Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 009 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:3-6
3 Yahuda peputra Peres lan Zerah, patutan saka Tamar; Perespeputra Hezron, Hezron peputra Ram; 4 Ram peputra aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon; 5 Salom peputra Boas, patutan saka Rakhab; Boas peputra Obed patutan saka Rut; Obed peputra Isai, 6 Isai peputra Sang Prabu Dawud, Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu Suleman, patutan saka tilas bojoné Uria,

Injil Matéus nuntun kita marang telu titik ing sajroning sarasilah gusti Yésus nalika Matéus mratélakaké jeneng saka telu wanita kang wis andadekaké prekara lan wirang kanggoné wong-wong kang nafsir Prejanjian Lawas. Kita, tumraping kita, babar pisan ora ngadhili sapa waé, nanging kita ndeleng anggoné manungsa seneng nindakaké piala lan terus ing sajroning pamratobat atas dosa-dosa kita dhéwé.

Matéus ora nulis jeneng Sarah utawa jeneng wanita-wanita misuwur liya kang andadekaké bombonging wong-wong Yahudi, nanging Matéus nyebutaké jeneng wanita-wanita kang ora bisa andadekaké bombongé ati kanggo wong-wong Yahudi. “Tamar” disebutaké kanggo nuduhaké yén keselamaten saka Gusti Allah iku dirancang kanggo wong-wong dosa (Purwadining Dumadi 38:11-14); “Rahab” disebutaké kanggo nuduhaké yén keselamaten kanggo wong-wong dosa yaiku lumantar iman (Yosua 2; Ibrani 11:31); “Rut” disebutaké kanggo nuduhaké yén keselametan iki yaiku awit nugraha lan dudu awit paugeran Torét (Pangandaring Torét 23:3; Roma 3:21-30); lan “Batsyeba” disebutaké kanggo nuduhaké yén keselametan saka Allah kanggo wong-wong precaya yaiku awit nugraha lan yén keselamatan kang mengkono yaiku langgeng ( II Samuel 11&12; Mazmur 23:3; Ibrani 10:38-39).

Kita ora wanuh kanthi pas sawetara nejeng kang disebutaké ing sajroné sarasilah Gusti Yésus iki. Nanging kita ngreti yén Rahab, wong sundel kapir nampa para telik sandi lan nyingidaké teli sandi mau krana Gusti Allah nuduhaké marang dhéwéké yan Panjenengané wis masrahaké kuthané Yerikho iku ing tangan wong-wong kang bakal teka iku. Sakwisé kuthya iku ditelukaké, salah siji saka antarané telik sandi iku ngrabi dhéwéké lan dhéwéké dadi salah siji leluhur Sang Kristus. Tamar nggawa rah wong dudu Yahudi menyang ing sajroné alur tedak turuné Dawud lan gusti Yésus. Rahab nindakaké prekara kang padha, kayadené uga Rut, awit Roh Allah ngersakaké supaya mbuktekaké yén Panjenengané babar pisan ora duwé pénggalih kang asifat kesukuan, nanging Panjenengané uga kagungan kersa supaya nylametaké wong-wong dosa saka antarané wong-wong kang asale dudu wong Yahudi (Yosua 2:1-21; Ibrani 11:31).

Boas iku wong kang tulus. Dhéwéké ora golék kauntungan saka Rut randha kang lagi bingung iku, nanging ngongkon para pegawéné supaya ninggalaké gandum panenané supaya Rut bisa nglumpukaké kecerané gandum mau lan mangan, awit Boas ngerti kaya ngapa setiyané Rut marang mara tuwané (ibu saka jenate guru lakine). Sakwisé iku, dhéwéké ngrabi Ruth senajana Rut iku wong manca lan dhewweké dadi ibu saka embah Dawud. Ruth dianggep najis ing sajroné prenatan Yahudi nanging kabéh manungsa sejatiné padha ana ing ngarsané Gusti Allah (Ruth 2:4)

Dosa kang nggegirisi dhéwé ing sajroné sejarah ing sajroné sarasilah Gusti Yésus yaiku kang ditindakaké déning dawud, nabi iku. Dhéwéké duwé karep ngepek bojoné Uria, salah siji prajurite, nalika wanita iku lagi adus, Dawud ndeleng wanita iku saka payoné kedaton. Dawud ngutus salah siji utusané kanggo nimbali wanita mau menyang kratoné lan njaluk salah siji panglima perangé supaya nemoakaké cara supaya Uria, guru lakiné wanita iku, mati ing sajroné pepérangan lumawan musuhé supaya nutupi laku sedheng kang ditindakake. Laku sedheng iku pancen ngisin-isini. Nanging gusti Allah mbuka laku jina lan raja pati kang ditindakaké salah siji abdi-Panjenengané lan ngancam bakal nyirnakake.Ora ana kang nylametaké Dawud kajaba mratobat kang tulus lan langsung, lan nugrahané Allah marang wong-wong kang andhap asor lan mbratobat (Masmur 51). Nugraha ora ninggalaké Dawud. Dawud ngrabeni wanita iku kanthi sah, lan Gusti Allah maringi marang Daud lan Batseba iku anak lanang, Solaiman kang kebak kawicaksanan, awit anggoné rabi disucékaké lumantar pamratobat kang tulus.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit mboten nampak kula. Kula kesasar lan tukang jino, nanging Paduka ngutus putra Paduka dhumateng kula supados kula saget ningali ing salebetipun gesang Panjenenganipun satunggalipun patuladan kanggé gesang kula. Kula nampeni pangorbanan Panjenenganipun kanggé kula. Kula kasucékaken ing salebetipun panguwaos Suci Paduka, lan kanthi andhap asor kula gesang kanggé ngladosi karsanipun Sang Rama.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Matéus penginjil iku, mratélakaké 4 wanita ing sajroné sarasilahé Gusti Yésus? Sapa jenengé para wanita mau?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)