Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 093 (The world hates Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 3 - PEPADHANG SUMUNARA ING ANTARANE PARA RASUL (Yokanan 11:55 - 17:26)
D - PISAHAN ING DALAN MENYANG GETSEMANI (Yokanan 15:1 - 16:33)

3. Jagat sengit karo Sang Kristus lan para murid Panjenengane (Yokanan 15:18 - 16:3)


YOKANAN 15:18-20
18 “Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe. 19 Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe. 20 Padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu.

Sawise gusti Yesus nuduhake patunggalan kang sempurna karo Gusti Allah, lan meca gegayutan tekane Roh Panglipur iku, Panjenengane nyawisake para murid kanggo nanggulangi sengite jagat kang ditujokake marang para murid mau.

Jagat lumawan patunggalan Kristen. Anggone sengit nguwasani jagat, nanging katresnan njangkung patunggalan Kristen. Gusti Yesus ora milih para murid saka jagat kang rusuh iki dipindahake ing sajroning pulau rahayu. Panjenengane ngutus para murid ing ana papan kang ala, awit katresnan Panjenengane ngalahake rasa sengit kang ora duwe rasa kamanungsan. Dadi utusan mengkene iki babar pisan ora kaya tamasya, nanging sawijining pambudi daya kasukman. Kabeh wong kang mbelani katresnan kudu ngadhepi patrap nampik, ora maelu lan pamisuh, sawetara para murid nindakake pelayanan, dudu awit kaluputan para murid iku dhewe, nanging katon saka lelawanan kang disurung dening Roh ala lumawan pangandikane gusti Yesus.*Gustine para murid, kang sempurna ing sajroning katresnan lan kawicaksanan ngadhepi rasa sengit nganti tekan ing sedane. Sinadayano ana panganiaya kang banget ora duwe kamanungsan, Panjenengane ora mlayu saka papan peperangan utawa ninggalake jagat iki, nanging mati ing sajroning katresnan gegayutan wong-wong kang wis nganiaya Panjenengane.

Ora ana siji wae ing antarane kita iki malaikat; saka ati kita metu pikiran ala. Nanging dening sih rahmat Kristus, sawijining Roh kang anyar wis teka marang kita. Pamratobat tegese rubahe pikiran. Wong kang dilahirkan saka Sang Roh dudu asale saka jagat nanging saka Gusti. Panjenengane milih kita saka jagat iki. Tembung “Gereja” ing sajroning basa Yunani ateges kumpulan saka wong-wong kang pinilih lan ditimbali saka jagat iki, kanggo manggul tanggung jawab kang wis ditetepake. Kanthi mengkono jagat ndeleng Gereja iku minangka sawijining bab kang aneh. Anggone kapisahake iki dadi jalaran pecah kang nemen lan rasa ora kepenak kang jero ing antarane keluarga dikaya kang dialami dening gusti Yesus (Yokanan 7:2-9). Ing sajroning kahanan kang mengkono, sing sapa tetap dumunung ing sajroning Sang Kristus perlu nambahi kawicaksanan lan patrap kang andhap asor supaya tetap kuwat ngrungokake tembung-tembung pamisuh, lan panganiaya. Manawa panjenengan nglakoni kahanan kang mengkono, aja lali yen gusti Yesus wis nglakoni uga kabeh iku tanpa cetha apa kang dadi sebabe. Awit Panjenengan nresnani wong-wong mau, lan nyarasake wong-wong mau, sebanjure wong-wong mau nyalibake Panjenengane kaya wong duraka.

Gusti Yesus kagungan janji prasetya kang gedhe kanggo panjenengan, sinadyana manungsa bakal nganiaya lan merangi panjenengan, saperangan ing antarane wong-wong mau tetap bakal ngrungokake paseksen panjenengan dikaya wong-wong mau ngrungokake Panjenengane. Dikaya sabda kang diparingi panguwasa dening sang Roh Suci dadi jalaran tuwuhe iman lan katresnan mundak-mundak ing antarane sing ngrungokake, luwih-luwih paseksen panjenengan bakal andadekake urip langgeng ing antarane sawetara wong kang ana sakcerake panjenengan. Saben wong kristen iku utusane Sang Kristus ing sajroning jagat kang ora duwe kamanungsan iki. Awit iku panjenengan kudu nguwatake timbalan kasuwargan panjenengan.

YOKANAN 15:21-23
21 Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku. 22 Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padha gawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwe alasan ing bab dosane. 23 Sing sapa sengit marang Aku, iya sengit marang RamaKu uga.

Gusti Yesus maringi pirsa marang para murid Panjenengane sedurunge yen sakwise anggone mingrat bakal dumadi panganiaya kang nglarani kang bakal nempuh para murid awit asma Panjenengane. Wong-wong Yahudi ora duwe pengarep-arep sang Mesih kang alusing bebuden kaya cempe, nanging sawijining pahlawan politik kang bakal mitulungi wong Yahudi uwal saka panindhese para penjajah. Kaluputan pangerten gegayutan pengarep-arep wong-wong Yahudi bab keselametan secara politi katon awit anggone ora ngerti antarane negara karo agama; wongYahudi duwe ilah militer. Wong Yahudi ora wanuh Sang Rama saka Gusti kita Yesus Kristus, kang dadi Allah saka kaeh panglipuran lan tentrem rahayu. Gusti Yesus, Panjenengane pancen ngidinake dumadine tumindak nyerang peperangan-minangka sawijining paukuman, nanging peperangan lan paukuman kang mengkono ora bakal mbangun Kratoning Allah. Ya Sang Roh suci Panjenengane kang mbangun Kraton iku ing sajroning kayekten lan kahanan murni.

Sang Kristus rawuh makili watonan-watonan sang Rama Panjenengane kanthi cetha, nanging wong-wong Yahudi nampik Sang Roh katresnan lan karukunan. Wong Yahudi ndhesek nindakake kekekerasan lan peperangan. Kabeh bangsa kang ora gelem nampeni Sang Kristus kang ngasto katentreman, tiba ing sajroning dosa kang padha karo dosane wong-wong Yahudi. Dosa kita ora bisa dipadhakake karo keringkihan moral kita, nanging sawijining memungsuhan kang kita tuduhake marang Gusti Allah lan dosa anggon kita nampik gegayutan Sang Roh karukunan Panjenengane.

Alesan kang paling dhasar kanggo panampike manungsa marang Gusti Yesus, Kraton lan katentreman Panjenengane iku anggone padha ora gelem ngakoni Allah kang sejati. Manungsa mbayangake alah-alahe alandhesan polah tingkahe dhewe. Nanging gusti Yesus mratelakake bab gusti Allah kang kebak katresnan marang kita. Sing sapa nampik katresnan iku, nindakake dalan keras lan cemer, lan sing sapa nampik sang Kristus, nampik Gusti Allah kang sejati.

YOKANAN 15:24-25
24 Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tahu ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha seningt marang Aku lan marang RamaKu. 25 Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.

Gusti Yesus negasake yen anggone paring pangerten Panjenengane gegayutan Allah kang dadi jejere Sang Rama iku bakal dadi pengadilan kanggo sapa wae kang nampik Roh Panjenengane, pengadilan iku dibarengi karo maneka pakaryan mukjijat kang ditindakake Panjenengane. Ora ana wong siji wae ing jagat iki kang bisa marasake wong lara kaya kang ditindakake dening gusti Yesus, utawi nundhung Roh ala, utawa agawe sirepe prahara, maringi mangan ewon wong lan uga nangekake wong kang wis mati. Gusti Allah nindakaken pakaryan Panjenengane ing sajroning Panjenengane kanthi tanda-tanda lan bukti-bukti saka titah kang anyar. Wong-wong Yahudi ora ndeleng anane prekara kang penting ing sajroning tanda-tanda iku, awit ing sajroning tanda-tanda ora bisa nampani kauntungan politik utawa ekonomi kanggo bangsa iku.*Nanging nalika wong Yahudi nggatekake panguwasa katresnane gusti Yesus, mula panggawe-panggawe iku dadi watu sandhungan, awit wong Yahudi pancen ora gelem pracaya marang sang Rama. Dikaya wong-wong Yahudi nutup lawanging atine marang daya tarik saka Sang roh suci, mengkono uga ing jaman iki yutan wong urip ing sajroning pakunjaran kasukman kang lumawan Gusti Allah. Sing sapa kang ora bisa ngakoni yen Sang Kristus iku Sang Putra Allah sengit marang pandherek Panjenengane, lan ora tumemen wanuh Gusti Allah, tetap ana ing sajroning dosane, lan nindakake nyenyamah marang Tritunggal Kang Suci. Nanging, gusti Yesus ora paring paukuman marang wong-wong mau, nanging nindakake pakaryan katresnan iku lumantar para abdi Panjenengane. Sedulur, panjenengan nyawisake badan panjenengan kanggo pasulayan kasukman iki, nyuwuna marang Gusti kekuatan supaya tetap kuat, kanthi sabar lan cemawis nglakoni panandang.

PANDONGA: Dhuh gusti Yesus, maturnuwun awit paduka nglampahi sadaya rancangan Paduka sinaosa kepanggih kaliyan raos sengiting manungsa. Paduka gulawenthah kaula supados nresnani mengsah-mengsah kawula, kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget kawilujengaken. Paduka bikak manah tiyang-tiyang kang kapilih kangge mirengaken suwanten Paduka lan nindakake karsa Paduka, nampeni Sang Roh panglipuran ingkang saking Paduka. Tuntun kawula; paringake dhumateng kawula langkung kathah panguwaos lan patrap ingkang sabar.

PITAKONAN:

  1. Kena apa jagat sengit marang Sang Kristus lan sengit marang wong-wong kang disihi Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)