Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 073 (Trusting the Providence)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
3. Menang Tumrap Kekarepan Ala (Matéus 6:19 - 7:6)

b) Precaya Marang Panjangkungé Rama Kasuwargan Panjenengan (Matéus 6:25-34)


MATÉUS 6:25-34
25 “Mulané Aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa koombe, lan bab badanmu, apa kang bakal koanggo. Ajiné urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajiné badan ngungkuli sandhangan? 26 Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, ewadené padha kaparingan pakan déning Ramamu kang ana ing suwarga. Apa kowé ora kinacek luwih banget tinimbang karo manuk-manuk iku? Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umuré saata bae marga saka sumelang? 28 Mangkono manéh yagené kowé padha sumelang bab sandhangan –panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggoné tuwmuwuh, ora nganggo nyambut-gawé lang ngantih. 29 Ewadené Aku pitutur marang kowé: Sanadyan Raja Suleman sajroné sagunging kaluhurané pangagemané ora madhani salah sawijining kembang iku. 30 Mulani yén suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono déning Allah, saya manéh kowé, heh, wong kang cupet ing pangandel! 31 Awis saska iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan manéh: Kang padha daksandang apa?32 Awit iku kabéh diupaya déning para wong kapir; kowé aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yén iku mau kabéh dadi kabutuhanmu. 33 Ananging kratoning Allah lan kasampurnané iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabéh bakal diparingaké marang kowé. 34 Mulané aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhéwé. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”
(Lukas 12:22-31; Rum 14:6; 1 Petrus 5:7)

Iki salah siji kotbah Sang Kristus kang banget ngedap-edapi! Simpenen iku ana ing ati panjenengan! Kaya ngapa agungé kotbah Gusti Yésus iki kang ngrembuk gegayutan keyakinan bab panjangkungé Rama Kasuwargan. Sing sapa kang krungu lan pracaya marang pangandikan iki, bakal ngrasakaké tentrem rahayu kang langgeng, kang ana ing sajroné atiné. Dikaya bayi kang pracaya marang pangrumate bapaké, mengkono uga Gusti Yésus ngersakaké nuntun kita marang iman sawutuhé marang Gusti Allah Sang Rama kita lan katresnan Panjenengané kang langgeng kanggo kita.

Sing sapa kapenuhan karo sihé Gusti Allah, kauwalaké saka coban nglumpukaké dhuwit kanggo awaké dhéwé, lan terus terusan ngaturaké korban kanthi penuh kawicaksanan, nanging bakal digodha déning Iblis kanthi cara kang beda-beda. Iblis bakal mbisiki marang wong iku, “Dhuwitmu ora cukup kanggo kowé! Sapa kang bakal ngurus kowé manawa kowé lara? Sandhanganmu wis lawas, lan regané dhuwur. Undhak-undhakan ekonomi obah marang krisis kang siji menyang krisis liyané. Amana awakmu, sinau, gunaké kabéh cara, slametna dhuwitmu supaya kowé bisa urip kanthi tentrem.”

Nanging Sang Roh Allah ngalahaké anggoné duwé kawigaten kang kebablasen marang awak dhéwé babagan rasa kuwatir lan nuntun panjenengan marang kawigaten Sang Rama kang mirsani panjenengan kanthi sempurna. Iki ora ateges yén panjenengan mung meneng waé tanpa nyambut gawé, ngenténi gusti Allah mbuka lawangé langit. Nanging, katresnan Sang Kristus paring kamardikan panjenengan supaya mbudidaya lan iktiar kanthi tentrem rahayu, tanpa ana rasa wedi utawa ngakali. Patunggalan panjenengan karo Sang Kristus bakal nguwalaké panjenengan saka rasa kuwatir lan sebanjuré nguwataké panjenengan supaya ngandel marang katresnan Sang Rama kasuwargan panjenengan, kang nitahaké kang Mahakuwasa.

Panjenengan pirsani manuk-manuk nalika padha mangan apa kang ora ditandur lan gampang banjur mabur menyang ngendi waé nemokaké panganan. Luwih manéh Rama Kasuwargan panjenengan ngidinaké panjenengan sowan marang Panjenenganené awit Panjenengané piyambak bakal nggatekaké panjenengan lan njangkung panjenengan. Panjenengané ménggalihaké bab panjenengan lan bisa maringi panjenengan pagawéan kang cocok lan mitulungi panjenengan supaya tetap alaku sareh lan setia.

Rama kasuwargan panjenengan maringi panjenengan raga kang ngedap-edapi, kebak karo panguripan, kang isih dadi kengkeran kang durung dimangérténi déning para ilmuwan. Apa tau panjenengan nggatekaké tuwuhing kembang, lan woh-wohan, kan nuduhaké kaagungan saka kang Nyipto? Panjenengan gatekaké tuwuhan kanthi nggunakaké mikroskop lan panjenengan sinaua. Ambuné kembang mawar lan sinaua yén kabéh kaéndahan lan tatanan alam jembar iki mung sunaring kaluhuran kang nitahaké kang agung kang mrenata lakuné lintang-lintang ing aluré lan ngerti gunggungé atom kang ngubengi ing sakiwa tengené sariné atom. Panjenengané uga wanuh panjenengan, nuntun lan nresnani panjenengan, awit Panjenengané iku Sang Rama kasukman panjenengan. Kabéh kang ana ing jagat iki dititahaké, nanging, mung panjenengan kang lahir saka Roh Panjenengané kang ora kaciptakake. Panjenengané wis ngorbanaké Sang Kristus kanggo panjenengan. Apa bisa Panjenengané nyupekaké panjenengan? Mokal kanggoné Sang Rama kasuwargan ora ménggalihaké panjenengan ing urip panjenengan saben dinané. Rasa kuwatir lan kaprihatinan panjenengan nuduhaké iman panjenengan kang cilik, lan pasambat panjenengan iku patrap nyingkur bab kasaénan Panjenengané. Katresnan Allah luwih jembar lan luwih jero tinimbang segara. Rahmat Panjenengané kaya langit. Panjenengané ngandika marang panjenengan: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganinSun” (Yésaya 43:1)

Gateké lan wawasen pangandikané Gusti Allah lan sinaunen keselametan Panjenengané. Mlebua ing sajroné wulangan Sang Kristus lan layani Kratoné Allah ign sajroné obah mosiké panjenengan. Panjenengan buwang kabéh rasa ora pracaya, rasa kuwatir, rasa panalangsa lan pasambat panjenengan, lan kumandela marang Sang Rama kasuwargan panjenengané kang nggatekaké panjenengan kanthi setyo. Sang Kristus ngangkat panjenengan saka rasa kuatir panjenengan, lan Sang Roh suci bakal paring kabisan panjenengan supaya ora gojang-ganjing ing mangsa pandadaran. Wong-wong kang ora pracaya golék prekara kajasmanen, nanging panjenengan tinimbalan déning gusti Allah. Ngungkurna saka prekara kadonyan lan panjenengan cekelan marang asta Panjenengané kang nuntun lan uripa ing sajroné Panjenengané ing sajroné urip kang langgeng. Badan panjenengan mesti bakal mati ing titi mangsané mengko, nanging iku dudu pungkasan, awit urip kasukman panjenengan karo Sang Kristus bakal ana ing sajroné Gusti Allah. Aja ngidinaké rasa wedi lan rasa kuwatir, becik sing gedhé utawa sing cilik kang ngalahaké iman panjenengan, tetap cekelan teguh marang panjangkungé Sang Rama panjenengan, awit Panjenengané cemawis maringi apa kang dibutuhaké lan sacukupe kanggo urip panjenengan supaya leladi Panjenengané lan tansah ngluhuraké Panjenengané kanthi keyakinan panjenengan.

Underna kawigaten panjenengan marang gusti Allah lan watonan Panjenengané lan panguripan panjenengan mengkoné bakal tumata dhéwé, awit anané Gusti Allah bakal nyucékake. Disinau urutan saka panyuwun ing sajroné donga wulangané

Gusti lan panjenengan bakal sinau makna lan tujuwan saka kraton Ilahi ing sajroné panguripan panjenengan lan kadudut saka Sang Rama ing sajroné urip panjenengan. Panjenengan sucékaké asma Panjenengané , pikiren Kraton Panjenengané lan wartaké Injil lumantar tembung, donga, ing sajaroné leladi lan pangorbanan. Aja nguwatiraké awak dhéwé luwih saka kang liyané nanging luhurna kayektén Ratu kasuwargan lan panguwasa Kraton Panjenengané kanthi mengkono wong-wong kang ilang bisa mlebu ing sajroné panguwasané keselametan. Sebanjuré sang Ratu bakal nggatekaké kawigaten panjenengan, nanggung panjenengan lan amberkahi panjenengan ing saben pérangan panguripan panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, atas kasaénan Paduka minangka jejeripun Rama, kawigatosan Paduka ingkang mboten nate telas kanggé kawula lan atas pangapunten dosa kawula. Kawula ngaturaken panuwun atas pitulungan Paduka ing salebetipun kangelan lan maringi kwula sacekapipun ing salebetipun gesang lan kelanggengan. Tebihna kawula saking pasambat lan saking kekirangan iman. Paduka paringi kekuatan kawula kanthi keyakinan ingkang ageng ing salebetipun katresnan Paduka, lan Paduka uwalaken kawula saking raos kuwatos ingkang langkung-langkung babagan badan kawula piyambak kanthi makaten kawula saget saéstu-estu madosi kraton Paduka lan martakaké kayektosan Paduka langkung rumiyin ngantos pungkasan.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta Sang Kristus njaga kita ora kasilep lan teluk marang rasa kuwatir?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matius ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Kepiyé carané kita netepi Paugerané Gusti Allah?
  2. Sapa ta para tukang mateni manut paugerané sang Kristus?
  3. Kepiyé kita dimerdikaaké saka coban kang bakal nggawa kita marang piala lan laku jina?
  4. Sapa ta wong-wong kang laku jina miturut prenatané Sang Kristus?
  5. Kepiyé carané kita dadi bener ing sajroné tembung, tembung lan patrap kita?
  6. Kepiyé carané Sang Kristus paring kamardikan marang kita saka paugeran mbales kang dadi endhem-endheman kita, lan merdikaaké saka paukuman?
  7. Sapa ta wong-wong kang wis dimerdekakaké saka awaké dhéwé?
  8. Kepiyé kita dadi sampurna, dikaya Rama Kaswargan sampurna?
  9. Apa ta bedané kang gedhé antarané Prenatan nabi Musa karo Prenatané Sang Kristus.
  10. Kepiyé kuduné pisusung diaturaké marang gusti Allah Sang Rama?
  11. Jinis donga kang kepiyé kang bakal diparingi jawaban déning sang Rama kita kang ana ing suwarga?
  12. Kepiye ta carané anggon kita nyucékaké asma Sang Rama iku?
  13. Apa kang panjenengan pikir nalika panjenengan ndedonga: “Énggala rawuh kraton Paduka?”
  14. Apa kang dadi karsa Rama panjenenaningkang wonten ing suwarga?
  15. Apa kang kalebu ing panyuwun “pangan kawula dinten menika?
  16. Apa wadi ing sajroné panyuwun pangapura?
  17. Kepiyé carané kita kauwalaké saka si pengawak dursia saka panguripan kita?
  18. Kepiyé carané panjenengan ngluhuraké Gusti Allah Rama panjenengan?
  19. Apa kang kudu ana ing urip kita supaya ana gegayutan ing sajroné patunggalan karo Sang Rama kita ing kasuwargan?
  20. Apa kang dadi maknané pasa ing sajroné Prejanjian Anyar?
  21. Apa jalarané kita ora entuk leladi Gusti Allah lan Mamon bebarengan?
  22. Apa jalarané kita ora entuk leladi Gusti Allah lan Mamon bebarengan?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:40 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)