Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 011 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:9-11
9....Akhas peputra Hizkia; 10 Hizkia peputra Manasye, Manasye peputra Amon, Amon peputra Yosia; 11 Yosia peputra Yekhonya sasedhéréké, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

Panguwasané kraton Asyur nguwasani Timur tengah kanthi laladan kang jembar lang panguwasané gedhé. Krajan iku nguwasai laladan antarané kali Tigris karo kali Nil. Krajan Yahudi kang cilik ing Yerusalém lan sakiwa tengené dadi eri ing panyawangé kang njajah. Awit saka iku Asyur wiwit ngepung kutha tentrem iku ing tahun 701 sM lan anggoné ngepung bangsa Asyur iku mandheg awit ana pitulungané gusti nalika prajurit Sanherib kena wabah lan kurang luwih 185.000 prajurit mati.

Nalika iku, ana raja kang mursid kang jenengé Hizkia nyekel pemerintahan ing Yerusalém. Hizkia nyambut gawé bebarengan karo Yésaya, sang nabi kang tedhak turuné bangsawan iku. Gustiné sarwa dumadi mratélakaké sarirané marang Yésaya lan ngutus dhéwéké dadi nabi kang ngedap-edapi kanggo nimbali raja lan bangsané supaya mratobat lan duwé keyakinan kang kuwat gegayutan karo kasetyan Kang Maha Luhur. Wong-wong Yahudi sarujuk, nanging wong-wong Yahudi ora ana owah-owahané lan ora nganyaraké awaké marang kamursidan. Malah, wong-wong Yahudi terus nindakaké urip kang sembrono lan kebak gumunggung.

Satus tahun sakwisé mujizat saka gusti Allah iki, ana raja kang mursid jenengé Yosia timbul lan nganakaké owah-owahan kang ngowahi sakabéhe, kalebu babagan agama lan tatanan sosial. Sosia ngulumpukaké rakyate lan maca supaya rakyate ngrungokaké Kitab paugeran torét kang ditemokaké ing sajroné pedaleman Allah. Dhéwéké ndandani pedalemané Gusti lan mrenata pangibadah ing kana kanthi mengkono bangsa iku bisa tenan-tenan disucékake. Nanging, awit paugeran ora duwé panguwasa kanggé ngalahaké dosa, piala dadi tambah jero lan tambah nyata.

Nalika iku, gusti Allah ngutus nabi kang ngedap-edapi kang jenengé Yermia (625-580 sM) kang ngelingaké bangsa iku yén Krajan sisih kidul uga bakal kepungkur. Timbalané kang keras babagan pamratobat isih ndudut ati kita nganti tekan saiki. Nabi iku banget déning nandang kasangsaran awit panganiaya saka rajané awit dhéwéké nampani dedelengan bab pungkasan saka bangsané lan nyeluk bangsané kanggé ngrungokaké kanthi cara politik mikir lan bakal tunduk marang mungsuhe.

Nalika iku, bangsa Asyur dikalahaké ing Mesopotamia. Babil njupuk bandha akéh banget lan uga kabudayan Asyur, lan meksa taler Yehuda supaya mbayar pajek kang gedhé banget marang raja Babil kang anyar. Lan naika wong-wong Yahudi mbalela lumawan Babil tahun 597 SM, prajurit Nebukadnezar nyerang lan ngrebut Yerusalém cepet banget, lan raja iku uga ménéhi wewengan marang para priyayi lan wong-wong ngarep Yahudi supaya digawa menyang ing pambuwangan. Kang isih kari banget déning wuta nganti wong-wong iku ora nggatekaké karingkihané babagan kasukman lan politike. Taler cilik iki sebanjuré mbalela manéh ing tahun 587 sM ing jaman pemerintahan Zedekia, lan pungkasané kutha iku dijur lan kabéh digawa menyang ing pambuwangan.

Paukuman Gusti Allah ora bakal ngistimewakaké wong-wong pilihan Panjenengané manawa wong-wong pilihan iku nindakaké piala lan ngungkuraké Panjenengané uga ora gelem mratobat. Katresnan Panjenengané kang suci marang wong-wong pilihan iku kang dadi jalaran paukuman kang kaya mengkono supaya bisa nuntun wong-wong mau marang pamratobat. Kanthi mengkono Panjenengané bisa nguwalaké wong-wong kang kabanda lan nganyaraké wong-wong iku.

PANDONGA: Dhuh Gusti, Paduka ampunten kula awit cethekipun pikiran kula. Paduka gulawenthah kula kadospundi ngribah pikiran kula kanthi makaten kula mboten andadosaké emas, karemenan, utawi gaman, minangka dadi sesembahan ing salebetipun gesang kula. Paringané Sang Roh Suci dhumaeng kula supados nyucékaken kula supados kula saget gadhah tindak tanduk ingkang dados keparengipun Paduka ing salebetipun kayektosan, murni, katresnan lan nyingkur badan piyambak, kados dené tindak tanduk sang Kristus Paduka ing wekdal wonten ing jagat. Énggale dhateng Kraton Paduka, dadosna karsa Paduka ing salebetipun gesang kula kados dené wonten ing suwarga.

PITAKONAN

  1. Kepiya anggoné gusti Allah ngayomi krajan sisih kidul, lan kepiyé Panjenengané nuntun wong-wong krajan iki ing sajaroning pambuwangan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)