Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 071 (Fasting Joyously)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

e) Puasa Kanthi Bungah (Matéus 6:16-18)


MATÉUS 6:16-18
16 “Anadené manawa kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé aclum kaya para wong laimis, awit iku padha nyngugusaké ulate, supaya wong-wong padha weruh yén lagi pasa. Satemené pituturKu marang kowé: iku wus padha tampa pituwase. 17 Nanging kowé manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa, 18 supaya anggonmu pasa aja katara wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé”.
(Yésaya 58:5-6)

Sang Kristus ngandika ing sajroné ayat iki mliginé gegayutan pasa-pasa pribadi, kaya kang ditindakaké wong marang awaké dhéwé, minangka pisungsung karilan atiné kang kulina ditindakaké ing antarané wong-wong Yahudi kang mbangun turut; sawetara wong pasa sedino, ana kang rong dina, saben Minggu, ana kang luwih arang, selaras karo apa kang diperlokake. Ing jaman iku pasa iku ora mangan nganti srengengé angslup, lan yén mangan uga dikurangi. Ora kaya sing ditindakaké wong-wong Farisi kang pasa “kaping pindo seminggu”, nanging patrap gumunggung iku kang di anggep luput déning gusti Yésus (Lukas 18:12).

Keselametan nyawa kita dudu gumantung marang pasa, donga, sedekah, utawa ziarah kita. Sang Kristus nylametaké panjenengan kanthi panjenengan ora mbayar lan anggoné nylametaké iku sempurna lumantar séda ing kayu salib, lan Panjenengané nganyaraké panjenengan kanthi kabecikané. Sang Kristus ngesokaké Roh Panjenengané piyambak marang ati panjenengan, kanthi mangkono panjenengan ora prelu nambahi kasucén pribadi panjenengan lumantar pasa, ziarah lan manembah, awit Sang Krsitus wis sawutuhé lan kanthi sempurna nylametaké panjenengan! Ing sajroné patunggalan karo Sang Kristus, kita dijebati karo Sang Roh Suci saka Sang Rama ing kasuwargan kita.

Apa sebabé kita pasa? Pasa kita ora supaya mbeneraké utawa nyucékaké awak kita. Pasa iku tandha pamratobat, rasa getun lan panyuwun kita. Pasa iku donga ing sajroné batin panjenengan. Nek usus ing njeroné weteng kedher awit luwe, namung roh panjenengan bisa tetep tumuju marang Gusti Allah, jiwa panjenengan bakal uwal saka momotan iku, diuwalaké kanggo duwé iman, ndedonga lan ngaturaken panuwun. Sing sapa kang pasa, nembus ing sajroning nugraha Gusti Allah, dadi uwal saka paukuman lan bisa manembah Gusti Allah kanthi kabungahan.

Pasa iku patrap kang pinuji, lan pancen eman, umumme pasa iki disepelekaké ing antarané wong-wong Kristen. Hana kang tuwa iku “Rina wengi anggoné ngabekti kalawan pasa lan ndedonga” (Lukas 2:37). Wong-wong Kristen ing wiwitané uga asring pasa (Para Rasul 13:3;14:23). Pasa pribadi yaiku patrap nyingkur awak dhéwé lan ngendaleni pepinginan badan, sawijining pamales suci marang badan kita dhéwé lan ngasoraké awak ana ing ngarsané Gusti Allah. Wong-wong Kristen kang dewasa ngakoni karo pasa yén dhéwéké babar pisan ora duwé kang bisa di dadekaké pambombong, malah dhéwéké padha ora pantes nampani panganan dina iki. Pasa iku cara kanggo ngendhaleni badan lan pepinginané lan kanggo gawé kita luwih urip ing sajroné latihan ngibadah kita, awit kahanan wareg asring agawé kita ngantuk. Rasul Paulus “asring pasa” lan awit saka iku rasul Paulus “Njaga awaké lan nelukaké awake”.

Sing ngati-ati nalika lagi pasa. Gawénen nyawa panjenengan kapenuhan karo pangandikané Allah, ora kathi angen-angen lan ngayal kamanungsan. Iblis nekani wong-wong pracaya kang pasa, reka-reka ménéhi kawigaten kang suci, nanging ora bener lan mancaraké kamursidan kang palsu, dikaya kang dituduhaké marang gusti Yésus nalika Panjenengané digoda déning Iblis ing pungkasan mangsa pasa Panjenengané ing ara-ara samun. Mung pangandikae Allah kang bisa agawé panjenengan pasa minangka pérangan saka iman, kanthi mengkono panjenengan bisa nampani kekuwatan anyar saka Gusti panjenengan kang kebak sih rahmat.

Wong-wong lelamisan reka-reka pasa, nanging ora ana rasa getun utawa rasa andhap asor ing sajroné jiwané kang sebeneré iku sari pathiné saka patrap iki. Pasané wong-wong iku pasa kang mung lelamisan, mung ben katon, lan wewayangan tanpa hakikat. Wong-wong iku agawé awaké ben katon andhap asor lan luwih sregep kanggo ngapusi gusti Allah, sawijining prekara kang andadekaké bebenduné Panjenengané. Pasa kang Gusti Allah pilih, yaiku sawijining dina kanggo mungkal jiwa, ora kanggo ndhungklukaké sirah kaya kembang alum, utawa nganggo klambi sungkawa saka lebu ing sirahe, kita luput gedhé manawa nganggep iki sari pati saka pasa (Yésaya 58:5).

Wong-wong mau martakaké bab pasané lan mbudidaya supaya kabéh wong kang ndeleng ngreti yén wong-wong mau lagi pasa ing dina iku. Malah ing jaman iku wongwong mau ngatonaké awaké ing dalan-dalan, kamangka bisa waé wong-wong mau tetap ana ngomah. Wong-wong mau nuduhaké ulat kang pucet, praupan nyengungus, jangkahé alon-alon lan ndungkluk; lan kanthi sempurna gawé laku kang mengkono, kanthi mengkono manungsa bisa ndeleng kaya ngapa kerepe wong-wong mau pasa lan ngajeni minangka wong-wong kang mursid, kan mbangun turut marang agama.

Aja kandha marang wong-wong liya bab anggoné panjenengan pasa kanthi tujuwan panjenengan kajenan ing ngarepe manungsa. Ngatona kanthi lumrah, dandan lan nyandang kang penak disawang. Tuduhna kabungahan awit Gusti Allah nemoni panjenengan lan andadekaké panjenengan mitra ing sajroné kamenangan Sang Kristus lumantar kapiyandelan panjenengan kanthi pasa. Sebanjuré panjenengan bakal kapenuhan kabungahan ing ngarsané Gusti Allah, lan panjenengan ora bakal gagal ing sajroné nindakaken patrap kang mursid.

Sang Rama kita ing kasuwarga mratélakaké sarirané marang wong kang ndedonga, puasa lan mlebu ing sajroné pangandikan Injil. Ya iku patrap kang gedhé dhéwé saka pangrasa, awit panjenengan bisa wanuh Gusti Allah Sang Rama ing sajroné apa kang ditindakaké Sang Kristus kaya kang dingandikaaké Panjenengane: “Sapa kang ndeleng Aku wong iku ndeleng Sang Rama’. Ya iku rasa kangen ati kita, supaya ndeleng Panjenengané Kang Suci, dikaya anané Panjenengané.

Apa panjenengan ngerti yén Gusti Allah klang Maha kuwasa manunggal ana ing sajroné para pandhéréké Sang Kristus, awit para pandhéréké sang Kristus kabéh iku pedalemané Sang Roh Suci Panjenengane? Roh kang asipat ilahi iki ora rawuh marang kita awit pasa lan donga kita, nanging hasil saka iman panjenengan marang sédané Gusti Yésus kang ngrukunake. Sing sapa kang pasa bisa sesambungan karo panguwasané Sang Kristus marang wong-wong liya. Kanthi donga, iman lan pasa Roh ala kudu ninggale wong-wong kang kapanjingan, awit asma Sang Kristus kang kagungan panguwasa nundhung roh-roh ala.

Aja nganti pasa mung gegayutan karo pangan lan ngombe waé. Kudu ngedohi barang saru lan najis, pakulinan ngrokok lan pakulinan ala, kanthi mengkono bisa ngirit duwit panjenengan lan bisa luwih akéh misusungaké kanggo jembaré Kraton Sang Rama Kasuwargan. Panjenengan ngedohi prekara kang bisa banget ngrusak kang kala-kala luwih penting tinimbang karo pasa lan ngedohi saka pangan lan omben-omben. Utamakna wektu lan kabisan panjenengan marang Gusti Allah tanpa lelamisan. Panjenengan bakal nemokaké woh-woh kaluhuran Panjenengané mundak-mundak ing sajroné awaké wong liya.

PANDONGA: Dhuh kanjeng Rama, Paduka kepareng manunggal ing salebetipun kawula inggih menika kanthi Roh Paduka, ingkang alus. Kawula manembah Paduka kanthi kabingahan lan ngaturaken panuwun marang Paduka, awit Paduka sampun nuntun kawula mlebet ing salebetipun patunggalan kaliyan Paduka. Wucal kawula asikep ingkang dados kaparengipn Paduka, ndedong kanggé tiyang-tiyang sanés lan pasa kanthi sukarena lan yektos, kanthi makaten kathah tiyang badhé kamardikaaken saking cancangan Iblis lan nampi gesang ingkang langgeng.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi maknané pasa ing sajroné Prejanjian Anyar?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:29 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)