Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 075 (Paul’s Worthiness to write this Epistle)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

1. Paulus gadhah hak kanggé nulisaken serat punika (Rum 15:14-16)


RUM 15:14-16
14 Para sedulur: Aku yakin, yèn kowé sugih kabecikan, sarta mumpuni ing sadhéngah kawruh; mula bisa mulang sapepadhamu. 15 Éwasemono ing layang iki aku kumawani ngandhakaké prekara sawetara klawan kendel, arupa pepéling sing wis dakkabaraké marang kowé. Enggonku wani nulis klawan kendel, kuwi merga saka ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Allah marang aku. 16 Yakuwi enggonku kadadèkaké abdiné Gusti Yésus Kristus, supaya nyambut-gawé ana ing antarané bangsa-bangsa dudu Yahudi. Enggonku ngabaraké Injilé Gusti Allah kuwi presasat imam, supaya wong dudu Yahudi bisa dadi kurban kang gawé renaning penggalihé Gusti Allah, lumadi marang Panjenengané, merga déning pakaryané Sang Roh Suci.

Bakda ngrampungaken katranganipun bab wewaton teologis (sesambetan kaliyan Allah), lan nambahi pitedahipun, Paulus ngrampungi rancangan lan pikajengipun nyerat layang punika. Pyambakipun nindakaken punika supados para pamaos layangipun boten kadamel wirang lan mangu-mangu.

Paulus nandhesaken dhumateng tiyang-tiyang Kristen ing Rum bilih tiyang-tiyang punika boten saweg nganut kawruh nglaha lan teologi kemawon, nanging woh-wohaning Injil saged katingal ing pigesanganipun. Pyambakipun nimbali tiyang-tiyang Kristen punika minangsa sedhérék-sedhérék ing salebeting roh wonten ing kulawarganipun Allah, ingkang sampun dados para putranipun Allah selaras kaliyan kayekten lan roh. Tiyang-tiyang punika nggadhahi hak mirunggan (istimewa) punika awit sami kapenuhan ing kasaenan ingkang tukipun sanes saking dirinipun pyambak, nanging kaparingaken dening Allah. Tiyang-tiyang kristen punika boten namung rerembagan bab Gusti lan sesambetanipun kaliyan Gusti, nanging ugi sami nglampahi pigesanganipun kanthi katresnan, andhap asor lan ngajeni, temah tiyang-tiyang ingkang wonten ing sajawining greja sami ngungun dhumateng kasaenanipun tiyang-tiyang kristen punika.

Rasul Paulus nandesaken bilih hak mirunggan karohanen ingkang kados mekaten punika sumberipun saking anggenipun sami tepang dhumateng Allah Rama lumantar imanipun dhumateng Putranipun Allah. Pyambakipun ngendika kanthi tumemen bilih tiyang-tiyang punika sampun kapenuhan ing saliring kawruh. Tiyang-tiyang punika sami sumurup bilih Allah ingkang suci punika Rama, bilih Yesus Kristus punika putranipun Allah ingkang kinasih, lan sami sampun ngalami pangwasanipun Roh Suci. Pramila saking punika, tiyang-tiyang Kristen punika gesang wonten ing tataran ingkang benten kabanding kaliyan tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanes Yahudi.

Punika maringaken tanggel jawab supados sami mituturi satunggal-satunggalipun, boten kanthi gumunggung, nanging kanthi andap asoring manahipun Sang Kristus lan tuntunanipun Rohing kayekten. Katresnan ingkang yekti saged dipun tingali menawi sami nggegilut kayekten kanthi alusing budi lan kebak katresnan dhumateng ingkang sami nyasar. Nanging, ngaturaken kanthi leres mbetahaken latian, kawruh lan tumindakipun kanthi pantes lan ngajeni. Rasul Paulus nyerat layangipun punika dedasar kadiwasaning rohani wonten ing wewatoning iman lan cakcakaning gesang kristen, lan pyambakipun nyebataken katranganipun ingkang jangkep wonten ing layangipun minangka “saperangan” kemawon.

Ing perangan sepisan layangipun, pyambakipun nerangaken kayektenipun Allah, ingkang saestu leres ngantos ngleresaken tiyang-tiyang dosa lumantar rahipun Gusti Yesus Sang Kristus, lan sami kapenuhan Roh Suci lan katresnan ingkang langgeng. Ing perangan kalih, pyambakipun nandesaken kelampahing kayektenipun Allah, nandyan wonten wangkoting manahipun tiyang-tiyang pepilihanipun, supados sawetahing donya saged nderek ngalami kapenuhan sih rahmatipun, ingkang sampun kajanjekaken dhumateng para bapa leluhuring imanipun.

Ing perangan 3, Sang Rasul nerangaken bab kasunyataning tumindak kayektenipun Allah wonten ing pigesanganipun para penderekipun Sang Kristus ingkang sabar-sinabaran kaliyan sesaminipun tanpa ngedumel, malah ugi nadyan sawatawis sami gesang kanthi patrap ingkang benten kaliyan tiyang-tiyang sanesipun.

Paulus nyerataken bab sawatawis wewaton punika wonten ing layangipun ingkang cekak, “Tetalesing iman,” “wewaton pepesthen” lan “wewaton patrap kristen.” Pyambakipun nyerataken sadaya punika saperlu ngengetaken greja ingkang kaparingan kanugrahaning Roh Suci ingkang kaparingaken dening Allah dhumateng tiyang-tiyang pitados. Pyambakipun wantun nandesaken dasaring prekawis-prekawis kristen punika karana pyambakipun sampun ngalami pangapuntenipun Allah wonten gesangipun pyambak nadyan pyambakipun nate nganiaya greja. Lan malih, Panjenenganipun ingkang suci sampun nimbali pyambakipun dados abdinipun Sang Kristus, lan mawartosaken Injil dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi kanthi tanpa sarat. Paladosan punika boten katindakaken kanthi kekerasan, pedhang utawi ngwutahaken getih, utawi kanthi pintering pangucap, nanging kanthi pandonga, iman lan panuwun sokur ing ngarsanipun Allah. Paulus dados imam rohani kagem kathah sanget tiyang-tiyang sanes Yahudi ingkang sampun karukunaken kaliyan Allah.

Pitembunganipun ingkang keras katujokaken kangge nyawisaken tiyang-tiyang ingkang boten mangertos lan nyasar supados sami masrahaken gesangipun dhumateng Sang Kristus kanthi panuwun sokur lan pambangun turuting iman temah sami saged kacangkokaken minangka gegelitaning sariranipun Sang Kristus sacara rohani. Paladosanipun katindakaken kanthi pangwasanipun Roh Suci, ingkang sampun mimpin sang rasul kangge netepi paladosanipun selaras kaliyan karsanipun Sang Kristus. Karenanipun Allah nunggil kaliyan pyambakipun awit pyambakipun manut dhumateng pambereging rohipun.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula mulyakaken Paduka amargi Paduka sampun ndadosaken Paulus, ingkang winasis babagan piwucal agama nanging boten taat punika, dados priyantun ingkan andhap asor lumantar wahyu nalika Paulus mirsani sang Kristus wonten ing margi dhumateng Damsyik. Paduka ingknang nylametaken Paulus, ngiyataken Paulus lumantar Roh Suci, supados saged martakaken pawartos kaslametan saking sang Kristus ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang manggén wonten ing sisihipun Segara Mediterania. Mliginipun kawula ugi ngucapaken panuwun babagan serat kanggé jemaat ing kitha Rum ingkang kawula sinauni sakmenika, amarga serat punika ngéngetaken kawula sedaya gréja ing dunya babagan-babagan ingkang wigati saking iman kawula.

PITAKON:

  1. Apa kang ditulisaké ana ing suraté Paulus iki kang amung dianggep sakpérangan waé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 10:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)