Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 125 (Conclusion of John's gospel)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

4. Reringkesane saka Injil Yokanan (Yokanan 20:30-31)


YOKANAN 20:30-31
30 Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabatae, kang ora kasebut ana ing kitab iki, 31 nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.

Ing pungkasan bab iki, kita tekan ing sabda pungkasan saka apa kang ditulisake dening Yokanan dhewe. Wong kang nulis prekara goib lan kang nulis Injil iki martakake wungune pepadhang Allah ing sajroning pepeteng kang ora bisa nguwasani dheweke. Nanging marang kabeh wong kang nampani pepadhang, Panjenengane maringi wong-wong mau hak supaya dadi putra-putra Allah, yaiku wong-wong kang pracaya marang Panjenengane. Kang nulis Injil iki nuntun kita marang jerone patunggalan Allah karo pribadi Gusti Yesus. Panjenengane nggambarake marang kita gegayutan Sang Kristus kang seda lan kang wis wungu, supaya kita bisa pracaya marang Panjenengane lan ndeleng Panjenengane urip ing sajroning kita.

Minangka reringkesane, rasul iki mapanake 4 watonan, supaya kita cetha bab sari pati saka Injile lan tujuwan saka anggone nulis.

Yokanan ora nulis buku nggunakake jilid kang akeh supaya bisa nulis kabeh apa kang dingandikaake lan ditindakake Gusti Yesus. Manawa dumadi mangkono, dheweke kudu nulis akeh banget kang ukurane gede sagedhe-gedhene. Dheweke milih sawetara mujizat lan wulangan-wulangan kang bakal nuduhake yen kepribadian Gusti Yesus iku sawijining kang ora ana tandhingane. Anggone nulis ora didekte Roh Allah, kaya-kaya iki sawijining kang ditulis wong tanpa sadar. Nanging, dheweke uga tanggung jawab, atas pamisike Roh Suci, supaya milih sawetara lelakon kang banget penting, lan kanthi kebak katresnan dheweke nggambarake Cempening Allah kang nyangga kabeh dosa jagat, kang dadi korban kang disembeleh.

Yokanan anggone nulis Injile marang kita kanggo nuduhake yen Gusti Yesus saka Nazaret kang sedherhana lan ditampik manungsa iku sejatine Sang Kristus kang diprasetyakake lan Putra Allah uga. Kanthi loro sesebutan iki, Panjenengane ngujudi pepinginane wong-wong Yahudi ing mangsa Prejanjian Lawas. Kanthi mengkono, Panjenengane ngadhili bangsa Panjenengane kang nyalibake Putra Dawud kang dijanjekake iku. Manungsa Yesus negasake yen Sang Kristus kang sejati iku Putra Allah. Katresnan Allah kang gedhe lan kasucen Panjenengane kang tanpa cacad iku ngluwihi pangerten kita, lan ora bisa disepelekake dening kabeh wong kang duwe ati kang tulus. Yokanan kanthi ngedap-edapi ngluhurake Gusti Yesus. Anggone nggambarake bab Gusti Yesus iku ora ana tandhingane, kanthi mengkono kita bisa ngreti bab katresnan saka Putra Allah iku, kang dadi manungsa supaya kita bisa dadi para putra Allah.

Yokanan ora duwe pepinginan nampani pangakon ing sajrone kita, nanging dheweke duwe pepinginan anane sesambungan kang ora bisa dipisahake antarane kita karo Putra Allah. Awit gusti Yesus iku Sang Putra, Gusti Allah dadi Rama kanggo kita uga. Awit Kang Maha Agung iku Rama kita. Panjenengane bisa nganakake akeh para putra Panjenengane, kang sakabehe kapenuhan karo urip langgeng. Kelahiran anyar lumantar rah Sang Kristus lan Roh Panjenengane ing sajrone urip kita, yaiku kang dadi tujuwan saka Injil Yokanan. Dadi, apa panjenengan wis dilahirake secara kasukman, utawa apa panjenengan isih mati ing sajrone dosa panjenengan? Apa urip kang saka Gusti Allah dumunung ing sajrone panjenengane, utawa apa panjenengan durung duwe Sang Roh suci Panjenengane?

Kelahiran kang kaping pindho disempurnakake dening iman marang putra Allah. Sing sapa pracaya marang Panjenengane bakal nampani urip kang saka Gusti Allah. Kita duwe urip iki ing sajrone gegayutan kang kapetik saka Panjenengane lumantar iman. Sing sapa dumunung ing sajroning Gusti Yesus, bakal ndeleng yen Gusti Yesus dumunung ing sajrone wong iku. Wong Pracaya kang mengkono bakal tuwuh ing sajrone Roh lan ing sajone kayekten, lan woh-woh saka urip kang asipat ilahi bakal katon ing sajrone awake. Urip langgeng iku katresnan Allah kang nyurung kita supaya nuntun akeh wong marang iman ing sajrone gusti Yesus, supaya wong-wong nresnai lan dumunung ing sajrone Panjenengane lan Panjenengane tansah ana ing wong-wong mau.

PANDONGA: Gusti Yseus, kawula ngaturaken panuwun kangge Injil ingkang dipun serat dening Yokanan Sang Penginjil. Kanthi ngginakake buku ingkang sanget mboten wonten tandinganipun menika kawula saget ningali kaagungan lan kayektosan Paduka. Kawula sujud dhumateng Paduka kanthi kabingahan, awit Paduka sampun nuntun kawula supados pitados dhumateng Paduka, lan maringi kawula kelahiran enggal dening sih rahmat. Paduka tetapaken kawula ing salebetipun patunggilan kaliyan Paduka, supados kawula nresnani Paduka, kanthimakaten para mitra kawula saget pitados dhumateng Paduka lan nampeni gesang ingkang luber-luber ing salebetipun iman.

PITAKONAN:

  1. apa kang diterangake nganto dawa-dawa dening Yokanan ing sajrone reringkesan saka Injile iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:00 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)