Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 024 (Herod’s Attempt to Kill Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

4. Ambudidaya Sang Prabu Hérodhés Nyedani Gusti Yésus (Matéus 2:12-23)


MATÉUS 2:12-15
12 Sakwisé mangkono, sarehné padaha tampa wangsiting Pangéran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsané Sang prabu Hérodhés,mulané mulihé menyang tanahé padha metu ing dalan liyané. 13 Sapungkuré para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangéran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh: “Tangia, Sang timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulané mangkono awit Herodhew bakal nggoléki sang timur arep disédani.” 14 Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir, 15 lan manggon ing kana nganti sasédané Sang Prabu Hérodhés. Mangkono dadiné kayekténan apa kang kapangandikaaké déning pangéran lumantar nabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningsun nimbali PutraningSun”.
(Hosea 11:1)

Gusti Allah mbubari rancangan ala Sang prabu Hérodhés nalika dhéwéké ngongkon wong Majus nggoléki bocah iku. Iblis mbudidaya nyirnakaké Sang Kristus lan wong-wong kang dadi pandhéréké, nanging Gusti Allah ngayomi bocah kang pinilih iku nganti Panjenengané nindakaké tujuan luhuré ing kayu Salib. Ora ana wong siji waé kang bisa lumawan utawi nungka karsa peparing kawilujengan Allah awit Panjenegané banget déning njaga kang dadi utusan Panjenengané.Gusti Allah ngelingaké wong-wong majus iku ing sajroné pangimpen supaya wong Majus ora bali marang Hérodhés kang awatek ala iku. Bisa uga wong majus entuk pangimpen kang padha lan wektuné iya padha. Ngerti pakaryan astané gusti ing sajroné prekara iku, wong-wong majus sebanjuré metu dalan liya menyang ngaré Yardén. Wong Majus kang kanthi cara kasukman gegayutan karo Sang Kristus lumantar iman duwé patunggalan lan gegayutan karo Suwarga kang sadurungé ora didarbeki.

Yusuf rumangsa ora kepenak. Tekané lan pisungsungé wong-wong Majus iku andadekae dhéwéké bingung. Sadurungé dhéwéké turu dhéwéké nyoba ndedonga nyuwun pitedah marang gusti bab apa kang kudu ditindakake. Ing sajroné turu Kang Maha Luhur ngelingaké dhéwéké, lumantar malaikat Panjenengané kang agung, bab bebaya kang bakal nempuh bocah kui lan kabéh keluargané awit sang Prabu Hérodhés bakal mbudidaya nyedani Panjenengané. Gusti Allah pirsa rancangan saka Hérodhés kang ala iku, lan Yusuf dielingaké supaya ngungsi menyang Mesir.

Yusuf mbangun turut marang gustiné sing kaping pindhoné. Kaya Yusuf, kita uga kudu mbangun turut marang gusti Allah dibandingaké karo marang manungsa lan organesasi manungsa. Sakwisé ngimpi iku, ing tengah beng, dhéwéké tangi lan nggungah sisihané lan wong loro karo nggendhong bocah iku mlayu ing dalan kang peteng menyang Hebron. Saka kana wong luru mau terus mlaku ngidul nglewati ara-ara samun tumuju menyang Mesir. Kang nulis Injil Matéus ora nyethakaké apa-apa bab kangelan kang kudu dilakoni ing ndalan tumuju Mesir iku. Lakuné Maryam lan Yusuf adoh banget. Kita ora ngerti apa Maryam lan Yusuf nggawa sangu pangan ana ndalan, apa anggoné cawisaké sangu cukup, apa wong loro mau mlaku waé apa nganggo tumpakan ing jaman semana. Kang ditulis mung gegayutan pituduhé gusti Allah kang tansah bener. Kanthi alon-alon kabéh mau bakal dumadi tanpa ana kang bisa malangi.

Ayat 14 katulis: “Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalah kang ibu”. Ana sawetara juru tafsir kang kandha yén Bocah iku disebut luwih dhisik awit Panjenengané iku pangarep utama ing kana, lan Maryam disebut, ora dadi “bojoné Yusuf” nanging dadi “Ibu Panjenengane” kang nuduhaken pikurmatan kang gedhé. Iki ora Yusuf kang kawitan kang kabuwang saka Kanaan menyang Mesir awit nepsuné para sedulure. Banjur para seduluré nemokaké yén para seduluré wis ana ing Mesir, ing tengah-tengah wong manembah brahala lan adoh saka pedamelan Allah. Senajana wong-wong mau adoh saka pedaleman Allah wong-wong mau duwé Gusti Allah kang kagungan pedaleman Allah iku kang “awit dené kang Sunrenani iku sih ktresnan dudu kurban sembelehan, “(Hosea 6:6). Putra-putra Gusti Allah bisa uga ora bisa ténggalan karo umat Allah lan urip ing tengah-tengah wong-wong ala, nanging iki ora dosa, kang dosa iku melu pangibadahé wong-wong ala iki.

Dudu sawijining bab kang ora kaangen déning putra-putrané Gusti Allah ana ing sajroné kahanan kaya ing Mesir, ana tanah manca lan lan mapan ing omah dadi batur tukon. Gusti Allah bakal nuntun wong-wong iku metu saka tanah kono. Keluwarga iku bisa uga singitan ana ing Mesir, nanging gusti Allah ora bakal negakaké Yusuf lan Maryam mau ana ing kana. Kabéh pilihan gusti Allah, kang sejatiné iku para putra kang kabendu, kalairaké ing sajroné Mesir kasukman, lan ing sajroné owah-owahan, sebanjuré saka Mesir marang kamardikan. Pajangkungé gusti Allah marang bocah kang lagi lair iku katon ing sajroné pisusung awujud emas saka wong-wong majus iku. Iku sawijining cara gusti Allah mbiyayani lakuné kuwi. Gusti tansah nggatekaké putra-putra Panjenengané lan nglegani kabutuhané ing titi mangsané.

Gusti Yésus kalian keluarganipun mapan wonten ing Mesir nganto pejahipun Sang Prabu Hérodhés ing tahun 4 s.M. Jaman sejarah menika nuduhaken ingkang kaping kalihipun bilih Gusti Yésus dipun lairaken saderengipun tanggal ingkang kaserat ing salebetipun urut-urutan wekdal Dionisius. Dinten menika, kita ningali bilih Sang Kristus dipun lahiraken 7-8 tahun saderengipun tanggal ingkang dipun tedahaken ing salebetipun urut-urutan wekdal (kronologi menika).

Kayadené Gusti Allah nimbali tedhak turuné Yusuf metu saka Mesir, Panjenengané nimbali Putra Panjenengané metu saka Mesir supaya bali ing tanah asal usul Panjenengané. Ayat ing sajroné Injil Matéus iki kang kawitan pisan nulis Gusti Yésus dadi jejeré “Putrané Allah”. Paseksen iki nuduhaké kekendelané kang nulis Injil, awit wong-wong Yahudi duwé panemu nyebut kang kaya mengkono iku minangka patrap nyenyamah, kang pantes dibenturi wektu nganti mati. Anané Gusti Yésus minangka jejeré putrané Gusti Allah adoh saka patrap gumunggung lan pamer. Eling,Panjenengané wiwit wiwitan mula dadi wong kang singitan, ditampik lan dianiaya déning wong-wong kang duwé panguwasa ing jagat.

Ing sajroné jaman isih bocah Panjenengané Panjenengané ngrasakaké menyan (kaluhurake) kinanthenan karo blendok Mur (kasangsaran). Nanging, Rama kasuwargan, Panjenengané nggatekaké Panjenengané lan maringi Panjenengané emas kang dibutuhaké kang andadekaké keluarga iku urip dadi wong manca ing Mesir.

PANDONGA: Kula manembah Paduka Rama awit mboten wonten ratu lan pemimpin ingkang saget lumawan Paduka. Paduka wanuh kengkeran ing salebetipun manah manungsa. Paduka taliti kula lan pirsani kula saha pulihaken kula kanthi makaten kula mboten dados mengsah Putra Paduka, nanging pitados dhumateng Panjenenganipun. Duh, Gusti, jangkung kula ing salebetipun pangayomanipun Paduka, saben – saben kula nglampahi pancoban, katampik saha raos sengit awit katresnan kula dhumateng putra Paduka ingkang Paduka sihi.

PITAKONAN

  1. Carané kepiyé gusti Allah nylametaké Bocah iku, yaiku Yésus, lan wong tuwa Panjenengané saka tangané Hérodhés?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)