Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 010 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:6-9
6 Isai peputra Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu Suleman, patutan saka tilas bojoné Uria, 7 Sasng Prabu Suleman peputra Rehabeam, Rehabeam peputra Abia, Abia peputra Asa, 8 Asa peputra Yosafata, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzira; 9 Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

Ing jaman enome, Solaiman digulawenthah déning sawijining Imam. Dhéwéké dewasa ing sajroning kamursidan lan nyuwun marang Gusti Allah supaya dhéwéké dadi wong kang mbangun turut marang Gusti Allah lan kebak kawicaksanan. Nalika Solaiman kawisuda dari ratu, dhéwéké mbangun sawijining papan pangibadah kanggo manembah brahala kang banget déning éndah ing Yerusalém, kang dirancang dadi punjering peradapan Yahudi ing jaman ngajaman. Solaiman ngbrukaké wit sanobar kang larang saka Libanon kanggo bangunan iki. Solaiman njaluk supaya rakyat mbayar pajek kanggo nutup rega pembangugan gedung-gedung kang banget déning éndah. Rakyat dadi nandang kasangsaran awit pajek kang dhuwur kanggu nyukupi urip kang larang mengkono. Solaiman duwé 700 bojo lan 300 selir. Kahanan tambah kisruh, awit saben bojo siji nggawa brahala-brahala saka asal bangsané lan para bojoné iku andadekaké jalaran Solaiman manembah marang Brahala awit kepéngin nyenengaké bojo-bojoné iku ( I Raja-Raja 11)

Ing jaman Dawud lan Solaiman, sawijining negara Israél kang banget kuwat ngadeg nanging mung kuwat saksuwéné 100 tahun sadurungé ana cecongkrahan kang andadekaké pecah. Negara pecah iku dumadi ing jaman “Rahabeam” anaké Solaiman kang wengis. Krajan Bapaké iku sebanjuré pecah dadi loro ing tahun 932 sM, sepuluh taler dadi siji kabawah krajaan anyar Israél, kanthi ibu kotané Samaria. Taler Yehuda, pérangan pecahan liyané kang tetep setiya marang keluarga Raja Dawud, lan krajan Yahudi ing laladan Yerusalém kawangun saka taler iki. Gegayutan jeneng saka para raja ing sajroné sarasilah Gusti Yésus, jeneng-jeneng iku nuduhaké kang nyekel pusering pemerintahan ing krajan cilik kang laladané Yerusalém lan laladan sakiwa tengené.

Ing jaman negara pecah dadi loro iki, gusti Allah ngutur para nabi Panjenengané menyang Krajan sisih elor. Sawetara nabi iku ing antarané nabi Elia, Amos, lan Hosea. Para nabi mbudidaya supaya ngendegaké anggoné padha manembah brahala kang mlebu ing sajroné bangsa iku ing sajroné asma Gusti allaj lan kanggo ngedohaké bangsa Israél saka anggoné manembah marang reca, wiwitan suci, lan misusungaké anak minangka dadi korban. Para nabi nyebutaké kabéh brahala-brahala itu tanpa guna lan para nabi mratélakaké yén gusti Allah Kang Maha Kuwasa négesaké yén mung ana siji Allah waé. Para nabi nandang sangsara awit wong kang ora ngakoni anané gusti Allah nyusup lan para nabi ngancam wong-wogn kesasar iku kanthi pengadilan lan balesan saka Allah. Nalika iku uga, para nabi mratélakaken rawuhé gusti Allah kang andhap asor lan kang adil kang rawuh kanggé manunggalaké sedulur loro kang pinisah iku lan kang bakal neguhaké tentrem rahayu ing Yerusalém.

Nanging, taler-taler ing Krajan sisih elor ora gelem mbangun turut marang para nabi iku. Taler-taler mau terus waé nerusaké anggoné manembah marang brahala lan andrawina kang ngisin-isinaké, kang akibate tumidak pialané terus ana. Gusti Allah ngidinaké bangsa Asyur merangi Israél nganggo kekuatan kang gedhé. Bangsa Asyur sebanjuré ngepung lan ngejur Samaria. Bangsa Asyur mbanda wong-wong sugih lan wong-wong kang duwé kalungguhan uga nggawa wong-wong mau menyang pambuwangan kang adohé 1.500 km saka omahé yaiku menyang Mesopotamia. Bangsa Israél mau sebanjuré campur karo ing antarané bangsa-bangsa kang ana kono lan sejarah Israél kapungkasi ing tahun 722 sM. Bangsa Asyur sebanjuré njupuk bangsa-bangsa manca lan mapanaké bangsa-bangsa mau ing Galilea, Samaria, lan Palestina sisih elor ing papan kang dikuwasani, supaya wong-wong saka bangsa liya iku campur karo sisané wong-wong Israél kang ana ing kana lan mbangun sawijining agama campuran. Tumindak kang mengkené iki tundhoné wong-wong Yahudi kang saka sisi Kidul ngréméhaké lan nampik wong-wong Yahudi saka sisih elor awit dibobot najis sakwisé wong Israél kang mapan sisih elor iku ngrambeni bangsa-bangsa liya. Namung, pratela “Yoram peputra Uzira” yaiku anaké Yoram. Ana 3 raja kang liya ing antarané Yoran karo Uzia kang nenengé ora disebutaké ing sajroné sarasilan iku (I Babad 3:11,12). Para raja iku yaiku Ahazia, Yoas, lan Amazia. Anggoné ngilangi telu jeneng Raja iku sawijining cawe-cawening Allah kang selaras karo janji kang disebutaké ing sajroné Kitab suci (Pangentasan 20:3-5; Pangandaring Torat 29:18-20). Bangsané dhéwé uga ora ngakoni pemerintahané telu raja mau, malah mbalela marang telu raja lan mateni telu-teluné. Para raja mau ora dikuburaké ing kuburané para raja (Ii Babat 22:8, 9; 24:25; 25:27, 28) lan telu raja diwetokaké saka daftar tedhak turuné para raja. Matéus nindakaké prekara kang padha ing sajroné Injil tulisané awit kitab iki bakal diwenehaké marang wong-wong Yahudi. Ora nglebokaké jeneng telu raja iku ora ana daya pengaruhé marang syahé sarasilah kang ana. Wong-wong Yahudi ora bakal kabotan bab prekara iki awit ngilangi sawetara jeneng saka sarasilah uga sawijining prekara kang lumrah ditindakaké déning wong-wong Yahudi (timbangno Ezra 7:1-5 karo I Babad 6:3-15)

Gusti Yésus nresnani wong-wong kang kabuwang lan urip ing sajroné pilihan Panjenengané piyambak ing Nazaret, ing Krajan sisih elor, kang agawé Panjenengané ditampik déning wong-wong Yahudi kang manggo ing laladan Yerusalém. Ing jaman gusti Yésus, Herodes, Raja ing kana, ndandani Pedaleman Allah, kang minangka Pedaleman Allah kaping pindho ing sajroning sejarah bangsa Yahudi. Sang Kristus lan para rasul Panjenengané ora nampik bangunan kang digawé saka watu iki. Wong-wong Yahudi ngongkong marang wong-wong kang kumpul ing Pedaleman Allah supaya masrahaké awaké marang Allah kang bener lan andadekaké awaké minangka watu kang urip kanggo mbangun sawijining omah kasukman (awaké wong-wong mau) kang ing kana mengkoné Gusti Allah bakal nunggal ing sajroné Roh Suci Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, Kraton Paduka sanés saking jagat menika. Paduka menika Raja ingkang yektos ingkang andhap asor. Sadaya pemimpin ingkang sanés nindakaken dosa, perang, ngwutahaké rah, lan nglempakaké banda donya; Paduka gesang sudi lan séda kanggi kayektosan nebus kula saking kanisthan. Paduka tampi kula lan tanem kawula ing salebetipun pedaleman kasukman Paduka, kanthi makaten kula saget saéstu-estu dados pedalamen Allah ingkang langgeng.

PITAKONAN

  1. Kapan dumadiné pecahé krajan ing prejanjian lawas, lan saka golongan endi asale gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)