Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 001 (Introduction)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum

PAMBUKA


Pambuka Tumrap Serat Rum

Salah satunggaling kanugrahan ingkang paling ageng saking Sang Kristus Gusti kita, ingkang sampun wungu saking seda, dhateng greja sauruting jaman, inggih menika serat ingkang dipun wangsitaken dening Gusti dhateng Paulus, rasulipun, ingkang dipun serat dhateng Pasamuwan Rum ingkang mapan ing ibukuthaning Kraton Rumwi.

Dhasar lan Tujuaning Serat

Nalika samanten, Paulus, rasul kagem tiyang-tiyang sanes Yahudi menika sampun ngrampungaken piwulangipun ing Asia Kecil ‘n ing tlatah Yunani ing salebeting lelampahanipun ngantos kaping tiga. Sadanguning lelampahanipun martosaken Injil Paulus mrangguli greja-greja ingkang madeg ing kitha-kitha ageng, nyantosakaken tiyang-tiyang pitados wonten ing paladosan katresnan, lajeng tumunten netepaken para pinisepuh, imam-imam, lan pimpinaning pasamuwan kagem para warganing greja. Piyambakipun lajeng mrangguli bilih paladosanipun ing tlatah Mediterania sisih wetan ugi sampun rampung. Pramila, piyambakipun lajeng tindak mangilen kangge nyebaraken Kratoning Allah ing Prancis lan Spanyol (Rum 15:22)

Gandheng kaliyan rancangan menika, Paulus nyerat layang ingkang kondhang sanget menika dhateng para warga pasamuwan ing Rum, kangge ngatag/ mbereg keyakinanipun tiyang-tiyang menika lan nerangaken bilih piyambakipun menika rasulipun Sang Kristus kagem tiyang-tiyang sanes Yahudi lumantar piwulangipun ingkang ngati-ati sanget bab Injil ingkang dipun pitayakaken dhateng piyambakipun. Paulus mbudidaya ngosikaken manahipun tiyang-tiyang menika supados ndherek cawe-cawe ing lelampahanipun Paulus mawartosaken Injil mangilen, kados dene Pasamuwan ing Antiokhia Siria ingkang sampun nyengkuyung lelampahan menika kanthi pandonga ingkang setya. Dados, serat Rum menika ngemu piwulang pambuka kanthi sedya nyantosakaken kayakinanipun pasamuwan ing salebeting iman ingkang sayektos saha nyawisaken pasamuwan mawartosaken Injil dhateng jagad srana sangkul-sinangkul ing pakaryan menika.

Sinten ingkang ngadegaken pasamuwan Rum?

Sanes Paulus, utawi Petrus, utawi salah satunggaling rasul, utawi salah satunggaling pinisepuh ingkang kondhang ingkang ngadegaken pasamuwan ing Rum. Nanging, pasamuwan menika madeg awit saking wontenipun sawatawis tiyang ingkang jiyarah saking Rum ingkang tindak dhateng tanah suci ing dinten Pentekosta, nalika Sang Kristus nedhakaken Roh Suci dhateng tiyang-tiyang mratobat ingkang saweg ndedonga. Tutukipun tiyang-tiyang menika kebak prekawis-prekawis ageng saking ingkang Maha Kawasa, lan bakda punika tiyang-tiyang menika kondur malih dhateng kitha Rum, saha ngaturaken paseksi ing pepanggihan-pepanggihanipun ngengingi ingkang Maha Kawasa ingkang kasalib. Para pejiyarah menika wawan pangandikan kaliyan para mitranipun -dadosa tiyang Yahudi lan sanes tiyang Yahudi-bab karahayonipun, lan ngawontenaken kelompok-kelompok ing griyanipun kangge nyinau pameca (nubuat) ing kitab Prajanjian Lami ngengingi Sang Kristus.

Sauruting lelampahanipun ing Asia lan Yunani Rasul Paulus makaping-kaping pinanggih kaliyan tiyang-tiyang pitados saking Rum, mliginipun nalika tiyang-tiyang Yahudi dipun tundhung saking Rum ing jamanipun Kaisar Klaudius saderengipun taun 54 Masehi (Lelakone Pr Rasul 18:2). Paulus mbudidaya sacara pribadi sambung raket kaliyan greja ing Rum, lan kangge andum kanugrahan rohani ingkang sampun dipun alami ing gesangipun. Piyambakipun boten rumaos perlu manggen ing Ibukithaning donya menika, karana piyambakipun pirsa wonten greja ingkang gesang lan mandiri ing ngrika. Piyambakipun malah kepengin nglajengaken lampahipun lan ngawontenaken patunggilan kaliyan sedherek-sedherek ing Gusti, kangge mawartosaken Injil Karahayon dhateng daerah-daerah ingkang dereng binuka.

Sinten ingkang nyerat layang menika? Kapan? Lan ing pundi?

Rasul Paulus nyerat layang menika taun 58 M, nalika piyambakipun manggen ing dalemipun Gayus ing Korintus, nalika piyambakipun ngringkes lelampahan rohaninipun lan piwulang kerasulanipun. Boten wonten tiyang sanes ingkang saged nyerat kados ingkang dipun serat dening Paulus ing layangipun menika, karana Sang Kristus ingkang gesang lan mulya nate ngalang-alangi lampahipun nalika piyambakipun kanthi greget netepi angger-anggering Toret, mbudidaya nganiaya kanthi sanget tiyang-tiyang Kristen ing Damsyik. Nalika cahyaning Allah ingkang nyulapaken murugaken piyambakipun wuta, piyambakipun nyadhari kayekten agung bilih Yesus tiyang Nazaret ingkang dipun ina menika gesang, lan bilih Panjenenganipun menika Gustining kamulyan, ingkang boten dados najis karana panguburan bakda kasalib. Malah Yesus nelukaken pepejah, neraka, lan wungu sawetahipun, mbuktekaken Diri minangka ingkang Maha Kawasa, ingkang ngereh samukawis. Lajeng Paulus mangertos bilih Putraning Allah boten midana utawi numpes tiyang ingkang nganiaya Panjenenganipun, nanging malah nimbali piyambakipun kangge pakaryan mawartosaken Injil, boten karana piyambakipun inganggep pantes, nanging namung karana kanugrahanipun Gusti. Pramila, Paulus ingkang saleh lan kebak greget menika karemuk lan dados sedhih sanget. Piyambakipun pitados dhateng kanugrahanipun Allah lan kayekten enggal ingkang sejatos. Piyambakipun boten sumendhe dhateng pakaryan kamanungsanipun ingkang manut Pepaken Toret. Piyambakipun lajeng medal nggayuh donya, minangka abdining sih katresnanipun Allah ing Sang Kristus, kangge nimbali sedaya tiyang ingkang kabanda dening kadurakan supados sami nampeni pirukun kaliyan Allah.

Menapa ingkang maligi saking serat Rum menika?

Paulus nedya nerangaken anggenipun gantos agami dhateng saben warga pasamuwan ing Rum. Nanging kange sedyanipun menika, Paulus boten nedya nyerat satunggaling Kitab kanthi basa ingkang endah lan murni, utawi pirembagan ingkang panjang lan jangkep. Piyambakipun malah namung nyerat satunggaling layang kanthi raos blaka lan cetha, lan mangsuli pitakenan ingkang kinten-kinten dipun tangletaken dening tiyang-tiyang Yahudi lan Rum. Paulus diktekaken seratanipun menika dhateng Tertius, sedherekipun ing Gusti, sinambi menggalih ing manah bab tiyang-tiyang ingkang dipun kintuni layangipun menika. Ing satunggaling perangan Paulus nedhahaken layangipun menika dhateng tiyang-tiyang ingkang nembe manjing pitados, kanthi nyebut cetheking penggalihipun tiyang-tiyang menika gegayutan kaliyan panyucen saking Allah. Lajeng Paulus mbekta tiyang-tiyang ingkang remuk manahipun dhateng iman ingkang gesang, ingkang kapanggihaken wonten ing pakaryan sampurna ingkang ngleresaken saking Sang Kristus, satunggaling pangajeng-ajeng tumrap manusa. Ing perangan sanesipun, Paulus nggoyang tiyang-tiyang ingkang rumaos gumunggung karana rumaos mbangun turut dhateng angger-angger, sarta ngremuk kayekten miturut pemanggihipun piyambak, nedhahaken kadurakan lan kagagalaning tiyang-tiyang menika, tuwin kados pundi tiyang-tiyang menika saged kasucekaken ing salebeting iman ingkang andhap asor ing salebeting paladosan sihipun Allah, ing salebeting pambangun turut dhumateng Roh Suci. Makaten ugi ing layangipun, sang rasul nyambungaken pawartos ingkang baken kaliyan piwulang ingkang limrah. Piyambakipun boten nyebut satunggaling kelompok, nanging sadaya pamiyarsa; yiyang-tiyang manca lan tiyang Yahudi, sepuh lan anem, batur lan tiyang mardika, jaler lan estri. Ngantos sepriki Serat Rum dados salah satunggaling piwulang Kristen ingkang paling baken, kados ingkang dipun sekseni dening Mathin Luther ing dhawuhipun: “Kitab iki dadi perangan inti saka Prajanjian Anyar lan Injil kang paling murni, kang pantes diapalke dening saben wong Kristen lan dirasakake minangka bandha rohani kang aji kanggo jiwa, marga kita bisa nemu akeh prakara penting kang perlu kita mangerteni: Angger-anggering Toret lan Injil, dosa lan paukuman, kadarman lan iman, Kristus lan Allah, penggawe becik lan katresnan, pangarep-arep lan salib. Kita uga mangerti kepriye kudune tumindak marang manusa kabeh, tanpa preduli apa wong iku saleh utawa dosa, rosa utawa ringkih, ngrengkuh utawa mungsuhi; lan uga kepriye asikep marang awake dhewe. Mula, aku mrayogekake saben wong Kristen nggladhia awake dewe.”

Para sedherek, menawi panjenengan ngupadi satunggaling piwulang ingkang caket sanget lan nglatih iman panjenengan, mangga ngraos-raosaken lan nyinau Kitab Rum kanthi temen. Kitab menika dados papan pasinaon saking Allah ingkang kebak kawruh, panguwaos lan roh. Sang Kristus badhe ngluwari panjenengan saking raos kumenthus lan watak ngendelaken dhiri, sarta nyantosakaken panjenengan ing kayekten ingkang sampurna, temah panjenengan saged dados abdi ingkang sekti nedhahaken sih katresnanipun Allah, tuwuh ing iman saben dinten.

Analisa serat Rum

Rum 1:1-17 – Identitasipun penulis dinyatakaken marang jemaat ing kitha Roma. Berkat kerasulan. Pitedhah babagan bebenering Gusti Allah minangka tandha mligi saking sang rasul.

PÉRANGAN 1 – BEBENERING GUSTI ALLAH INGKANG MBENERAKEN KITA

Rum 1:18 - 3:23 – Kita sedya dosa, lan Gusti Allah mesthi bakal maukum kita miturut angger-angger Toret, kang ngermukaken kekarep kumenthus kita.
Rum 3:24 - 4:25 – Gusti Allah kanthi bebas mbeneraken kabeh manungsa lumantar karya penebusane sang Kristus, menawi tiyang punika pitados dhumateng Penjenenganipun.
Rum 5:1 - 8:39 – Rohing Gusti manggen wonten ing uripe tiyang pitados dalah maringaken pengarep-arep lan kemenangan tumraping dosa, ndadosaken tiyang-tiyang wau lumampah wonten ing Roh, uwal saking angger-angger Toret.

PÉRANGAN 2 – BEBENERING GUSTI ALLAH WONTEN ING SEJARAH

Rum 9:1 - 11:36 – Gusti Allah tansah bener senadyan wonten panulaking umat Prajanjian Lami dhumateng kanugrahanipun Panjenenganpun.

PÉRANGAN 3 – BEBENERING GUSTI ALLAH WONTEN ING KASUNYATANING AGESANG

Rum 12:1 - 16:27 – Iman kang bener bakal ngowahaken lelakon dalam gesang kita dados sami kebak sih katresnan dalah andhap asor.

Menika sanes satunggaling kitab ingkang gampil dipun sinaoni. Menika mbetahaken panaliti ingkang ngati-ati, pandongan lan panggalih ingkang lebet, supados panjenengan saged ngraosaken berkah-berkah ingkang wonten, mratobat kanthi temen, ngenggalaken pamikir, sarta ningali wawasan ingkang enggal saking gesangipun Sang Kristus. Kados dene serat menika boten nuwuhaken raos aras-arasen sacara rohani tumrap pasamuwan Rum, malah nyawisaken pakaryan pawartos ing sakiwa tengenipun sarta nagari-nagari sanes, makaten ugi Sang Kristus nimbali panjenengan kangge nampeni kanugrahanipun Gusti supados Panjenenganipun saged ngutus kita sesarengan kaliyan tiyang dosa sanesipun dhateng tiyang-tiyang ingkang dereng nggadhahi katresnan lan pangajeng-ajeng, mirengaken, ndedonga lan tumindak.

PITAKON:

  1. Apa alesan lan tujuan Serat dhumateng jemaat ing kitha Rum?
  2. Sinten ingkang ngadegaken jemaat ing kitha Rum?
  3. Sinten ingkang nulisaken serat menika? Wonten pundi? Kapan?
  4. Kados pundi gayanipun Paulus anggene nulisaken serat menika?
  5. Kados pundi erang-eranganipun serat menika?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 08:23 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)