Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 041 (In Christ, Man is Delivered)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

6. Ing sajroné sang Kristus, manungsa kamardhikakaké saka dosa, pati lan paukuman (Rum 8:1-11)


RUM 8:2
2 Sebab angger-anggeré Sang Roh Suci, sing nunggilaké urip kita karo Gusti Kristus Yésus, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.

Iman kita kebak kaliyan pigesangan, awit Roh Suci katumrahaken dhumateng manahing tiyang-tiyang pitados, menawi sami mbikak ati dumateng Sang Kristus. Roh kang paring pigesangan, lan kang ngangekaken punika pangwasanipun Allah, kang makarya wonten ing gesangipun tiyang-tiyang kang sumendhe dhumateng Panenganipun kang sinalib.

Ing wiwitan tumitahing bumi, Roh Allah nglayang ing jagad raya kang wor suh dereng tumata. Samangke Roh kang kebak berkah punika nitahaken pigesangan kang kebak pangajeng-ajeng wonten pigesanganipun ewon tiyang. kita minangka tiyang-tiyang pitados, boten gesang saking diri kita pyambak, nanging karana kawigatosan, peparing lan kasabaranipun Allah. Sinten kang sarujuk lan mbikak manahipun dhumateng pakaryaning Roh Kristus badhe kapenuhan dening pangwasanipun Allah. Panjenengan boten kaslametaken utawi kasucekaken kanthi pikajeng utawi kakiyatan panjenengan pyambak, nanging namung lumantar Roh SucinipunAllah. Panjenenganipun kang nitahaken iman panjenengan, kang nuwuhaken sih katresnan panjenengan, sumbering toya kagirangan panjenengan, lan sumber saking sadaya kasaenan wonten ing diri panjenengan. Panjenenganipun punika Allah kh makarya wonten gesang kita, mbereg kita kagem pakaryan sih aknugrahan, nglanjengaken punika kanthi setya wonten ing pigesangan, sarta mbekta kita dhumateng kasampurnan wonten ing katresnan.

Pigesangan saking Roh Allah punika boten ewah, kados dene angin ing menggak-menggok saben wanci, nanging pigesangan punika pigesangan kang ajeg, tumata, selaras kaliyan pranatan, temah Paulus ngendika, “pranataning Roh kang paring panguripan.” Kanthi tembung sanes, pranataning Roh punika pigesangan saking Sang Kristus wonten ing gesangipun tiyang-tiyang kang pitados dhateng Panjenenganipun.

Panjenenganipun kang Suci ngiketaken diri dhumateng tiyang-tiyang kang pitados dhumateng prajanjianipun kang enggal, lan ngukuhaken lumantar sedanipunsatunggaling kayekten kang lumintu malah ngantos pungkasaning jaman, awit kasetyanipun punika langgeng. Roh Suci kang katumrahaken saking manahipun Sang Rama lan Sang Putra boten badhe ngrawuhi panjenengan karana pandonga, siyam/ pasa, lan kaleresan pribadi panjenengan, nanging adedasar kayektenipun Sang Kristus kang dipun rampungi wonten ing kajeng salib. Allah sampun ngukuhaken gesang langgeng wonten ing panjenengan wonten ing kayekten. Pangwasanipun boten mili ing salebeting grojogan utawi kanthi cara meksa, nanging wonten ing kasaenan kang suci, lan tatanan kang ngremenaken. Roh punika boten rawuh ing salebeting tangisan, utawi bengokan, nanging wonten ing katresnan lan laku andhap asor kados dene Sang Kristus nresnani tiyang-tiyang dosa, karana Panjenganipun dedalem dedalem wonten ing panjenengan lan panjenengan wonten ing Panjenenganipun. Pramila, sampun ngijini roh pundia kemawon lumebet lan mapan wonten gesang panjenengan.

Pigesangan rohani kang kaparingaken dhateng panjenengan, boten dumados dhateng panjenengan ing sajawining Sang Kristus, minangka gadhahan panjenengan. Bab punika kelampahan saking sesambetan kang tansah katindakaken lan patunggilan kang raket kaliyan Sang Juruwilujeng, temah panjenengan saged dados gegelitaning sarira rohaninipun Sang Kristus.

Boten leres bilih tiyang Kristen punika kepeksa yen pyambakipun nindakaken kalepatan. Pitembungan punika dados pangina dhateng Sang Kristus, lan nyelaki dhateng kajeng salibipun Sang Kristus. Mbokmenawi kita nglawan pacoben kang ndhumatengi kita liangkung katimbang saderengipun, kados dene Sang Kristus ugi nate ngalami. Mbokmneawi kita ugi dhawah dhateng mawarni-arni dosa, lan tanpa sadar nindakaken dosa. Nanging sejatosipun, Sang Kristus sampun ngluwari kita saking dosa, lan minangka temahanipun, pati boten dados wohing pigesangan kita. Lan malih, paukuman boten ateges naraka tumrap kita, lan ugi boten saged nyurung kita kangge nindakaken kalepatan langkung kathah, nanging pranatan mapan wonten ing manah kita, temah kita saged rumaos bingah. Awit saking punika, kita sanes budakipun dosa malih, nanging anak-anak saking sihipun Allah. kita boten pejah malih kados tiyang-tiyang sanes kang boten nggadhahi pangajeng-ajeng, nanging gesang selaras kaliyan pranatanipun Roh kang maringaken gesang langgeng, kados dene Sang Kristus gesang salaminipun. Kasilemana kanthi lebet pitembunganipun sang rasul kang kebak wewaton punika, temah gesang panjenengan saged kateguhaken wonten ing kaleresan panjenengan, kauwalaken saking rehing dosa, ngawonaken sang piawon, lan gesang manut miturut dhumateng printah lan pangwasanipun Allah lumantar tuntunanipun Roh Suci.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, matur nuwun amargi Paduka sampun ngasta kawula saking pejah dhumateng gesang saéngga kawula saged mulyakaken sih katresnan Paduka lan lumampah wonten ing angger-anggering Roh. Mugi Gusti kiyataken kawula wonten ing saklebetipun sih katresnan Paduka saéngga sih katresnan Paduka saged tuwuh wonten ing manah kawula, lan supados kawula saged mulyakaken Paduka lumantar tumindak kawula saéngga tiyang-tiyang ing sakcedhak kawula saged mambet gandaning pagesang lan sané gandané pepejah.

PITAKON:

  1. Menapa cacah kalih wujudipun angger-angger ingkang disandhingaken dénéng sang rasul, lan menapa tegesipun kekalih angger-angger menika?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:18 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)