Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 025 (Herod’s Attempt to Kill Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

4. Ambudidaya Sang Prabu Hérodhés Nyedani Gusti Yésus (Matéus 2:12-23)


MATÉUS 2:16-18
16 Bareng Sang Prabu Hérodhés ngertos yén Panjenengané dicidrani déning para pandhita, banget dukané banjur dhawuh mateni sakéhé bocah lanang ing kutha Bétlehém salaladané kang umur rong tahun sapangisor, manut wektu anggoné angsal katrangan saka para pandhita. 17 Ing kono kayekténan kang kapangandikaaké déning Nabi Yérémia: 18 “Ana swara kaprungu ing kutha Rama, panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhel nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana.”
(Yeremeia 31:15; Purwaning Dumadi 35:19)

Sang Prabu Hérodhés duwé panemu wong-wong Majus wedi marang dhéwéké lan banget ngurmati dhéwéké lan bakal terus bali marang dhéwéké sakwisé ketemu karo Bocah kang wis lair iku. Nalika Sang Prabu Hérodhés ngerti yén wong-wong majus mau ora sowan manéh marang dhéwéké, mula nepsu banget. Wong-wong majus ora bali ngandhakeké marang dhéwéké Sapa ta sang Kristus iku lan ora ménéhi ngerti ana ngendi Panjenengané mapan. Sang Prabu Hérodhés banget duka yayah sinipi kaya kang dadi pakulinané ing saben-saben.

Sang prabu Hérodhés iku wong Edom lan anggoné sengit marang wong-wong Yahudi nganti ngrasuk ing balung-balunge. Bocah-bocah cilik tansah dipapanaké ing pangayoman paugeran manungsa lan uga paugeran jagat raya, nanging bocah-bocah cilik mau dadi korban kanepsoné Raja kang wengis iku. Sang Prabu Hérodhés umuré 70 tahun nalika iku, kanthi mengkono bocah kang umuré 2 tahun mangisor ora bakal mbebayani kanggo dhampar kepraboné. Kabawah Sang Nata agung Nero, kang mbawahi Hérodhés, kaanggep ora luput ora bisa dadi jaminan dhéwéké aman. Saumuré pusering pemerintahané Sang Prabu Hérodhés akéh ngwutahaké getih. Ora suwé sadurungé gawé raja pati marang bocah-bocah cilik iki, dhéwéké matené kabéh warga Sanhendrin. Sang Prabu Hérodhés uga ora seneng marang anak-anaké dhéwé utawa ora seneng menawa anak-anaké luwih maju. Sang Prabu mateni loro anaké dhéwé, yaiku Aleksander lan Aristobulus, lan sebanjuré, anaké Antipater limang dina sadurungé dhéwéké dhéwé mati. kabéh kang ditindakaké iku kanggo mareme hardané hawa nepsu gumunggung lan watek wengise, nganti dhéwéké nindaké prekara kang kaya mengkono iku. Getih kanggoné wong-wong kang ngelak getih iku kaya banyu kanggo wong-wong kang ngelak banget, tambah akéh anggoné entuk kang diwutahaké getihe, dhéwéké isih kepéngin luwih akéh manéh.

Microbius, salah siji ahli sejarah kapir, kandha yén Kaisar Agustus krungu yén Hérodhés mateni anaké dhéwé ing antarané uga bocah-bocah kan umuré 2 tahun mangisor, nyebutaken kanthi tembung ngréméhake: “Luwih becik dadi babiné Hérodhés tinimbang dadi anake”. Pakulinan laladan iku nglarang mateni babi, nanging ora ana kang nglarang menawa mateni anaké dhéwé.

Sawetara wong pracaya duwé panemu anggoné ngruntoh wong-wong Bétlehém iki minangka pengadilan atas anggoné nampik Sang Kristus. Wong-wong Bétlehém ora nampani bungah atas miyosé Putra Allah, didadekaké nangis awit patiné anak-anaké dhéwé. Kang kita waca bab wong-wong Bétlehém yaiku wong-wong mau mung “gumun” atas pawarta becik kang digawa déning para pangon marang wong-wong mau, nanging ora “nampani” pawarto apik iku.

Ana ing ayat 18, Matéus nulis pameca saka nabi Yermia 31:15, ing jaman nabi Yermia, kaetrapaké kanggo bangsané kang dadi bandan lan dibuwan menyang Babil. Panjenengan pirsani ing sajroné ayat 17 yén Matéus nepungaké pameca iki, kang ing wektu kuwi nuduhaké marang anggoné ngwutahaken bocah-bocah ing Betleham, ora nganggo tembung, “Supaya kelakon” nanging “bakal kelakon”. Bedané loro tembung iku gedhé banget. Manawa kitab suci mratélakaké yén sawijining lelampah “supaya kelakon” apa kang dipratelakaké ing sajroné pameca, liré lelaon iku siji-siné tujuwan saka anané sawijining pameca; nanging nalika kitab suci mratélakaken “wis kelakon” apa kang dipratelakaké ing sajroning pameca, dikaya kang dipratelakaké Matéus, tegesé lelakon iku ora siji-sijiné tujuwan anané pameca, nanging pameca iku bisa ditrapaké luwih saka sak lelakon.

Nabi Yermia nggambaraké Rahel, sisihané Yakob kang banget déning ditresnani kang dikubur ing cerak Betlethem (Purwaning Dumadi 35:19), minangka jejeré wanita kang nangis saka kuburé, nakokaké bab anak-anaké utawa tedhak turuné lan nalika dhéwéké ora nemokaké anak-anaké iku, dhéwéké nampik dilipur awit anak-anaké ora ana ing tanahé dhéwé malah sumebar awit panganiaya para satruné. Gusti Allah mratélakaké marang Matéus kelakoné bab pameca iki nalika kang marisi kang sabeneré, Sang Kristus, mlayu saka satru Panjenengané yaiku Sang Prabu Hérodhés, mateni bocah-bocahé Rahel, kabéh bocah lanang kang umuré rong tahun utawa kurang saka rong tahun.

Prekara kang anéh yaiku wong-wong Bétlehém ora pracaya marang pawarta para pangon lan wong-wong Majus, ora kadudut atiné marang bayi Yésus. Wong-wong Bétlehém ora marani bayi Yésus lan manembah Panjenengané. Awit wong-wong mau ora pracaya, sinadya ana paseksen kang ngedap-edapi, astané Gusti Allah kang kuwat tumiba atas wong-wong mau kanthi ngidinaké anané raja pati marang anak-anake.

Pameca panangis lan lan dumadiné prekara kang mrihatinaké iku bisa uga bakal andadekaké jalaran sawetara wong nampik anané Sang Kristus. Wong-wong bétlehém nampik Panjenenganipun saget ugi tangklet, “Apa bisa sang Mesih, kang kuduné dadi panglipuran wong Israél, ditepungaké kanthi nggunakkae panangis mengkono?” Iya, prakara iku wis diweca ana ing kitab suci, kudu kaleksanan. Senajana, manwa kita nyemak ayat-ayat sebanjuré ing sajroné pameca, kita nemokaké kelakoné nalika “pasambat nganggo nangis” ing Rama bakal kapungkasi lan Rahel bakal dilipur nalika “...amarga tumrap kangelanira ana ganjarane”...isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira.... (Yermia 31:16,17). Kanggo wong-wong iku sang Mesih kalairaké, cukup kanggo mbales kabéh kelangané.

Pengadilan Gusti Allah atas Bétlehém iku ipat-ipat katresnan saka Gustiné supaya wong-wong iku ora ngungkuraké Gusti Allah, mratobat, lan pracaya marang Sang Kristus Yésus. Dadi wis cetha yén Matéus ngangkat pokok mbandhingaké gusti Yésus ing sajroné jaman isih bocah karo bangsa Yahudi ing wiwit kawanguné dadi bangsa. Gusti Yésus bakal metu saka Mesir dikaya wong-wong mau; tumrape Sang Kristus kasil, sawetara wong-wong Yahudi sadurungé gagal awit kurangé iman. Kang Nulis Injil Matéus mungkasi apa kang digelar ing tulisané bab lelakon miyosé sang Kristus, lan bali négesaké pelayanan pokok saka sang Kristus. Matéus nulis bab Nazaret, papané Panjenengané wiwitan, kang mapan ana ing Galilea sawijing garis internasional. Papan iku kebak wong-wong dudu Yahudi kang gegayutané dedagangan asring sinambi nindaké patrap laku sedheng lan manembah marang brahala. Kang dadi pungkasané wong-wong Yudea ngrasakaké risi marang wong-wong kang asale saka Galilea umume, lan mliginé kang asale saka Nazaret, kanthi mengkono kitab suci kelakon, “Panjenengané diremehaké lan didohi”

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, Paduka adil lan Paduka mboten paring paukuman tanpa landhesan. Kula panten dipun bucal awit kula sampun mboten maélu kaagungan Paduka, ngréméhaken tiyang-tiyang mboten gadhah, lan mboten nggatosaken pameca Paduka. Paduka paringi sih rahmat atas badan kula lan bangsa kula awit dosa-dosa kaulwa dipun pirsani ing suwaga. Paduka titahaken badan kawula raos prihatos atas piawon ingkang kawula tindakaken. Tuntun kawula ing supados kawula mangertos piala ingkang kawula tindakaken. Bika mripat kawula dhumateng panebusan ingkang katindakaken Sang Kristus, lan kapenuhané manah kawula kaliyan katresnan Paduka, kanthi makaten kawula saget kamardikaaken saking pengadilan Paduka ingkang badhé mbika lan badhé dumugi.

PITAKONAN

  1. Apa tujuan pungkasan saka pangadilané Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)