Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 040 (In Christ, Man is Delivered)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

6. Ing sajroné sang Kristus, manungsa kamardhikakaké saka dosa, pati lan paukuman (Rum 8:1-11)


RUM 8:1
1 Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus.

Wonten ing bab 5-7 Paulus nandesaken dhumateng kita anggen kita boten saged nylametaken diri saking rehing piawon kanthi kakiyatan kita pyambak. Pyambakipun nerangaken dhateng kita bilih angger-anggering Toret boten saged nulungi kita, nanging namung nuwuhaken pepenginan nindakaken dosa, lan wekasanipun ngukum kita. Rohing pepejah nggrogoti balung-balung kita lan dosa nelukaken pikajeng kita kang sae. Kanthi sadaya buti punika, Paulus mblejeti manusa saking sadaya panganggep bab kasagedanipun nylametaken diri kanthi kakiyatanipun pyambak, lan nyirnakaken pangajeng-ajeng palsu tumrap wontenipun pigesangan kang suci lan lempeng dedasar kakiyatanipun manusa utawi lumantar tata kasusilan.

Sasampunipun anedahaken bukti kang boten saged dipun sélaki, Paulus nedahaken dhateng kita satunggal margi kangge gesang kaliyan Allah, lumantar menapa kang kasebataken ing bab 8 ngengingi wewaton gesang enggal wonten ing Sang Kristus.

Tetiyang kang katunggilaken kaliyan Sang Kristus, samangke lumebet dhateng pangrengkuhing Sang Panebus. Pyambakipun boten mlampah pyambakan, boten dipun tegakaken, ringkih, utawi lepat, karana Gusti nunggil lan ngreksa sarta tansah nggatosaken pyambakipun. Gusti nindakaken sadaya punika sanes karana tiyang pitados punika sae, nanging karana pyambakipun masrahaken gesangipun dhateng Sang Juruwilujeng kang kebak sih rahmat, kang ngleresaken lan nucekaken, kang mberkahi kanthi katresnan, lan ngrimati salaminipun. Sang Kristus pyambak dedalem wonten ing gesangipun tiyang-tiyang pitados, lan ngewahi gesangipun ngantos maujuding kawontenan rohani kang kasebut minangka “gesang wonten ing Sang Kristus.” Paulus boten ngendika bab wonten ing lebeting greja, nanging mbereg kita manunggal kaliyan Sang Kristus, sarta lumebet langkung lebet wonten ing sih katresnanipun.

Iman kita boten namung kadasaraken ing kapitadosan kawruh, nanging kawujudaken ing tingkah laku kang suci, awit Sang Kristus sampun ndamel kasombongan kita pejah ing kajeng salib, lan nangekaken kita kaliyan wungunipun dhumateng pigesangan kang enggal. Sinten kang pitados dhumateng Panjenenganipun mesthi mbangun turut dhumateng Gusti, lan nampi kakiyatan kaswargan. Pitembungan punika boten namung piwulang kang nglaha, nanging pengalaman saking ewon tiyang-tiyang pitados, dene Roh Suci dedalem ing gesangipun. Allah pribadi rawuh lan dedalem wonten ing gesangipun tiyang-tiyang kang nampi Sang Kristus lan karahayonipun.

Roh Suci, minangka Pambela saking Allah lan kang elok, nglipur ati nurani panjenengan kang rumaos bingung ngadhepi pandakwanipun sang piawon. Panjenenganipun nandhesaken dhumateng panjenengan, ing dalem asmanipun Allah kang suci, lan sampun nampeni kakiyatan kaswargan, temah panjenengan saged nglampahi pigesangan kang suci ing tengahing donya kang jember nistha punika. Dedalemipun Sang Roh Suci ngewahi gesangipun tiyang, kados kang katerangaken dening Paulus ing bab 7. Pyambakipun boten tetep dados tiyang kang asipat daging, kadonyan, lan ringkih; nanging pyambakipun dados kiyat, wonten ing Roh Suci, kangge nindakaken menapa kang dipun karsakaken dening Allah. Karana pyambakipun sampun ngalami kawilujengan agung wonten ing pangwasaning Roh, pangakenipun Apulus kang nembe kalairaken bilih menapa kang dipun pikajengaken boten saged dipun lampahi, nanging menapa kang boten dipun pikajengaken malah dipun lampahi, sampun ewah. Samangke pyambakipun nindakaken menapa kang dipun karsakaken dening Allah, lan manahipun rumaos bingah awit saking sih pangwasanipun.

Roh Suci ngantepaken dhumateng panjenengan bilih Sang Kristus kang sampun wungu lan sampun mimpang ugi bande nunggil kaliyan panjenengan ing mangsa pangadilan. Panjenganipun badhe nggendhong panjenengan ing astanipun nglangkungi geni kamurkanipun Allah kang mulak-mulak, lan badhe ngreksa panjenengan saking soroting sunar saking Kang Maha Suci, amargi boten wonten malih paukuman tumrap tiyang-tiyang kang wonten ing Sang Kristus.

Panjenenganipun ugi mitulungi panjenengan dinten punika kangge nglampahi pigesangan Kristen wonten ing kasabaran, katresnan, kabingahan, andhap asoring budi, kayekten, kasucen, sanes karana panjenengan pyambak saged nitahaken tatanan lan wewaton punika, nanging karana panjenengan mapan wonten ing Sang Kristus kados dene pang kang kelet dhumateng wit. Pramila saking punika, Gusti paring dhawuh dhumateng panjenengan, “Padha lulusa/ mapana ana ing Aku lan Aku ana ing kowe, lan kowe bakal ngetokake woh kang akeh. Saiba agenging pangajeng-ajeng kita.

PANDONGA: Dhuh Allah kang suci, kawula manembah dhumateng Paduka lan asukarena amargi Paduka sampun nebus kawula saking kesombongan kawula, nylametaken kawula saking tumindak piala kawula, sarta nyucékaken kawula saking sedaya kalepatan kawula. Kawula muji asma Paduka amargi Paduka sampun mbekta kawula lumebet dhumateng gesang Paduka, lan nebus kawl kanthi sih katresnan Paduka saéngga kawula saged mlampah wonten ing kasucén, lan tansah wonten ing lebetipun pasamuwan langgeng sesarengan Paduka lan ugi sedaya tiyang ingkang Paduka timbali wonten ing dunya menika.

PITAKON:

  1. Apa tegesé tembung wiwitan ana ing bab 8 iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:09 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)