Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 072 (Collecting Money for Oneself)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
3. Menang Tumrap Kekarepan Ala (Matéus 6:19 - 7:6)

a) Sing sapa Nglumpukaké Dhuwit Mung Kanggo Awaké Dhéwé Kuwi Leladi Marang Iblis (Matéus 6:19-24)


MATÉUS 6:19-21
19 “Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. 20 Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong. 21 Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu.
(Matéus 19:21; Lukas 12:33-34; Kolosé 3:1-2)

Sawetara wong sugih anggoné nglumpukaké bandhané kanthi kajuligan. Wong-wong mau mbangun omah gedhé, nganggo sandhangan kang larang regané lan nambahi kasugihané nganggo cara kang mbulat-mbulet. Wong-wong mau nggunakaké dhuwite supaya bisa nambah-nambah bandhané bareng-bareng karo keluwargané golongané wong-wong kang kuwat lan wong-wong mengkono iku nelukaké wong liya nganggo kekuwatan bandha donyané. Wong-wong kang gawéané nyolong iya ora turu. Wong-wong iki kanthi julig lan akéh akale, nggunakaké cara apus, mbudidaya nyolong bandhané wong-wong sugih lan ngedohi cara tulus uga sengit marang panggawénan kang jujur. Wong-wong mau singitan yén wayah awan, duwé pengarep-arep uripe beja, dadi gedhé, lan misuwur kanthi cara nyolong utawa barang kang aji; naming wong-wong mau bakal mati dikaya wong-wong liya lan ora bisa ngrasakaké bandhané nganti selawas-lawase.

Kita kudu wicakna lan sinau yén mung nalika kita nyimpan bandha ing suwarga waé mula bandha iku aman. Bandha iku ora bakal rusak, karat, lan rayap ora bakal bisa ngrusak, lan kekuwatan utawa apus-apus ora bakal ndadekaké kita kelangan bandha iku. Maling ora bisa mbobol lan njupuk bandha iku. Iki kabungahan kang ngungkuli lan bisa nglewati kabéh owah-owahan lan kahanan wektu – sawijining warisan kang ora bakal rusak lan ora bisa sirna.

Ana ngendi bandha panjenengan, ing donya utawa ana ing suwarga, ana kono atiné panjenengan uga. Awit saka iku kita kudu temen-teman duwé kawicaksanan lan kayektén ing sajroné milih bandha kita, awit kahanan pikiran kita, lan kang duwé daya pengaruh marang sikep panguripan kita, bakal dadi asipat daging utawa kasukman, kadonyan utawa kasuwargan. Ati katut bandha, dikaya pandom melu arah keblat lan kaya kembang srengengé tansah anut sunaré srengenge. Ana ngendi bandhané ana kono aji lan ajining diri mapan, ana kana uga katresnan lan pepinginan, ana kana kekarepan lan apa kang kita buru. Gusti bakal dadi bandha panjenengan lan pituwas kanthi mengkono panjenengan kudu ngunderaké marang Panjenengané ing sajroné kabéh kekarepan lan pikiran panjenengan, lan kanthi iku panjennegan bakal merdika saka kabandhan lan kadonyan uga bakal nampani bandha kasuwargan.

Wong-wong mlarat ora luwih becik tinimbang karo wong-wong sugih, awit wong-wong mlarat iku uga duwé pepinginan apa kang wis dadi duwéké wong sugih. Karoné mbangun mangsa tembé atas landhesan kamelikan kadonyan. Wong-wong mlarat iku ora ngrumangsani yén jiwané langgeng lan mbutuhaké panganan kasukman. Kabéh prakara bakal kapungkasi kajaba Gusti Allah piyambak. Pangapura saka Sang Kristus maringi rasa ayem kang gedhé kanggo urip panjenengan tinimbang karo omah kang digawé saka semen lan wesi kang bisa rusak déning bom utawi rusak déning lindhu. Iman panjenengan luwih penting tinimbang kabéh gelar panjenengan, katresnan panjenengan marang Sang Roh suci luwih aji tinimbang karo gungungé dhuwit ing sajroné celengan panjenengan ing Bank. Anggoné leladi panjenengan marang wong-wong kang mbutuhaké bakal ngluhuraké gusti Allah. Pisusung panjenengan ora bakal nambah gungungé bandha panjenengan ing bank kasuwargan, awit Gusti Allah iku darbek panjenengan, lan Panjenengané iu bandha kang gedhé dhéwé.

Jaman kita wis jaman kebandhan utawa materialistik. Manungsa mburu supaya duwé ekonomi kang mundhak-mundhak, lan akéh temon-temon modernd, ngupaya bisa makmur, nglalekaké gusti Allah kang suci lan paugerané. Sang Roh suci ora nganthi wong-wong iku lan wong-wong iku kebak karo roh jember, lan roh jagat iki. sing sapa mentingaké kauntungan donya wong iku ana ing panguwasané roh pepeteng. Gusti Allah nitahaké panjenengan manut pasemoné. Panjenengan kudu nyawang Panjenengané. Sebanjuré kaluhuran Panjenengan bakal dipratélakaké kanthi megah ing mripat panjenengan. Nanging manawa panjenengan ngungkuraké Gusti lan luwih mentingaké dhuwit, pepinginan pribadi lan barang-barang najis panjenengan bakal dadi kawulané lan urip panjenengan bakal karubah dadi prihatin lan peteng.

Patrap piala ing sajroné panjenengan ora mung ateges dhuwit lan barang, nanging roh kang lumawan Gusti Allah uga, kang diwestani déning sang Kristus iku “mamon” kang manggon karo wong-wong kang ora terus ana ing sajroné Gusti Allah. Pancen, wong kang dadi sugih bisa uga duwé wewengan akéh ing jagat iki tinarbuka supaya nglegakaké pepinginan pribadiné. Mammon ing sajroné panjenengan bakal mbereg panjenengan nindakaké patrap kang ala lan laku sedheng. Kasugihan kang gampang nyurung wong marang patrap cemer lan patrap najis. Ya awit saka Rahmat Allah yén kita ora ndeleng piala kang ngedap-edapi lan cemer kang ditindakaké déning wong-wong ing wayah bengi nganggo duwite ing kutha kita. Manawa ora mengkono, kita bakal dadi owah pikiran kita awit ndeleng patrap-patrap wong-wong iku. Gusti Allah, ing sajroné Panjenengané kebak sabar lan bisa ngendaleni bebendu malah marang wong-wogn kang najis mengkono.

Gusti ngandika supaya panjenengan bali marang Panjenengané kanthi mengkono Panjenengané bisa ngrangkul panjenengan lan paring kamardikan marang panjenengan saka brahala mammon, awit panjenengan ora bisa ngasihi Gusti Allah lan mammon ing sajroné wektu kang bebarengan. Donga panjenengan bakal dadi ora ana gunané manawa panjenengan mitayakaké awak marang panyengkuyungé dhuwit. Panjenengan kudu milih ing babakan masrahaké awak iki marang gusti Allah utawa marang bandha donya panjenengan, awit salah sijiné bakal luwih dipilih lan disenengi panjenengan. Panjenengan dadar badan panjenengan lan panjenengan pirsani kaya ngapa anggoné panjenengan nggunakaké wektu lan dhuwit panjenengan kang dienggo leladi Gusti Allah lan pira akéhé dhuwit panjenengan sing digunaaké kanggo awak dhéwé, kanggo kendaraan lan kesenengan prabadi panjenengan. Kita kabéh bisa uga kagodha kanggo dadi kawulané mammon. Kita ngapusi awak kita luwih asring saka kang kita eling lan manembah brahala mammon ing sajroné kasugihan kang banget gedhé. Gusti Allah paring pitulungan marang panjenengan supaya uwal saka anggoné dikuwasani déning dhuwit kanthi mengkono panjenengan ora bakal kakuwasani, nanging terus manunggal ing sajroné sang Kristus lan manunggal ing sajroné keselametané. Kang maha suci iku bandha kang ora ana bandhingané kanggo panguripan panjenengan, awit iku aja nggoléki pikurmatan saka masyarakat. Lurua tingkatan kang luwih dhuwur ing sajroné leladi marang gusti, nganggo bandha panjenengan kanggo wong-wong mlarat lan korbana awak panjenengan kanggo wong-wong miskin dikaya Sang Kristus wis ngorbanaké sarirané kanggo panjenengan.

Sawetara wong pracaya mbudidaya leladi Gusti Allah lan Mammon bebarengan. Wong-wong mau ora ngerti yén Sang Kristus wis nyethakaké manawa ora ana wong siji waé bisa leladi loro-loroné. Awit saka iku nyuwuna marang Pangéran kang kagungan kaluhuran supaya panjenengan bisa nresnani Panjenengané lan Panjenengané bakal njangkung lan nyukupi kabutuhan panjenengan. Apa panjenengan wis cemawis manembahgusti Allah waé? Utawa apa panjenengan isihbingung ing antarané rong prakara iku? Manunggala ing sajroné Sang Kristus kang ora kersa dhedhampar ing ati kang mangro.

MATÉUS 6:22-23
22 Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. 23 Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabéh. Dadi manawa papadhang kang ana ingkowé dadi peteng, saiba ta petengé iku.”

Mripat iku diyané awak, lan diyan iku dadi pralambang padhang. Mripat kanthi mengkono yaiku padhang kang kanthi padhang iku manungsa bisa ndeleng. Mripat iku pangilon kang kanthi mripat kita bisa ndeleng rerasan, pikiran lan kang nrenyuhaké saka wong-wong liya. Manawa wong-wong nresnani kita, kita bakal ndeleng katresnané saka panyawangé wong-wong mau. Manawa wong-wong mau sengit marang kita bisa ndeleng saka mripate. Manawa ana wong nepsu, utawa ana rasa ngigit-igit ing sajroné atiné prekara iki bakal katon ing sajroné mripate. Menawa wong-wong mau duwé rasa wengis, kepéngin nyerang utawa arep mbales, bisa katon saka mripate prekara iku. Apus-apus uga katon saka mripat. Gumunggung lan gumedhé sumunar ing mripat dikaya sujana lan meri lan malah rasa gigu, ora sabar lan kabéh rerasan kang liyané.

Banjur apa makna saka tembung “manawa mripatmu waras”? “Waras” ateges dikaya kang diyasa déning Gusti Allah, tanpa tambahan saka rerasan manungsa kang luput, tanpa tambahan rasa sengit, pepinginan pribadi lan gumunggung, awit kabéh tambahan iku andadekaké ora “waras”.

Ayo kita ndeleng conto kang liya. Leluhur kita kang kawitan, Bapa Adam lan Ibu Kawa, mripate ing wiwitané murni. Wit kawruh babagan ala lan becik lan kang ala ana ing tengahé taman (Purwaning Dumadi 3:3). Bapa Adam lan Ibu Kawa mesti waé yén mlaku-mlaku asring nglewati wit mau lan babagan iku ora dadi prekara, nanging nalika coban saka ula ditambahaké marang mripate kang murni marang Bapa Adam lan Ibu Kawa”, “sampeyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saget nyumerapi ingkang saé lan ingkang awon” (Purwaning Dumadi 3:5), mripate ora manéh murni. Dadi nalika “Wong wadon mau nuli weruh yén wit iku becik kanggo pangan lan katon nengpirsanié, lan manéh wit iku menginaké, awit bisa ngolehaké kapinteran” (Purwaning Dumadi 3:6) kabéh owah gingsir sawutuhe, awit mripate kelangan sipat murni. Dikaya mripate nyawang wit iku lan sebanjuré owah gingsir, panyawangé marang pepadhané uga owah gingsir.

Dadi nalika mripat panjenengan becik, tanpa ana tambahan pepinginan pribadi, coban utawa pikira kang siningitan, kabéh badan panjenengan dadi becik. Nanging nalika ana prekara kang liyané ditambahaké marang mripat panjenengan, kaya kanepson utawa pepinginan males dendem, solah bawa panjenengan rubah lan getih dipompa luwih cepat. Rerasan panjenengan ninggalaké tatu ing badan panjenengan lan sebanjuré badan panjenengan bakal katon peteng.

Cepet mratobata manawa panjenengan nepsu, kapenet utawa ing sajroné kabungahan kang lelamisan! Baliya marang Gusti Yésus. Panjenengané iku pepadhang kang bener kang nuntuk panjenengan lan mripat panjenengan.

MATÉUS 6:24
24 Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bkaal setya marang kang siji lan nyepelekaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
(Lukas 16:13; Yakobus 4:4)

Sang Kristus mratélaké sawijing paribasan umum kang umum, “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan”, apa manéh Allah loro, awit dhawuh kekaroné sawijining wektu bakal sesenggolan utawa malah bisa lelawanan. Sawetara kekoré bendara iku lagi ana ing sajroné gegayutan kang becik, abdi bisa melu loro-loroné nanging manawa gegayutan wong loro mau pisah, abdi mau kudu milih melu salah siji. Abdi mau ora bisa nresnani lan cekelan uga nuruti loro-loroné senajano abdi mau kuduné mengkono. Manawa abdi mau melu kang siji, dhéwéké ora melu kang sijiné salah sijiné bakal ing sawijining wektu bakal disengiti lan diremehake.

Tembung “Mamon” disebutaken ing sajroné teks asli ing sajroné tembung Syriac kang ateges “bebathen”, kanthi mengkono apa waé kang ana ing jagat iki, utawa kang dipetung marang kita minangka bebanthen, iku Mamon. Apa waé kang ana ing jagat iki, hawa nafsu kegaingan, hawa nefsu mripat lan gumunggung, iku Mamon. Kanggo sawetara wong, kasenengan, olahraga lan mangsa kepungkur iku Mamon kanggoné wong-wong mau- kanggo wong-wong liya bisa uga kinurmatan lan munggah pangkat. Pangalembana lan pangaji lan manungsa iku mamon kanggo wong-wong Farisi. Prekara kang gegayutan laku sedheng, kang gegayutan kadonyan, iku mamon kang ora bisa dilayani bebarengan karo Gusti Allah. Manawa Mamon dilayani, mula mamon ana ing sajroné unggul-unggulan karo Panjenengané lan ing sajroné lelawanan karo Panjenengané.

Sang Kristus ora ngandika, panjenengan “ora kena”, nanging panjenengan “ora entuk” leladi gusti Allah lan Mamon. Kita ora entuk nresnani kekaroné cekelan marang sekaroné utawa patrap mbangun turut marang kekaroné pasrah, pracaya, lan gumantung, awit kekaroné iku lelawanan. Gusti allah ngandika, “Putra-Ku, pasrahna atimu marang Aku”. Mamon kandha “Aja, wenehna marang aku.” Gusti Allah ngandika, “Nyukupana awakmu karo apa kang ana ing kowé”. Mamon kandha, “njupuka saakéh-akéhé kanthi cara kang jujur uga kang nggunaké apus-apus”. Gusti Allah ngandika, “Aja ngakali, aja ngapusi, lan jujura ing sajroné urusanmu”. Mamon kandha, “Akalana Bapakmu, manawa kowé bisa entuk bebathen”. Gusti Allah ngandika, “Duwéa sipat loma.”. Mamon kandha, “nyekelana apa kang kok duwéki: weweh iku babar blas ora mitulungi.” Gusti Allah ngandika, “Aja kuwatir bab apa waé uga”. Mamon kandha, “Kuwatira babagan apa waé.” Gusti Allah ngandika, “Sucékna dina sabat utawa dina minggu”. Mamon kandha, “Mupangatna dina iku kaya kabéh dina kang liyané lan kang ana”.

Loro-loroné ora akur, iku kang dumadi antarané dhawuhé gusti Allah lan Mamon, kanthi mengkono “ora entuk” leladi loro-loroné. Aja kita kompromi antarané Gusti Allah karo Baal, nanging pilih dhéwé dina iki sapa kang panjengan bakal layani lan putusna ing sajroné pilihan panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka saéstu saber dhumateng kawula, ingkang gadahah paningal ing babagan bandha donya menika. Paduka apunten kawula gagayutan manah kawula lan katesnan kawua gegayutan kaliyan arto. Paduka paringi kamardikan kawula saka raos gumantung dhumateng bandha donya kawula. Paduka gulawenthan kawula supaya namun nresnani lan pitados dhumateng Paduka supaya ngaturaken sadayanipun dhumateng Paduka lan nampeni Paduka minangka bebanthen, bandha kawula lan pituwas ing salebetipun gesang lan kalanggengan kawula. Dadosno kawula merdika ngaturaken paweweh kanthi sukarila lan kanthi wicaksana dhumateng dhumateng sedhérék-sedhérék ingkang mbetahaken ing sakiwa tengen kawula.

PITAKONAN

  1. Apa jalarané kita ora entuk leladi Gusti Allah lan Mamon bebarengan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:35 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)