimbali para abdi lan para murid Panjenengané kanthi cara kang mangkono.

PANDONGA: Kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, gusti Yésus awit Paduka nimbali para murid supados ngladosi. Paduka panggihaken kula sinasoa kula awon lan mboten gadhah kasagetan, Paduka kiyataken lan Paduka lipur kula. Paduka wulang wuruk kula cara njala jiwa kanthi makaten kula saget mitulungan kathah tiyang supados tepang lan pitados Paduka. Paduka wucal kula kanthi Roh Suci Paduka. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sesambungané saka pangandikané gusti Yésus, “Aku bakal andadekaké kowé tukang njala manungsa?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)