Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 094 (The world hates Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

3. Jagat sengit karo Sang Kristus lan para murid Panjenengane (Yokanan 15:18 - 16:3)


YOKANAN 15:26-27
26 Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase aku. 27 ananging kowe iya kudu padha dadi seksi, marga kowe padha nunggal karo Aku wiwit wiwitan mula.

Apa jawaban saka Tritunggal Kang Suci marang anggone jagat sengit lan patrap jagat nyalibake Sang Putra Allah? Tritunggal ngutus Sang Roh Suci. Rawuhe Sang Roh Suci iki sawijining kaelokan jaman saiki. Rawuhe Panjenengane nuduhake mlebune Gusti Allah marang jagat, awit Panjenengane asale saka Sang Rama, lan ana ing sajroning keselarasan karo Gusti Allah ing sajroning kaanane lan katetepan. Panjenengane ngersakake panebusan kanggo jagat, Sang Roh iku melu ana ing sajroning nitahake jagat saisine. Sang Roh suci ngadhili piala ing sajroning jagat, lan agawe kita mlaku tumuju marang kasucene Allah, nalika Panjenengane mbuka kabeh patrap najis. Karawuhane Panjenengane ing sajroning panguripan para rasul dadi panyurung kanggo kita supaya asikep andhap asor lan patrap nyingkur awake dhewe, nalika jagat lagi nandang kasangsaran lelara gumunggung, kasar lan kebak kajuligan. Kang utama dhewe, Panjenengane iku Sang Roh kayekten, kang melekehake kang nganut jagat bab kabeh karingkihane.

Ing waktu iku uga Panjenengane nguwatake para murid, ngyakinake para murid yen gusti Yesus iku putra Allah, kang ngujudake kaselametan para murid. Sang Roh Panglipur menehi marang roh kita paseksen bab gusti Yesus, supaya kita bisa ndeleng ing sajroning putra kinasih saka Sang Rama piyambak. Tanpa Sang Roh suci kita ora bakal bisa ngerti iman kang sejati. Bebarengan kabeh wong pracaya kita ngakoni yen kita ora bakal bisa pracaya marang gusti Yesus Kristus gusti kita kanthi nggunakake pambudi daya kita dhewe utawa kabisan kita, lan kita ora bisa sowan marang Panjenengane, kajaba lumantar sang Roh Suci Panjenengane, kang nimbali kita lumantar Injil lan madhangi kita kanthi sih rahmat Panjenengane, nyucekake kita kanthi iman kang sejati.* Panjenengane nimbali kabeh wong Kristen, nglumpukake wong-wong mau, madhangi lan agawe wong-wong mau suci ing sajroning sang Kristus. Panjenengane njangkung wong-wong mau ing sajroning iman, siji-sijine pangakon kang bener. Roh Suci nyipta panguwasa ing sajaroning paseksen kita. Aja sumende marang pangerten utawa marang pengalaman panjenegane dhewe manawa panjenengan kepengin ngedum Sang Kristus marang wong-wong liyane. Panjenengan nelukake awak dhewe sawutuhe marang Sang Roh Kawicaksanan iku. Panjenengan pirengake pangandikan Panjenengane supaya sinau kepiye carane ngluhurake gusti Yesus. Patrap nyawisake kanthi golonging ati ngrungokake suwara Sang Roh Suci nalika panjenengan nindakake paseksen lan martakake keselametan, bakal agawe panjenengan dadi rasul gusti kang ana dayane.

Sang Kristus nimbali sewelas rasul supaya nyeksekake bab Panjenengane, sawijining pikurmatan kang mligi marang para murid. Para rasul iku seksi kang ndeleng langsung bab anane Gusti Yesus kang ngukir sejarah ing bumi iki. para rasul nyeksekake bab apa kang tau dideleng, dirungu lan didemek. Tembung-tembung para rasul bakal mbuktekake kayekten bab rawuhe gusti Allah ing donya iki. Iman kita gumantung marang paseksen iki. Gusti Yesus ora nulis sinadyana buku siji, utawa nulis layang siji wae, nanging Panjenengane mitayakake pawarta keselametan Panjenengane marang paseksen Sang Roh Suci lan pawartane para murid-murid Panjenengane gumantung marang sakabehe iku. Sang Roh kayekten ora bakal goroh, nanging mbuktekake marang jagat kang lara bab panguasa saka sih Sang Kristus lumantar tutuke para murid Panjenengane. Gusti Yesus, piyambak, ngandika marang para rasul Panjenengane, “Kowe bakal nampani panguwasa nalika Sang Roh Suci nedhaki kowe, lan kowe bakal dadi seksi-Ku”

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Oh Sang Putra Allah, Ingkang Suci, Paduka satunggal kaliyan Sang Rama saha Sang Roh Suci, lan mboten nate nilaake kawula piyambakan, nanging ngutur Sang Roh Kayektosan Paduka supados nyukani paseksen. Kintenipun kawula dipun sucekake dening karawuhan Paduka. Paduka wucal kawula supados saget nyeksekaken bab paduka kanthi makaten kathah tiyang ingkang dados pitados.

PITAKONAN:

  1. Kepiye menurut kowe gusti Allah anggone ngadhepi jagat kang nyalibake Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:35 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)